Rabu, 13 Februari 2013

Panolak ing musibah

Gusti ALLAH iku lek arep maringi musibah dateng manungso , Mboten langsung maringi musibah ,tapi ningali riyen :

1. Tasik wonten nopo boten tiang ingkang ngramek ake/makmurake mesjid

2. Wonge gelem rukun opo ora

3. Gelem njaluk ngapuro lek nglakoni duso opo ora

=> Panolak ing musibah kang bakal dugi , katuturing hadist kutsi :
Pisan makmurake masjid,kapindone rukun sesami,anglakoni duso purun njaluk ngapuro marang gusti kang moho kuoso

-Dining tigo tigane kolowau ,masjid makmur,manungsane podho rukun,lek nglakoni duso gelem njaluk ngapuro sedoyo kinging musibah ,kok niki 3 di lakoni kalih salah sawijining deso ,moko deso iku slamet dewe...

-Tapi lek ono deso wes gak ngreken mesjidte,wonge gak gelem rukun congkrah marang sak podho-podho,trus lek nglakoni duso gak rumongso ''WOW'' liane ora opo-opo nanging deso iku ambles dewe...

Monggo sami guyup rukun agawe tentrem santosa

Larange neroko , murahe swargo

Bismillahirahmanirahim............

LARANGE NEROKO , MURAHE SUWARGO

=> Neroko iku larang ,...karcise nang neroko rame penuh sesak ,antri rebut-rebutan ,cakar cakaran wedhi yen ora oleh kursi...
Karcise neroko iku larang kudu ngrogoh kantong berjuta-juta supoyo biso teko kono...
-Maksiat iku larang , judi iku larang , nyenuk (zino) iku larang korupsi iku larang , ngapusi iku larang ,iku mau dalane wong2 nang neroko

=> Dalane suwargo iku sunyi....sepi...dalane ombho , alus lan resik....
-Karcise murah meriah , ora perlu kelangan duwet akeh , karcise resik , adem ono kipas angine , ladenane ramah ,,, tapi keno opo kok seng antri mung sitik.......?

- Poso iku murah , sembahyang iku murah , mesem iku murah , jujur iku murah.....

Mulo nafsu lan syetan kabeh iku podho ngridu gudho ,seng elek di ketok ne apik lan seng apik di gae angel

mugo-mugo kito sedoyo di tebih aken saking pangridune syetan....amin

Tip's khusus wanito

Bismillahirahmanirahim

tip's kagem tiang estri (putri) supoyo kedah tansah di tresnani marang seng kakung (bojo)

1. Di usahakne dandan (macak) seng ayu pas karo bojone

2. Ketokno wajah seng sumeh lan semringah ono ing ngarepe bojone

3. Luwih merhatekne nang bojone ,supoyo bojone tansah kroso nyaman lan seneng utowo bungah

4. Tansah nrimo piro-piro ing peparinge bojo mbuh niku wujudte nopo kemawon , ojo nganti ngeluh lan nyepelek ne peparingane bojo

5. Boten usah katah-katah panyuwune dateng bojone, lek sekirane bojone dereng saget maringi (saget jumbuhne kekarepan kalian kemampuane bojone)

6. Ngindari umungan seng sekirane gawe loro atine bojo ,termasuk bantah ,nyentak lan liyo liane syukur-syukur iso boso karo bojone wah jan elok temen niku

7. Patuh lan taat maring printahe bojo selagi ora nglakoni maksiat / nyimpang saking printahe lan tuntunane agami

8. Dahar bareng /Ngancani pada waktu pass mangan ,supoyo bojone tansah iso ngrasak ake nikmate suasana tiang kalih,guyub rukun gemah ripah lohjinawi

9. Berusaha ngedohi kelakuan,tindak tanduk lan opo wae seng mboten di senengi bojone

10. Yen ora ono kepentingan utowo perlu ora usah metu-metu soko ngumah , mergo rotho-rotho bojo niku mboten remen

11. Nglipur bojo pas dalam keaadan sedih,susah

12. Lan seng paling UTOMO ojo ngasi nolak / alesan nopo kemawon pas di jak ''NGONOK AN'' (zo wes ngerti dewe lah huhuy) selagi ora ono alangan kanggo nglakoni NGONOK AN

Niku wau sa'itik tip's kagem poro wanito ingkang sampun gadah garwo,trus terang mawon anggenipun nglampahi gih radi abot alias boten gampang,,,,TAPI lek panjenengan sedoyo saget nglampahi niku wau INSYA ALLAH niku termasuk dalane panjenengan mlebet wonten suwargo amiiin

Indonesia

- Akeh wong kang wedhi kahanan berjuang, awit hukum kang becik akeh seng ora kanggo ono ing negoro iki,mulo banjur wedhi anggonipun berjuang, <--- IKU KABEH KELIRU, Jalaran berjuang iku ugo kepingin mbelani kabeneran

- Wong ala iku lamun kuwoso banjur sawiyah-wiyah sak karepe dewe ngujo howo nafsune ,lan ugo ngagung-agung ne penguasane , mulo ojo nganti wong ala iku bisa nyekel penguasa

- Ojo seneng yen lagi duwe pangkat panguoso , serik yen ora nyekel penguoso (duweni pangkat) , jalaran kui bakal ono bebendune dewe-dewe

- Ojo mung kepingin menang dhewe kang bisa dadek ake congkrahing negoro lan bongso, kudu seneng rerembug'kan njogo ketentreman lahir-batin

- Ojo seneng gampangake (ngremehne) barang sepele...mergo barang sepele iku lek di sepelek ake iso dadi gedhe

- Rikolo zaman di jajah londho ,nasibpe bongso keloro-loro
londho lungo njur di jajah jepang, nasibpe bongso kesurang-surang

- Indonesia uwes merdeko wiwit tahun patang puluh limo
Ayo konco bangun negoro kanti dedasar pancasilo

- Ya Allah nyuwun panjang umur,mugi saget kanggo bersyukur
Paringono pemimpin kang jujur,negoro aman adil lan makmur

Sholat Jama'ah

-. Swara azdan di kumandangne
Ing mushola langgar lan mesjidte
Rino wengi isuk sore kono lan kene
Ngejak umate enggal-enggal nindakno sholate

-. Nabi kito sampun ngendiko
Wonten hadist kanti cetho
Sopo kang biso nindakne sholat jamaah ing saben dino
Bakal oleh hikmah 5 (limo) warno :

1. ORA FAKIR ING DUNYANE
2. SELAMET ONO ING KUBURE
3. MBESOK NOMPHO CATETAN AMALE DEWE KELAWAN TANGAN TENGEN-NE
4. NGEWOT SIROT KOYO KILAT
5. MLEBU SUWARGO TANPHO HISAB

Poro sedulur monggo kito sami-sami berusaha , mugi-mugi kita saget nglampahi ibadah sholat kanti berjamaah lan saget istiqomah...amiiinnn

Gak perduli

Wong yen lagi ngaji , , ,
Gak peduli ono wong benci....!!!
Wong yen lagi sholat , , ,
Gak peduli ono wong nyacat....!!!

Wong yen lagi poso , , ,
Gak peduli ono wong gudho....!!!
Jarene wong iman , , ,
Ngibadahe kudu tenanan....!!!

Islam iku agamane sinten pak...?
Islam iku agamaku.......
Gusti Allah niku sinten bu...?
Gusti Allah niku pengeranku.......

Muhamad niku sinten mbak yu...?
Muhamad niku nabiku......
Alqur-an niku nopo kang...?
Alqur-an niku kitabku......

Dilur kakung lan putri ayo ngaji
Uripe ben ora rugi lan biso mukti

3 perkoro

Bismillahirahmanirahim.......

MANGERTENONO.....!!!!!!
Urip ono ing ngalam dunyo iki bakal nglakoni 3 (telung) perkoro , lan 3 perkoro niki monggo kedah sami kito angen-angen...

=> 3 perkoro seng ora bakal iso balik ono ing dunyo yoiku:
1. Wektu
2. Umungan
3. Kesempatan

=> 3 Perkoro seng iso ngrusak uribpe wong Yoiku:
1. Ke-marahan
2. Ke-angkuhan
3. Dendam

=> 3 Perkoro seng kudu di cekel supoyo ora ilang Yoiku:
1. Harapan
2. Ke-iklasan
3. Kejujuran

=> 3 Perkoro seng berharga yoiku :
1. Kasih sayang
2. Katresnan
3. Ke apik an

=> 3 Perkoro ono dunyo seng ora tau pasti yoiku :
1. bondho
2. Kesuksesan
3. Ngipi

=> 3 Perkoro seng bentuk karakter re wong yoiku:
1. Komitmen
2. Ketulusan
3. Kerjo keras

=> 3 Perkoro seng iso dadek ke sukses yoiku :
1. Tekat
2. Kekarepan
3. Fokus

=> 3 Perkoro seng boten kito ngerti yoiku:
1. Rezeki
2. Umur
3. Jodho

=> 3 Perkoroseng pasti ono dunyo yoiku :
1. Tuwo
2. Loro (gerah)
3. Mati

Ya allah mugi-mugi tiang ingkang sampun maos tulisan niki panjenengan tetepi iman ,panjenengan katahaken rizkine,panjenengan paringi kesehatan lan saget nglampahi ibadah kanti istiqomah amin......

7 sunnah rasul

YOIKU:

1. Jumenengaken SHOLAT TAHAJUD
-Bilih faedahipun sholat tahujut puniko mekaten
Rasulullah SAW ngendika: “seng sapa wonge shalat Tahajud kanthi apik, lan tertib kang rapi, Allah SWT bakal menehake 9 kemuliaan :
5 macem ing donya lan 4 macem ing akhirat.
” Lima kautamaan ing donya yaiku'':
- Diadohake dening Allah saka bencana
-Tandha taate ketok ing praupane
-Bakal ditresnani para hamba Allah kang shaleh lan kabeh manungsa.
-Ilate bisangucap ukara kang ngandut hikmah.
-Bakal didakekake wong bijak.

''Papat kautamaan ing akhirat, yaiku'' :
-Raine sumringah nalika tangi saka kubur ing dina piwales
- Bakal entuk keringanan nalika di hisab
-Bisa cepet kaya guntur nalika nyebrang jembatan Shirotol Mustaqim
-Cathetan amale diwenehake ing tangan tengen

2. MOCO QUR-AN ANGEN-ANGEN SAK MAKNANE
Angen-angen ayatte qur-an iku sunnah mergo ne supoyo biso gampang di laksanak ake utowo di amalke

3. SHOLAT KANTI BERJAMAAH
Supoyo intuk ganjaran akeh 27 derajat

4. NINDAK AKE SHOLAT DHUHA
Supoyo rizkine lancar : rizki iku akeh wujudte iso ,nikmat ,sehat ,duwet,dulur,kasenengan,solusi lan lio liane

5. NGEKEHI SODHAKOH
ngomong ne sodakoh wah katah sanget fadilahe termasuk tolak balak

6. JOGO WUDHUNE
Kersane wajahe bersinar lan tansah dalam keadaan suci

7. NGAKEHI ISTIGHFAR
Manungso iku panggonane lali karo salah

Mugo-mugo kulo lan panjenengan sedoyo sagetto nglampahi sunnah puniko kanthi istikomah amin.....

Fadilahe ilmu di banding bondho

(miturut khalifah Ali ra)

1. Ilmu iku warisane poro nabi ,
lalek bondho iku warisane firaun,qorun lan liyo liane

2. Ilmu iso njogo marang wong kang seng dewe ilmu
Lalek bondho di jogo karo wong seng duwe bondho

3. Uwong seng duwe ilmu akeh kancane ,
Wong seng akeh bondhone akeh musue (lawan)

4. Ilmu lek di amalne utowo di kek ne marang wong bakal nambah ,
Bondho lek di kek ne wong bakal kalong / sudo

5. Wong seng berilmu sering di wastani tiang ingkang alim,ulama lan lio liane ,
Sedangkan wong akeh bandane di wastani wong bekhil,kikil,pelit lan liyo liane

6. Tiang ingkang gadah ilmu bakal intuk syafaat ing dino kiamat ,
Sedangkan wong duwe bondho bakal di jaluki pertanggung jawabpan ono ing dino kiamat

7. Ilmu umpomo di simpen ora bakal entek ,
Bondho lek di simpen bakal rusak ,muspro

8. ILmu ora usah di jogo soko wong jahat / jahil ,
Sedangkan bondho kudu di jogo soko wong seng jahat

9. Ilmu iku ora butuh panggonan ,
Sementara bondho butuhne papan panggonan

10. Ilmu biso madangi ati dadi padang lan ayem tentrem ,
Sedangkan bondho iso dadek ake atine atos

Mugi-mugi sagetto manfaati.....

Tiang niku miturut atine

Lek atine apik komentare njih apik ,tapi lek wong iku atine elek komentare njih elek

Wonten setunggal cerito ''LUKMAN HAKIM KALIH BAPAK E''

Salah sawijining wedal lukman hakim kalih bapak e niku mlampah-mlampah beto (حمار) QIMAR (keledai)

- ''Le ayo ngrungokne komentare wong-wong''
=> Ayo sa'iki qimare di tumpak i bareng-bareng
. Tiang atine sae komentare njih sae : ''Masya ALLAH bapak karo anak rukun numpak bareng-bareng''
. Tiang atine elek komentare njih elek : ''Laizo wong qimar cilik ngunu ko di tumpak i wong loro , kok yo tegel-tegelle''

(''KRUNGU LE....? njih pak....'')

=> Wes sa'iki awakmu seng mudun bapak seng numpak
. Tiang atine sae komentare njih sae : ''Masya ALLAH anak lek bakti karo wong tuo yo kudu ngunu kui ,bapak e seng numpak anak e seng nuntun
. Tiang atine elek komentare njih elek : 'Laizo kok zo tegel-tegelle wong tuo ko mlekotho anak , anak e kon nuntun de'e malah medengkreng enak-enak an nang duwur

(''KRUNGU LE....? njih mireng pak...!!!)

=> La sa'iki ganti le bapak seng mudhun awakmu seng numpak
. Tiang atine sae komentare njih sae : ''Masya allah tiang sepah seng penuh kasing sayanx marang anak e relo berkorban seng penting anak e seneng , zo iku bapak seng apik''
. Tiang atine elek komentare njih elek : ''Laizo bucah ko kurang ajar temen bapak e malah di kon nuntun , anak e enak-enak an nang duwur''

(''KRUNGU LE....? njih pak...!!!)

=> Ayo sa'iki di tuntun bareng-bareng
. Tiang atine sae komentare njih sae : ''iyo wong qimar cilik arep di tumpak i zo ora pantes , apik e zo di tuntun''
. Tiang atine elek komentare njih elek : ''Guoblok duwe qhimar kok di tuntun di tumpak i lak zo apik''

(''KRUNGU LE....?'')

=> Sa'iki di dol
. Tiang atine sae komentare njih sae : ''Masya ALLAH dari pada qhimar gak ono manfaate luwih apik zo di dol''
. Tiang atine elek komentare njih elek : ''Goblok zaman sa'iki golek qhimar angel ko malah di dol''

-Dadine wong lek atine apik komentare mesti apik , lek di walik wong atine elek komentare yo elek ,,
Wallahu a'lam.....

Omah-omah jroning agomo islam

yaiku ikatan kang suci amarga wong loro kang béda jenis bakal urip bareng kanthi restu agomo , sedulur lan masyarakat

-. Aqad nikah jroning Islam ana 2 perkoro "ijab lan qabul". Kanthi 2 perkoro iki bisa ngrubah reregetan dadi kesucian, maksiat dadi ibadah, dosa dadi amal sholeh. Aqad nikah dudu mung perjanjen antarane wong loro, tapi uga perjanjen antarane makhluk allah karo AL-KHALIQ

-. Hukum menikah dhasare yaiku jaiz (entuk), kabeh wong entuk nikah nanging amarga pertimbangan kahanane wong, mula hukum dasar kasebut bisa ganti:
- Wajib
Nikah dadi wajib kanggo wong kang mampu lair lan batin lan dikhawatirke ora bisa nahan lan gawe zino
- Sunnah
Menawa wong saguh nyukupi kebutuhan lair batin, bisa menehi maskawin kebutuhan liya sawetara dheweke isih saguh nahan godha nafsu kanggo nahan awak ing dalan kang bener tanpa kegoda ing dalan kang haram
- Mubah
Menawa wong nduweni niat tapi durung saguh ngadeg-ake rumah tangga.
- Makruh
Menawa wong durung nduweni niat lan durung saguh ngadeg-ake rumah tangga utawa wis nduweni niat tapi ragu-ragu kanggo nglakoni
- Haram
Menawa wong nikah kanthi niat kanggo ora nglakoni kewajiban

Rukune islam

Utawi rukune islam iku 5 (limang perkoro)

-. Kang dihin iku moco kalimah syahadat loro (2) yoiku :
أشهد أن لا اله الا الله
Tegese anekseni ingsung setuhune kelakuan ora ono dzat kang sinembah kelawan sak benere ingdalem wujude anging ALLAH SWT kang den sembah kang dadek aken pitung langit lan pitung bumi lan sekabehane makluk
وأشهد ان محمد رسول الله
Lan nekseni ingsung setuhune nabi muhamad iku dadi utusane ALLAH kang duweni sifat sidiq , amanah , tabligh , fatonah

-. Kang kaping pindhone jumenengaken (nindakne) sholat limang waktu ing dalem sedino lan sewengi

-. Lan kaping telune poso ing wulan romadhon cukup telung puluh dino

-. Lan kaping pate aweh zakat , lamun wes teko artone sanisof lan tahune

-. Lan kaping limone munggah haji maring baitillahilharom ,lamun ono sangune lan sarto sentoso dalane saking begal lan nisbate wadon kudu kelawan mahrome lan kuoso.

Monggo kito saling ngelengake ,mbok bilih zaman sa'niki katah tiang islam ingkang boten sumerep rukune islam ,terutama lare nom-noman ...

sawang si nawang

-. Urung mesti wong sugih iku uripe ayem , bungah , lan urung mesti wong mlarat iku uripr susah

- Kadang seng omahe gedhong atine kobong , seng umahe sesek atine iso lekek-lekek
- Kadang seng numpak pesawat utange bermilyat-milyat , seng numpak becak iso lincak-lincak
- Kadang seng numpak mersi brebes mili , seng numpak sepeda iso bungah-bungah
- Seng mangan sate iso tele-tele , seng mangan sego jagung ora bingung
- Seng bojone ayu sirahe ngelu , seng bojone elek iso termehek-mehek

= Luwih apik mangan telo,uripe rekoso ora opo-opo NANGING duweni harapan urip MULYO , dari pada mangan roti nanging di jejeli hasil KORUPSI

-. Mulo manungso iku jelmo titah sak wantah seng kudune pasrah manembah ngalah ngibadah marang ngarsane gusti ALLAH kang moho murah
- Wes ngerti lek salah yen di kandani ngalah , ojo malah ngejak congkrah ,iku jenenge wong ora GENAH , bendune gusti ALLAH malah nambah
- Bedo karo wong seng pasrah manembah ngibadah intuk hidayah rizki murah barokah ALHAMDULILLAH

Rukun iman

UTAWI RUKUNE IMAN IKU ONO 6 (ENEM PERKORO)

Postingan sak derenge mau rukun ISLAM , la sak niki rukune IMAN

1-. Sawiji ngimanaken ing ALLAH

2-. Lan kapindone ngimanaken ing sekabehane malaikate ALLAH

3-. Lan kaping telune ngimanaken ing sekabehane kitabpe ALLAH

4-. Lan kaping papate ngimanaken ing sekabehane poro rosul kabeh

5-. Lan kaping limone ngimanaken ing dino kang akhir iyo iku dino KIAMAT

6-. Lan kaping eneme ngimanaken saking pesten elek lan pesten apik iku saking kersane ALLAH Ta'ala