Rabu, 13 Maret 2013

Sholawatan

Sholli wa sallim daa'iman 'alahmada
Sholli wa sallim daa'iman 'alahmada
Wal ali wal ashaa biman qod wahhada
Wal ali wal ashaa biman qod wahhada

Eman lo wong Islam, ninggal Sholat wengi
Sak ben dalu turu, ora gelem tangi
Sholat wengi ngono, disenengi Gusti
Sopo gelem nyuwun, pasti di paringi

Sholat limang waktu, ayo podo njogo
Jama'ah nang masjid, bareng sak kluwargo
Ganjarane slawe, celengan suwargo
Malah biso dadi, pitu likur ugo

Yen Sholat kesusu, ora biso pernah
Rukuk lan sujude, ditoto sing genah
Sing khusyu' lan khudhur, ugo tumakninah
Ngerteni sing wajib, lan ngerti sing sunah

Yen rumongso sugih, itungen donyone
Bagiane Zakat, ojo dilalekne
Dulur karo tonggo, sing podo miskine
kabeh podo nunggu, zakat bagiane

Yen karo tonggone, Sing apik atine
Yen kahanan longgar, mikiro butuhe
Sajak perlu utang, enggal di peringne
Nanging ojo nganti, njaluk anak ane

Ayo do ngurangi, nonton televisi
Timbang nonton TV, luweh becik ngaji
"Ahbaabul Musthofa" wadah kanggo ngaji
Kumpul poro Habaib lan poro Kyai

Eman lo wong ngaji, campur lanang wadon
Campur lanang wadon, lamun dudu mahrom
Biso biso malah, nglakoni sing harom
Ilmu gak manfa'at, rusak malah klakon

Lanang karo wadon, manggon sepi sepi
Nyanding senggal senggol koyok kebo sapi
Ngunu kuwi duso, nurut poro nabi
Ojo di terusno, yen durung di rabi

Sholli wa sallim daa'iman 'alahmada
Sholli wa sallim daa'iman 'alahmada
Wal ali wal ashaa biman qod wahhada
Wal ali wal ashaa biman qod wahhada

Obate GALAU

Bismillahirahmanirahim...........

Obat GALAU paling tok cer , di jamin manfaat lan barokah

G => GAwenen atimu kanggo dzikir marang Allah
A => Akeh-akeh no moco qur'an lan sholawatan
L => LAkonono perintahe AGOMO
A => Amal ibadah kanti istikomah
U => Usahak no sholat kanti berjama'ah

Ra usah nggriyeng tetangisan yen lagi nemu alangan/penandhang
Ngresula, nalangsa, mung bakal nambahi abot ing coba
Sing becik pancen mung pasrah sumarah, Pangeran mesthi paring berkah.

URIP :
Urip iku tantangan.....Adhepono
Urip iku anugrah..... Tompho nen
Urip iku lomba..... Menangno
Urip iku PR...... Rampungno

Seng wes lungo...? LALEKNO
Seng durung teko...? ENTENONO
Seng wes ono...? SYUKURONO

Ojo podho ngersulo ndak gelis tuo
Wong yen nrimo urip pe dowo
Wong seng sabar rejekine jembar
Wong yen ngalah urip pe bakal barokah
Sopo seng jujur urip pe makmur
Wong suloyo urip pe soro
Wong seng sombong amale kobong
Sopo seng tlaten tembhe mburi bakal panen

Manusia vs setan

bissmillahirahmanirahim
(setan ra duyan demit ora dulit)

Bedane manungso kalih setan lan saget di pendhet tuladhane

=> ora gampang nyerah
- SETAN : Setan iku ora gampang nyerah lek kekarepane durung terkabul gudho manungso supoyo ciloko
- MANUNGSO : Akeh seng nyerah ugo seneng ngeluh yen lagi ngadepi masalah , opo maneh di cubo kalih gustine

=> KREATIF
- SETAN : Setan iku ora kentek an ide alias kreatif , golek cara opo wae supoyo biso gundho manungso sampek keno
- MANUNGSO : Akeh-akeh manungso iku ora gelem soro (kangelan) ,males, opo-opo jaluk e seng gelis ,malah kadang ngrugekne wong liyo ,seng haram malih dadi halal

=> KONSISTEN
- SETAN : Awet mulai di laknat gusti Allah , kerjone setan niku konsisten teteb gudho manungso sampek sa'iki bahkan sampek dino kiamat ,ora tau ngeluh ,sambat lan putus asa
- MANUNGSO : Akeh seng ngeluh nang kerjanane ,sambate ngaruoro ,ora gelem nyukuri nikmate gusti Allah , padahal jik akeh wong nganggur seng ora duwe pegawean

=> RUKUN
-SETAN : Podho-podho setane ora tau caton pinaton,paten pinaten , rukun ora tau gawe lorone setan liane ,lan kerjo bareng-bareng gudho manungso
- MANUNGSO : Jarang seng perduli maring liyo , akeh-akeh congkrah ,gawe gelane marang liyo , satron sinatron, iso ugo paten pinaten ,lan liyo-liyane

=>TANPHO PAMRIH
- SETAN : kerjone pat likur jam nonstop ora jaluk upah opo-opo
- MANUNGSO : Ora di bayar zo wegah timen (wani gelut te) , padahal materi iku ora penting ,,,maksudte duwet iku mung sarana dudu tujuan

=> SENENG GOLEK BOLO (KONCO)
- SETAN : Setan iku seneng hoby banget golek konco (maksudte konco nang neroko wehehe)
- MANUNGSO : Luwih menting ne awak e dewe tinimbang wong liyo , sajak e ono wong butuh macak ora weruh................

Amergi ADMIN ne tasih MANUNGSO ..... mulo ngapuntene ingkang katah yen admin boten saget kados sifatte SETAN wehehe

Angen-angen

sekedar damel renungan , mbok bilih kito niki jan-jane pantes nopo boten mlebet ono ing SUWARGO....?

بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

INTERMEZO (haiyeh bahasane rondok GAUL huhuy)

UMPOMO ono wong umure 60 tahun ,di potong aqil baligh 15 tahun,dadi sisane mung 45 tahun,,

UMPOMO (umpomo maneh iki) sholat limang wektu di gawe mung sak wektu 5 menit ,berarti sedino sewengi sembahyange mung 25 menit ..

di PING ne sewulan berarti 750 menit...

di bagi 60 ,
12 jam kurang ....dadine lek di itung wektu sak wulan sholate mau mung 12 jam utowo mek setengah ari....

Setengah ari di PING ne 12 (setahun) , iku mung 6 dino..dadi sholate lek setahun iku cuma mung 6 dino...

la 6 dino di PING ne 45 dino jumlahe 270 dino ,

Umur 60 sholate mung 270 dino,,,

monggo angen-angen dulur,,,,GUSTI ALLAH niku moho rohman rokhim,,,kudune kulo lan panjenengan niki kedah ISIN,,,ngrumangsani lek kito niki mboten pantes wonten suwargo,,,,mulo di damel syi'iran kalih abu nawas :

إِلهِي لََسْتُ لِلْفِرْدَوْسِ أَهْلاَ# وَلاَ أَقوى عَلَى النّارِ الجَحِيم

Ilaahii lastu lil firdausi ahlaa # wa laa aqwaa 'alaa naaril jahiimi

(Duh Allah gusti kulo sanes ahli suwargo , nanging kulo mboten kiat sekso neroko)

فهَبْ لِي تَوْبَةً وَاغْفِرْ ذنوبِي # فَإنّكَ غَافِرُ الذنْبِ العَظِيْم

Fa hablii taubatan waghfir zunuubii fa innaka ghaafirudzdzambil 'azhiimi

(Mugi pangeran paring tobat dumateng kulo , estu gusti pangapunten agunging duso)

Mugi-mugi gusti Allah maringi ridho dateng kito sedoyo kersane saget mlebet suwargo amiiin....

marisi anak 3perkoro

Bismillahirahmanirahim..........

Ono bapak ngomong nang anak e ,
'' Awas yo , lek ulanganmu bijine elek , ojo nyeluk aku bapak maneh !''

Sesuk e bapak e takon nang anak e ,
''Piye hasille ulanganmu le . . ?''

Anak e jawab ,
''Remuk Bro...''

Lek pingin duwe anak apik dadio wong tuo seng apik , anak iku potho copy ne wong tuo ,,

=> Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal getun mburine
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
Anak putune, rame rame rebutan warisan

Mulo wong tuo ninggal warisan bondho dunyo iku kliru ,
mergo besok nang akhirat ora ono pitakonan anak mu mbok tinggali dunyo sa'piro.....?
Seng bener niku wong tuo ninggali 3perkoro yoiki :

1. ILMU
Anak iku amanat titipane gusti Allah , mulo anak iku perlu di didik tuntunan agomo islam . di ngertek no iki larangan ,iki ganjaran , iki perintah, iki duso, iki oleh,iki g oleh
didik anak iku wajib , yen ora sanggup di pasrahne kyai ,uztad ,guru lan sak pinunggalane

2. AKHLAQ
Bahasa tubuh iku luwih utomo tinimbang bahasa lesan
Ojo mung pinter merintah , tapi pintero nyontoni
nyontoni ping pisan iku luwih becik tinimbang merintah ping sewu

3. DUNGO
mergo dungone seng biso di arep-arep wong tuo zo iku dungane anak (anak kang sholeh)

Bejo kemayangan kanggone wong tuo seng duweni anak kang sholih lan sholikah , iso ngangkat derajatte wong tuo ono ing dunyo dumugi tekan akhirat

Mugo-mugo kulo lan panjenengan sedoyo di paringi anak ingkang sholih (yen putro) sholikah (yen putri) amiiin...

al kisah


بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

BAROKAH ipun tiang sholeh:

Dipun cerita'aken ,wonten keluargo ingkang urip e serba kekurangan (fakir), salah setunggale wedal seng kakung angsal rizqi awujud duwit , lajeng tiang kakunge matur kalian garwane :
''Sampean nyuwun di tumbasne nopo de?''

''Ditumbasne daging wedus mawon , kito sampun dangu boten maem lan ngicipi sedepe daging'' , jawabpe garwane.

Banjur budal tuku daging ,sak sampunipun bidal lajeng angsal daging, daginge kolowau di wadahe kresek trus di beto wangsul, waktu ono ing dalan , dewek e weruh ono masjid lagi akeh wong podho kumpul-kumpul. sembari ngomong ing jero atine ,'' la iki kan ora waktune sholat ko nang mesjid rame akeh wong , paling ono wong lagi nyolati jenazah . Apik e aku tak zo melu nyolati lah''

boten kesupen ,piyambakipun lajeng mlebet datheng masjid uga derek nglampahi sholat.

ing kala nglampahi sholat mayit (jenazah) , kresek isine daging mau melu di gowo , sak wuse rampung banjur mulih, ora melu ngeterno mayit mau nang kuburan

sangantos ing griy0, lajeng daging kolowau dipun sukakne garwane banjur di masak , ''Wonten kedadosan aneh'' , daging kolowau di tugel nganggo peso ora biso tugel ,njur di godhok ora biso emphuk, di bakar lan di panggang ora biso mateng , rupane teteb koyo mau ora ono perubahane ,samukawis upaya dipuntumindak ake , nanging teteb boten wonten perubahan

Wonten tengah-tengahe kebingungan kedadosan niki , dewek e tiang kalih dalune ngipi , ono ing jero ngipi banjur krungu suworo .''Daging seng mok gowo pas waktu nyolati wong sholih utowo waliyullah ora bakal iso di godhok ,Opo maneh dagingmu , Yen siro beriman maring Allah lan rosulle sarto demenni marang wong sholih ,mulo ora bakal mempan deneng geni neroko.

Monggo kito pendhet hikmah saking pelajaran kisah niki. Kanjeng nabi lan tiang-tiang sholeh ingkang sak mestine dados idola kito ,amargi panjenenganipun sedoyo saget maringi manfaat lan barokah ono ing dunyo ngantos dumugi akhirat....

*crito niki admin catet sakingi ceramah Habib Umar Al Muthohhar waktu Haul & Haflah Akhirussanah wonten Lirboyo th 1433 H./2012 M

mendhet ilmu saking buah lan isi

bismillah........

mendhet ILMU ne saking buah lan isi

=> Dadio koyo jagung , ojo koyo jambhu menthe."
- jagung iku mbungkus isine rapet , jambhu menthe mamerne isi ne seng mung siji
- Artine : OJO SENENG PAMER...
(pamer niku termasuk penyakite rohani)

=> Dadio koyo duren , ojo koyo dondong:
- Duren iku senajan jobone lincip akeh rine tur landep tapi jerone alus lembut lan legi , dondong jobhone alus /mulus rasane rondok kechut nang jerone isine jrawut-jrawut
- Artine : Ojo nilai wong soko jobone

=> Dadio koyo bengkoan:
- masio urippe nang jero lemah campur aduk kompos ,sampah ... tapi woh e teteb putih resik
- Artine: Jogonen atimu , ojo nganti keno pengaruh ruwet rentek ke kahanan zaman seng wes rusak

syi'ir padang bulan


اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ

[Allohumma Sholli wa Sallim 'alaa sayyidinaa wa maulanaa Muhammadin] 2X
['Adada maa fii 'ilmillahi Sholatan daaimatan bidawaami mulkillaahi] 2X

[Padang bulan, padange koyo rino.
Rembulane sing ngawe-awe] 2X
Ngelengake, ojo turu sore.
[E... Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore] 2X

[Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine] 2X
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
[Anak putune, rame rame rebutan warisan] 2X

[Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah
Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah (dho pecah belah)] 2X
Kang den arep-arep, yoiku turune rahmat
[Jebul kang teka - Jebul kang teka, nambahi fitnah] 2X

[Iki dino, ojo lali lungo ngaji
Takon marang, Kyai Guru kang pinuji] 2X
Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan
[Insya Alloh, kito menang lan kabegjan] 2X

[Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan
Esuk-esuk, rame rame luru ramalan] 2X
Gambar kucing, dikira gambar macan
[Bengi diputer - bengi diputer, metu wong edan] 2X

[Kurang puas kurang puas, luru ramalan
Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan] 2X
Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an
[Jebul kang takon - jebul kang takon, wis ketularan] 2x

اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ

carane berprasongko apik marang wong liyo

bismillah..
caeane supoyo biso Husnudzon/nduweni prasangko apik marang wong liya:

- Yen ketemu marang wong, yakino yen wong iku luwih apik tinimbang awak e dewe .
Munio ing jero atimu..
''Iso ugo derajate wong iku luwih dhuwur lan luwih apik soko awak e dhewe ing ngarsane Gusti Allah''

- Yen ketemu marang bucah cilik ,
Mulo munio ing jero atimu...
''Bucah iku durung nglakoni maksiat marang Allah, lalek aku wes nglakoni akeh maksiatte, mulo bucah iku luwih apik tinimbang aku''

- Yen ketemu tiang sepuh (tuwo)
Munio (Ing jero atimu):
''dheweke wis ngibadah marang Allah luwih suwe soko aku, mulo dheweke luwih becik soko aku ''

- Yen ketemu marang wong seng ber ilmu/alim
Munio (Ing jero atimu):
''Wong iki duweni karunia seng ora tak duweni , duweni kedudukan seng ora tak kuasanii , lan biso ngamalke ilmune , mulo wong iki luwih apik tinimbang aku''

- Yen ketemu wong bodho
Munio (Ing jero atimu):
''Wong iki nglakoni maksiat marang Allah amargo dhewek e bodho (ora ngerti),sedangkan aku nglakoni maksiat tapi ngerti hukume lan akibate , Lan aku ora ngerti akhir umurku lan umure kunu mbesok , mulo wong iku luwih apik tinimbang aku''

-- Yen ketemu wong kafir
Munio (Ing jero atimu):
''aku ora ngerti kepriye kahanan ne mbesuk. bisa dadi neng akhir umure dheweke mlebu agama islam lan nindakke amal sholeh, lan biso dadi neng akhir umur, awakku kufur lan nggawe ala”.

(Syeikh Abdul Qadir Al Jailani)

ORA BAKAL ISO MLEBU SUARGO YEN NENG ATINE ISIH DUWENI SIFAT SOMBONG SENAJAN MUNG CILIK E SAK BLEDHUK.....

Wong apik iku ora di delok soko umungane , nanging di delok soko tumindak e

nasihat kubur

bismillah...
Wong cilik urung karuan iso dadi gedhe
Wong bodho urung karuan iso dadi pinter
Wong pendek urung karuan iso dadi duwur
Wong mlarat urung karuan iso dadi sugeh
Wong kuru urung karuan iso dadi lemu
TAPI lek wong urip gelem gak gelem bakale mati

Sawise pati manungsa bakal isih urip ing sajroning alam kubur (barzakh) nganti Dina Kabangkitan (Yawm al-Qiyāmah). Miturut sare-ngat Islam, yen tingkahe saben individu ing barzakh iku miturut tumindake manungsa iku dhewe pas ono ing dunyane, banjur dadi sawijining gambaran ing alam baka.

Nasihat saking alam KUBUR :

1.Aku iki panggonan seng paling peteng , mulo padangono aku nganggo sholat tahajud

2.Aku iki panggonan seng paling ciut , mulo longgar no aku nganggo silaturahmi

3. Aku iki panggonan seng paling sepi , mulo ramek no aku nganggo ngekeh ake moco Qur-an

4.Aku iki panggonane kewan seng njijik i , mulo racunen nganggo ngamal shodakoh

5.Aku iki panggonane pitakon malaikat munkar lan nakir , mulo siap no jawabanmu nganggo sak akeh-akehe moco ''LA ILA HAILALLAH''

- Ono kubur akeh wong podho di sekso
Jerit-jerit sambate ngaru-oro
Sebab rikolo nang ndunyo kakean duso
Ajal wes teko ora gelem nindakno tuntunane agomo

-Ono kubur akeh wong podho sambat
Ngrasake rekasaneng sekso ora kuat
Sebab rikolo nang dunyo seneng maksiat
Wes meh sekarat nanging ora gelem tobat

Monggo dulur mumpung kito tasih gesang wonten ndunyo , di tingkatne anggonipun nglampahi ibadah pados sangu /bekal ingkang katah , lan mugi-mugi sisane umur kulo lan panjenengan sedoyo dadoso umur ingkang barokah amin....

al kisah

Bismillah............
Dipun cerita'aken, ono ing pinggire kuto bashrah Wonten setunggal tiang ingkang gadah duso,dusane sampun katah sanget . amergo kelakuane gawe tonggo lan lingkungane ora perduli marang kematiane, sahinggo garwane susah madosi tiang ingkang bade disuwuni tulung beto mayitipun wonten masjid (nyolati) lan beto wonten makome (kuburan) ,akhire terpaksa garwane niku bayar /nyewo tiang damel beto mayite bojone.

Sak sampunipun ngoten mayit kalawau di beto enten masjid ,mboten wonten tiang babar blas ingkang nyolati,malah-malah tonggo lan lingkungane boten perduli koyo-koyo boten wonten kejadian nopo-nopo.
Akhire mayit kolowau di beto langsung wonten pemakaman.

Ono ing pinggire bukit sebelahe makom ,wonten ulamak ingkang alim kadose lagi nenggo tiyang.
ternyata tiang alim niku wau bade nyolati jenazah, jenazah ingkang liwat wonten mriku..
Beritane ulama' alim ingkang bade nyolati jenazah niku kepireng nganti sakwentoro kuto bashrah , tiang-tiang sami berduyun-duyun bade tumut derek nyolati jenasah kalawau, sarto kalih penasaran jenazahe sinten ingkang angsal kehormatan bade di pun sholati kalian ulama' alim kalawau..

Sak sampunipun rampung di sholati , tiang-tiyang wau sami kaget lan gumun , boten asing malih ternyata jenazah ingkang dipun sholati injih meniko jenazahipun tiyang ingkang ahli maksiat.
lajeng tiyang-tiyang wau sami tangklet .

''Wonten pigatos nopo panjenengan purun dugi tebih-tebih wonten mriki lan purun nyolati janazah niki ?''

banjur ulama' wau jawab:
''Ono seng omong ing jero ngipiku, teko o ono ing bukit sisih kuburan ,nang kunu ono jenazah seng pengiringe mung wong wadon siji yoiku bojone, sholattono jenazah iku ,amergo iku wong seng oleh pangapuran.''

Sedoyo tiyang ingkang sampun dugi malah tambah gumun,
Lajeng ulama' alim wau nimbali tiyang estri bojone almarhumah lan nakok i nopo bendinane garwane lan kepiye uripe bendinane.
tiyang estri mau jawab :
''“piyambakipun kados ingkang sampun dipuntepang ing kitha niki , saben dino mabuk-mabuk an lan damel maksiat''

ulama' alim takon maneh: ''Cubo di eiling-eling sak liane iku nopo maleh..?''

''“inggih samangertos kula tigo hal.
ingkang setunggal, saben piyambakipun eling saking mendemipun ing wanci shubuh, piyambakipun gumantos rasukanipun, berwudhu uga nglampahi shubuh berjamaah.
lajeng piyambakipun balik mendem malih uga ndamel maksiat.

ingkang kaping kalih, ing griyanipun mesti enten kalih utawi setunggal anak yatim. piyambak ipun numindak ake kaliyan sae dateng anak yatim punika nglangkungi dhateng anakipun piyambak.

ingkang nomer tigo, menawi piyambak ipun eling saking mendemipun ing tengah dalu, piyambak ipun nangis lan gethun, “YA Allah, ono ing neroko jahanam pundi panjenengan badhe nyemplungaken hambamu ingkang kotor kaliyan maksiat niki.”

Sang ngulama alim lajeng mantuk, amargi piyambak ipun sampun nyumerepi kanti jelas kedadosan aneh ing siyang dinten punika.

(Di pendhet saking Ihya’ Ulumiddin.)

silaturahmi

bismillah...
Seng sopo wonge pingin di dawakno umure lan di jembarno rizqine tindakno silatrahmi, Bilih faedahe lan manfaatte silaturahmi niku katah sanget,,,niki bade kulo angkat setunggal cerito ....

Ing salah sawijining wedal,
Kanjeng nabi MUHAMAD SAW mersani dateng suwijine sohabat umure kantun 15 dino,mulo, kanjeng nabi banjur ngajak dateng sohabat kolowau silaturahmi , ananging kanjeng nabi mboten bejani marang sahabat kalawau mbokbilih umure kantun 15 dinten,,,

sak sampunipun nglampahi silaturahmi dateng poro sahabat nyuwun pangapunten kalian dungo ,,pas waktu dumugi 15 dinten ternyata malaikat izrail mboten dugi , justru ingkang dugi malaikat jibril nyukani kabar dateng kanjeng nabi ,
''Lamun sampun panjenengan ajak silaturahmi mulo umuripun sahabat niki di dawakne nganti 30thun.''

(hadist niki admin catet saking mauidhah habib luthfi bin yahya)

Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo diparingi panjang umur ,lan sageto nglampahi silaturahmi marang sanak keluargo konco tonggo lan lintu2 nipun kanti iklas soho istiqomah

Cirine bucah wadon sa'iki

Ciri-cirine pacaran bucah wadon ABG zaman sa'iki :

- Yen dompette gak kandhel ,ora gelem ndusel
- Yen gak rudho papat , ora ngarat (memeti)
- Yen gak ninja , ora gelem manja
- Yen gak viksion , ora gelem exsen
- Yen numpak vespa , jare wes ora gaya
- Yen di terno numpak supra , ora gelem mesra
- Yen di gonceng kirana , emoh jare merana
- Yen gur di gonceng scoopy , cuma ngambung pipi
- Yen di jak numpak bemo , mripatte mendholo
- Yen di jak numpak bus , malah ngejak putus
- Yen di jak mlaku, malah lambene mecucu
TAPI BOTEN SEDOYO LHO wehehe ....

Mulo mbak yu sampean tak kandani
Lek gawe rok kudu di rangkepi
Mergo sa'iki akeh enthub mandi-mandhi

Hei wong wadon , niruo ngelmune jambhu
ijik cilik ben udho-udho ritek ora opo-opo , nanging lek wes gedhe blongsongen tutupen rapet-rapet supoyo ora di grogotti codhot,sa'iki codhot-codhot sarungan seng melenium iku bahaya seneng grogot-grogot barang seng di bungkus rapi,opo maneh seng ora di bungkus ...!!!!

Iki zaman zaman SBY ,akeh bucah wadon podho ngeler udelle
Yen di kandani malah ngece , jarene ben tambah pede (pekok dewe)

Zamane wes zaman tuwo,akeh manungso wes angel di toto mring tuntunane agomo
Di tuturi kyai ora perduli di tuturi agomo wes ora percoyo,senengane malah podho gae duso (tumindak duso sak bendino podho ra kroso)

monggo dulur tansah eiling lan waspodho

OJO ngenteni


tembung “Ojo NGENTENI” sing perlu dihindari:

- Ojo NGENTENI bungah disek banjur lagi iso mesem , Nanging mesemo ,supoyo mengko biso bungah

- Ojo NGENTENI Sugih banjur lagi shodakoh, Nanging shodakoh-o , mulo ben tambah sugih

- Ojo NGENTENI semangat banjur lagi tumindak, Tapi Tumindak o ,mengko bakal iso semangat

- Ojo NGENTENI di perdulekne wong banjur lagi iso merdulekne, nanging perdulia marang wong liya! mula siro bakal diperdulekne.

- Ojo NGENTENI wong mahami kito banjur kito lagi iso mahami marang wong iku, nanging pahammono wong iku ,mulo wong iku mengko bakal biso memahami marang kito

- Ojo NGENTENI di tresnani banjur lagi iso nresnani , nanging belajaro nresnani mulo siro bakal di tresnani

- Ojo NGENTENI sugeh duwet banjur iso urip tenang , nanging urippo kanti tenang , mulo yakinno dudu mung duwet seng bakal teko nanging biso rejeki liyo liyane

- Ojo NGENTENI contho banjur tumindak meloni, Nanging tumindak o, Mulo siro bakal dadi contho sing dimeloni

- Ojo NGENTENI ISO banjur tumindak, Nanging Tumindak o , Mulo Siro yakin bakal ISO

- Ojo NGENTENI Sukses Banjur bersyukur, Nanging Syukur-o , Mulo bakal nambah kasuksesanmu

Manungso iku ora biso nentokno bisane mung ikhtiar dungo karo nemokno

NGAJI




NGAJI IKU PENTING
OJO
SENG PENTING NGAJI

Seng sopo wonge ngambah dalan tumuju ono ing salah suwijine panggonan tumrape golek ilmu terutama ilmu agomo islam ,moko gusti Allah bakal gampangake dalane wong iku mau menyang suwargo...

=> Kanjeng nabi wes ngendiko ono hadist kanti cetho:
Nuntut ilmu wajib hukume wiwit cilik nganti sedo,
gak pandang sugih gagah enom lan tuo mumpung urip podho ngajio

YEN NGAKU SANTRI WIS SAKMESTINE KUDU NGAJI
YEN WES OLEH ILMU SENAJAN SITIK ZO DI LAKONI
MUMPUNG ISIH ONO KYAI DI TLATENI GONE NGAJI
MERGO IKU MBESOK SANGUNE MATI.......

"Ngelmu iku kelakone kanthi laku, Senajan akeh ngelmune lamun ora di tangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpho guno".

Amergo Ilmu uripmu maju ,Tanpho ilmu uripmu kliru , Mulyane menungso ora mergo Bondho dunyo , Nanging ISLAM ILMU IMAN AGOMO

NB: KABEH ILMU KUDU DI AMALI , LAN KABEH AMAL KUDU DI ILMONI

Wong tuwo

Yuuk poro konco podho eiling dek zaman semono
Naliko sek di kudang karo wong tuo
Koyo ngopo gedhene pangurbanane
Tanpo pammrih Awit dadi kewajibane

Di kadang lan di kudang sak bendinane
Supoyo besok dadi wong kang ngerti kewajibane
Iso ngangkat derajate wong tuo karo

Sa'iki zamane zaman modern
Bondho dunyo gumelar agawe semseng
Mulane yuk co-konco kito seng Waspodho
PANGESTUNE WONG TUO PUSOKO KITO

=> Kasih sayange wong tuo nang anak iku di ibaratne sak kelopo , tapi lek kasih sayange anak nang wong tuo iku ibaratte mung sak upho

Sak gedhi-gedhine upho ora ngarah iso ngalahne gedhine kelopo senajan kelopo iku mau kecenthet

Enak e judule opo?


pas aku pengen urip sugih,
aku lali yen urip yaiku kesugihan.

pas aku wedi menehi,
aku lali yen kabeh sing tak duweni yaiku paweweh.

pas aku pengen dadi sing paling kuwat,
aku lali yen jero KELEMAHAN, Allah menehi aku kekuwatan.

pas aku wedi tuna (rugi),
aku lali yen uripku yaiku siji KEUNTUNGAN.

urip iki bangeta becik nek
NYUKURI apa sing wis ono.

ono kalane sing becik dudu sing paling becik,

sing SAMPURNA ora dadek ake KABAGYAN.

nanging pas awake dhewe bisa lan gelem nrima kabeh kekurangan lan kaluwihan...zo kuwi KABAGYAN

=> elmu, budi, elingan, pamikir, bondho, kesugihan, kayon, kelinuwihan, keahlian, kaluwihan, kewibawaan, kemuliaan, kalungguhan,pangkat lan drajat, kabeh kuwi mung titipan sakwetoro saking Allah SWT, sak sawah-wayah iku kabeh bakale balik/ di jiphuk ing ngarsane gutine

mulo mangkunu mumpung dereng di jaluk /di cabut titipanipun, monggo kito tanjak aken sedoyo wau kanthi sak sae-saenipun, amargi sedayanipun bakal dipun suwuni tanggel jawab ono ing ngarsane gusti Allah Subhanahua Ta'ala.

JAMAAH

-. Swara azdan di kumandangne
Ing mushola langgar lan mesjidte
Rino wengi isuk sore kono lan kene
Ngejak umate enggal-enggal nindakno sholate

-. Nabi kito sampun ngendiko
Wonten hadist kanti cetho
Sopo kang biso nindakne sholat jamaah ing saben dino
Bakal oleh hikmah 5 (limo) warno :

1. ORA FAKIR ING DUNYANE
2. SELAMET ONO ING KUBURE
3. MBESOK NOMPHO CATETAN AMALE DEWE KELAWAN TANGAN TENGEN-NE
4. NGEWOT SIROT KOYO KILAT
5. MLEBU SUWARGO TANPHO HISAB

Poro sedulur monggo kito sami-sami berusaha , mugi-mugi kita saget nglampahi ibadah sholat kanti berjamaah lan saget istiqomah...amiiinnn

PIRANG TAHUN LAWASE URIP NANG DUNYO

. Pirang tahun lawase ing dunyo iki
Ngelingono yen siro bakale mati
Sangu mati dudu emas rojo brono
Nanging iman sarto amal kang utomo

-. Sholat limo duh konco bok ojo lali
isuk sore rino wengi tansah podho ngaji
Supoyo tembe burine uripmu gayuh kamukti
Yen ora ngaji bakale uripmu rugi...........

-. PATI iku ngunu wes dadi pesti
JODHO ngono ora iso di paidho
REZEKI iku ngunu ora biso di buru
Bejho lan ciloko mung sak dermo nompho

-. Klopo mudho enak e kanggo rujaan
Ngibadaho amprih urip intuk kabejan
Rugi ndunyo iku mung sak wetoro
Rugi akhirat bakale ciloko..........

Mugo-mugo kulo lan panjenengan dados tiang ingkang bejo dunyo dumugi akhirat.......amiiin...

INDONESIA

- Akeh wong kang wedhi kahanan berjuang, awit hukum kang becik akeh seng ora kanggo ono ing negoro iki,mulo banjur wedhi anggonipun berjuang, <--- IKU KABEH KELIRU, Jalaran berjuang iku ugo kepingin mbelani kabeneran

- Wong ala iku lamun kuwoso banjur sawiyah-wiyah sak karepe dewe ngujo howo nafsune ,lan ugo ngagung-agung ne penguasane , mulo ojo nganti wong ala iku bisa nyekel penguasa

- Ojo seneng yen lagi duwe pangkat panguoso , serik yen ora nyekel penguoso (duweni pangkat) , jalaran kui bakal ono bebendune dewe-dewe

- Ojo mung kepingin menang dhewe kang bisa dadek ake congkrahing negoro lan bongso, kudu seneng rerembug'kan njogo ketentreman lahir-batin

- Ojo seneng gampangake (ngremehne) barang sepele...mergo barang sepele iku lek di sepelek ake iso dadi gedhe

- Rikolo zaman di jajah londho ,nasibpe bongso keloro-loro
londho lungo njur di jajah jepang, nasibpe bongso kesurang-surang

- Indonesia uwes merdeko wiwit tahun patang puluh limo
Ayo konco bangun negoro kanti dedasar pancasilo

- Ya Allah nyuwun panjang umur,mugi saget kanggo bersyukur
Paringono pemimpin kang jujur,negoro aman adil lan makmur

14 februari

Ono bucah cilek seng mbetik , lagi deleng mbak e di ambung karo pacare ,mari ngunu sisok e arek cilik mau nemoni bucah lanang seng ngambung embak e,

''Kang sampean zo seng wingi ngambung embak ku?''
-''iyo , tapi ojo banter-banter , NYOH sewu ojo omong-omong lho yo!''

''Iyo suwun kang ,kie susuk e limang atus!''
-.''Loh ko diwei susuk barang cah ,?''

''Iyo aku emoh mokong ,kang. kabeh bucah lanang seng ngambung embak ku yo tak tagih mung limang atus!''
-.''??????!!!!!'' gLodak dlosoooorrrr....''

slamet kanggo konco2 ingkang sampun terbebas saking Ritual ingkang boten manfaat yakni 14 februari huhuy

nuruti lan ngujo kasenengan donyan kui paribasan ngombe banyu segoro...

SENG EILING KELAWAN WASPODHO..

TURI-TURI PUTIH

Bismillahirrahmanirrahim,,,,,,,,,

TURI-TURI PUTIH
(tak elingna wong sawiji menawa iku kabeh bakale di bungkus kelawan putih kaya kembange turi)

-DI TANDUR NENG KEBON AGUNG
(Gak ana maneh kejaba nang kuburan)
sawise pati manungsa bakal isih urip ing sajroning alam kubur (barzakh) nganti Dina Kabangkitan (Yawm al-Qiyāmah). Miturut sarengat Islam, yen tingkahe saben individu ing barzakh iku miturut patrap, solah tingkah utawa tumindake manungsa iku dhewe, banjur dadi sawijining gambaran ing alam baka.

-CEMLERET TIBO NYEMPLUNG KEPUNDUNG KEMBANGE APA
(Mbuh kembange suargo , embuh kembange neraka tergantung amale dewe-dewe ana ing dunyane)

- Zaman makmur akeh wong kang padha kufur
Senengane tumindak ngawur urip ngelantur angel di atur
Para sedulur kakung lan putri akehana anggane syukur

- Zaman akhir akeh wong kafir
Seneng nuruti nafsu ing pikir ,mondar mandir ora gelem mikir
Para sedulur kakung lan putri ngekehna anggone dzikir

- Wes wancine ayo tobat marang gusti
Mumpung durung teko pati kang wes mesti
Nyuwun maring gusti tobat sak tulusing ati
Wiwit cilik nganti sak iki, Mugi gusti ngijabahi

ALLAHUMA AMIIIIINNNN.........