Senin, 06 Mei 2013

keluarga Bahagia

Bismillahirahmanirahim.........

=> Poro pemaos ingkang minulyo Nikah niku sak jane ora WAJIB, wong ora nikah iku ora opo-opo ,masalah pingin di empet suwe-suwe kelalen.
Tapi wong iku lek wes kadung nikah WAJIB gawe keluarga seng bahagia,Sebab nopo? wong iku lek sembrono masalah bina keluarga sampek dadi keluarga seng cungkrah niku seng bingung boten seng nglakoni tok,wong tuwo bingung keluarga bingung,berarti wes bingungno wong akeh nyusahno wong akeh,opo maneh ko wes anak-anak dang cungkrah iku nyusahno anak turun.

Poro pemaos ingkang minulyo ,nikah niku gampang tapi gawe keluarga seng bahagia iku angel sahinggo nikah iku koyo JIHAD (perang) merangi howo nafsu,Kulo jenengan niku duwe watek seng perlu di perangi,yoiku seneng dandan -dandan jobho tapi ora pati seneng dandan-dandan jero,mulane akeh wong iso ngapik i wong jobho tapi ora pati iso ngapik i wong jero,mulo akeh wong iku apik ten masyarakat tapi dek umahe dewe gatel ati.
Seng di rasakno bojo iku yo jobo jero,tapi seng paling keno di rasakno bojo iku dudu jobho tapi jeroan, Kanjeng nabi dawuh : Apik-apik e awakmu iku wong seng paling apik nang keluargane dewe.

Penyakit kulo jenengan seng nomer kalih yoiku : Seneng di apik i ora pati seneng ngapik i,Seneng di fahami tapi ora pati seneng mahami,
Poro pemaos ingkang minulyo,Panjenengan ora usah pingin duwe bojo apik,Tapi pingino dadi wong apik,Mengko lek jenengan dadi wong apik,bojone jenengan mangke apik-apik dhewe,Mulane sak crewet-crewete wong wadon apik karo wong lanang yen seng lanang iso mahami iso nyenengno,swalik e njih ngoten.

Poro pemaos ingkang minulyo,damel keluarga bahagia niku ternyata sulit,Saking angele gawe keluarga seng bahagia sampek kanjeng nabi MUHAMAD SAW dawuh :
Bejo kemayangan kanggone wong saben-saben isuk oleh ganjaran perang ,saben-saben bengi oleh ganjaran haji.
Sopo iki ...? Yoiku yen ono wong iso gawe keluarga bahagia , Lek ono wong iso gawe keluarga bahagia ketok e biasa-biasa mawon tapi ganjarane seng luar biasa.

La nopo Tandan-tandane keluarga seng bahagia.......???? 



Tandan-tandane keluarga seng bahagia
Yoiku:
- MAREM :Seng lanang marem karo seng wadon,seng wadon marem karo seng lanang (podho mareme), La marem karo bojo iku ora gampang (Angel), Mulane wong tuwo pesen ,''Le awakmu lek golek bojo melek o sak ombho-ombhone ,Tapi lek wes oleh bojo dang meremo sak ciut-ciute.
Bojo iku lek wes di maremi berarti syukur nang gusti Allah,seng sopo wonge gelem syukur iku bakal di tambahi, mbuh carane lek nambahi mati disek opo piye pokok e janji syukur iku di tambahi hehehe

- Seng nomer kalih tandane keluarga seng bahagia iku , Elek e keluarga tertutup rapi, Besan nutupi elek e besan,morotuwo nutupi elek e mantu,mantu nutupi elek e morotuwo,bojo nutupi elek e bojo

-Seng nomer tigo lanang petuk seng wadon iso guyu,seng wadon petuk seng lanang iso guyu, senajan umahe elek,nang pingger sesek tapi petuk bojo ko iso guyu iku jenenge keluarga seng bahagia.
Guyu iku gampang sinten seng boten saget guyu,Tapi akeh wong iku iso guyu karo kancane tapi ora iso guyu karo bojone,guyon kalih bojo iku ketok e remeh barang enteng tapi di gedhek-gedhekno ten gene agomo, ganjarane ngungkuli i'tikaf nang masjid madinah,mulane kanjeng nabi iku lek kumpul kalih garwane katah guyone.
ono apane guyon ko di gedhek-gedhekno kalih agomo...?

Poro pemaos ingkang minulyo, Nyawane rumah tangga iku ''MUSYAWAROH'' , Ko ono keluarga ko jik iso musyawaroh iku keluarga jik urip,tapi ko keluarga wes ora iso musyawaroh iku keluarga mati mung ragangan tok,lalek guyon wae ora iso opo maneh musyawaroh,padahal guyon iku luwih gampang ketimbang musyawaroh. Ko ono wong tuo ko wes ora iso musyawaroh anak turune iku yo ora kenal musyawaroh,yen urip ten masyarakat njih boten saget dijak sidang ngamuk an mergo ora kenal musyawaroh

=> Poro pemaos ingkang minulyo,nikah niku awal kebahagian,sebab wong lanang butuh wong wadon wong wadon butuh wong lanang ,dalam garis besar ''LEK RUKUN'' ,Bangun rukun niku kudu di utamakno, Janjine gusti ALLAH :''Aku iki ngancane wong loro seng gelem rukun'' ,Yen ono wong loro rukun tak kancani,tak bantu pingin opo tak turuti janji seng siji ora khianat nang sijine,Yen ono wong lanang wani nyusahno wong wadon lan wong wadon wani nyusahno wong lanang ojo kaget pitulunge gusti Allah bakal di jabut, Kadang-kadang rizkine lancar tapi ketenangan jiwa hampa.
Yen tirose ilmune jowo ''YEN RUKUN AGAWE TENTREM SANTOSO, YEN CRAH AGAWE BUBRAH''

-Wonten cerito zaman nabi musa niku wonten krisis besar keranten alam, pirang-pirang tahun ora ono udan,akhire nabi musa lan sohabat-sohabate sholat istisqo,lajeng sholat istisqo boten jawah sampe x3 nabi musa matur ten gusti Allah,''Ya Allah kulo kalih konco-konco sampun sholat istisqo x3 ko dereng jawah la mangke dospundi nasibpe umat niki..? Gusti Allah dawuh, ''MUSA SHOLATO AWAKMU BOLAK BALIK TETEB ORA TAK WEI UDAN'' ,loh wonten nopo gusti...? , ''UMATMU ORA RUKUN,UMATMU SEK SENENG NGRASANI KANCANE ,JANJI UMATMU KO GAK RUKUN JIK SENENG RASAN-RASAN SHOLATO BOLAK BALIK AWAKMU ORA TAK WEI UDAN'' , akhire nabi musa matur. ''Ya Allah sinten umat kulo seng seneng ngrasani niku, kulo pingin semerep kulo cekele kulo kapokne,Gusti Allah dawuh .''MUSA OJO NGUNU,AKU YO NGERTI SOPO SENG TUKANG NGRASANI,TAPI AWAKMU ORA TAK KANDANI,LEK AKU KONDO AWAKMU ,AKU LAK NGRASANI WONG AKU MOH NGUNU KUI''. Gusti Allah niku apik an,nyegah rasan-rasan gusti Allah kiambak njih boten rasan-rasan, seje karo wong...!! iso nuturi ora biso nglakoni,ngongkon-ngonkon rukun tapi ora rukun dewe,malah ono wong iku pinter narik i urunan tapi ora urun dewe.
Akhire nabi musa bingung,'' Ya Allah menawi mekaten mangke lek boten jawah-jawah, ''MUSA OJO BINGUNG ,UMATMU DANG KLUMPUKNO KONGKONEN RUKUN GELEM JALUK SEPURO,JANJI UMATMU GELEM RUKUN GENTEN JALUK SEPURO ORA USAH SHOLAT ISTISQO TAK WENEHI UDAN AWAKMU''. Akhire di kompak umate nabi musa dikon genti jaluk sepuro rukun boten suwe di paringi jawah kalih gusti Allah. La niki insya Allah wong umah-umah ko gelem rukun gelek udan Wehehe


 Bismillahirahmanirahim...

=> Dawuhe kanjeng nabi : ''Bejo yen ono wong siji iso jogo lesan , Ombho umahe , Iso nangis sebab eiling salahe''
1. Jogo lesan : Lesan iku ciut, akeh keluarga beranten mergo lesan ugi akeh keluargo rukun njih mergo lesan,Mulane kanjeng nabi dawuh,'' lesan iku asu seng galak ,mulo kekeren seng apik'' ngomong sak ngomong kudu seng ati-ati. syukur-syukur wong wadon iku boso kalih tiang jaler, sebab wong boso iku ora iso padu ,pun sering kulo conto aken lek wong boso iku ora iso padu, umpamane
''WONG LANANG DINO-DINO KOK KLUYURAN WAE ORA TAU MULIH''
cobi pajenengan basak ne
''PIANTUN KAKUNG DINTEN-DINTEN KO TINDAK AN MAWON BOTEN NATE KUNDUR'' lho kan malih koyo ketoprak......

- Wong iku lek jik rumongso dadi wong mukmin percoyo nang Allah kalih dino kiamat umungo seng apik,lek g iso ngomong seng apik meneng ngo (meneng iku slamet) mulane ono wong slamet goro-gorone meneng iku zo ono:
Panjenengan mungkin njih sampun sumerep crito niki,
Biyen iku ono rojo kepaten mentri siji,akhire rojo mau kudu ngangkat mentri anyar,rojo mau buka pendaftaran seng daftar kuatah, bareng di seleksi kantun wong 3,di seleksi malih kantun wong 3 nilai podo, di seleksi maleh bijine wong 3 njih podo malih,rojo mau kentek an pertanyaan,Akhire di awur kalih rojo mau wong 3 dilebokno kamar trus rojone mlebu nang kamar,Akhire rojo mau ngentut, bareng rojo ngentut wong telu iku mau di takoni kabeh. Seng pertama, AYO RENE GAK KRUNGU ENTUTKU , njih mireng rojo , AKU TAKOK ENTUTKU BASIN OPO WANGI...? , Bingung arep tak arani basin entute rojo ko basin,arep tak arani wangi entut ko wangi, Saking kepingine di angkat dadi mentri ngrayu rojo, Alahamdulillah rojo nembe niki kulo sumerap wonten entut suae ,wangi entute jenengan. Rajane guyu ENTUTKU WANGI , njih rojo , AWAKMU ORA ISO DADI MENTRI METU, lakok saget ,BUJUK I WONG ENTUT KO WANGI ,AYO METU PINTER MU PINTER MEDENI WONG''

- Banjur seng nomer 2. ''AYO RENE ,GAK KRUNGU ENTUTKU..?'' , njih mireng rojo , AKU TAKOK BASIN OPO WANGI..? , Bingung......!!!!! Tak arani wangi kliru tak arani basin mengko gek kepiye..? , e bok menowo rojo iki butuh mentri seng jujur aku tak umung opo anane. ''Ngapunten rojo pun gelo njih..'' , ORA , ENTUTKU BASIN PO WANGI DANG DI JAWAB, ''ngapunten entute jenengan buasin'' , Rojone guyu , ENTUTKU BASIN , ''njih'' AWAKMU ORA ISO DADI MENTRI , loh wonten nopo...? , BONGKAR RAHASIA ...METU......La kari setunggal niki wonge mruntus kringete sak jagung-jagung atine gembrudhuk campur bingung '' iki tak umungne wangi opo basin opo sedengan'' , AYO MRENE ,GAK KRUNGU ENTUTKU...? ,njih kepireng rojo , PIYE BASIN OPO WANGI...? , meneng wae ....BASIN OPO WANGI , ngapunten rojo . ONO OPO , kulo pilek rojo , PILEK , Injih rojo , PILEK...DADI MENTRI......wehehe

2. Ombho umahe :
Apik-apik e umah yoiku umah seng ombho,elek elek e umah iku umah seng ciut , Mulane kapan-kapan lek jenengan bangun umah bangunen seng ombho sak amba-ambane tanahe ciut yowes ,tanah ciut ora masalah seng penting umahe ombho, La umah ombho niku nopo...? Umah ombho iku ''KELUARGA RUKUN'' ,keluarga iku lek rukun umah ciut dadi ombho tapi lek gak rukun omah ombho dadi sempit, Conto :
Balene morotuwo iku ombho tapi morotuwo karo mantu kok gak rukun sesek (sempit) , Ono morotuwo enak-enak lungguh kursi karo rokok an jedal jedul mantune teko dulan, lagek anguk-anguk nang ngarep lawang jegegak balik, di takok i karo kancane, nyapo kang ko balik...? jarene ''anu musuhku rung turu.
Dipan niku ombho, tapi wong lanang karo wong wadon ko g rukun dadi ciut, Jare seng lanang ''RONDOK RONO'' jare seng wedok ''Nyapo yo sampean kuwi rondok rono'' Akhire turune nang pinggir-pinggir mergo ora rukun, tapi lek rukun dipan cuilik iku kamot di gawe wong 2, carane piye ? siji nang ngisor siji nang duwur. Wong iku lek rukun ora kentek an akal.

-Kabeh wong iku kepingin rukun ,tapi ora kabeh wong iso rukun, sebab nyapo ko ora rukun..? Kulo jenengan niku gadah penyakit gawan bayi seng angel warase,yoiku : Tawar karo elek e dewe nanging ora tawar karo elek e wong liyo, elek o koyo opo lek elek e dewe sedengan tapi lek elek e wong liyo sitik sampun ketingal ageng,sahinggo sak kecut2 te kelek lek kelek e dewe sedengan
Mulane akeh wong lanang iku ngamuk nang wong wadon koyo-koyo seng salah seng wadon ,padahal seng lanang dewe gatel ati, swalik e njih ngoten,
seng nomer kalih wateg kulo jenengan pingin di apik i tapi ora pati gelem ngapik i, Mulane ojo kepingin di apik i bojo, tapi kepingino ngapik i bojo mengko nasibmu di urusi kalih gusti Allah, Wong lanang terus di tulungi gusti Allah yen wong lanang iku mau nulungi wong wadon, swalik e njih ngoten.

3. Iso nangis sebab eiling salahe :
Poro pemaos ingkang minulyo , Wong salah niku elek, tapi luwih elek maneh wong salah seng ora gelem ngakoni salahe (tambah nemen elek e),La manungso niku panggonane salah,mulane lek kepingin duwe bojo seng ora duwe salah ojo rabi wong,golek liane wong.pingin duwe mantu seng ora duwe salah ojo golek mantu wong, pingin duwe mertuwo seng ora duwe salah ojo golek mertuo wong, Pingin duwe konco seng ora duwe salah ojo konconan wong,dang urip dewe nang tengah alas kunu clula clulu lingak linguk koyo.......?
Sahinggo saben dino senen kalih dino kemis gusti Allah dawuh dateng malaikat : '' Hey malaikat seksenono wong mukmin-mukmin dusane tak sepuro kabeh kejobo wong mukmin seng duwe gelo nang wong liyane durung iso nyepuro'' .
Mulane ko ono wong di jaluk i sepuro angel,iku podho karo ngelumpukno dusane dewe (nguwet-nguwet dusane dewe) ,tapi lek ono wong ko gampang nyepuro podo karo nyepetno ilange dusane dewe.
Sampun mugi-mugi saget manfaati kagem kulo khususe lan kagem panjenengan sedoyo umume amiiin Lan mugi mugi keluarga kulo lan panjenengan sedoyo saget dados keluarga ingkang bahagia keluarga ingkang SAMARABA (Sakinah Mawaddah Rahmah lan Barokah) Amiiin Allahuma Amiiiin

Di pendet saking mauidhoh Kh, saerozi lamongan

Kamis, 02 Mei 2013

TAK GENDONG

TAK GENDONG KEMANA MANA.......

Opo rupane seng kudu di gendong kemana...kemana.....?

Ora ono liyo kejobo Mung AGOMO

Agomo niku kedah di gendong kemana mana ,wonten sedengah wektu sedengah panggonan , sebab katah tiang niku beto agomo ne gon-gonan, 
nang mesjid kyusuk , wiritane nganti medhotne tasbih , tapi bareng metu tekan masjid maksiat maneh ....
Pas ngrungokne pengajian anteng teko ngumah lali polah maneh lan liyo liyane....

Opo perlune Gendong agomo kemana-kemana . Solae seng ngatur urip niku AGOMO, Seng bedakno endi seng halal lan endi seng harom, endi seng oleh lan endi seng g oleh , endi perintah endi larangan 

Mulo yen Agomo wes di gowo kemana-mana akhire yo
ENAK TO ,,,,, NYAMAN TO ,,,,, MANTEP TO WEKEKEKEKEKEK....Huuzzzttttt ......

Eiling elingo....
Wong urip sing tansah eling lan waspodho

ngrasuk agomo Islam sing mesti
ngamalake Al Quran tuntunan suci

Poro sedulur Islam kabeh kang minulyo
Mangertenono wektu urip jo sio-sio
ilmune donyo siro ajaro ilmu agomo luwih prayogo

La ila ha illallah
Muhammadur rosulullah

kwalik karo dalil

Perintahe ngulon ,mlakune ngetan, ngoten kiro-kiro seng sering dipun praktek ne kebanyakan tiang . kuwalik lek ngempakne dalil
Conto :
Kanjeng Nabi dawuh : Shodakoh iku keno di gawe tolak balak

monggo kito angen-angen ayat niki. SHODAKOH TOLAK BALAK , Shodakohe riyen baru tolak balak e,
Tapi rotho-rotho niku praktek ke kuwalik ,Lek wes keno balak lagi shodakoh.

Seng di anjurno ken luman ken sodakoh niku boten tiang sugih mawon , soale seng kepingin mlebu suargo dudu wong sugih tok, seng kepingin slamet saking balak dudu wong sugih tok, Berarti lek ngoten seng di anjurno luman sodakoh niku sedoyo , Namung wujudte nopo sepiro gedhene sak piro akehe iku gumantung kemampuane dhewe-dhewe.

Conto malih: Sodaqoh o mulo ben tambah sugih.
Kebanyakan tiang niku ,Aku mengko lek sugih baru sodaqoh, njih nopo boten....?

-Pun sering kulo aturaken : Gambarane wong seng nginfakno rejeki iku koyo wong nandur winih siji tukule pitung wuli ,tiap tiap sak wuli isine satus, dadine shodakoh siji di wales kalih gusti Allah pitung atus

Hikmah lan manfaate sak lintune sedekah injih meniko ,
-Saget ngresik i bondho ,
-Saget nglebur duso,
-Nyenengno tonggo (seng nompho) ,
-Berkah (rejekine mesti tambah)
-Niku sampun keputusane gusti Allah

Lakune urip mbok yo sing narimo
Ojo tansah mikir yen urip sengsoro
Mikirke bondho senenge ndunyo
Iku kabeh mati ora bakal di gowo

Dadi wong urip mbok ora usah ngoyo
Percoyo lan nrimo opo sing di garisno
Opo sing digarisno kabeh iku lakonono
Ojo lali nyuwun maring kang moho Mulyo

Jo nggresulo yen sira durung mulyo
Syukurono lan siro kudu narimo
Apa anane sira kudu lego lilo
Sing penting ndungo lan tansah upoyo

Yen wong urip iku kudu narimo
Wong urip iku kudu percoyo
Bejo ciloko wis ono sing nakdirno
Gusti kang Kuasa iku sing nemtok no

Malaikat jibril kepingin dadi wong

Bismillahirahmanirahim...

Poro pemaos ingkang minulyo ,niki wonten khabar saking kanjeng Nabi MUHAMAD SAW, Kabare malaikat jibril niku kepingin dadi wong , panjenengan sampun sumerep kabar niki nopo dereng..? ,pancene gih rodhok ngeget-ngegeti,tibak e malaikat jibril niku wes suwe lek kepingin dadi wong,padahal dek wingenane niku ono wong seng kepingin dados malaikat, . Mulyo pundo to sak jane manungso niku kalih malaikat...?

Manungso kalih malaikat niku umpami derajat tuebeh,tasik mulyo manungso,sebab manungso iku turunane nabi adam a.s .Nabi Adam niku rajane malaikat,pramilo malaikat niku angsal perda (aturan) sujud dateng nabi Adam,kulo panjenengan niku tasik turunane rajane malaikat ,njih lumayan ,mulane malaikat niku lek kalih kito niki rodhok sungkan

Poro pemaos ingkang minulyo,Gusti Allah niku damel dunyo sak isine boten damel malaikat,tapi damelaken menungso, mulane manungso iku oleh julukan ''MANUNGSO IKU KELUARGANE ALLAH'' ,Bener makluk e gusti Allah,saking senenge gusti Allah niku nang menungso sampek menungso di anggep koyo keluargane dewe,conto Ibaratte kito niku ora sanak ora kadang lek karo wong liyo cocok dadi dulur , senajan dulur kandung lek gak cocok dadi wong liyo, mulane kito sering mireng dawuh ngoten kudu ati-ati kalih tiang, Jenengan ko wani nyusahno tiang urusan kalih gusti Allah,tiange boten bales Allah seng bales,kulo jenengan niku ko alok tiang ten batin mawon ''Sopo wonge seng alok wong ora sampek nang lesan ten batin mawon,tiang niku boten mati-mati yen durung nglakoni disek'' ,opo maneh sapek mrucut nganti omong.

Panjenengan ko nyenengno tiang njih urusan kalih Gusti Allah, tiange e boten saget bales ,Allah seng bales,niki kulo jenengan sering kepireng,seng sopo wonge welas di welasi,sopo wonge seneng tulung di tulungi. Yen ono wong nakal koyo opo ojo ngasi di gelakno,ojo sampek di lok no,wong kulo jenengan niku njih boten semerep sepiro nakale tiang niku/ apik e sepiro .
Tiang apik kalih tiang elek niku asline ora pati bedo, Wong apik iku yo tau elek, wong elek iku yo tau apik,cuma wong apik iku apik e kalih elek e tasih katah apik e,lek wong elek iku apik e kalih elek e tasik katah elek e,yo tau apik,mulo tiang sae utawi tiang elek niku tasiik keluargane gusti Allah

Gusti Allah damel langit bumi niku njih damelaken menungso, Gusti Allah damel malaikat niku njih damelne menungso kagem ngurusi kebutuhane menungso,sampek menungso iku sampun mlebet suargo tasik ngurusi kebutuhane menungso,mulane malaikat jibril bareng ngerti ngoten niku kepingin dadi menungso,yo cuma kepingin thok tapi ora wani protes

Gusti Allah damel suargo niku njih damelaken menungso,la seng ngurusi suargo niku malaikat ridwan, ngeten niki suargo tasik rame di garap,suargo iku tanah kosong ,kaplingan kosong , Kanjeng nabi pas isro' mi'roj surve-surve ningali suargo bareng niku pas tindak ono umah uapik di garap tukang, la tukange niku njih malaikat, malaikate ewon (ribuan), lajeng kanjeng nabi tangklet kalih malaikat , ''KOK WONTEN GRIYO SUAE NIKU SINTEN SENG BANGUN'' ,niku seng bangun anak buahe malaikat ridwan jawabpe malaikat mau ,''LA KANGGO SINTEN'' , njih kagem umate panjenengan , ''LA KO UAGENG SANGET MALAIKAT'' , njih niku tasek saget luwih uageng malih ,niku dereng dados,. Lajeng kanjeng nabi nerusaken perjalanan ningali daerah-daerah lintu ten suargo, bareng wangsul liwat mriku malih, tibak e tukang seng ribuan niku wau buyar ,kanjeng nabi njih kaget,lajeng tangklet malih kalih malaikat jibril,''LAKOK BUYAR TUKANGE NOPO MATRIYALE TELAS'', boten , ''NOPO RODOK PAYAH'', boten ,''LAKOK ISTIRAHAT'', njih ngoten niku kanjeng nabi, lek umate jenengan niku ko ibadahe sregep kenceng ten mriki njih rame di garap, tapi lek tiange pas nganggur njih buyar ngeten niki,pokok e tergantung tiange.


  La sa'iniki gusti Allah damel neroko niku njih gawekno menungso,sak niki pun dadi. menungso rotho-rotho niku butuh neroko,neroko niku penting,Gusti Allah niku boten nate damel barang seng boten penting,sedoyo penting.Gusti Allah damel neroko gawekno manungso iku di gawe opo...? Ngeten poro pemaos sedoyo ,kulo jenengan niku rotho-rotho kepingin mlebu suargo,njih nopo boten,,? mugo-mugo saget keturutan Amiiin....,
Kulo jenengan niku lek sios mlebet suargo wonten aturane,Wong iku iso mlebu suargo lek resik,ora gembol duso (resik ora gowo duso), Mati ko tasik gembol duso ora biso mlebu suargo,tapi beto kartu suargo,soale matine beto iman,tapi ora oleh mlebu,kudu di proses di resik i dusane ,di obong dusane ben ilang.

Menungso iku koyo emas campur logam liyo, emas lek campur logam liyo lek kepingin balik emas murni kudu di obong disek, Dadine wong mukmin di lebokno neroko iku ora di sekso tapi muk di resik i dusane, tapi yo kemeng,mbeluk,dledek barang ngounu,Soale lek boten ngoten ora iso nang suargo,Mulane pesene Kanjeng Nabi : ''Lek awakmu ora kuat seksone neroko ,ora usah nglakoni duso'' ,lek kuat yo ora opo-opo pingin pengalaman mengko iso crito-crito kancane wehehe

Mulo saking meniko lek boten wonten neroko boten saget mlebet suargo :''Wonten kyai mastani , Duso iku lek jik nang dunyo koyo semen cor-coran sek teles,lek wes nang akhirat koyo semen cor-coran wes garing''. semen lek jik teles niku di guyang banyu pun ilang/resik (duso lek tasik ten dunyo di tobati resik dusane), Tapi lek mati sek katutan duso ,iku koyo semen cor seng wes garing,yo ora keno di guyang banyu,di tutuk i,di cukitti,di cukili (Asline niku seng nyekso kito, njih kito dewe)

=> Poro pemaos ingkang minulyo, Gusti Allah niku sueneng kalih menungso, saking senenge manungso nganti boten faham,kulo jenengan siyen urip ten wetenge ibu,sepi peteng ora ono listrik,kulo jenengan njih nedo,seng di tedo getih haid,mulane wong wadon iku lek meteng boten haid,ten mriku siyen njih pun cukup boten kepingin nopo-nopo,Tapi Allah saking senenge nang menungso niku tasih kagungan progam,Manungso amprihe ora urip ijen ono kancane ,panganane ben ganti ruh rasane sego,buah pokok e nopo mawon babakan seng ten dunyo seng ten jero weteng boten enten,Banjur kalih gusti Allah di pekso kon metu ken pindah ten alam seng luwih ombho yoiku dunyo,kulo jenengan siyen njih boten setuju di lahirno nang dunyo isih enak nang weteng,mulane rotho-rotho bayi lahir niku nangis,gak faham,gak setuju,bareng wes pirang jam lagi meneng kaget ,tibak e nang dunyo luwih ombo,luwih rame kancane tambah akeh,la mangke rodhok gedhe jajane reno-reno,kancane nyelot akeh,seng lanang ruh rasane rabi,la seng wadon yo ruh rasane di rabeni (NIKU PROGAME GUSTI ALLAH)

Ten dunyo niku bener enak nanging enak e boten sempurno,enak seng campur gak enak,mulo nang dunyo iku lek kepingin enak kudu duyan ora enak,uenak thok di terusno akhire yo tambah ora enak,mulane akeh wong loro mergo kakean mangan enak,enak e nang dunyo iku modele ora terus (la niki seng rodok ngangeni ten mriki), enak mung kawitane sui-sui ora pati enak trus ora enak ,nang dunyo iku ngunu lagune, kulo jenengan siyen jik cilik lapo-lapo enak,jik nom turu yo enak,mulai rodok tuo mulai kudu rapatek penak bareng wes tuwo nyapo-nyapo ora enak

La niki ono Alam isine niku enak thok,enak e niku modele mundak-mundak tambah-tambah niku ten akhirat nang suargo,mangan opo-opo iku tambah enak tambah enak ora ono kata-kata bosen,la niku wontene ten akhirat,mulane panjenengan ampun kaget,Niki rencanane panjenengan arepe di pateni,la nyapo ko di pateni...? njih Soale arep di sempurnakno kenikmatane....

Kanjeng nabi dawuh: mati iku jajane wong mukmin,dadine wong mukmin iku ko mati marani jajan,jajane nang dunyo ora ono ,anane nang akhirat,akhire barange ora di gowo nang dunyo wonge seng di terno nang akhirat,mulo mati iku sempurnane kenikmatan.

''Kito niki jenis makluk seng abadi,boten enten mati,cuma di leh di pindah alame''

Wonten dawuh malih saking kanjeng nabi : ''Urip iku nikmat kanggone wong mukmin (wong sholeh), wong mukmin ko urip iku podo karo bendino budal nang suargo,bareng mati buka lawange suargo'',
Lalek kanggone wong seng nakal (kafir) Nauzdubilahimindali' urip iku musibah, mergo nopo...? Wong nakal (kafir) iku bendino budal nang neroko,bareng mati buka lawange neroko.

Panjenengan mungkin angen-angen. wong mukmin budal nang suargo la wong nakal (kafir) budal nang neroko tapi kadang-kadang uripe niku ko penak wong nakal (kafir), Ngoten niku pun biasa poro pemaos sedoyo uripe penak wong nakal (kafir) :
Contone ngeten : ono wong iku arep loro (sakit) di model penak disek, ono wong di tumpakno mobil istimewa,mewah,sopire khusus,di kawal pejabat-pejabat tibak e di terno nang penjara wehehe


 Nang alam kubur iku asline durung ono suargo durung ono neroko,tapi lek kanggone wong apik kuburan iku wes dadi tamane suargo,dadine durung mlebu suargo isih ono tamane,La seng ngemong niku malaikat surur,niku mangke seng ngladeni kulo jenengan ono alam kubur,durung mlebu suargo tapi wes menikmati jajane suargo.
Seng nakal-nakal niku ten kuburan njih dereng enten acara neroko,tapi kuburane iku dadi jurange neroko nanging durung mlebu neroko tasik ten got-gote neroko,yowes di kirimi sekso neroko nanging durung di lebokno,yo palu tapi ora akeh siji loro,yo di kirimi kolojengking barang ngoten,tapi cilik-cilik an pokok angger iso ngentub.

Poro pemaos ingkang minulyo,kulo jenengan ko sampek ten alam barzah keleresan kanti kawelasane Allah ko mlebu ono ing tamane suargo weruh panganan dunyo iku ''JIJIK'', ora kolu panjenengan ningali panganan dunyo saking enak e panganan nok alam barzah,podo karo jenengan siyen ten dunyo ,pas nok jero wetenge ibu panganane getih haid,boso nang dunyo panganane macem-macem weruh getih haid yo jijik,padahal getih haid mbiyen ngunu panganan faforit nang jero weteng sak niki menjijik kan,La sok ben ten alam barzah weruh panganan dunyo njih jijik.

La nopo ketok dunyo....? njih ketok....kulo jenengan siyen ten wetenge ibu,weteng iku alam dhohir nyawang dunyo alam gaib,dadose kanggone kulo jenengan siyen pas ono ing wetenge ibu dunyo iku alam gaib,bareng kulo jenengan niku sampun ten dunyo dudu alam ghoib tapi alam nyata,sementara alam barzah tasik alam ghoib ,benjeng jenengan lek pun mati sampun sanes alam ghoib maleh tapi alam nyata,njih ketingal dunyo,dadose luwih urip,pandangane luwih tajem,pendengarane luwih tajem, Mulane pesene kanjeng nabi :lek tindak-tindak kepethuk kuburan niku di kengken uluk salam,ngoten niku sedoyo jawab kabeh,lan boten usah banter-banter malah makruh, biasa mawon pun mireng, njih semerep jenengan lek sak derenge pun kenal njih kenal ,lek sak derenge boten kenal njih boten kenal cuma yo ngerti lek jenengan niku wong.

Poro pemaos ingkang minulyo,Dunyo iku asline batang, Kanjeng nabi nate tindak-tindak kalih sahabat,ono batang cemphe (anak wedus) kleleran nok pinggir dalan batang anyaran,niku kupinge di cengkiwing kalih kanjeng nabi banjur matur ''NGENE IKI LO DUNYO BATANG'' ,mulane ko nang dunyo ono wong rebutan bondo dunyo niku asline rebutan batang,La ora ono seng seneng rebutan batang kecuali asu,sahinggo panjenengan tingali wong iku lek seneng oyok-oyok a bondo dunyo rupane iso rodok koyo asu ,mecucu-mecucu ngunu. Kulo jenengan niku di kengken ngarani dunyo niku batang njih angel (wong segere ngene ko batang),mangke sagete kulo jenengan lek sampun ten alam barzah

Kalimat Tasbih

ONO KALIMAT LORO YEN DI WOCO NANG LESAN ENTHENG (gampang) 
TAPI BESOK YEN DI TIMBANG GANJARANE ABOT

Kalimat kalih seng enteng di ucapne tapi abot timbangane besok 
Pangapurane (rahmate) gusti Allah iku luwih gedhe di banding dusane manungso.

Dipun cerita'aken zaman rumiyen niku wonten setunggale shahabat sowan dateng kanjeng Nabi, sohabat niku matur .
''Ya RosulAllah duso kulo niku katah/gedhe banget ,kulo niki isine namung nglakoni maksiat tok ten gene gusti Allah,pripun kersane duso kulo niki di ngapuro kalih Gusti ALLAH''. Kanjeng Nabi banjur takon ten sohabat , ''Dosamu lek di banding ne karo langit gedhe ndi ? di banding ne aras' e Gusti Allah gedhe ndi ?.
Jawabpe sohabat ''Duso-duso kulo tasih luwih gedhe di banding sedoyo niku wau ya rosul..''. Banjur kanjeng Nabi matur malih ..''Dusamu lek di banding no karo Pangapurane (rahmat) Gusti Allah gedhe ndi..?'' Jawabpe sohabat .''Dusane menungso lek di banding ne kalih rahmate Gusti Allah tasik luwih gedhe rahmate gusti ALLAH.

Akhire sohabat kolowau di paringi solusi kaleh kanjeng Nabi.
''Yowes dusamu seng gedhe koyo ngunu supoyo di sepuro karo gusti Allah ayo melu jihat (perang) supoyo dusane di sepuro''. Di kengken jihad sohabat mau malah matur ,''Ya rosulullah kulo niki tiang seng jereh (wedian) ko di kengken jihad, lawong medal dalu kiambak mawon kulo niki boten wani opo maneh kok di kengken tumut perang''

Akhire di paringi malih solusi kalih kanjeng nabi . ''lek sampean jihad ora wani lakono poso ,supoyo dusamu di sepuro karo Allah'' banjur sohabat jawab malih ,'' Ya rosul demi Allah kulo niki maem roti setunggal mawon boten wareg,kulo niki boten betah ngelih (luwe) lek di kengken poso''

Banjur kanjeng nabi maringi solusi malih , ''Yowes lek sampean poso ora kuat lek bengi tangi sholat supoyo ben di sepuro dusane deneng Gusti Allah'' Sohabat mau jawab malih , ''Ngapuntene ya rosul, kulo niki lek dalu boten saget tangi, lawong subuh mawon kulo lek boten di gugah boten saget tangi''.

Sak sampunipun ngoten kanjeng Nabi guyu ( nganti untune ketingal ), Sebab sohabat mau dugi ngomong jarene dusane akeh/gedhe pingin di sepuro dusane kalih Gusti Allah di paringi solusi kon jihad jarene wedi,kon poso gak betah luwe,kon sholat wengi ora iso tangi,
Akhire di paringi solusi seng terakhir kalih kanjeng Nabi, ''Yowes lek sampean ora kuat/sanggup kabeh ,sampean ngucapo kalimat loro (2) seng enteng (gampang) di ucapne tapi abot timbangane lan di senengi karo gusti Allah,kalimat loro niku opo rupane ..? YOIKU

سُبْحَانَ اللّهِ وَ بِحَمْدِهِ
سُبْحَانَ اللّهِ الْعَظِيمِ

Carane minyingkapi kawontenan (kahanan)



Yen ono wong oleh bencono (musibah) sikap kito dospundi ...?

=> Kudu melu prihatin , yen ono konco ,dulur,keluargo,tonggo oleh musibah melu prihatin , di EMPET ojo pisan-pisan nyukurno.
Biasane yen ono wong di tuturi ora keno trus wong iku keno musibah trus nyukurno . ''SUOKOR KAPOKMU KAPAN.....!!!
!!!'' , biasane kan wonten muni ngunu, ojo ngasi muni ngunu seng bener niku kito kedah melu prihatin.

Swalik e menowo ko wonten konco,tonggo ,dulur oleh nikmat, kito di kengken melu seneng, manfaat melu seneng niku saget nyeneng ne atine dewe,sebab wong urip niku kepingine seneng, la lek kepigin seneng carane nyenengne ati niku katah sanget salah swujine lek ono dulur ,konco,tonggo oleh nikmat melu seneng,lan manfaate seng nomer kalih insya Allah angsal keloberan barokahe.

La rotho-rotho sikape tiang niku swalik e, konco ,tonggo,dulur oleh nikmat ora melu seneng tapi malah iri, Wong iri iku seng loro dudu wong seng di ireni tapi seng loro seng iri iku dewe...

=> Ingkang sak lajenge niki khusus kagem kito kiambak yakni ;
SYUKUR TATKOLO KENO MUSIBAH

Ing jerone musibah kang di tompho awak e dewe seng sekirane sedih,duka ,lara ,perih lan nyikso rasane,kito kedah nyelipne piro-piro perkoro roso syukur dateng gusti Allah.

1. Syukur ,musibah niki boten parah, amargi tasik wonten musibah ingkang di tampi kalih tiang lintu tambah luwih parah lan sengsoro

2. Syukur, musibah iku dudu babakan hal agomo kito, misale dadi kafir seng dadek ake siksane ono ing akhirat benjang

3. Syukur , Musibah nang dunyo iku lantaran biso ngenteng ne sekso ono ing akherat besok, musibah lan penyakit iku biasane di sebabne kerono polah tingkahe awak e dewe, la seksane akhirat iku luwih soro tinimbang ono ing dunyo,mulo syukur yen seksane di paring ne ono ing dunyo

4. Saben-saben musibah iku tekdir saking Allah , Syukur anane wes keno musibah paling enggak musibah sampun kito lampahi ,dadine nyelot sudo (umpomo musibahe x4,wes di lakoni berarti jik x3) sudo

5. Lantaran keno musibah kito saget angsal ganjaran yen kito saget nrimo lan sabar

Mungkin dulur-dulur wonten ingkang nambahi monggo ==>

Pesene Kanjeng Nabi

Bismillahirahmanirahim

Kanjeng nabi pesen ono wong 5 seng kudu kito apik i
Wong 5 yaiku:
1. ULAMAK :
(Seng sopo ngremehno ulamak niku ngrusak agomo)

Poro pemaos ingkang minulyo, ulama' niku kedah kito mulyak aken, seng sopo wonge mulyak no ulama' podho karo mulyak no Allah lan kanjeng nabi,
Salah siji ne conto nabi dawuh : ''SHOLATO AWAKMU KOYO WERUH AKU SHOLAT'' , Kulo panjenengan niku di kengken sholat koyo sholate kanjeng nabi, lalek ngoten tenan ora ono seng iso solat kejobo seng weruh kanjeng nabi,kulo panjenengan niku boten menangi,tapi kito niki ko bendino solat derek sinten..? derek kanjeng nabi kapan ketemu , derek al-qur'an jus pinten seng bahas sholat dhuhur 4 rokaat,subuh 2 rokaat. La trus kito derek sinten...? njih teteb derek kanjeng nabi tapi ono seng ngeterno ilmu ,sopo rumpane yoiku ULAMA',
Ilmu iku kok umpomo banyu : Gusti Allah niku sumberre ,kanjeng nabi iku kumpone (sanyo),la ulama' niku paralone (pipo) ,paralon iku ketok e ora lapo-lapo glimbang glimbung nang dalan tapi iku nyambut gawe ngeterno banyu,la kulo panjenengan niku ko ngremehno paralon siap-siap ora uman banyu...

2. PEMERINTAH:
(Seng sopo ngremehno pemerintah ngrusak dunyo)

Pemerintah apik yo di apik i,pemerintah elek yo di paik i, la ko di apik i..? NJIH carane di eilingno,tapi ojo wong akeh rame-rame (grudhuk kan) iku arane isin-isin,yo cukup wong siji loro seng sekirane pantes kon ngelik no, di eiling no ko ora kenek di dungakno,di kandakno nang ALLAH mangke kersane di garab kaleh Gusti Allah.
Zaman biyen iku ono pemimpin seng dzolim namine FIR'AUN, fIr'aun niku nemen dzolime, tapi senajan koyo ngunu Nabi MUSA as di pesen ngomong sak ngomong kon seng alus nang fir'aun, sebab fir'aun niku pemimpin la pemimpin niku pernah tuwo rakyat niku pernah nom,di apak-apak no bedho

3. TONGGO :
(Seng sopo ngremehno tonggo ngrusak kemaslakhatane tonggo)

Tonggo apik di apik i,tonggo elek di apik i,Soale tonggo iku pentinge ngungkuli sanak,ono omah kobongan seng nulungi disek tonggo,ono wong sakit seng ngerti disek tonggo,ono wong mati yo seng ngrumat disek tonggo.mulane ''PAGER MANGKOK IKU LUWIH KUAT TINIMBANG PAGER TEMBOK'', Opo artine pager mangkok...? yoiku ater-ater ,lek masak rodhok enak tanggane di terr-i.
Panjenengan kepingin terkenal APIK, GAMPANG => Apik ono tonggo cedak mu,mengko lak apik e jenengan umum teko pundi-pundi, panjenengan pingin terkenal ELEK , GAMPANG => elek ono tonggo terdekatmu, mengko lek rotho elek e jenengan,sebab seng paling tlaten etrek-etrek elek e panjenengan niku dudu wong liyo tapi tonggo.

4. FAMILY :
Seng sopo wonge ngremehne family ngrusak kerukunan family

Silaturahmi nyambung sanak iku wajib, Gusti Allah janji sopo wonge seng sambung sanak, sambung karo Allah,pedhot sanak ,pedhot karo Allah.
Ono wong ahli wirit,ahli poso,ahli ibadah tapi ko karo dulure ora rukun,GUWAK ibadahe,mergo kalih Allah putus hubungane,mulane ojo sampek gak rukun karo dulure,dulur niku kirimane gusti Allah kulo panjenengan niku boten saget milih.

5. BOJO :
(Seng sopo ngremehno bojo ngrusak ekonomi)

Bojo apik di apik i,bojo elek di apik i, bojo wes apik ko di apik i,NJIH bojo apik iku durung di apik i wae wes apik dah neo dang di apik i maneh.
La bojo elek ko di apik i , NJIH bojo elek iku durung di elek i wes elek dah neo tambah di elek i ora nurokno wong , Wong lanang iku iso AKAS,CERDAS iku tergantung wong wadon,janji lek wong wadon iso nyenengno atine wong lanang ,wong lanang iku iso Akas cerdas lan liyo liane ,syukur-syukur wong wadon iku BOSO kalih tiang jaler,,,sebab wong lek boso iku ora iso PADU,,,,
conto : ''WONG LANANG DINO-DINO KLUYURAN ORA TAU MULIH''
Cobi panjenengan basakne

''PIANTUN KAKUNG DINTEN-DINTEN KO TINDAK AN MAWON MBOTEN NATE KUNDUR'' Lho lak malih koyo ketoprak wehehe...

Ngapik i wong apik , ngapik i wong elek

Allahumasholli ala Muhamad.....

Poro pemaos ingkang minulyo ,
Gusti Allah niku ngirim Nabi ten alam dunyo boten sekedik, jumlahe niku 124 ewu ,ingkang dados rosul 313 ,seng wajib kito kenal niku 25 ,la kito niki angsal jatah nabi seng paling di sayangi Allah,paling di cintai Allah njih meniko nabi MUHAMAD SAW

Poro pemaos ingkang minulyo, gusti Allah niku kirim nabi damel nopo? damel didik umatipun supoyo dadi wong apik, la di gawe opo dadi wong apik iku? soale kenyakan uwong iku gak pati seneng apik tapi seneng enak, Allah kagungan rencana kulo panjenengan niki ajenge di lebokno suwargone Allah, la kulo panjenengan sedoyo di kengken dadi wong apik niku supoyo pantes mlebu suargo,suargo iku panggonan seng apik pantese di iseni wong apik,wong nakal lek di lebokno suargo niku saru, contone ono wong lanang cuilik,kuru dang loro-loroen trus diwei sabuk juara tinju ngoten niku lak yo saru,seng ngelungno yo saru seng nampano yo saru wong gowo sabuk wae mobat mabet.

Nabi-nabi niku sedoyo sae,tapi boten kados saene nabi kito Muhamad SAW , Nabi kito niku nabi seng paling berhasil wonten sepanjang masa,nabi kito niki nabi seng istimewa,nabi seng paling apik aqla'e, nabi seng iso ngapik i wong apik ,lan iso ngapik i wong elek,mulane nabi kito niku angsal rengking nomer setunggal trus angsal hadiah, seng nompho hadiahe njih kulo panjenengan sedoyo , nopo hadiahe...? Katah sanget , salah setunggalipun kito niki umat terakhir tapi mlebune suargo di disekno (Alhamdulillah)

Seng nomer kalih, kulo lan panjenengan niki lek pingin nglakoni apik ,tapi ko g iso nglakoni iku wes di tulis apik siji ,
Conto: Kepingin budal haji tapi ora duwe duwet , iku nek buku amale wes di tulis haji , nek wes iso haji pisan di tulis haji x10 (niki progam khusus umate kanjeng nabi) ,
-Umpomo kepingin nglakoni duso, contone pingin ngrasani wong tapi ko gak di lakoni (di empet) iku oleh ganjaran siji (oleh upahe ngempet) , trus umpomo pingin nglakoni duso di lakoni tenan ,niku boten langsung di tulis duso ,di enteni seprapatte dino yoiku 6jam,lek wes 6jam ko durung tobat lagi di tulis duso siji , tapi lek wes kadung di tulis trus tobat,iku di sepuro tapi tulisane ijik,di gawe kenang2 ngan,sok lek nyawang tulisan iku mau uisin senajan wes di sepuro

La nopo to apik e nabi kito niku?
Apik e nabi kito niku lek ono wong apik di apik i,ono wong elek di tuturi ,ora kenek di tuturi di dungakne di jalukne sepuro nang gusti Allah.
Lek nabi-nabi siyen boten, ono wong apik di apik i ,ono wong elek di tuturi, di tuturi or a kenek di dungakno mati,mulane akeh umat mati gara-garane nabine dhewe,
Conto : zaman nabi nuh ,ono banjir gedhe wong sak dunyo mati kabeh kejobo seng melu nabi nuh,la niku seng damel proposal njih nabi nuh dewe nang gusti Allah supoyo umate di pateni,keranten nopo? nabi nuh boten tego (ngesakno) ,sebab elek-elek e wong iku dowo umure elek kelakuane , nabi lut njih ngoten dungakne umate mati,
Ono nabi seng terkenal sabar,ngalah,di apak-apak no iku boten bales elek,sinten? yoiku nabi ISA a.s, tapi nabi isa teteb gak koyo nabi kito, nabi Isa niku di apak-apak no nrimo cuma nabi Isa niku boten kuat lek ono wong wadon wani karo wong lanang.
Lek enten wong wadon wani-wani nyeneni wong lanang nabi Isa iku boten kuat, lek kepethuk ngunu iku trus di dungakno mati kalih nabi Isa a.s.
Solae lek wong wadon ngremehno seng lanang wong wadon iku arep duwe turunan-turunan seng angel di kandani ora keno di tuturi soale turunane wong wani,la mumpung durung duwe keturunan akeh di dungakne mati

Tapi lek nabi kito MUHAMAD SAW niku lek wonten wong apik di apik i,wong elek di tuturi ,di tuturi ora di gatek no di dungakne di jalukne sepuro nang gusti Allah.

Poro pemaos ingkang minulyo, la benjang niku kito nopo saget kumpul kalih kanjeng nabi...? SAGET.....!!!!
Tapi syarate kulo lan panjenengan sedoyo kudu iso nerusno tindak lampahe kanjeng nabi termasuk NGAPIK I WONG APIK ,NGAPIK I WONG ELEK...


 Urip nang alam dunyo iku di kengken milih salah siji soko perkoro loro (2)

Yoiku : Urip kumpul wong , kalih Urip ora kumpul wong

- Poro pemaos ingkang minulyo , panjenengan kepingin urip dhewe monggo ,pingin urip kumpul wong njih monggo,

Coro slamette Urip ,enak urip dhewe ora kumpul wong , Sebab nopo...? duso-duso seng kito lakoni niku rotho-rotho sumbere di sebabno akibat kumpul wong, kumpul wong iku lek gak ati-ati nglumpukno duso, misal : gegeran , ngrasani lan sak pinunggalane niku sebab kumpul wong, ono ibadah wes IHKLAS iso buyar ihklase Goro-garane yo kumpul wong. Conto :
Ono masjid di bangun, trus panitia woro-woro jaluk sumbangan bantuan dana lan liyo liane,la pas ketepak an mesjidte niku cedak kalih umahe panjenengan,trus panjenengan derek nyumbang semen 50 ball, la trus panjenengan meneng boten ngomong-ngomong kalih wong,namung ngomnong kalih panitia wes LILLAHITA'ALA.
(Ibadah niku tanduran, la tanduran seng apik iku di pendem)

La pun sodakoh , enten tonggo ne panjenengan teko ngomong ,
''mbak yu...mbak yu sampean lak ngerti to ono mesjid di bangun,e....nyumbang-nyumbang lek zo apik,ra usah akeh-akeh ,ra ketang semen 1 sak lak wes lumayan,ojo mung meneng thok, dunyo bok klumpukno Arep di gae opo mati zo ora di gowo''
trus panjenengan meneng g omong-omong padahal wes sodakoh , soale lek crito ilang ganjarane lek meneng ganjarane tasik ,
panjenengan jawabpe '' Njih sampean dungakne mawon mugo-mugo aku dadi wong luman''
La tibak e tonggone panjenengan muni malih ,
''Loman iku gak usah dungo dang nyah-nyoh, medhit ko di terus-terusno arep dadi opo awakmu...?''
Mesti batine jenengan ,''iki crito ta gak....? bingung......akhire yo panggah MRUCUT , Wong lek crito ILANG ganjarane lek gak crito PANAS kupinge,,,,,zo brodhol crito panggahan.

Jejer wong lek ati-ati iku nglumpukno duso, mulane slamete urip iku ora kumpul wong, yo urip dhewe ,meneng ae trus mati-mati dewe

=> Senajan urip dhewe luwih slamet , Gusti ALLAH luwih seneng lek ono wong ijik seneng kumpul wong, saking senenge gusti ALLAH dawuh : '' Awakmu kok iso sabar kumpul wong sak jam ,ganjarane ngungkuli ibadahe wong seng urip dewe suwene 40tahun'' , lalek 2 jam 80thun , 3jam 120 thun, wes lumayan ,iku jenenge umur seng BAROKAH, La kulo panjenengan sedoyo niku lek kepingin umur seng barokah kudu sabar kumpul wong....
La opo seng di maksud sabar kumpul wong...? , sabar kumpul wong yoiku sabar ngapik i wong apik lan sabar ngapik i wong elek, lek pingin iso ngunu syaratte kudu dadi wong seng apik, la wong iku iso apik iso elek gumantung teko atine.
Lek atine apik obah sak obah yo apik , lek atine elek obah sak obah yo elek


 Wong iku koyo botol, lek nang jerone isine lengo wangi kapan-kapan bocor mambu wangi , lek nang jero botol isine batang kapan-kapan bocor mambu basin.
Wong iku lek ono jero atine apik, mrucute omong yo apik,swalik e wong iku lek elek mrucute omong yo elek.
Conto : wong lek apik ngarani wong ireng yo iso tapi ora mentholo .''Aku iki ireng yo mas..?'' sampean iku lek kuning wae ora tapi manis,
Tapi lek wong elek ngarani ireng dang ireng yo kurang marem, '' Mas aku iki ireng yo mas..?'' GAK ireng thok yo gosong sampean iku...

Wong iku lek apik ngarani wong pesek dang pesek yo iso, cuma ora mentholo, ''Aku iki pesek yo mas..?'' , Ah sopo ngarani pesek,lek bangir sih ora cuma suedep.
Tapi lek atine elek ngarane pesek dang pesek kurang marem . ''Aku iki pesek yo mas..?'' , Ora pesek tok sampean iku yo ambles....

Wong lek atine elek iku angel kumpul wong , wong lek atine apik nyono sak nyono wong yo apik, ono wong sugih yo di biji apik , ono wong mlarat yo di biji apik.
Conto : Etane umahmu ko sugih mas..? ''Sugeh de Uakas ko wonge ahli wirit yo pass'' ,
Kulone sampean ko mlarat mas..? ''Mlarat de wong lek di senengi Allah iku cubane gedhe , sak iki dunyane entek pancen cubo thok wong iku istimewa..''

Tapi lek atine elek kon ngunu yo ora iso .
Cinto : Etane umahmu ko sugih mas..? ''Sugeh de ra beres iku,,aku gelemo ngunu yo sugih ket biyen sayange aku moh''
Kulone sampean ko mlarat mas..? ''Mlarat de wong kualat iku''

La wong apik iku wong opo...?
Dawuhe kanjeng nabi : Wong apik iku wong seng iso ngapik i wong elek , lek ngapik i wong apik akeh wong iso, tapi lek ngapik i wong elek niku lek boten asli wong apik tenan boten saget.
Kadang-kadang ono wong omong . ''Aku iki asline wong apik lek di apik i,tapi lek gak di apik i aku yo moh'' , La niku wong durung apik cuma pinter ngomong, seng payu ten gene gusti Allah niku seng asli, wong nang dunyo wae seng payu yo seng asli,duwet asli,ijazah asli,yo ono untu iku senajan palsu tambah payu,seng asli malah ora payu, ono wong untune bogang arep di pasang untu di tari karo pak dokter,''sampean gelem tak pasang untu asli,,''lah ko duwe dok'' , tonggoku mati untune rontok rung tak balek no, jawabpe mesti MOH


 ''Ora di anggep wong iman salah swijine siro kabeh ,menowo anggone tresno marang sedulure ora podho anggone tresno marang awak e dewe''

TAHUN 2012

 (Rong ewu rolas) BEJONE WONG SENG WARAS

2012 iku codene 212 Wiro sableng .
Mulo iki dino akeh wong seng sableng lan gendheng
- Seng edan malah iso dandan , Seng bengkong iso gae umah gedhong , Durjono soyo dudro , Begal tansoyo drugal , Maling matane melang meleng , Copet delalah nyawane malah awet , Seng salah malah podho bungah-bungah , Seng bener di incer-incer , Seng apik di tampik-tampik , Seng olo di pujho-pujho , Seng cilik di angkrik-angkrik , Seng mlarat di cutat-cutat , Sing fekir di usir-usir , Seng miskin di isin-isin , Seng kere di ece-ece , Seng bodho di giro-giro , Seng gedhe mikirne waduk e dhewe , Seng sugih anane mung mamrih , seng bagus tambah kementus , Seng ayu podho guya guyu mamerno pupu ,malem minggu payu 50ewu , Seng pejabat soyo nekat korupsi pirang-pirang milyat nang luar negri minggat rakyate podho mlarat.

Akibate bumine dadi GONJING nganti horek, mergo manungsane akeh seng podho umek , Seng duwur mangan warek seng ngisor klepek-klepek , seng tuwo amphek ambekane sesek mikirne anak e podho koplo ngombe nganti klepek-klepek , Anak e seng wadon yo podho dablek pecicilan ora mandhek-mandhek ,senengane di emek-emek , seng penting dompete isine kebek ,lebar diemek-emek weteng rasane bunek-bunek ,mangan sego rasane enek ,jebul nang jero ono bayine sak hulek-hulek ,embuh sopo seng ngemek-emek

Bumine gonjing nganti keder ,sebab manungsane akeh seng tumindak ora bener, Seng pinter podho keminter akhire keblinger , Seng nom-noman podho ngombhe qhomer , Seng tuwo jik ono sing edan nomer ,lek lagi bener yo seger iso tuku tiger , lalek pas lagi aber nasibpe bajer nomere ora bener seng ngutangi nguber-nguber akhire tenger-tenger

SAK BEJO BEJANE WONG LALI ,ISIH LUWIH BEJO WONG KANG SENG EILING KELAWAN WASPODHO

CINTA



Cinta niku : Lembut ora biso di delok nanging ketoro ora biso di umpetno

Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo gadah cinta dateng gusti Allah lan kanjeng nabi 
Lan monggo kito buktek aken cinta kito niki kalih Gusti Allah kanti nglampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo laranganipun,
BUkti cinta dateng kanjeng nabi , monggo kito berusaha niru sifat lan akhaq ipun kanjeng nabi

Wong yen cinta , barang abot dadi enteng , barang angel dadi gampang , barang gak enak dadi enak lan sak teruse....

Mugi-mugi lantaran cinta kulo lan panjenengan sedoyo dateng gusti Allah lan kanjeng nabi , dadosaken enteng ,mudah ,gampang seneng , enak , anggenipun kito nglampahi ibadah lan mugi-mugi sagetto istiqomah.....Amiiin Allahuma Amiiiin.....

AKEH WONG PODHO FRUSTASI


Mergo di wei kauripan kecukupan akeh wong seng podho lali maring pangeran, ''Eiling-eling Sopo wonge seng wes wani ninggal kaferduan kewajiban saking pangeran ,mongko iku temen-temen metu saking rahmate gusti Allah''

Lek ono manungso seng wes di paringi nikmat reno-reno lan dhewek e yowes rumongso nompho ,Nanging ko mlirwo lali syukur marang gusti kang moho kuoso...Oo.....titenono ora suwe nikmat bakal pindah marang wong liyo ,seng teko musibah lan bencono ,iku kanggo ngelekno lek awak e dhewe iku menungso (menus-menus kakean duso)

Mulo akeh wong frustasi , mergo opo....? Amergo atine ora ketoto,
Pirang-pirang kenikmatan lali nglakoni kewajiban, sembahyang arang kadang , yen nang umah podho wegah , nganggur di undur-undur , petani podho lali , pedagang arang kadang , sopir kocar kacir , pegawei sak penak e dhewe , tukang batu lali wayah lali wektu , opo maneh ko dino setu wayah bayaran malem minggu sholatte wes ora tau

Ibaratte bandamu akehe sak segoro ,ora bakal iso di gae nyusuk i seksone neroko, mulo Pejabat camat ngajine ojo telat , Pak kentara nduyo iki mung sementara , pak polisi Ati-ati bendino malaikat menthelengi , Pak lurah ojo wegah olehe ngibadah , Pak RW ojo sak karepe dhewe , Pak RT yen ora nindakne sholat mbesok di gecek endasse

mulo monggo luor seng eilingo lan waspodho , ojo lali nindakne perintahe agomo