Selasa, 04 Juni 2013

Makna filosofi tembang dolanan

BISMILLAHI.....


E...Dayoh e teko ,
E....Jeberno kloso ,
E....Klosone bedah ,
E....Tambalen jadah ,
E.....Jadahe mambhu ,
E...pakakno asu ,
E...asune mati ,
E...kenterno kali ...

Poro pemaos ingkang minulyo , Tembang niki seyen sejarahe niku saking mbah-mbah ,Piye to anak putuku iku amprihe ben podho mapan ben manut,,,,la akhire di damelne tembang niku wau ....

INGKANG ARTOSIPUN KIRANG LANGKUNGE MAKATEN :

=> E ..DAYOHE TEKO , Dayoh niku tamu ,la tamune niku nopo..? njih meniko MUSIBAH (musibah teko) ,lek musibah teko niku

=> di 
JEBERNO KLOSO , keno opo kok kloso di jeber (digelar) ,la kloso niki sanes kloso-kloso biasane niku , kloso niki tegese nelongso ing roso (kesabarane di jembarne) , delalah 

=> KLOSONE BEDAH mergo musibahe terus terusan , pikirane wes ora mampu koyo dene pikirane pecah dadane bengkah iku di gambarne koyo dene kloso bedah , trus lek klosone bedah iku 

=> TEMBELEN JADAH ,jadahe niki sanes jadah ketan niku , tapi jadahe niki soko tembung sajadah , tegese lek musibah teko terus-terusan niku ayo podho gelar sajadah nyedak dateng ngarsane gusti Allah kanti nglakoni SHOLAT , Ning sayange 

=> JADAHE MAMBHU niku artine sajadah seng ora tau di enggo alias wonge gak tau sembahyang , la niku mathuke di

=> PAKAKNO ASU ,mulane niku trus asune mati , la lek mati

=> KENTERNO KALI , kali niku nopo..? kali niku tegese kalimate gusti Allah Yoiku AL-QUR'AN,, La ngenter /mili niku di gambaraken kados perjalanane uripe manungso ,tegese wong urip iku yen kepingin slamet dunyo akhirat kudu CECEKELAN / GONDELAN marang Al -Quran, sebab Al qur-an meniko peringatan sekaligus petunjuk kangge manungso...


yen kito telusuri musibah awet zaman riyen niku amaergo kesalahane manungso dhewe , la pramilo saking meniko amprihe kito niki boten kenging musibah monggo sami nglampahi ingkang leres , ojo nganti ninggal SHOLAT LAN SHOLAWAT....
Wallahua'lam bissowaf

Dungane sholat istiqomah

AGOMO ORA CUKUP DI AKONI

NANGING YO KUDU DI LAKONI

Wong nang dunyo wae iso kesasar , opo maneh nyowo metu soko rogo , lek ora sholat sedino ping 5 kesasar nang neroko

Gandeng kito nampani nikmat setiap saat , gusti Allah ora tau narik ragat . kok kito ora gelem sholat , berarti ora moco tahiyat ,berarti ora moco syahadat ,berarti ora moco sholawat ,seng gelar jagad ngarani kito niki penghianat

MUGO-MUGO kulo lan panjenengan sedoyo lek angsal nikmat setiap saat tansah kelingan maring seng gelar jagad lan kelingan kalih kanjeng nabi muhamad jalaran kanti nglakoni sholat

Monggo kito sami dedungo nyuwun dateng gusti kang moho kuoso , mugo-mugo kito saget nglampahi sholat sedino ping 5 kanti saklawase urip , senajan uripe rekoso di ennyek karo tonggo ,omah gendeng saponono ABOT ENTENG LAKONONO

ikilah dungane :

MAULAYASHOLIWASA LIMDA IMAN ABADA ALALHABI BIKAQHOI RILQHOL QHILQHUL LIHIMI .....lan sak teruse ...

nikmat asli ora ono


BISMILLAH ...


Dawuhe Imam ibnu ato'ila : 
Ten dunyo niki ojo golek perkoro seng ENAK ASLI , ora bakal nemokno ,bati kesel nganggur ....


ENAK THOK DI TERUS-TERUSNO AKHIRE TAMBAH ORA ENAK

- Enak e mangan iku paling sak pireng rong pireng , di terusno 10 pireng malah ora enak
- Enak e numpak mobil apik setengah jam sak jam , di terusno 4jam ,ongkak ongkek boyok bokonge panas
- Duwe bojo ayu kalih boten ayu , niku lek listrik di pateni SAMI MAWON (kabare)


=> BONDO seng paling Bateni (nguntungi) Yoiku ora liyo kejobo SABAR

=> KONCO seng paling plek (akrab) Yoiku ora ono liyo kejobo NGAMAL

=> BAHASA seng paling manis (enak) Yoiku ora ono liyo kejobo MESEM 

=> IBADAH seng paling elok (indah) Yoiku ora ono liyo kejobo KHUSYUK

BAB SHOLAT

(coro carane lan baca'an sholat)
FASLUN FILWUDHU'I
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo , sak derenge admin bahas bab sholat luwih dingin admin ajenge bahas bab wudhu rumiyen,Amergi Sopo wonge kang arep sholat luwih disek wajib wudhu, sebab wudhu iku dadi syarat syah e sholat

Ono dene perkoro kang di lakoni naliko wudhu YOIKU :
Sak durunge niat supoyo moco :
اَعُوْدُوْبِا للهِ مِنَ ا لشَّيْطَا نِ الرَّجِيْمِ - ـلبِسْمِ اللهِ الرِّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

Audubillahiminassyaitonirrojim....Bismillahirahmanirahim
Karo Basuh tangan loro

1. Kudu niat naliko kemu x3( berkumur), tegese niate iku mau di barengake karo kemune.

2. Masuh irung x3 , lan banyune kudu di lebokne nang irung

3. Masuh rai x3 ,dene watese rai iku mungguh wujure, wiwit gon tukule rambut nganti pok e janggut, dene alange wiwit pentile kuping tengen nganti pentile kuping kiwo

4. Masuh tangan loro hinggo ngasi sikute karo x3

5. Ngusap setengahe sirah x3 (bathuk rambut pucuk)

6. Ngusap kuping loro x3

7. Masuh sikel loro hinggo ngasi kemiren karo (pholok e) x3

8. Kudu wurut ,tegese ora keno umpomo sakwuse masuh rai banjur masuh sikel ,mengkunu sak pinunggalane

Ikilah NIATE WUDHU :
نَوَيْتُ اْ لوُضُوْءَ لِرَفْعِ اْ لحَدَثِ اْ لَا صْغَرِفَرْضًا لِلِّهِ تَعَا لَى

NAWAITUL WUDHU'A LIROF_IL KHADZASIL ASGHORI FARDHOLILLAHI TA'ALA
(Niat ingsun wudhu kerono angilangaken hukume saking khadast kang cilik fardhu kerono Allah ta'ala)

Sak wuse wudhu di sunahake moco dungo

IKILAH DUNAGNE WUDHU:


اَشْهَدُ اَ نْ لَا اِ لَهَ اِ لَّا اللهُ 
- ASHADU ALA ILAHA ILALLAH : 
(Kulo nekseni boten wonten pengeran kebojo Gusti Allah)

وَحْدَهُ لَا شَرِ يْكَ لَهُ 
- WAHDAHULA SARI KALAH 
(Kang suwiji tur ora ono kang nyekutoni)

وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ 
- WA ASHADU ANA MUHAMADAN ABDUHU WAROSULUH
(Lan kulo nekseni saktemene kanjeng nabi muhamad niku dados kawulane lan utusane Allah)

اَللَّهُمَّ اجْعَلْنِيْ مِنَ التَّوَّا بِيْنَ،
- ALLAHUMAJ'ALNI MINATTAUWABIN
(Duh Allah mugi kulo panjenengan dadosaken golonganipun tiang kang ahli tobat)

وَا جْعَلْنِيْ مِنَ الْمُتَطَهِّرِيْنَ
- WAJ'ALNI MINAL MUTATOHIRIN
(Lan dados golonganipun tiang ingkang ahli suci)

وَاجْعَلْنِيْ مِنْ عِبَا دِكَ الصَّا لِحِيْنَ
- WAJ'ALNI MIN IBADIKAS_SOLIKHIN
(Lan dadosaken golonganipun kawulane panjenengan ingakng sholih-sholih)

سُبْحَا نَكَ اللَّهُمَّ وَبِحَمْدِكَ
- SUBHANAKA_ ALLAHUMA WA BIHAMDIKA
(Moho suci panjenengan duh Allah, lan kalian muji panjenengan)

اَشْهَدُاَ نْ لَا اِ لَهَ اِ لَّا اَ نْتَ
- ASHADU ALAILAHA ILLA ANTA
(Kulo nekseni boten wonten pengeran kejawi panjenengan)

اَ سْتَغْفِرُكَ وَاَ تُوْبُ اِ لَيْكَ
- ASTAGHFIRUKA WA ATUBU ILAI'
(Kulo nyuwun pangapunten dateng panjenengan, lan kulo tobat dateng panjenengan)

Sakwuse moco doa' iki ugo di sunah ake moco surat ''INNA ANZALNAHU'' Sak akhire x3 ,nanging ora nganggo dangak lan madep kiblat lan ngangkat tangan.
Perkoro kang batalake wudhu iku ono papat
1. Perkoro kang metu soko kubul utowo dubur, rupho opo wae kejobho mani, yen mani ora batalake wudhu nanging wajibpake adus.

2. Ilange akal sebab turu,Edan, Ayan ,Mendem lan liyo liane
Dene turu kang ora batalake wudhu iku turu netepake bokonge seng sekirane ora biso metu angin lan sak pinunggalane

3. Kedhemek kulite wong lanang karo wong wadon, nanging syarate yen podho gedhe karone, lan wong liyo ora sanak, tegese kedemek karo wong kang halal di nikah tur ora nganggo aling-aling

4. Kedhemek kubul utowo dhubure anak adam,lanang utowo wadon,olehe demek kanti batine epek-epek utowo batine derijine ,senajan dubur utowo kubule dewe, dene kang di arani batine epek-epek lan batine deriji iku naliko tangan loro di tangkepake ,endi kang ora katon di arani batin ,endi kang katon di arani dhohir....
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,


Poro pemaos ingkang minulyo , sakderenge ngelanjutaken bahas bab sholat , sekedik kulo bade nyuplik dawuhe kanjeng nabi , kirang langkungipun mekaten :
البِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ لرَّحِيْمِ 
قَا لَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَ اللَّهِ عَلَيْهِ وَسَلَمَ 
لَوْاَ نَّ نَهَرًا بِبَا بِ اَحَدِكُمْ يَغْتَسِلُ مَ
نْهُ كُلَّ يَوْمٍ خَمْسَ مَرَّاتٍ ، هَلْ يَبْقَى مِنْ دَرَ نِهِ شَيْىءٌ ؟
قَا لُوْالَا يَبْقَى مِنْ دَرَنِهِ شَيْىءٌ . قَالَ فَذَلِكَ مِشْلُ الصَلَوَاتِ اْلخَمْسِ يَمْحُوْاللَّهُ بِهِنَّ اْلحَطَا يَا . اَلْحَدِيْثَ


Artine dawuhe kanjeng Nabi MUHAMAD : Lamun ing ngarepe lawangmu kabeh ono bengawane , kang saben-saben dino kowe kabeh podho adus ing bengawan mau ping limo , opo toh iseh ono kotoran kang keri ono ing badanmu kabeh ..?
Shohabat podho jawab : Bonten enten ingkang kentun ya rosulallah ...!
Banjur Kanjeng Nabi MUHAMAD ngendiko : Kang koyo mengkunu iku podho karo sholat limang wektu , tegese sopo kang ngelakoni sholat limang wektu, Allah bakal ngelebur kabeh keluputane.


قَا لَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَ اللَّهِ عَلَيْهِ وَسَلَمَ , صَلَا ةُ اْلجَمَا عَةِ اَفْضَلُ مِنْ صَلَا ةِاْلفَرْدِ بِسَبْعٍ وَعِشْرِيْنَ دَرَجَةً 
''Sholat jamaah iku luwih utomo ketimbang sholat ijen , kacek kelawan pitulikur derajat.

=> Miturut hadist loro kang ono ing duwur mahu , terang banget mungguh agunge ganjarane wong kang sembahyang , luwih-luwih kanti berjamaah, Mulo tumerap wong kang ora nglakoni sembahyang terang oleh karugen kang gedhe banget ,mulo poro muslimin lan muslimat, supoyo podho neliti marang putro-putrone lanang utowo wadon , ngelatih, den titi, den udi ingkang supoyo ojo dadi wong kang karugen.
Luwih-luwih berjamaah supoyo ono ing masjid utowo langgar, ingkang supoyo masjid lan langgare biso rame , awet miturut dawuhe Allah ta'ala :

اِنَّمَا يَعْمُرُمَسَا جِدَاللَّهِ مَنْ اَمَنَا بِااللَّهِ وَاْليَوْمِ اْلَا خِرِ . اَلَّا يَةَ
''SAK TEMENE KANG NGERAMEK AKE MASJID TE ALLAH ,IKU WONG KANG PERCOYO KARO ALLAH LAN DINO KANG AKHIR (dino kiamat)''

Poro pemaos ingkang minulyo ,wong kang arep ngelakoni sholat iku luwih disek kudu ngerti syarat rukune sholat, ing dalem supoyo ojo nagnti ngawur ulehe sembahyang.

Dene wong kang kewajiban ngelakoni sholat iku:
1. Islam , wong kafir ora wajib sholat

2. Baligh, bucah cilik yen wes umur 7thun diperintah ngelakoni sholat, yen wes umur 10thun supoyo di ajar lamun ninggal sholat,

3. Aqil, wong edan,ayan ,mendem ora wajib sholat

4. Tohir , suci soko heid't lan nifas


=> Syarat-syarate sholat iku ono enem (6)

1.Kudu suci soko hadast cilik lan hadast gedhe

2. Kudu suci badan,sandangan lan panggonan ne soko najis

3. Kudu nutupi aurat (Aurate wong lanang antarane puser lan dengkul , Aurate wong wadon sekabehane badan kejobo rai lan epek-epek)

4. Kudu manjing wektune

5. Kudu madep kiblat (ka'bah)


6. Kudu ngaweruhi syarat rukune sholat

======================================
Syarat rukune sholat iku ono 13
YOIKU:

1. Kudu niat

2. Kudu ngdek ono ing sholat ferdhu ,tumerap wong kang kuoso (mampu), Lamun seng ora kuoso ngadek supoyo lungguh, ora kuoso lungguh supoyo turu mireng,ora kuoso turu mireng yo melumah, ora kuoso turu melumah nganggo isaroh,ora kuoso isaroh supoyo ono ing ati.

3. Moco takbiratul ikhram

4. Moco syurat Al fatikah

5. Ruku' kanti tumakninah

6. I'tidal kanti tumakninah

7. Sujud ambal ping pindho kanti tumakninah

8. Lungguh antarane sujud loro kanti Tumakninah

9. Lungguh takhiat akhir

10. Moco takhiat akhir

11. Moco sholawat sak wuse moco takhiat akhir

12. Moco salam kang awal

13. Kudu tertib (urut)
 (Niate sholat)

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo , Naliko kito arep sholat luwih becik moco ho قُلْ اَعُوْذُبِرَبِّ النَّا سِ (surat an-nas) sak akhire ambal sepisan, Perlune supoyo atine di jogo denign Allah soko pangridune syetan, Surat mau diwoco sak durunge niat,banjur sak wuse rampung surat mau nuli moco 
اَعُوْدُوْبِا للهِ مِنَ ا لشَّيْطَا نِ الرَّجِيْمِ - ـلبِسْمِ اللهِ الرِّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Nuli banjur niat niat sholat koyo kang kasebut ing ngisar iki:

NIATE SHOLAT DUHUR :
اُ صَلِّىْ فَرْ ضَ الضُّهْرِ اَرْبَعَ رَكَعَا تٍ
مُسْتَقْبِلَ اْلقِبْلَةِ اَدَا ءً مَاءْ مُوْمًا للهِ تَعَا لَى

Usholli fardo duhri arba'a roka'atin mustaqbilal qiblati azda an ma'muman Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardhu dhuhur patang roka'at,kalih madep qiblat tur nekani ing wektune kalih makmum kerono Allah ta'ala)

NIATE SHOLAT ASAR :
اُ صَلِّىْ فَرْضَ اْلعَصْرِ اَرْبَعَ رَكَعَاتٍ مُسْتَقْبِلَ اْلقِبْلَةِ اَدَا ءً مَاءْ مُوْمًا للهِ تَعَا لَى
Usholli fardhol asri arba'a roka'atin mustaqbilal qiblati azda ama'muman Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardu asar patang roka'at kalih madep qiblat tur nekani ing wektune kalih makmum kerono Allah ta'ala)

NIATTE SHOLAT MAGRIB :
اُ صَلِّىْ فَرْضَ اْلمَغْرِبِ ثَلَا ثَ رَكَعَاتٍ مُسْتَقْبِلَ اْلقِبْلَةِ اَدَا ءً مَاءْ مُوْمًا للهِ تَعَا لَى
Usholli fardhol maghribi tsalasa roka'atin mustaqbilal qiblati azda ama'muman Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardu magrib telung roka'at kalih madep qiblat tur nekani ing wektune kalih makmum kerono Allah ta'ala)

NIATE SHOLAT ISYA' :
اُ صَلِّىْ فَرْضَ اْلعِشَا ءِ اَرْبَعَ رَكَعَاتٍ مُسْتَقْبِلَ اْلقِبْلَةِ اَدَا ءً مَاءْ مُوْمًا للهِ تَعَا لَى
Usholli fardhol isya'i arba'a roka'atin mustaqbilal qiblati azda ama'muman Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardu isya' patang roka'at kalih madep qiblat tur nekani ing wektune kalih makmum kerono Allah ta'ala)

NIATE SHOLAT SUBUH :
اُ صَلِّىْ فَرْضَ اْلصُبْحِ رَكْعَتَيْنِ مُسْتَقْبِلَ اْلقِبْلَةِ اَدَا ءً مَاءْ مُوْمًا للهِ تَعَا لَى
Usholli fardhol subhi ra'ataini mustaqbilal qiblati azda ama'muman Lillahita'ala
(Niat ingsun sholat fardu subuh rong rokaat kalih madep qiblat tur nekani ing wektune kalih makmum kerono Allah ta'ala)

- Lamun dadi imam L
afat MAKMUMANl (مَاءْ  مُوْمًا) Iku kudu di ganti lafat (اِمَا مًا) IMAMAN (kaleh dadi iman) 
Rampung olehe niat nuli takbiratul ikhram.

NB: Seng damel USHOLLI( اُ صَلِّىْ ) monggo ,seng boten damel njih boten nopo-nopo,,,''AMPUN'' di gawe GEGER...pun boten zamane , seng penting teteb rukun .....
(CARANE TAKBIRATHUL IKH'ROM)

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,


Poro pemaos ingkang minulyo , Dene carane takbirathul ikhram meniko ngangkat tangan loro nganti sak duwure pundak kelawan epek-epek e di bukak, Banjur tangane di selehake ono sak duwure weteng, sak ngisore dodo, tangan tengen nyekel ugel-ugele tangan kiwo kelawan moco (اَللهُ اَكْبَرْ) ALLAHU AKBAR ,Terus di sambung kelawan do'a ISTIFTAH :

Ikilah wacane :

اَللهُ اَكْبَرْ كَبِيْرَا وَاْلحَمْدُ لِلَهِ كَشِيْرًا وَسُبْحَا نَ اللهِ بُكْرَةً وَاَ صِيْلًا 
ALLAHU AKBAR , KABIRAUWAL KHAMDULILLAHI KASIRO ,WA SUBHANALLAH HIBUK ROTAUW WA ASILA
(''Allah dzat kang moho agung, lan sekabehane puji kagungane Allah ,kelawan sekehe puji moho suceake Allah ,ono ing isuk lan sore'')

اِنِّيْ وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِ يْ فَطَرَالسَّمَوَاتِ وَاْلَارْضَ حَنِفًا مُسْلِمًا وَمَا اَ نَا مِنَ اْلمُشْرِكِيْنَ
INNI WAJJAHTU WAJHIYA LILLADZI FATOROS SAMAWATI WAL ARDHO ,HANIFAM MUSLIMAN WAMA ANAMINAL MUSRIKIN
(''Sak yektosipun kulo meniko ngadepaken badan kulo dateng dzat kang damel langit lan bumi kanti condong lang pasrah ,lan kulo meniko sanes golonganipun tiang-tiang musrik'')

اِنَّ صَلَا تِيْ ، وَ نُسُكِيْ ، وَمَحْيَايَ ، وَمَمَا تِيْ
INNA SHOLATI , WANUSHUKI,WAMAHYA YA, WAMAMA TI
(''Sak temene sholat kulo, Lan Ibadah kulo, Lan Gesang kulo, Lan pejah kulo'') ,
Iku لِلَّهِ LILLAHI (''Kagunganipun Allah'')

رَبِّاْلعَا لَمِيْنَ 
ROBBIL ALAMINA (''Kang mengerani sedoyo ngalam kabeh'')

لَا شَرِيْكَ لَهُ وَبِذَالِكَ اُمِرْتُ وَاَنَا مِنَ اْلمُسْلِمِيْنَ
LASARIKALAHU WABIDZALIKA UMIRTU WA ANA MINAL MUSLIMIN
(''Boten wonten tiang ingkang nyekutoni Allah, Lan kulo meniko golonganipun tiang Islam'')

Banjur moco al fatikah lan surat sak kuasane
Poro pemaos ingkang minulyo, nikilah bacaane surat AL-FATIKAH

اَعُوْذُبِا للَّهِ مِنَ الشَّيْطَا نِ الرَجِيْمِ لبِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
A'U DHUBILLAHIMINASSYAITONIROJIM , BISMILLAHIRAHMANIRAHIM
(''Aku nyuwun rekso kaleh Allah soko pangridune syetan kang di laknati , Kelawan nyebut Asmane Allah dzat kang welas asih'')

اَلحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَا لَمِيْنَ
ALHAMDU LILLAHIRABBIL ALAMIN
(''Sekabehane puji kagungane Allah'')

اَلرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
ARRAHMANIRAHIM
(''Allah dzat kang welas asih'')

مَا لِكِ يَوْمِ الدِّيْنِ
MALIKI YAUMIDDIN
(''Allah dzat kang ngeratoni dino kiamat'')

اِيَّا كَ نَعْبُدُ وَاِ يَّا كَ نَسْتَعِيْنُ
IYAKANA'BUDUU WA IYA KANASTAIN
(''Dateng panjenengan kulo nyembah , lan dateng panjenengan kulo nyuwun pitulungan'')

اِهْدِنَا الصِّرَا طَ اْلمُسْتَقِيْمَ
IHDINASSIRATAL MUSTAQIM
(''Mugi paring pitedah dateng kulo wonten ing margi ingkang jejeg'')

صِرَا طَ الَّذِيْنَ اَنْعَمْتَ عَلَيْهِمْ
SIRATALLADZINA AN'AMTA ALAIHIM
(''Inggih meniko marginipun tiang ingkang panjenengan paringi nikmat'')

غَيْرِاْلمَغْضُوْبِ عَلَيْهِمْ وَلَا الضَا لِّيْنَ اَمِيْنَ
GHOIRIL MAGHDUUBI ALAIHIM WALADHOOOLLIIN AMIIN
(''Sanes marginipun tiang ingkang pinaringan bendhu lan sami kesasar'') amiin....

SAK DURUNGE MOCO AMIN SUPOYO MOCO 

رَبِّ اغْفِرْلِيْ وَلِوَالِدَ يَّ وَاْلمُسْلِمِيْنَ اَمِيْنَ
ROBBIGHFIRLI WALIWAA LIDAIYA WALMUSLIMINA AMIIIN,,,,
(''Duh Allah...! mugi paring pangapunten dateng kulo , tiang sepah kalih kulo , lan sedoyo tiang islam'')

=> Seng dadi imam , sakwuse moco fatehah supoyo mandek kiro-kiro sak wacan fatehah, perlune makmum biso ngerungok ake mocone surat

NB: Sopo kang moco amin bareng karo amine malaikat, moko kabeh dusane di ngapuro deneng Allah , dene amine malaikat iku bareng karo amine imam.
Mulo seng dadi imam supoyo banterake swarane naliko moco AMIIN , Perlune makmum biso bareng moco AMIIN , (iki supoyo di esto ake temenan)


Banjur maos surat sak kuasane,,,

البِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحَيْمِ
BISMILLAHIRAHMANIRAHIM
''Kelawan nyebut asmane Allah dzat kang welas asih''


قُلْ اَعُوْذُبِرَبِّ النَّا سِ
QUL A'UUDZU BIRABBIN NAAS
''Dawuhono muhamad ! Aku nyuwun rekso karo pengerane menungso''

مَلِكِ النَّا سِ
MALIKIN NAAS
''Yoiku kang ngeratoni menungso''

اِلَهِ النَّا سِ
ILAAHIN NAAS
''Lan kang dadi sembahane menungso''

مِنْ شَرِّاْلوَ سْوَاسِ الخَنَّا سِ
MINSARRIL WASWAA SIL KHONNAAS
''Aku nyuwun rekso soko pangridune syetan kang gudho''

اَلَّذِيْ يُوَسْوِسُ فِيْ صُدُوْرِالنَّا سِ
ALLADZII YUWASWISUFII SHUDUURIN NAAS
''Yo iku kang gudho atine manungso''

مِنَ اْاجِنَّةِ وَالنَّا سِ
MINAL JINNATI WANNAAS
''Setan mau soko jin lan menungso''

=====>>>> NULI BANJUR RUKU'
CARANE RUKU' .
Sa'wuse rampung moco surat, banjur tangan loro di angkat sak duwure pundak kanti moco :

اَللَّهُ اَكْبَرْ ALLAHU AKBAR

Banjur merkungkung *mbungkuk* Tangane karo nyekel dengkul, tur dengkule kudu di jejek ake, antarane sirah karo geger supoyo rotho, dadi ojo nganti sirahe iku dingkluk yen wus sampurno nuli moco :

سُبْحَا نَ رَبِّيَ اْلعَظِيْمِ وَبِحَمْدِهِ x٣
SUBHANA ROBBIYAL ADZIMII WABIHAMDIHI
''Moho suci pangeranku dzat kang agung ,lan muji ing Allah''

NULI I'TIDAL (tangi soko ruku')
CARANE I'TIDAL : tangane karo di angkat sak duwure pundak ,banjur di lepasake mengisor ,ojo nganti tangane di obah-obahake , lan olehe ngadek supoyo seng jejeg kanti moco :


سَمِعَ اللَّهُ لِمَنْ حَمِدَ هُ
SAMI ALLAHULIMAN HAMIDAH
''Allah midanget marang sekabehane wong kang muji''

رَبَّنَا لَكَ اْلحَمْدُمِلْءُ السَّمَوَا تِ وَمِلْءُاْلَا رْضِ وَمِلْءُ مَاثِئْتَ مِنْ ثَيْئٍ بَعْدُ.
ROBBANA LAKALHAMDU ,MIL USSAMAWATI WAMIL UL ARDHI WAMIL UMASIKTA MINSYAI'IN BAKDUU
''Duh Allah ! puji sak kebak ipun langit lan bumi lan sak kebak ipun barang kang panjenengan kersa'aken sak sampunipun meniko, sedoyo mau namung kagungan panjenengan''

NULI SUJUD ==>
CARANE SUJUD 

Naliko mudun tanagne ora perlu di angkat menduwur , luwih disek dengkul di selehake ing bumi , banjur tangan loro di selehake ono ing bumi penere pundak , bathuk lan irung di tetebpake ono ing bumi, ojo nganti bathuk e mau ono rambutte kang mengarep , luwih-luwih wong wadon ojo nganti rambute iku katon , lamun nganggo kopyah ojo nganti nutupi bathuk e naliko sujud , opo dene lamun di tutupi sapu tangan, sebab iku biso dadek ake ora syah sholate .
Lan maneh sikile supoyo di atur koyo wong jinjit ,bokonge di angkat , sikute ojo nganti di pepetake weteng ,luwih becik tumerap wong lanang ,sikute di benggang-ngake . mangkunu mau lamun ora ngaling-ngalingi kancane seng jejer sembahyang , dene tumerap wong wadon iku malah ora apik lamun di benggang_ngake sikute .

NALIKO SUJUD MOCO O 
اَللَّهُ اَكْبَرْ (ALLAHU AKBAR)

Banjur moco :

سُبْحَا نَ رَبِّيَ اْلَا عْلَى وَبِحَمْدِهِ x٣
SUBHANA ROBBIYAL A'LA WABIHAMDIH
(''Moho suci pengeranku dzat kang luhur lan muji ing Allah'')

Nuli lungguh antarane sujud loro 
CARANE LUNGGUH ANTARANE SUJUD LORO :
Yen wus rampung olehe moco mau , banjur tangi soko sujud kanti MOCO ; اَللَّهُ اَكْبَرْ ALLAHU AKBAR 
Luwih disek bathuk e di angkat ,banjur tangane loro di selehake ono ing duwure pupu kanti mekar epek-epek e lan derijine kabeh , pucuk e deriji supoyo madani karo pucuk e dengkul ,sikile seng kiwo di lungguh i , delamak ane seng tengen ngadhek koyo wong jinjit (delamak ane ngadhek , derijine di tekuk)

NULI MOCO IKI :

رَبِّ اغْفِرْلِيْ وَا رْحَمْنِيْ
ROBBIGHFIRLI WARHAMNII
(''Duh pengeran kulo , mugi paring pangapunten dateng kulo , Lan paring welas dateng kulo'')

وَا جْبُرْنِيْ وَارْفَعْنِيْ
WAJ'BURNI WARFA'NII

(''Lan mugi nambeli sedoyo kekurangan kulo , Lan mugi ngangkat derajat kulo'')

وَارْزُقْنِيْ وَاهْدِ نِيْ
WARZUQNI WAHDINI

(''Lan mugi paring rizki dateng kulo , lan mugi paring pitedah'')

وَعَا فِنِيْ وَاعْفُ عَنِّيْ .
WAAFINI WA'FUANNI

(''Paring kesarasan , lan paring pangapunten dateng kulo'')

NULI SUJUD MANEH
CARANE SUJUD KAPINDO :
Carane sujud kapindo iku podho karo seng wes katerangaken ing kolowingi posting sak derenge , ugo wacane iyo podho wae YOIKU MOCO :

سُبْحَا نَ رَبِّيَ اْلَا عْلَى وَبِحَمْدِهِ 
SUBHANA ROBBIYAL A'LA WABIHAMDIH
(''Moho suci pengeranku dzat kang luhur lan muji ing Allah'')

Yen wus rampung sujud kapindo iki di arani oleh sak roka'at , mulo yen areb sholat patang roka'at kudu ngadhek maneh ,ngelakoni koyo mahu (yoiku moco fatehah sak teruse)

=> CARANE NGADHEK MANEH IKU MENGKENE
Bathuk e di angkat disek ,banjur tangane di angkat di selehake ono ing pupu , sikile jinjit ,nuli tangan kiwo teteb ono ing pupu, tangan tengen nyekel bumi ,terus ngadhek kanti MOCO 
:
 اَللَّهُ اَكْبَرْ ALLAHU AKBAR (''Allah dzat kang moho agung'').

Yen wus oleh rong roka'at supoyo tahiyat awal disek , nuli nuthuk ake patang roka'at.

CARNAE TAHIYAT AWAL : 

=> Lungguhe tahiyat awal koyo lungguhe antarane sujud loro mahu, , mung wahe di tambah sitik , Yoiku naliko wes MOCO :
اَشْهَدُاَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللَّهُ ،
ASHADHU ANLA ILAHA ILLALLAH
iku derijine di tudingake mengareb , yoiku deriji penuduh kang tengen , dene liane deriji koyo wong gegem , deriji kiwo ora owah opo-opo ,

=> Dene lamun tahiyat akhir iku lungguhe koyo mengkene ,Tangane lan derijine podho karo naliko tahiyat awal mahu ,seng bedo yoiku SIKILE KIWO di lebok ake me-nengen , telapak ane ono ing ngisore gares sikel tengen , koyo naliko lungguh antarane sujud loro mahu , yen wes rampung nuli moco wacane tahiyat :
 Dene baca'ane tahiyat yoiku koyo mengkene :

اَلتْحِيَّا تُ اْلمُبَا رَكَا تُ الصَّلَوَا تُ الطَّيِّبَا تُ للَّهِ ،
ATTAHIYATUL MUBAROKATUS SHOLAWATUT TAYYIBATULILLAH
('' Rerubo , sholawat , barokah , sedoyo kesaenan meniko kagunganipun ALLAH '')

اَلسَّلَا مُ عَلَيْكَ اَيُّهَا النَّبِيُّ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَا تُهُ
ASSALAMU ALAIKA AYYUHANNABIYYU WAROHMATULLAHI WABAROKATUH
('' Keselametan ,rahmat lan barokahipun Allah mugi teteb dateng panjenengan duh nabi Allah'')

اَلسَّلَا مُ عَلَيْنَا وَعَلَى عِبَا دِاللَّهِ الصَّا لِحِيْنَ
ASSALAMU ALAINA WA ALA IBADIILLAHIS SHOLIKHIN
(''Keselaetanipun mugi teteb dateng kito lan dateng kawulanipun Allah ingkang sholih-sholih'')

اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللَّهُ
ASHADHU ANLA ILAHA ILLALLAH
(''Kulo nekseni bilih boten wonten pengeran , kejawi Allah'')

وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللَّهِ
WA ASHADHU ANNA MUHAMMADAN ROSULULLAH
(''Lan kulo nekseni bilih nabi muhamad meniko utusanipun Allah'')

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
ALLAHUMA SHOLLI ALA SAYYIDINA MUHAMAD
(''Duh Allah ..! mugi paring rahmat dateng nabi kito muhamad'')


BACA'AN TAHIYAT AKHIR : 

اَللَّهُهَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
ALLAHUMA SHOLLI ALA SAYYIDINA MUHAMAD WA ALA ALI SAYYIDINA MUHAMAD

(''Duh Allah mugi paring rahmat dateng nabi kito Muhamad lan kawulo wergonipun'')

كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى اَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ
KAMA SHOLLAITA ALA SAYYIDINA IBROHIIM WA ALA SAYYIDINA IBROHIIM
(''Kados anggen panjenengan paring rahmat dateng nabi ibrohim lan kawulo wergonipun'')

وَبَا رِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
WABAARIK ALA SAYYIDINA MUHAMAD WA ALA ALI SAYYIDINA MUHAMAD
(''Lan mugi paring barokah dateng nabi kito Muhamad lan kawulo wergonipun'')

كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى اَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ
KAMA BAROKTA ALA SAYYIDINA IBROHIIM WA ALA SAYYIDINA IBROHIIM
(''Kados anggen panjenengan paring barokah dateng nabi ibrohim lan kawulo wergonipun'')

فِى اْلعَا لَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَّجِيْدٌ
FIL ALAMINA INNAKA HAMIDUMMAJID
(''Sak yektosipun panjenengan meniko dzat kang pinuji , tur dzat kang menang wonten ing ngalam sedoyo'')

Banjur salan noleh nengen nuli noleh mengiwo kelawan moco :
اَلسَّلَا مُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ
ASSALAMU'ALAIKUM WAROHMATULLAHI
(''Keselametan lan rahmate Allah ,mugo-mugo teteb marang siro kabeh'')

NB: Menawi ingkang bade maos tahiyat dowo ,monggo di sumangga'aken


ISRA' MI'RAJ (Buraq)

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo, ing sak mangken kito mlebet deneng wulan rojab,lan ten dalem wulan rojab niki wonten setunggal peristiwa ingkang Ajaib injih meniko peristiwa Isra' Mi'raj,menawi Isra' Mi'raj niku kulo saget maknani gampang-gampangan mawon ,sebab nopo...? sebab kulo niki sanes kyai,sanes santri,sanes ustad,sanes tiang alim menawi lek ngundang kulo niku cukub ''KANG'' mawon,,,,,halah wong Admine bolo dewe wae nyante wehehe.......la nopo to bedane kyai kalih Alim niku.....?

Alim kalih kyai niku boten sami , lek Alim niku tiang seng paling ajrih dateng ALLAH (niku Alim) , 
Lek kyai niku macem-macem , Ono kyai CATUR (bagian perpolitikan) , Ono kyai TUTUR (Seng sok maringi pitutur2) , Ono kyai SEMBUR (seng biasane ''Gendam Istri sumai lari hubungi ustad titik-titik) , Ono kyai NGANGGUR (kyai seng ora wah opo-opo) , Kyai nganggur niku pun elek tapi wonten seng luwih elek malih njih meniko Kyai NGAWUR (Seng sok extrim nyalahne kene nyalahno kono,kafir kene kafir kono)

Wonten malih Kyai ten gene Budoyo jowo :Pokok e ono wong angger iso maringi manfaat dateng wong liyo khususe bab agomo utawi bongso persuwuk an Kalih wong jowo di sebut kyai , Kadang-kadang sanes wong lah kok di yakini aweh manfaat di sebut kyai, buktine enten kyai nogo sosro (sabuk inten) , Kyai PLERET (Padahal tombak) , Wonten Kyai SLAMET (Padahal kebo) ... 
niku sekilas kyai ,,La sak mangke umpami kulo salah anggenipun nerangaken njih boten nopo-nopo soale dudu kyai wehehe 

Ten gene Isra' Mi'raj niki kulo lek maknani :
- Isra' niku MLAKU-MLAKU BENGI , Setiap kulo panjenengan niku ko mlaku-mlaku bengi iku jenenge Isro'
- Mi'raj niku MUNGGAH : Ono wong udan-udan menek gendeng iku arane Mi'raj. 
Pinten-pinten hikmah wonten riwayat Kanjeng nabi niku asale susah , soale pas niku kanjeng nabi di tinggal sedo kalian tiang ingkang di pun tresnani yoiku Garwo tercinta (Khadijah Al-Kubra) kalih pamane tercinta (Abu Thalib) Lajeng kalih Gusti Allah di hibur Isra' Mi'raj.
Pramilo kulo panjenengan lek susah niru kanjeng nabi rekreasi...

Poro pemaos ingkang minulyo , Ingkang bade kulo bahas ten bab Isra' Mi'raj jih meniko ''TITIANIPUN'' kanjeng nabi yoiku BUROQ,

Poro pemos ingkang minulyo , Ten gene Isra' Mi'raj kito nyumerepi bahwasanipun kanjeng Nabi wonten perjalanan Minal Masjiddil Harom Ilal Masjiddil Aqsa Allah maringi kendaraan ingkang namine Buraq , La buroq Niku gusti Allah langsung nyipta'aken kanggo titiane kanjeng Nabi ,Boten enten pak e Buraq, mbok e buraq,anak e buraq, Mulo saget di arani buraq niku makluk tapi duweni sifat lam yalid walam yulad (Boten beranak lan boten diperanak ake).

Sebagian Ulama' Ahli ta'wil , ta'wil niku.......njih ta'wil wehehe, Ta'wil niku Umpomo ngipi ,ono kucing nabrak ember ( kucing sikile papat trus ember bunder berarti empat kosong), conto malih, misale kito na'wil , Inul niku kok gawe geger, Opo seng di gawe geger....? Seng di gawe geger ternyata bokonge larang,sekali joget niku 300jt (ngapunten niki cuma damel conto gampangne pamahaman), Lajeng nopo ta'wile....Oo..gak suwe maneh kito arep mlebu ing zaman, ten mriku sedoyo urusan bokong bakal larang, ternyata bener, pokok e seng berbau perbokongan niku larang sedoyo, conto deleh bokonge anak ten kursi sekolah larang,perguruan tinggi larang, bokong di lungguhno ten kursi DPR larang dadi bokong niku larang kabeh bi barokatil Inul , La niku arane ilmu ta'wil , La ta'wil niku Ilmune sinten....? ta'wil niku ilmune nabi Yusuf a.s

La buroq niki dipun ta'wil kalih sebagian Ulama' ahli ta'wil Kados pundi, Buroq niku Ajaran Islam , keno opo buroq ora duwe anak ,ora duwe bapak lan ibu langsung di ciptak aken kalih Gusti Allah ,niki njih enten artine,bahwa ajaran Islam niku njih langsung di ciptak aken deneng Allah, Boten campuran pikirane menungso ,howo nefsu ,lan macem-macem, tapi langsung WAHYU saking ALLAH SWT.

Tiang ingkang bade ngancurno Buroq niki katah, Ono seng ngomong yen Islam niku dudu kabeh wahyu,ono campuran budoyo arab,ono campuran pikiran filosof, lan macem-macem ingkang bade ngerusak existensi buroq niki wau, lek dipun ta'wil kados ajaran Islam ora duwe bapak ,ibu bararti ajaran Islam niku murni wahyu saking Allah ,Lan mergo wahyu mulo biso berlaku ten pundi-pundi, Menawi Agomo Islam niku isine campuran budoyo lan campuran pikirane menungso ,sak piro pikirane menungso Iso di jangkau, neng kene laku, nang kono ora payu, budoyo niku saget benten-benten.