Senin, 01 Juli 2013

TATTO (Hukume tato)


Bismillahirahmanirahim,,

poro pemaos Tato niku podho karo kitab kuninge Iblis , loh ko saget ,njih...tiang tato niku sampun terpengaruh ,rumangsane kebanggaan tiru-tiru , Padahal tiang tatonan SHOLATE boten syah, Tiang tatonan niku HAJI ne boten syah , Tiang tatonan niku WUDHUNE ne boten syah , moco qur-an duso, ,, lakok ngoten.....?

Sebagian keterangan mawon , miturut hukum feqih, Tiang sholat niku wajib suci awak badane saking najis Mukofafah , Mutawasitoh , mugholadhoh , ... Tiang Towaf (haji) Niku njih kudu suci awak e saking najis Mukofafah , Mutawasitoh , mugholadhoh

Tiang tatonan niku najis mutawasitoh , soale tato niku kan di coblos ten awak e, biasane di gambari ngono iko Gemak gowo bedil lan liyo liane ,naliko niku kan metu getihe, la getihe jenengan kiambak niku Ma'fu (najis tapi ma'fu) isih tememplek ing awak e, tapi supoyo dadi ono gambare di sukani mangsi , mangsi niku benda suci tapi boten nyucek ake ,bareng di wor ne dadi siji ,mangsi campur darah meniko hukume muta najis,

Lalek mangsi ne tumemplek ten awak e kudune yen sembahyang ,kudu di jikuk,di guwak ,kudu di suceni, kudu di klonthok,,,,HARUS niku , yen boten di klonthok moko hukume muta najis akhire sholate boten syah ,wudhune boten syah, jinabate boten syah ,yen haji towaffe boten syah ..

Mulo saking meniko kagem dulur-dulur kulo ingkang dereng kadung ALHAMDULILLAH bejo ampun di lakoni , ingkang sampun kadung WAJIB si sesek ,wajib di guwak .....

Mekaten Jawaban saking kulo , kirang langkungipun nyuwun agungipun pangapunten

Wallahu a'lam bissowaff....

Ngluruske Pemahaman



Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo , kito niki lak kepinginane gesang enten ngalam nduyo niki ,bahagia ,seneng bungah ,tentrem,slamet ,,njih nopo boten.....?
La tiang niku umume yen memahami kebahagian niku ngukure saking materi ....? njih nopo boten....?

Conto : Wong seng bahagia iku duwete akeh , seng umahe gedhe , pangkate duwur , bojo ayu ,sawah ombho , ROTHO-ROTHO lak njih ngeten to....?

TAPI nyuwun sewu ,kata-kata niki sekilas koyo bener , TAPI yen di buktek ne kalian kenyataan ternyata SALAH ....

MONGGO kito angen-angen ======>>>>>
-Wong seneng iku wong seng duwette akeh , BERARTI wong seng gak duwe duwet ora seneng .... --> NOPO YO NGUNU Nyatane.....? lak njih boten to,,,,,berarti SALAH boten COCOK

- Wong seng seneng iku wong seng mobile mewah ,umahe gedhe sawahe ombho , BERARTI wong seng ora duwe mobil mewah ,omah gdhe sawah ombho ora seneng .... --> NOPO YO NGUNU Nyatane.....? lak njih boten to,,,,,berarti SALAH maneh boten COCOK

=> Seng ngrasakno bungah susah iku Ati : Sopo wae wong urip nang ngalam dunyo iki ,mbuh lanang /wadon , Sugih / mlarat , pejabat /rakyat , kyai / santri , Sedoyo mawon lah Asalkan atine tasih NORMAL iku kabeh iseh ngrasakno bungah ,isih ngrasakno susah , mergo seng ngrasakno bungah lan susah iku ATI

- Dadose bungah susah niku panggone ten ati ,kantun kulo jenengan leh nyetel pripun , Ati niku di setel bungah saget ,susah njih saget..
Ati susah niku kok perkoro boten gadah umah gedhe, sawah, ora duwe duwet, WONG SUSAH IKU PENYEBAB PE MUNG NGERSULO (NGELUH), Yen panjenengan kiat boten ngeluh njih boten susah, masio ora duwe duwet yen ora ngeluh njih boten susah,seng marak ke susah ngeluhe niku, La supoyo boten susah /ngeluh di walik,,,YAKNI SYUKUR ''Alhamdulillah aku iki ora iso gawe duwet tapi kok wes tau nyekel, umpomo tak etung leh ku nyekel duwet karo ora jik akeh leh ku nyekel

- Jenengan gadah duwet tapi kok jik ngeluh njih teteb susah , Mulane enten tetembungan ''URIP IKI BUNGAH UTOWO SUSAH DI GAWE DHEWE'' lalek iso gawe bungah nyapo kok di gawe susah.......

Mathuk nopo boten poro sederek..kok empane sajak e ora mathuk..?wehehe

Pentinge Ilmu

Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo , Tahun 571 Masehi kanjeng nabi lahir , tahun 610 malaikat Jibril pertama kali sowan dateng kanjeng nabi beto wahyu , Wahyu meniko Uninipun IQRO' Bismirobbikalladzi kholaq , wahyu ingkang dipun milai kanti surat iqra' meniko mandap selama 22 tahun 2wulan 22 dino , dipun buletaken 23tahun, Masyarakat ingkang sakwau dipun wastani masyakat jahiliyah dipun toto kalian kanjeng nabi Muhamad Saw selama 23 tahun ngagem kitab suci Al qur'an nulkarim ternyata saget tumoto sedanten , SAE sedanten ,ngantos di lem kalian Gusti Allah

Ingkang dadosaken perhatian kito sedanten ,qur'an ingkang ternyata sampun mampu bangkitaken peradaban baru niko kok di wiwiti kanti dawuh IQRA' ,dereng di wiwiti dawuh punopo-punopo kang di dawuhaken pertama injih meniko iqra' bismirobbikaladzi kholaq' , Saking meniko profesor Abu Zahroh ulama' ageng saking mesir ngendika aken , bilih surat Iqra' meniko setunggalipun pengumuman saking Allah , Allah ngumumaken ono agomo anyar seng agomo anyar iku pondasinipun injih meniko ilmu ,kuncine ten gene ilmu , dados ilmu meniko di atas segalanya

Boten enten perkawis ingkang ajinipun kados dene ilmu , mulo saking meniko saking ajine ngelmu nabi Adam As badhe adep-adepan kalih iblis boten di bekali bondo ,senjata ,nanging di bekali ilmu kalih Gusti Allah, warisan ingkang dipun akoni deneng Allah njih boten bondo ,nanging ilmu...Nganti pentinge ilmu meniko Kanjeng Nabi Muhamad saw ngantos ngendiko ,''Manungso iku jenise mung loro (2) , Siji ALIMUN nomer kalih AU MUTA'ALIMUN'' (wong seng pinter utawi wong seng durung pinter tapi gelem golek ilmu / kapinteran ) , Ora ono jenis seng nomer tigo (3) , dadose yen ono menungso boten pinter , ngaji ora gelem niku yen coro istilah kanjeng nabi sanes golongane menungso wehehe

Kesimpulane Ngelmu kalih bondo niku aji ngelmu <== niku coro Qur'an ,,,,lalek corone kebanyakan tiyang terutama tiyang zaman sa'niki kinten-kinten aji pundi Ngelmu kalih bondo niku.....???

syare'at, Tarekat, Hakekat, Ma'rifat

Bismillaahirr0hmaanirr0hiim„

Kanggo gayuh duduh klopo,, ,, ,,
Wong iku kudu ngliwati kulit (sepet) ,banjur bathok , daginge ,lagi biso ngombe banyune ,,,di istilahe yakni :

1 syare'at Diumpamak ne kulite kelopo
2 Tarekot Di umpamak ne bathok e
3 hakekot di umpamak ne daginge
4 ma'rifat Di umpamak ne banyune /duduh kelopne

- Syare'at yakni Aturan , praktek ,amalan lan seteruse

- Tarekat Yakni dalan, pencarian , pemahaman banjur dumugi hakekot

- Hakekat yakni hakiki , kesejatian , bahasa gaulle absolut lan akhire
stasiun akhir gayuh dumugi ma'rifat

- Ma'rifat yakni mengenal , ngenal sopo injih meniko gusti Allah

Wong iku yen sholate bener ,rukune bener ,mulo pemahamane njih bener , mulo saget gayuh kesejatian ingkang bener , lan ngenal sopo iku gusti Allah kanti bener , la hamba seng ngenal Allah kanti bener mulo sholate njih bener ,rukune bener, pahamane bener ,lan kesejatian ingkang di gayuh njih bener

Njih niku namine ma'rifatullah , enten mriku kawulo nyadar hak lan kewajibane dateng gusti Allah , koyodene Allah nyukupi hak lan kewajibane marang kawulane

Ibarate wong iku arep lungo nang pasar , SYAREAT te yoiku mlaku utowo numpak montor utowo opo wae lah , TARIKAT te yoiku dalan seng di liwati gae tumuju nang pasar , HAKIKAT te yoiku soko kadoan wes ketok rentek ramene pasar , MA'RIFAT te yoiku wonge wes ono ing jero pasar , ngrasakne howo sumpek lan ramene pasar iku mau...
Wallahu a'lam bissowaff

Maknane GAMELAN



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo monggo Ngoncek i GAMELAN Di pendet Arti tuntunanipun lan pituturipun kagem kito sami , mulai saking ingkang Alit :

- PEKING : Iku jarwo dosone tegese Ojo seneng sumPEK ing pikir mundak uripe koniNG
- SARON : Ojo seneng nyaSAR mengko biso kemeRON
- DEMUNG: Ngadepi kahanan iku kudu seng aDEM supoyo ben dang rampUNG
- KETHUK : Yen wes rumakET bakale maTHUK
- KENNONG : KEN Eiling NONG nduyo maring kang moho kuoso
- KEMPHUL : Yen wus mingKEM podho kumPHUL
- GONG : Manungso urip iku ojo adigang adiGONG (sombong)
- GAMBANG : Ojo seneng GAMpangake ing liyan
- SLENTEM : SLENco ing TEMbung: Ajining diri ing lati ,ajining awak soko tumindak ,mulo ojo selnco ing tembung
- GENDER : Kudu seng teGEN anggpne sesenDER ( sesendere IMAN)
- REBAB : Seng di aREB-aREB tekone aBAB (Abab tegese rembuk /pangandikan)
- SITER : Kudu SIset lan pinTER ( Pilih pilah)
- BONANG : Ojo seneng keleBON barang seng ora weNANG (Seng dudu hak e ojo di pangan)
- PENERUS : PENo tumindak e seng luRUS
- KENDANG / KENDANGAN : Wong urip iku kudu duwe teKEN supoyo ora podho tendang-tendaNGAN
JEDOR : Ojo seneng nyeJE ben ora teleDOR

-Yen kabeh iku mau di klumphukne dadi siji arane GAMELAN ,,tegese GAwe aMal marEng LiyAN ,

- Ono gamelan ono seng nabuh yoiku YOGO : aYO kompake di joGO , Nabuh siji nabuh kabeh ,turu siji turu kabeh ,mulo di arani yogo ,bayarane cukub mung di gawe tuku sego

- Ono Yogo ugo ono DALANG : tegese muDAL piwuLANG

- Ono dalang ono SINDEN : Sinden tegese Sikile di tekuk karo senDEN .....

===> Mathuk yo kunu ora mathuk yo wes kunu-kunu wehehe

Kahanane Zaman



BISMILLAHIRAHMANIRAHIM....

==>>
MONGGO SHOLAWATAN DULUR....

Allohuma sholliwassalim ala ,
Sayyidina wamaulana muhamadin
Adadama bi'ilmillahisholatan ,
Da'imatam bida'wamin mulkilahi

zaman edan,akeh menungso podho lali karo pengeran
Ngaku agamane islam tapi gak gelem sembahyang
Hobine maksiat sak ndalan-dalan
Nyambut gawe podho sungkan,
bandane tanggane malah di gae rayaan

Zaman wes akhir dunyane rusak ,
uribpe bingung kelangan jejak
Zaman wes akhir akale bejat ,
akeh wong pangkat rakuse kumat gak mikir rakyat

zaman tuo akeh manungso wes angel di toto maring tuntunane agomo
Senengane malah podho gae duso
Tumindak duso sak bendino podho ra kroso

Zaman modern pancen zaman edan
Akeh manungso wes podho nerak i pranatan
Mudo mudi akeh sing menggok dalan
Sing lungo ngaji malah di anggep kampungan

Poro habaib ,poro usztad lan poro kyai
Ing zaman akhir malah di singkiri
Musholla masjid pesantren podho sepi
wes arang-arang seng podho minat ngaji

Zaman maju akeh sing podho maksiat
Mulo Alloh paring azab paring laknat
Musibah teko enten mriko lan mriki
Manungso kudu seng mawas diri

Kaum muslimin lan muslimat seng gumregah
Monggo sami tobat semangat ngibadah
Nglakoni tuntunan agomo supoyo ter arah
Rizki barokah urip tansah bungah

Allohuma sholliwassalim ala ,
Sayyidina wamaulana muhamadin
Adadama bi'ilmillahisholatan ,
Da'imatam bida'wamin mulkilahi

Allohuma sholli Ala Muhamad............

Urip iku mung 3 dino



BISMILLAHIRAHMANIRAHIM....

Nalika kita kudu liwat dalan munggah
Senajan krasa wegah lan susah, ning kita kudu jumangkah
Ya ngono kuwi dalaning urip, kudu dilakoni wong iku wajib,
Ra perlu gumuyu latah-latah yen lagi nemu bungah
Ra usah nggriyeng tetangisan yen lagi nemu alangan/penandhang
Ngresula, nalangsa, mung bakal nambahi abot ing coba
Sing becik pancen mung pasrah sumarah, Pangeran mesthi paring berkah.

Kehidupan iku mung ono telung dino :
Tigang dinten injih meniko ==>>

=> Dino seng wes di lakoni ,lan iku ora bakal iso balik maneh YOIKU dino WINGI , Dino wingi niku boten saget balik njih namung saget di damel pelajaran ''Ya Allah wingi kulo kok kados ngeten akibate sa'niki dadi ngeten'' Di damel pelajaran kanggo nglampahi kehidupan sak lajenge supados saget bijak sana langkung SAE

=> Dino ing ngendi kito enten ten jerone YOIKU DINTEN NIKI , jogonen reksonen seng apik ojo sampek kito kepleset ten hal-hal ingkang boten enten manfaate, amergi dinten niki kito boten semerep utawi nopo kito niki saget urip menangi dino sesok alias pindah panggonan ,sa'niki ten alam dunyo benjing ten alam kubur, mulo tumindak o seng bener- genah lan langkung SAE

=> DINO SESOK ,Benjeng saget kito gadah cita-cita ,kepinginan ,program ,rencana lan liyo liane , Mangkane monggo sami ningali wingi-wingi pripun lajeng di dadosaken pengalaman, dino niki di jogo seng apik supados saget menangi dino sesok kanti ngelancaraken progam lan cita-cita kito ALLOHUMA AAMIIIINN....

NB : UAE Panas banget dulur ,ten mriku panas nopo boten....?
MONGGO sami katepangan ingkang komentar saking telatah pundi kemawon niki....???

Sepuro , Sepuro , Sepuro ,



Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo , Nabine Allah niku kuatah, tapi nabi sinten ingkang katah umate,,,? injih meniko Nabi kito MUHAMAD SAW , La kenging nopo nabi kito niku kok umate paling katah , Amergi Nabi kito niku NYEPURONAN , Dadose umate niku di sepuro sedoyo, Sepurane nabi niku sepurane Allah...

Poro pemaos , monggo kito bahas BAB niki , tiang niku yen nyepuro kudu komplit YAKNI : WA IN TA'FU WA TASFAKHU , WA TAGHFIRU . (Ta'fuu niku nyepuro , Tasfakhuu njih nyepuro , Taghfiru niku njih nyepuro ) Tapi dhewe-dhewe

=> TA'FUU niku nyepuro tapi dereng wani metuk wonge, enten tiang nyepuro tapi taseh dereng purun methuk i wonge ,
Conto : BOJOMU WES MOK SEPURO , ''yoweees.....'' , LA WES MOK PETHUK , ''Duruuuung...aku sek rung kuat ,sementara jik turu omah kulon sek'' . Niku arane pun nyepuro tapi moh methuk , Njih pun Apik tapi taseh dereng KHASIL ,Kudu di tambahi di unggahno maneh YOIKU:

=> WA TASFAKHUU (METHUK) la metuk thok niku taseh dereng cukub kudu di tambahi maneh

=> WA TAGHFIRUU Awakmu Nglalekno SALAHE sampek lali niku lagi KHASIL , Kadang-kadang niku kan enten , Yo nyepuro Yo methuk i Tapi tasek Eiling mawon salahe
Conto : MANTUMU WES MOK SEPURO , ''Yo weeesss...'' , LA WES MOK PETHUK I , ''Yo wes ,aku yo ora kuat lek gak pethuk , LA MASALAHE WES MOK LALEKNE . ''Duruuung....sapi telu e mbak yu,,aku yo jik kelingan,,,pas wayahe larang2 iko e di dol, wedus loro ngunu gampang nglalekno ,sapi telu e yo jik tak eiling eling trus ....
La ngeten niki poro pemaos seng saget dadekno atine mantu Atos, lalek atine mantu atos ken dadi tiang ingkang sae niku angel, setel-setelane tiang niku teko ati.....

Poro pemaos ingkang minulyo , mekaten kesimpulan singkat saking kulo , lan panjenengan njih saget nyimpulaken kiambak , lajeng posting sak lajenge niki , nyepuro anak, nyepuro mantu ,nyepuro dulur ,nyepuro sinten mawon lah niku abot nopo enteng poro sederek.....??????



Poro pemaos ingkang minulyo , Nyepuro tiang niku ABOT , TAPI luwih abot malih yen boten nyepuro marang tiang, boten nyepuro tiang niku tambah nemen abote, la kok saget ngoten...? njih , kulo panjenengan niku yen boten purun nyepuro dateng tiang angsal bahaya ten genne gusti Allah , NOPO...? Saben dino senen kalih dinten kemis Gusti Allah dawuh dateng malaikat '' HEY MALAIKAT WONG MUKMIN-MUKMIN DUSANE TAK SEPURO KEJOBO WONG MUKMIN SENG DUWE GELO NANG WONG LIYO DURUNG ISO NYEPURO''

Kulo jenengan niku ojo kesusu moco istighfar ,ora kanggo yen kulo jenengan niku boten purun nyepuro tiang, sebab Gusti Allah niku nyepuro wong seng ahli nyepuro, Gusti Allah niku nulungi nang wong seng ahli tulung , Gusti Allah niku melasi nang wong seng ahli welas...

Ngendikane Yai IBNU ATO'ILA :
OJO KOYO ASU DI ANTEM KRIKEL , Asu iku yen di antem kerikil rotho-rotho seng di godhak krikille ora godhak seng ngantem , Mergo ora ngerti yen kerikil mencolot niku enten seng gemplang (nguncalno) , dadine seng di amuk krikille <=== la niku ASU ...

Yen saget kulo jenengan niku koyo bucah lanang seng pinter trus ganteng di antem kerikil cah wadon seng ayu , (kiro-kiro godak krikile nopo gudak seng ngantem...?) seng jelas njih godhak seng ngantem, katek leh ngantem niku campur mesam mesem,,,eich iku pancene ngantem jaluk di godak...

La ono wong kok sampek gelakno jenengan niku ono seng nyetel,,SINTEN....? Njih meniko GUSTI ALLAH......la damel nopo...? Nguji panjenengan , jenengan niku wong sabar nopo boten...? kenging di kancani Allah nopo boten , sebab Allah niku ngancani wong seng SABAR (Innaallaha ma'assobiriin) ..
Dadine di uji niku ben ketok jenengan niku pantes di kancani Allah nopo boten pantes....



Poro pemaos ingkang minulyo , Dadose tiang ingkang gelakne panjenengan niku asline alate Gusti Allah kanggo duwurno derajate panjenengan, la ngoten jenengan kudu matur suwun nang wong iku asline ,kok ngewangi ngunggahno derajat,

Kanjeng nabi niku uapik, tapi boten ketok apik e, ketok apik e niku lak mergo di gudho kiwo tengene niku,kanjeng nabi ketok sabare njih mergo di gudho kiwo tengene,berarti kiwo tengen niku ngewangi ngunggahno derajate nabi,semunu ugo wong lanang iku ketok sabare amergo duwe bojo crewet swalik e njih ngoten,

Poro pemaos ,umpami enten wong boten purun nyepuro wong niku podho karo gembol mowo morak marik, mowo kok di gembol niku lak wong seng boten pati pinter, Tonggo etan wonge gelakno ati dekne durung iso nyepuro,tonggo kulon njih gelakno ati durung iso nyepuro, akhire boten saget ngetan boten saget ngulon ,ngetan pethuk wonge ora seneng BALIK ''ech bedes kie dek kene'' , ngulon bok menowo enek dalan liyo ,pethuk wong sitok e seng gelakno ati ,balik maneh ''ech asu kie dek kene'' Akhire ora iso ngulon ora iso ngetan dalane ora buntu tapi dadi buntu, Asline seng buntu ATINE dhewe .

Wong gak nyepuro wong iku podho karo mloro awak e dhewe, ono wong wadon duwe gelo nang seng lanang ,loro-loro dhewe,yo nek pas gak butuh lalek butuh...?jaluk terno nang ndi nang ndi. ono wong lanang duwe gelo nang seng wadon ora gelem nyepuro ,loro-loro dhewe, yo nek pas gak butuh, nek pas butuh...? wong ngunu iku to kumat-kumatan , sopo seng iso ngatasi lek gak bucah iku thok ,mosok arep di tutuk i wehehe

Ora ono wong seng iso nyepuro wong kejobo wong pinter , wong pinter thok seng iso nyepuro wong , ora ono seng ora iso nyepuro wong kejobo wong bodho , mergi nopo...? ngeten poro pemaos , Enak e lan boten enak e nyepuro niku :Satru musuh iku yen di sepuro iso dadi dulur , dadi sak elek-elek musuh yen di sepuro dadi dulur , Dulur kandung yen gak di sepuro dadi musuh..Njih nopo boten poro sederek.....????

Sampun mugi-mugi sagetto manfaati khususe kagem kulo kiambak lan umume kagem panjenengan sedoyo sami....Allahuma Amiiiiiin

Syi'ir tumrape cah nom


allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin

iki syingir ular-ular kang utomo
kanggo poro mudo kang ngancik dewoso
kiniringan seni rodat sholawatan
ngalab berkahe Njeng Nabi sarto Pangeran

wadon ngono pinilih telung prakoro
kang kapisan piniji ayuning rupo
kaping pindho nggone ngibadah agomo
kaping telu sokor bage sugih bondho

Ojo dumeh dadi lanang kudu menang
garwo iku mongko sigaraning nyowo
Ono rembug becike podho dirembug
Ojo nganti cengkiling lan adu gebug

pratikele wong kang badhe polo kromo
dudu bondho dudu rupo kang jinongko
satemene amung ati pawitane
ayem tentrem swargo ndonya salamine

allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin

Nyenengno bucah cilik



Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo , ten suargo niku ono gedung namine DARUL FAROH (gedung gembira), suargo niku sae, tapi wonten ingkang langkung sae malih injih meniko ten jero darul faroh, niku tempat hiburane penduduk suwargo, tapi boten sedoyo penduduk suargo saget angsal kesempatan mlebet wonten darul faroh, yakni khusus ,injih meniko ''wong seng iso bungahno / nyeneng-nyeneng no bucah cilik'' , yen ono wong iso nyeneng-nyeneng no bucah cilik oleh kesempatan mlebet darul faroh,

Mulane panjenengan yen gadah bucah cilik jenengan seneng2 no ,senajan dudu anak e dhewe ,anak e sopo-sopo lah yen kepethuk bucah cilik di seneng-seneng no , La keno opo bucah cilik iku kok di seneng-seneng no....?

=> Ngten poro pemoas .....
1. Bucah cilik iku ora duwe duso , Ati-ati kulo jenengan niku yen karo bucah cilik , wong iku yen wani nyusahno bucah cilik biasane uribpe ra enak , cah cilik iku ora duwe duso la wong gerang iku dusane katah ,,kok malah seng dusane akeh gelakno seng ora duwe duso..

2. Bucah cilik iku dunagne mandi,mulane kanjeng nabi niku janji ketemu bucah cilik disik i uluk salam , ''Assalamu'alaikum...'' ,trus cah cilik jawab ''Wa'alaikum salam..'' la Balik e salam niku poro pemaos seng larang ragane, Assalamu'alaikum niku kan wong gedhe dungakno cah cilik ,trus cah cilik bales ,lha niki....., Kanjeng nabi niku biasa beto-beto jajan kanggo lare-lare alit,njih tujuane nyenengnolare alit ..
-Kadang-kadang niku kulo jenengan sok wani-wani nyeneni cah cilik,,,njih nopo boten....???
Gusti Allah mawon seng damel bucah cilik yen ono cah cilik nakal ora di reken ,bareng kulo jenengan malah nyenen-nyeneni cah cilik, Anane bucah cilik niku nakal asline bucah niku gadah karep tapi dereng keturutan , mengko yen wus keturutan yowes meneng.

3. Bucah cilik iku yen di seneng-seneng no iku besok ben dadi wong seng nyenengno, mergo wong iku koyo sawah yen di tanduri apik sok tukule yo apik,di tanduri elek sok tukule yo elek....
Bucah cilik iku yen di kasar besok dadi wong njih keras,keras nang kiwo tengene, tapi yen cah cilik iku di sayang dadi sumbere kasih sayang nang kiwo tengenne , lawong cah cilik iku yen di basani wae sui-sui yo malih boso ,,njih nopo boten.....?

Poro pemos ingkang minulyo , Kulo jenengan niku butuh buah cilik, mergi nopo......?



Urib ten dunyo niki gentenan, sakniki wong tuo ngramut anak sekedap malih anak genti ngramut wong tuo , Lalek anak panjenengan sayang niku sok ben yen wayahe ngramut panjenengan metu sayange amergi jenengan nandur sayang, tapi yen jenengan kasar ten anak,sok ben yen wayahe ngramut jenengan njih metu kasare..

La anak kasar nang wong iku GEDHE DUSANE trus dusane anak niku njih DUSANE WONG TUWO , dadose panjenengan ampun bangga rumiyen gadah anak nakal trus ''HAZOW WANI KARO WONG TUWO GEDHE DUSAMU '' lho...dusane anak yo dusane wong tuwo , Amergi APIK ELEK E ANAK NIKU APIK ELEK E WONG TUWO

Poro pemaos ingkang minulyo , kulo jenengan niku yen saget :
=> Cilik di sayang wong tuwo , rondok gedhe di sayang bojo , rondok tuwek di sayang anak ,mengko yen mati di sayang malaikat , (niki progame Gusti Allah) , Ojo kok malah
=> Cilik di sentak i wong tuwo , rondok gedhe di sentak i bojo , rondok tuwek di sentak i anak , mengko mati di sentak i malaikat ...ech...eh...soro kok ket cilik

Poro pemaos , Ora ono seng iso nyeneng no bucah cilik kejobho keluarga bahagia ,keluarga bahagia niku keluarga seng rukun , keluargo iku yen congkrah ora iso nyenengno bucah cilik , biasane niku poro ibu ,(ngapunten) biasane ibu-ibu niku yen duwe gelo kalih seng jaler trus ora wani,niku biasane anak e seng dados sasaran ,nakal sitik kadang di ploro anak e , mulane poro pemaos boten enten seng saget didik anak kejobo keluargo seng bahagia

Poro pemaos ingkang minulyo , tiyang niku yen seneng geger dungo sak dungo boten di rungokno kalih Gusti Allah, mulane Allah janji ''MENUNGSO YEN RUKUN DI TANGGUNG ORA ONO MUSIBAH , MUSIBAH IKU TUMIBO YEN WES AKEH WONG GEGER'' , La gegere wong niku di mulai teko gegere keluargo, Padahal tiyang niku yen saget damel rumah tangga seng bahagia ''ISUK-ISUK OLEH GANJARAN PERANG BENGI-BENGI OLEH GANJARAN HAJI , niku keluargo seng bahagia (rukun) pun nate kulo bahas rumiyen

Resep yen kepingin duwe anak Apik



Bismillah....

Yen miturut agomo islam anak iku namung kalih , luwih saking kalih boten angsal (HARAM) , malah lek miturut syar'i niku wajib kalih . tegese kalih injih meniko SHOLIH LAN SHOLIKAH , Masalah jumlahe sembarang manut ,piro-piro lah asalkan mampu wehehe

Sekedik resep kangge kulo lan panjenengan menawi kepingin kagungan yugo ingkang SAE , niki sifatte umum bahasa gaule UNIVERSAL , tegese islam masuuk, kristen masuuuk, hindu masuuk , budho masuuk, kong hucu masuuuk , lan liyo liyane ....

=> nopo rupane resep niku wau....? injih meniko
1. Ojo mangan yen durung jelas halal kharome

2. Ojo ngomong yen durung ono manfaatte (Niki khusus tiang estri yen saget boso kalih seng kakung, terutama pas ono tamu)

3. Ojo metu yen durung ono tujuane (seng ati-ati yen metu kudu pamitan)

4. Urip sederhana sak madiyo wae (ra usah gaya,sombong ,gembedhe lan liyo liane)

5. Ojo nyacat olone tonggo teparone

Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo sagetto gadahi yugo SHOLIH yen putro SHOLIKAH yen putri , tansah mituhu maring wong tuwo saget migunani dateng AGOMO nuso lan bongso Allahumma Amiiiin...

Syi'ir Manten anyar



BISMILLAH......
Ya Rosulalloh salaamun ‘alaik (salamun ‘alaik),
Ya rofi’asaaniwadarojii 2x
‘Atfatayaarji rotal ‘alaami, yauhailarjuu diwalkaromi
Yauhailarjuu,yauhailarju diwalkaromii

Aduh senenge pengantin anyar
Ngagem busana sarwo gumebyar
Kakung putrine timbang lan jajar
Sinawang kaya rembulan kembar

Aduh senenge wektu temonan
Kakung putrine pandeng-pandengan
Nuli lenggah jejer bebarengan
Ing sasana rinenggo sarwo kembangan

Daleme kebak tamu undangan
Nganti ngebaki kabeh ruwangan
Para peladen iring-iringan
Kabeh dikurmat dahar hidangan

Para sederek kula sedaya
Lan para bapak ibu kang mulyo
Mugi kersaha paring bantuan dunga
Marang Dzat kang Priksa Wuninga

Mugi pengantin sekaliyan
Anggenipun mangun bebrayan
Tansah pikantuk kawilujengan
Kairing pitedah lan pitulungan

Inggal pikantuk putra kang berkah
Sedaya wau sholih sholikhah
Gadhah bebuden lan lembah manah
Dateng tiyang sepuh bekthos lan genah...

Syi'ir tumuju poro putro



BISMILLAH...
Syi'ir iki ngelengno tumuju poro putro
Supoyo di gatekno ojo podho durhoko
Maring ibu lan bopho mundak urib mu soro

Suwene sangang sasi ibumu hanggerbini
Nglahirke toh hing pati sak iki kudu ngerti
Carane bales budi Ojo malah podho wani

Siro kudu nurut ojo bantah yen di printah
Ugo ojo mangsuli yen siro di tuturi
Percuma ra faedah anggone podho ngibadah
Menawi tansah gawe susah marang tiang sepah

Dungane wong tuwo maring putro iku di kabulne
Koyo sepadane dungane nabi maring umatte

Allah ridho maring siro yen podho bekti wong tuwo
Menowo gawe gelo Allah bakal paring duko

Syi'ir tumrap manungso



Kulo sowan nang Pangeran
Kulo miji tanpo rencang
Tanpo sanak tanpo kadang
Bondho kulo ketilaran.

Yen manungso sampun pejah
Uwal saking griyo sawah
Najan nangis anak simah
Nanging kempal boten betah.

Senajan berbondho-bondho
Morine mung sarung ombo
Anak bojo moro tuwo
Yen wis nguruk banjur lungo.

Yen urip tan kebeneran
Bondho kang sa’ pirang-pirang
Ditinggal dienggo rebutan
Anak podho keleleran.

Yen sowan kang Moho Agung
Ojo susah ojo bingung
Janji ridhone Pangeran
Udinen nganggo amalan.

Kemulyaan Wulan Sya'ban (Ruwah)



Bismillahirahmanirahim...
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumataeng Kito Sami, Khususipun Nikmat Iman lan Nikmat Islam , engkang Kedah lan Tansah Kito Jagi Soho Kedah Tansah Kito Ugemi Ngantos Akhir Ajal Kito, Kepanggeh Dateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala,Kados Dawuhipun Allah :

وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

“Wallohu ‘Alamu Bi Muroddihi: Lan ojo Pisan-pisan Mati Sliramu Kabeh, Angeng Kejobo Yen To Sliramu iku Tansah Njogo lan Cecekelan Mareng Agomo Islam”.

Salah Setunggalipun Perwujudan, Sangkeng Raos Syukur Kito Dumateng Gusti Allah Ta’ala Yoiku Yen To Kito Tansah Ningkataken Keimanan lan Roso Taqwa Kito Duamteng Gusti Allah Ta’ala, Kelawan Sak estu-estu Iman lan Sak Estu-estu Taqwa.

Poro pemaos ingkang minulyo ,
Sak mangke kito mlebet ten wulan Sya’ban, Wulan Sya’ban meniko, termasuk salah setunggalipun wulan engkang mulyo lan utami, Kados dawuhipun Rosululloh Saw :

Lan Kautama’anane wulan sya’ban engatase wulan-wulan liyane, iku koyo kautama’anane ingsun (Rosululloh),dibandingaken sekabehanane poro Nabi” (Hadist).

Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Rasululloh Saw saben-saben dumugi eng wulan sya’ban meniko, tansah mempeng sanget lan kiyat anggenipun ngudi tambahipun amal ibadah, Khususipun anggenipun ngelampahi ibadah poso (siam sunnah) wonten ten siangipun, lan ibadah sholat sunnah wonten ten ndalunipun.
Ngantos suwijine dinten shohabat usamah bin zaed matur : “Panjenengan saben-saben mlebet wulan sya’ban meniko anggenipun Siyam sunnah eng siangipun lan Sholat sunnah eng ndalunipun iku mempeng sanget, mboten kados ten wulan-wulan sanesipun , Niku kados pundi Ya Rosululloh ?
” .Jawabipun Kanjeng Nabi Saw : Na’am (“iyo) !, Jalaran wulan sya’ban iku wulan kang mulyo, lan wulan sya’ban iku umume manungso podo nglalekake (ora kilingan) yen saktemene ono eng wulan sya’ban meniko kabeh amale poro manungso podo diunggahake ono eng langet (ateges sedoyo amalipun manungso iku : dipun aturaken wonten ten ngarsanipun Allah Ta’ala utawi dipun laporaken dumateng Allah Ta’ala ). Mulo songko iku ingsung (Rosululloh Saw) remen banget yen tho amal-amal ingsun iku dipun Pirsani Deneng Allah Ta’ala, Nalikanipun Ingsun lagi poso lan ngakeh-ngakehaken Sholat Sunnah. (Hadist).

Eng Riwayat Sanesipun Rosululloh Saw Sampun dawuhaken : Artosipun:“Wulan Sya’ban iku biso dadi Penebus Awak Sakeng Sikso Neroko, Mongko Seng Sopo Wonge Kang kepengen ketemu marang ingsun (Rasululloh), Mongko becik ngelakoni poso ono eng wulan sya’ban, senajan namung poso 3 dino” (Al-Hadist)

Sangkeng keterangan meniko, Mongko kito sami mugiyo saget midanget, Sak lanjengipun manut dumateng sedoyo tindak lampahipun Junjungan kito Rosululloh Muhammad Saw, anggenipun nderek Mangayubagyo dumateng datengipun wulan sya’ban meniko, Kelawan ngatah-ngatahaken amal ibadah sunnah kados engkang sampun dipun Lampahi dengang Rosululloh Saw. Sesuai Kaliyan Kemampuan Soho Sesuai Kaliyan Peran lan Tugas Kito Masing-masing.





Poro pemos ingkang minulyo ,Ibaratipun wonten eng Wulan Rojab meniko Kito Sami Ndadosaken Sebagai Wulan Kangge kito Ngawiti Tumindak (Utawi Miwiti Tandur) Amal-amal Kesaenan, Sak Mangke Wonten eng Wulan Sya’ban meniko, Kito dadosaken Sebagai Wulan kanggene kito sami Mupuk utawi Nyuburaken Tanduran Kesaenan engkang sampun kito Tanem wonten ten Wulan Rojabipun, Sehinggo Sak Mangke eng Wulan Romadhon engkang dados wulan kanggene kito sami panen utawi mendet manfaat engkang ageng lan katah sanget sakeng sedoyo jerih payahipun engkang sampun kito sami lampahi, engkang akhiripun kito saget dados tiyang engkang Fitroh utawi bersih kados to bayi engkang nembe dipun lahiraken wonten ten alam dunyo.

Kangge Penutup Kulo nkilaken setunggalipun Hadist, mugi-mugi saget dados nasehat kanggene kito sami

"Tindakno Amal-amal Kesaenan opo wae kang sekirane sliramu iku biso lan mampu kanggo ninda’ake marang amalan mau, Demi Allah Saktemene Gusti Allah iku ora bakal bosen-bosen anggone nerimo lan aweh ganjaran marang sekabehane tumindak amalmu, sehinggo malah sliramu dewe iku kang rumongso bosen, anggon-mu ninda’ake amalan kesaenan mau” (Tirmidzi)

Mekaten uraian singkat engkang saget Kawulo Aturaken, Mugi-mugi Kito Saget Mekoleh Manfaat lan Saget Mendhet Manfaatipun Sangkeng Uraian singkat Meniko, Eng Wusono Mugi-mugi Kito Tansah Pinaringan Hidayah, Taufiq Soho inayahipun Sangkeng Gusti Allah ta’ala, Sehinggo Kito Saget Tansah Netepi Iman lan Islam, Sarto Pikanthuk Akhir Engkang Sae, Khusnul Khotimah Allohumma, Amin Yaa Robbal ‘Alamiin.

Ayo dulur mumpung isih waras
Ayo ngibadah sartane ikhlas
Tuwo enom podo mikiro
Jeneng manungso mesti le loro

Yen wis loro banget susahe
Badan apes eling salahe
Dek ngrasani ora berduli
Ngamal bagus den-lali lali

Sdoyo dulur monggo dho ngaji
Gawe sangu besuk yen mati
Perkoro repot kudu den bagi
Godhane setan ojo dituruti

Sebab wong mati iku wis mesti
Lamon ra ngaji bakale rugi
Ono kubur setengah mati
Mungkar lan nakir podho nggebugi

Wong tuwo loro wajib nuturi
Marang anake den wulang ngaji
Wiwit cilik di gadang mulyo
Slamet ndunyo mlebu swargo...

Gambarane wong sugih lan mlarat seng barokah



Mendhet Ilmune Saking Pewayangan
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

* Yen terpaksa dadi wong sugih , dadio wong sugih seng barokah
* Yen terpaksa dadi wong mlarat , dadio wong mlarat seng barokah

=> Koyo opo gambarane wong sugih lan mrarat seng barokah iku....?

- GARENG : Gareng niku gambarane tiang seng 99% mlebet suargo, namine gareng sanesipun injih meniko pancal pamor (wong seng gak demen kemewahan) , SIKILE JINJIT ati-ati golek siratal mustaqim, tangane nekuk ora gelem jipuk duwek e liyan , Gareng niki katah utange dadi rasanan tonggo tanggane ,nanging munggah suargo disek dhewe,mergo ora kakean pitakonan (khisab).
-Mulo ''PENGUMUMAN'' kagem masyarakat DUMAY yen kepingin munggah suargo disek dhewe syaratte kudu dadi wong kere (fekir) wehehe...

- JANOKO : Gambarane wong sugeh seng barokah ,Ghoniyuun sabiruun ,Gedhe tophone akeh tirakate akeh bondo dunyane lan bojone ,
-Nanging kagem tiang sugih niki ati-ati, kok bandane boten di tokno kangge zakat ,shodakoh damel mesjid lan lintune ,yolah kari ngenteni wektu ,milih setruk,darah tinggi ,nopo kencing manis....

=> Yen ono gambarane wong sugih lan mlarat seng barokah MESTI ono gambarane wong seng sugih lan mlarat boten barokah , sinten gambarane niki.......?

- DOSOMUKO : Niki gambarane wong sugih seng boten barokah , Bondho dunyane katah nanging mung di gae sobo kafe karaoke ngombe-ngombe kumpul karo lont*-lon*e , Yen nyambut gawe golek sandang pangan ora perduli halal kharom,iwak kadal di untal,iwak kirik ora nyirik,iwak ulo echo,prawan doyan ,rondho iyo , tonggo koyo nongko ,dulur koyo balur, biasane umahe gedhe duwe pembantu pitu ,tapi yen ono tamu seng manggak no asu ,niku namine dosomuko,gambarane wong sugih seng boten barokah
Tapi senajan ora barokah lumayan jik intuk sugih ,la seng ciloko maneh niki gruob mbelung

MBELUNG : Wes mlarat ora barokah, Nang dunyo susah ora gelem ngibadah,nyambut gawe angel tapi yen oleh duwet di gawe udu togel...

NB: Poro pemaos , Umpami di kengken milih salah sawijining saking setunggal gambaran niku wau, kinten-kinten panjenengan pilih ingkang pundhi...?

LATI



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,




ANGGAUTHO BADAN SENG PALING BAHAYANI :::::

MANGERTENONO...!!!
Anggauto badan seng paling bahaya YOIKU
emphuk lan ora ono balunge . . . Yoiku ''ILAT''
Mulo saking meniko Ilat niku di deleh nang panggonan seng paling Aman
Di Pageri nganggo untu ...Di LEM nganggo lambe , Tapi senajan koyo mengkunu , Ilat iku isih iso membho-membho dadi seng liyo

-Iso membho-membho dadi tangan ,sahinggo biso nulis status seng ora apik...

-Iso membho-membho dadi moto , sahinggo mandeng_nge nganti koyo-koyo benceni ...

-Iso membho-membho dadi sikil , sahinggo di gawe nyadhuk wong seng ora salah lan liyo liyane....

Jogo Ilat iku ora gampang , cobi panjenengan perhatek ke , Yen tangan, kuping ,moto ,irung ,sikil, yen nglakoni kesalahan gampang di OBATTI ...

Tapi yen Ilat , niku yen kadung nglarani marang wong sampek atine catu ,niku angel tambanane , iso pecah sedulur ,congkrah, jotosan , malah iso paten pinaten ,goro-gorane Ilat...

Poro pemaos ingkang minulyo , monggo kito sami angen-angen, supados kito saget jogo ilat kito kanti sak sae-saenipun lan monggo sami jogo supados saget ngindari saking prilaku duso

Yen menungso iku ora biso umung seng apik , luwih becik menengo , mergo wong meneng iku slamet ...

''Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo sami saget anggenipun jagi Ilat kito kiambak-kiambak kanti sak sae-saenipun supados kito terhindar saking perbuatan duso lan nglarani marang liyan''

"Aamiin"

Syi'ir PUTRO



BISMILLAHI....

Bungah temenen rasane ing atiku
Duwe anak podho tansah mituhu
Anggone ngaji lan sinau

Lan ngabek ti maring bapak ibune
Toto kromo ora di lalek ake
Ngajeni marang sepodho padane

Rino wengi tekun gonne ngibadah
Ora wegah gonne podho sekolah
Ugo ora tau bantah yen di printah
Yen nompho cubo ati tansah pasrah

=> Bejaning bejo ora koyo wong tuwo
Yen duwe putro taat maring AGOMO

=> Soroning soro ra koyo wong tuwo
Yen duwe putro tansah durhoko

Mulo to mulo poro ibu bopho
kewajiban ojo nganti di lerwakno
Ngertekno AGOMO maring poro putro
Mumpung isih ono Alim ulomo

Kasih sayange wong tuo



Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

DUKO NE WONG TUO NANG SLIRAMU IKU PODHO KARO DUKONE PENGERAN MARANG SLIRAMU , MULO OJO GAWE WONG TUWO DUKO

=> SAK LAWASE URIB ,ANAK ORA BAKAL BISO BALES BUDINE WONG
TUWO

- Wong tuo iku ibarate qur-an rusak , lek nyekel kudu wudhu disek lan di deleh panggonan seng duwur

-Wong tuo tau gembol anak , anak rung tau gembol wong tuo

- Wong tuwo sitok iso ngramut anak 8, tapi anak 8 rung karuan mesti iso ngramut wong tuo sitok

- Yen ono suksese wong tuo anak iso nitip kamukten , nanging yen ono suksese anak wong tuo mung bangga thok ,seng marem bojone

- Wong tuwo ngeamut anak iku seng di arep-arep gedhene , TAPI anak gelem ngramut wong tuwo iku seng di arep-arep bageane (warisan)

Kasih sayange wong tuwo nang anak iku ibarate sak doro , tapi kasih sayange anak nang wong tuwo iku ibarat mung tumo ,
SAK GEDHI-GEDHI NE TUMO ORA NGARAH BISO NGALAHNE GEDHINE DORO SENAJAN DORO NE IKU MAU KATE KECENTHET , SENAJAN TUMONE METENG ABOH DI ENTHUB TAWON

Yuuk poro konco podho eiling dek zaman semono
Naliko sek di kudang karo wong tuo
Koyo ngopo gedhene pangurbanane
Tanpo pammrih Awit dadi kewajibane

Di kadang lan di kudang sak bendinane
Supoyo besok dadi wong kang ngerti kewajibane
Iso o ngengangkat derajate wong tuo ne

Sa'iki zamane zaman modern
Bondho dunyo gumelar agawe semseng
Mulane yuk co-konco kito seng Waspodho
PANGESTUNE WONG TUO PUSOKONE KITO

SYI”ir bekti wong tuwo



Bismillah aku arep ngawiti
Marang si’iran kang banget gati
Tumrap tiyang ingkang nyaketi
Marang wong tuwo soho ing Gusti

He kaum anak padha weruha
Marang wong tuwo padha bektio
Lan pomo ojo gawe leloro
Marang sekabeh wong tuwo iro

Sabab wong tuwo akeh susahe
Mikiri anak tingkah polahe
Sing awit bayi terus-terusan
Tempoh wis gedhe anak ngelawan

Coba den pikir wong tuwo iro
Wetenge kanggo amahe siro
Sing awit bayi ning weteng loro
Awan lan wengi den pulosoro

Den gulingake iku wetenge
Nuli den barut karo bengkunge
Sehinggo oleh sangang wulane
Ning jero weteng iku bayine

Tumeko copot sangang wulane
Selajeng lahir iku bayine
Nuli wong tuwo karo-karone
Ngulati gedang kanggo ndulange

Kerono saking banget welase
Ningali bayi sero nangise
Esok lan sore longko marine
Ngedusi bayi longko sungkane

critane mbah nabi sulaiman di demo kalih babon pitek

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,
 

Anak iku beneh orane ,sholeh sholikahe kuncine ten genne wong wadhon (Alias ibune),sebab wong wadon iku bahane luwih akeh tinimbang bapak e , ibu niku bahane 75% lan bapak namung 25%, urune bapak niku namung belung kalih sungsum mawon,cuma damel cagak kersane kuat boten ambruk, tapi yen ibu niku katah ,darah daging jiwo rogo, watak wateg wahing,solah bowo ,muna muni,kelakuan anak niku sedoyo bahane saking ibune, mulane wong wadon iku yen hamil boten heid,amergi sarine di damel bentuk anak niku wau,mulane yen darahe mbok e niku boten SAE (kelakuane) Mangke anak e njih boten sae, mulane inti sarine niku ten gene ibune...



Poro pemaos ingkang minulyo , kito niki sami nyumerepi bok bilih nabi sulaiman a.s niku di samping dados rojo kalih gusti Allah di paringi mu'jizat saget nyumerepi bahase kewan nopo mawon ,

Poro pemaos zaman sak monten Nabi SULAIMAN AS niku nate di labrak/ di demo kalih rombongan pitek babon-babon , banjur wonten babon pitek niku sowan ten gene mbah nabi Sulaiman As...
- Babon Pitek : Assalamu'alaikum ...
Nabi Sulaiman as: Wa'alaikum salam ,, ono opo iki kok babon pitek podho mlumpuk rene...?
- Babon Pitek : Demo nabi Sulaiman....
Nabi Sulaiman as: Loh...demo piye....?
- Babon Pitek : La njih ngeten lho nabi sulaiman,kucing niko njih kewan,sapi jih kewan,kadal njih kewan kodok njih kewan, cobi to panjenengan tingali kucing niku anak e koyo bapak e koyo embok e enten endasse ,enten sikille , la bareng anak kulo panjenengan tingali niki kok bunder-bunder,padahal panjenengan tingali niko bapak e jago njih sae,duwur cenggere dhowo,jalune njih sae ,la niki kulo njih ayu ngeten, la lajeng anak kulo niku kok bunder-bunder niki pripun sejarahe...?
Nabi Sulaiman as: Wo...ngunu.....?
- Babon Pitek : Injih nabi sulaiman....
Nabi Sulaiman as: Yo jajal tho mulio disek golek ono bojomu manak o manek,

=> Akhire babon-babon pitek wau wangsul trus golek i seng lanang ,kepethuk nang ngisor gedhang,,,wes ora kesuen langsung clingkrik, la sak sampunipun ngoten babon pitek niku wau manak malih.
-poro pemaos ingkang minulyo, cubi panjenengan tingali ,pitek niku angger bar ngendhok mesti endoke di delok tingak tinguk ,trus muni KOK...KOK...PETHOOK...niku Asline boten kokok pethok tapi niku asline muni KOK...KOK....GAK COCOK....KOK GAK COCOK....(Anak ku kok pancet bunder-bunder iki piye...? Akhire laporan maleh ten gene nabi Sulaiman As...)

Nabi Sulaiman as: Piye hasile.....?
- Babon Pitek : Gak...cocok....gak...gak..cocok....!!!!
Nabi Sulaiman As: Yo ngene to ,aku biyen iso dadi nabi pinter koyo ngene iki ,iki barokahe bapak ku lan ibuku, bapak ku iku nabi Daud As sak lawase urip ahli poso,ibuku sak lawase urip tukang tirakat, mulo aku lahir iso dadi nabi sugih dunyo akhirat, barokahe wong tua ku, bok jajal to nerokno wong tuaku bok menowo anakmu apik....

Lajeng babon-babon pitek wau sami pamitan mulih...

- Babon Pitek : Njih sampun Nabi Sulaiman kulo pamit..Assalamu'alaikum...
Nabi Sulaiman As: Wa'alaikum salam...

=> Akhire babon pitek mulih banjur anak e di unggahne ten duwur kuaLi trus di tirakati (ANGKREM) suwene 21 dino, ora mudhun ,gak mangan gak ngombe gak turu amergo saking kepingine duwe anak seng apik,
lajeng pitek angkrem niku panjenengan tingali gulune niku obah-obah, obahe niku amergo dzikir nang gusti Allah,,,Allah...Allah....Allah....(Pitek mawon angkrem dzikir , bareng wong hamil malah delok tv ,kalah karo pitek wehehe)

La pun 21 dino banjur medhun di delok endhok ke pecah metu anak e ,iyik..iyiiik....iyiik...Lajeng babone Syukur KRUK...KRUK....KRUK...niku Asline sanes kruk..kruk...nanging AS-SYUKRU...AS-SYUKRU...AS-SYUKRU...syukur -syukur Alhamdulillah,,yuuuh,,,yuuuuh,,,anak ku malih koyo bapak e ono endasse ono sikille ,yuuuh leh ayu koyo ibune , azo nak melu ibu mlaku-mlaku golek gizi,,,,panggah syukur... AS-SYUKRU...AS-SYUKRU...AS-SYUKRU..(Bareng tiang sak niki ken syukur angel banget njih nopo boten)

Sampun niku wau crito saking babon pitek , mugi-mugi sagetto manfaati mendet hikmahe ,bok bileh kito kepingin gadah anak seng sae, monggo dipun tirakatti kanti sabar tawakal .....LILLAHITA'ALA

Syi'ir Dungo



Bismillaahir rokhmaanir rohiim

Aamiin yaa alloh yaa rohman yaa rohiim
Antal jawaadul khalim wa anta ni’mal mu’in
Amiin yaa Alloh duh gusti kang melasi
panjenengan moho lumo aris lan mitulungi

Sa-altuka robbii shikhkhatal qolbi waljasad
wa ‘afiyatal-abdaani wal-ahli wal walad
Duh Gusti kulo nyuwun sehat manah lan rogo
Lan waras badan kulo putro lan keluargo.

Wa thuula khayaatin fii kamaalistiqootin
wa khifdzom minal-i’jaabi walkibri walkhasad
Lan panjang umur kanthi sampurno istiqomah
karekso saking ‘ujub gumede drengki manah.

Warizqon khalaalaw waasi’an ghoiro naaqishin
yakuunu lanaa ‘aunan ‘alaa manhajir rosyad
Lan rizqi khalal ingkang jembar tan kekurangan
Kang mitulungi kulo ing mergi kaleresan.

Wakhaqqoka ‘arifnii wawaffiq ilaahi lil
qiyaami bihi fadhlaw wajuudam ma’almadad
Duh gusti nyuwun ngertus dateng haq panjenengan
Sagetho njumenengi kanthi anugreg Tuan.

Wa ‘arrifni khaqqol mushthofa lilqiyaami bih
‘alaa maa tukhibbuhu watardhoohu yaa shomad
Lan nyuwun ngertus dateng khaqipun kanjeng Nabi
Sagetho njumenengi ingkang Tuan ridhoni.

Wa ‘arrifni khqqol muslimiina bi-asrihi
‘alayya wawaffiq lil qiyaami ‘alal abad
Lan mugi paring ngertus khaqipun tiyang islam
Sagetho njumenengi kulo dateng khaq adam.

syi'ir Eling-eling



Bismillahirahmanirahim,,

Eling-eling yo podho eling * Elingono amal lan dosa
Sak durunge siro diprikso * Luwih becik yo di siapno

Eling-eling kiamat sughro * poro ulomo akeh sing lungo
Poro manungso adoh agomo * Esok sore mikirne dunyo

Eling- eling tondo kang liyo * Koyo Dawuh Nabi marang kito
Mabuk-mabukan tur seneng zino * Anak wong tuwo royokan bondho

Eling-eling werno sing liyo * Wong ra duwe dadi wong agung
Wong wadon jumlahe malipat-lipat* wong lanang sithik akeh sing tamat

Eling-eling dulurku islam * podho islam ojo gothakan
Nggowo ayat kanggo dolanan * Kelakuane ra duwe Iman

Eling-eling tondo kang cetho * Duwite manak yen di utang
Watake srakah omah gedean * Ngumbar finah do kelewatan

Eling-eling kanggo kitho * Ayo sedulur enom lan tuwo
Ayo cepetan eling agomo * Mengko iing tembe ben ora soro

Hab'lumminallah ,Hab'luminannas



Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo , monggo kito sami eiling bok bilih kito niki enten dunyo sedoyo kolowau ujian, Janjine kulo lan panjenengan biyen naliko sanggup dadi calon penduduk suargo ,kulo panjenengan di uji meduk enten bumi niki namung sediluk mawon ,maringeten trus mati, tugas kulo lan panjenengan ten bumi niki sakjane namung ibadah, lajeng IBADAH niku nopo TUJUANE...?

Ngeten poro pemaos ingkang minulyo , Ibadah niku enten 2 macem :
1. Hab'lumminallah (hubungan kito kalih Gusti Allah)
2. Hab'luminannas (Hubungan podho menungsane)
Tugas kito namung kalih :Nglumpukno duso kalih ,Nglumpukno ganjaran .Di antara tugas kalih meniko enten hubunganipun kalian gusti Allah lan kalih podho manungsane .
Menawi mekaten poro pemaos ,yen kito boten ngertos Hukum/Undang-undange kadang kito niki sok ngawur, wal-wal kedual sak karepe dhewe ,,LA HUKUME NIKU SENG KADOS PRIPUN....?

1. Duso lan Ganjaran antarane kito kalih gusti Allah Injih meniko:
=> GANJARAN :
- Endi ono kelakuan nopo mawon seng iso dadekne kito percoyo ananing Gusti Allah,Percoyo kanjeng nabi niku utusane gusti Allah ,iku termasuk ganjaran kelas dasar (Pondasine ganjaran namine IMAN), wong iku Nakalo koyo opo asal matine jik gowo iman percoyo anane gusti Allah lan kanjeng nabi utusane Gusti Allah ,tiang niki tasek enten harapan mlebet suargo

- Sak lajenge .Endi ono kelakuan nopo mawon ,seng iso dadek ake kito eiling kalih Gusti Allah niku jenenge ganjaran (rodok gedhi ganjarane)
,Luwih nemen Eilinge nang gusti Allah luwih gedhe ganjarane ora pati eling ora pati oleh ganjaran

- Ganjaran seng paling gedhi urusan kalih gusti Allah injih meniko undang-undange , Endi yen ono kelakuan nopo mawon seng dadekno kito Cinta / Seneng marang gusti Allah niku gedhe-gedhe ne ganjaran (duwure pun boten enten) ,Seneng boten ten cangkem lho tapi ten ati niki . Yen kito seneng kalih gusti Allah , kito di senengi maring gusti Allah, yen kito di senengi gusti Allah duso boten ke urus,sak anane duso kito di sepuro sedoyo ,asal kito di senengi gusti Allah.kito di senengi gusti Allah yen kito SEneng gusti Allah

Niku undang-undange GANJARAN kito kalian gusti Allah yakni PERCOYO , EILING , CINTA ...
Lajeng Duso antarane kito kalih gusti Allah niku nopo mawon....?



Poro pemaos ingkang minulyo Lajeng undang-undange antarane duso kito kalih gusti Allah injih meniko:

=> Gedhe-gedhe ne duso antarane kito kalih gusti Allah yoiku: Gak percoyo anane gusti Allah, yen enten wong kok ora percoyo anane gusti Allah niku gedhe-gedhene duso ,istilah arabpe KAFIR( Boten percoyo niku ati lho sanes cangkem), yen ono wong ora percoyo ananing gusti Allah kelakuan opo wae gak ono seng di tompho .,muspro tanpho guno ,benjang langsung ten neroko.Niki seng di arani gedhe-gedhe ne duso

=> Duso seng rodok gedhi: yoiku percoyo Anane gusti Allah,tapi ono kepercayaan liyo pangeran maneh liane gusti Allah,niku jenenge MUSRIK , Conto : nuwun sewu ,tiang hindu , percoyo anane gusti Allah lan percoyo anane dewo-dewo seng kuoso madani gusti Allah, Zaman biyen (zaman kolo bendhu) Percoyo anane gusti Allah lan percoyo anane dannyang-dannyang seng baurekso sak liane gusti Allah ,niku arane musrik....

=> Ingkang sak lajengipun injeh meniko , Endi ono kelakuan seng iso nglalekno kito marang gusti Allah iku jenenge duso, luwih nemen leh lali luwih gedhe dusane,gak pati lali ora pati duso (Lha niki seng katah-katahe di lampahi kalih manungso)..

Poro pemaos ingkang minulyo ,sedoyo niku wau HUKUM URIP wonten ngalam dunyo supados di gatekno temenan ,amergi tugas kito ten ngalam dunyo niku namung kalih yakni hubungan menungso kalih gusti Allah ,Lan hubungane manungso podho manungsane ,tugase nglumpukno duso kalih nglumpukno ganjaran, akeh dusane neroko panggonane ,yen akeh ganjarane suargo panggonane

La Undang-undange manungso kalih sami menungso niku nopo mawon....?



=> Undang-undange duso YOIKU : Endi ono kelakuan seng nyusahno atine menungso iku jenenge duso , Luwih gedhe leh nyusahno luwih gedhe dusane ,ora pati nyusahno ora pati gedhe dusane .
CONTO: Panjenengan nyolong duwete wong sugih 1jt ,gak pati duso ,sebab wong sugih iku panjenengan colong duwite 1jt ora pati getun mergo tunggale isih akeh , tapi ampun cobi-cobi panjenengan nyolong duwite wong gak duwe (mlarat) 50ewu iku dusane luwih gedhe ,sebab olehe nyelengi setahun delalah di colong pisan,wonge nelongso nganti geblak-geblak mergo kelangan duwet 50ewu saking susahe .
Nyolong duwete wong gak duwe 50ewu iku dusane luwih gedhi tinimbang nyolong duwet 1jt gone wong sugih.

Niku wau Undang-undang ganjaran kalih duso hubanganipun kalian menungso , yen panjenengan saget mikir /nalar panjenengan saget ngerti kiambak .sedoyo niku wau HUKUM URIP wonten ngalam dunyo..sak sampunipun ngerti monggo sami dipun tindak ake kanti sak sae-saenipun....kurang langkungipun nyuwun pangapunten lan mugi-mugi sagetto manfaat.....Amiiin

Huruf masjid

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,
 

Tin...tin...iku tandane ono montor,langsung minggir ora usah tolah toleh mundak ketabrak, semunu ugo yen ono suoro ''Hayya 'alash sholah '', ora usah takok seng adzan sopo,dang langsung mangkat mergo areb di wenehi ganjaran seng gedhe,adzan niku undangane pengeran marang kawulane ''HEY WONG DUNYO RENEO ,AKU KEPINGIN RUH KABARMU ,WARASMU,YEN GELEM RENE METUK I AKU MENGKO JALUKMU OPO TAK WEI,RENEO SEDILUT WAE'' .
La maksudte undangan niku wau di kengken sholat jamaah ten MASJID

=> Ngomong-ngomong soal mesjid ,HURUF mesjid niku lek di tulis damel arab niku wonten sekawan (مسجد) Yakni م (MIM) ,س (SIN) ,ج (JIM), د (DZAL)

Niku umpami di dawak ke artine kurang langkunge mekaten :
- م (MIM) = Niku maknane MAGHFIROH ,Sifate seng moho kuoso ,arep ngekek i pangapuro marang manungso seng urip ono ing ngalam dunyo, ngrumangsanono kakean duso, jaluk o pangapuro sedino ping limo ,sok yen mati manggon suargo....
Tangi sujud mesti muni ROBBIGHFIRLI Nyuwun ngapuro marang gusti,seng tak tiru kanjeng nabi,panutane poro santri , wiwit urip tumekaning pati , panjenengan supoyo ngerti , ben tambah manteb ono ing jero ati,ojo gampang di pengaruhi , opo maneh di ijolne supermi....

- س (SIN) : Maknane SAKINAH tentrem ing manah ,wong ahli ibadah , sikile ngidak sajadah , bathuk e tibo duwur lemah, lambene teles muni alhamdulillah , senajan uripe susah anggone golek nafkah , tapi sok yen mati nang kuburan kan bungah intuk jannah

- ج (JIM) : Maknane JANNAH ,
.Ora ono wong munggah suargo tanpho ibadah , Wong seng ibadah wae rung mesti munggah suargo
.Ora ono wong mulyo tanpo rekoso , Wong seng rekoso wae rung mesti mulyo...
.Ora ono wong pinter tanpho sekolah, Wong seng sekolah wae rung mesti pinter...
.Ora ono wong sugih tanpo kerjo , Wong seng kerjo wae rung mesti sugih.....
.Ora ono Kyai tanpo ngaji , Wong seng ngaji wae rung mesti dadi kyai..

- د (DZAL) : Niku maknane Di unggahne DERAJAT , Senajan melarat ,tapi moco syahadat lan sholawat ,di woco naliko attakhiat , nang kunu dalane ningkatno munggah derajat
(Yen ono wong mlarat ora sholat,iku jenenge mlarat lengkap)

Di pendet saking Mauidhoh Kh . Duri Ashari

sholat seng apik niku pripun...?

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo , sholat seng apik niku pripun...? Sholat seng apik niku sholat seng di tompo , soale sholat niku enten seng di tompho kalih boten di tompho , sholat seng di tompho iku (yen sholat ijen/dhewe) Naliko ALLAHU AKBAR niku kelingane namung Gusti Allah mawon,tegese pikiran, ati ,lan sedoyo anggauto badan niku melu sholat ,ora mikir opo-opo ,dunyo wes ora di pikir blas, la niku sholat seng di tompho.

Lalek kulo panjenengan jelas ora iso (ngaku mawon, njih nopo boten...?) ,Prejengane kulo panjenengan niku meh podho sholate ,boten saget kusyuk pikirane grambyang ten pundi-pundi..
La ngeten niki pripun...?,sholate syah nanging ora di tompho (mung gugurne kewajiban mawon) boten gadah utang sholat tapi boten di tompho ganjarane...Mulane monggo yen sholat ijen iku kudu di usahakne kusyuk, lek boten saget kusyuk monggo sholate di latih kanti BERJAMAAH.

Yen purun sholat berjamaah mesti di tomphone sholate ,tur ganjarane njih langkung katah, angger gelem sholat jamaah niku di jamin kyusuk e ten tulisan buku amale, umpami sedoyo jamaah niku sholatte blarah kabeh ,nanging enten seng kyusuk setunggal niku pun di catet kalih malaikat kusyuk sedoyo, umpami imam kalih makmum blarah kabeh ora ono seng kusyuk tapi kok shoff barisane solat kenceng rapet niku njih pun di catet kusyuk,umpami sedoyo blarah shoffe boten rapet tapi tasih angsal fadilahe saking jamaah niku mau ,lajeng teteb di catet kusyuk ten buku amale ....pripun niki ENAK NOPO ECO lek purun JAMAAH......?

Mangkane MONGGO sholat te kanti berjamaah dipun kulinakne, lek ngandalne sholat ijen/dhewe alah angel poro sederek...!!! mangakne di latih sholat jamaah senajan grambyang teteb di tompho.

LALEK REPOT BOTEN SAGET JAMAAH PRIPUN.....?????
niki wonten alternatif ke 3 :
YOIKU : Senajan sholat ijen monggo di usahakne FI AWALI WAKTI HA (Ing dalem kawitane wektu)
Maksudte ing dalem kawitane wektu niku pripun...?
Conto : Seng petani wayahe panenan repot jik nang sawah,trus krungu adzan niku langsung sholat ampun di OLOR-OLOR,pacul di selehno golek banyu galengane di guyang banyu resik x3 langsung nindak ke sholat ,
Seng sopir / blantik / pedagang njih ngoten,,,umpami krungu adzan langsung mampir ten langgar masjid langsung kawitane wektu ojo di olor-olor langsung sholat.
(niki kagem seng ruepotte tenanan) sholate awal waktu ,mangke grambyang-grambyang sitik di tompho ,tapi ampun nemen-nemen grambyange . MULANE LATIHAN KUSYUK , nanging seng jenenge kusyuk niku ANGEL

Mulo monggo Sholate di usahak no kanti berjamaah ,yen sholate sampun di tompo sedoyo duso di ngapuro(di ilangi) kalih gusti Allah ...Allahuma Amiiiin....
Padahal seng jenenge duso sak niki bleduk njih nopo boten....?