Selasa, 27 Agustus 2013

WAJAH BERSINAR

★ WAJAH BERSINAR ★
======OO======

بِــسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَـنِ الرَّ حِيْــمْ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَا لَمِيْنَ، وَالصَّلَا ةُ وَالسَّلَا مُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدِ نِ اْلقَا ءِىلِ

⇉ Poro pemaos ingkang minulyo :
Dino kiamat besok wajahe manungso iku bedo-bedo ,
• Ono seng mencorong koyo lintang, sopo rupane...? Yoiku yen ono adzan wong iku mau cepet-cepet wudhu, kok ono wong naliko wes adzan dewek e cepet-cepet wudhu ,iku besok nang akhirat wajahe mencorong koyo lintang,
• Ono seng ngungkuli padang maneh yakni koyo rembulan , sopo rupane...? Yoiku wong seng nang dunyo yen ono suworo adzan dhewek e wes wudhu,
• Ono seng luwih padang maneh koyo dene srengenge , sopo rupane...? Yoiku wong seng ono adzan dhewek e wus wudhu lan wes nang musholla / masjid, wong seng koyo ngunu iku besok wajahe mencorong koyo dene srengenge (matahari)

⇉ La rotho-rotho kebanyakan tiang niku yen ono adzan podho leha-leha , seng lanang-lanang podho udhud't sek , seng delok tv ngenteni seponsor (iklan),nah tiang ngeten niki besok wajahe njih murup, NING koyo lilin , kelip..keliiip...njih lumayan tasih koyo lilin timbangane mati pletes, njih nopo boten...?
• Enten malih waktu sholat jamaah wes buyar,alias di olor-olor ,mengko-mengko , dilit engkas , LA niki njih tasek teteb murup benjing wajahe,njih tasik mencorong ,NING koyo TEGESAN .

NB: MUGI-MUGI KULO LAN PANJENENGAN SEDOYO BENJANG WAJAHIPUN SAGETTO BERSINAR LIR KADYO SRENGE_NGE ,,,ALLAHUMA Amiiiiiiiiiiiiiiiin .....!!!!!

MATI SAK JERONING URIP , URIP SAK JERONING MATI



★MATI SAK JERONING URIP , URIP SAK JERONING MATI★

بِــسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَـنِ الرَّ حِيْــمْ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَا لَمِيْنَ، وَالصَّلَا ةُ وَالسَّلَا مُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدِ نِ اْلقَا ءِىلِ

Poro pemaos ingkang minulyo :
Mati sak jeroning urip , urip sak jeroning mati yoiku seng di arani wong nglakoni SHOLAT , sebab nopo...? , di arani mati kok jik jenthat-jenthid , di arani urip di celuk kok meneng wae, mulane wong sholat iku persis wong mati ,

• Wong mati iku di depno kiblat , wong sholat njih madep kiblat
• Wong mati iku di sendakepno , wong sholat njih sendakep
• Opo maneh wong wadhon-wadhon niku , damel putih-putih ,wah jan persis ,njih nopo mboten....?

⇉ WONG SHOLAT MESTI URIP , WONG URIP RUNG MESTI SHOLAT
⇉ WONG SHOLAT MESTI ISLAM , WONG ISLAM RUNG MESTI SHOLAT

★SHOLAT IKU PENTING OJO SENG PENTING SHOLAT★

• Ayo podho sholat kanggo sangu neng akhirat
Pitulas roka'at rino wengi ojo nganti telat
• Mbesok dino kiamat kabeh amal bakal di hisab
Sholat dadi kunci pitakonan nomer siji
• Yen becik sholatte di anggep becik kabeh ngamale
Yen rusak sholatte di anggep rusak kabeh ngamalle

NB : Urib nang dunyo iku ora suwe
ibarate mung mampir ngombe
senajan uribpe sewu tahun lawase
yen ora sembahyang ora ono gunane

Syi'ir ojo dumeh



O=======~♥~========O
MONGGO SHOLAWATAN NJIH
JUDULIPUN OJO DUMEH
O=======~♥~========O

بِـــــــسْمِ اللَّــهِ الرَّ حْمَــــنِ الرَّ حِـــيْـــمْ

♫...ILAHIANTA MAKSUDI WARRIDHOKA MATLUBI
ILAHIANTA MAKSUDI WARRIDHOKA MATLUBI...♫

♫...Ojo dumeh ngguya-guyu dadi banyu
Njur gawe banjir lali pengeran lali dzikir...♫

♫...Ojo dumeh murang muring dadi angin
Njur mabur ngawiyat lali sanak lali brayat...♫

♫...Wes rumangsane awak e sugih
Dadek ake gedhi atine...♫
♫...Becik ake awak e dhewe
Wong liyan di celo ake...♫

♫...Ojo dumeh yan methi-thi dadi geni
Njur gawe kobar lali sanak lali dulur...♫

♫...Ojo dumwh gedhe ati dadi bumi
Njur gonjang ganjing gawe rusak nantang pati...♫

♫...Ojo rumongso ahli suwargo
matek ake geni neroko...♫
♫...Becik ake awak e dhewe
Wong liyan di celo ake...♫

♫...ILAHIANTA MAKSUDI WARRIDHOKA MATLUBI
ILAHIANTA MAKSUDI WARRIDHOKA MATLUBI...♫

Sabtu, 24 Agustus 2013

MENDHET ILMUNE SAKING ♣ ULER ♣



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

⇉ Poro pemaos ingkang minulyo :
♠ Uler niku termasuk kewan seng duweni ciri 4 (papat) , Yo GATELLI , YO NGGILANI , YO RAKUS , YO TUKANG NGRUSAK , la amergo uler iku mau gilani rakus tukang ngrusak yen ketemu menungso di pateni di obori di semprot , TAPI ono uler iku seng pinter, amprihe gak di pateni wong piye..? Uler mau ''NDELIK'' , Delik nang jero godhong ,mlebu nang jero godhong ,godhonge di gulung sui-sui dadi ''ENTHUNG'' wes ora nggilani ,sebab wes ora gelem mangan opo-opo lan ora ngrusak tanduran , malah bucah cilik cah nom wong tuo podho dulanan enthung ,
♫...Enthung endi elor endi kidul....♫

♫...Enthung endi elor endi kidul....♫ Wehehe

♠ Yen wes dadi enthung bakale dadi kupu, yen wes dadi kupu mabur nang ngalam yuswantoro, seng di pangan dudu godongan ning seng di pangan yoiku sarine madu

⇉ Menungso iku yo ngunu, kadang-kadang yo nggilani ,RAKUS, YO GATELLI , la timbange ngoten niku dang DELIK, Yen uler delik e nang jero godhong TAPI yen menungso delik e nang jero SENTHONG (kamar) , yen uler sui-sui dadi enthung yen wes dadi enthung dadi kupu , menugso yo ngunu yen wes mlebu senthong seng di lakoni sopo pengeranmu ''LAILLAHA ILLALLAH'', yen uler wes dadi kupu mibur nang ngalam yuswantoro seng di pangan sarine madu , TEGESE kulo panjenengan niku yen purun dzikir ten ngarsane Gusti Allah besok bakal ngombe bengawan susu lan segoro madu....

URIB PO NGANGGO WATON , OJO WATON URIB


Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Wong urib iku ojo waton urip , ning urip nganggo waton , tiang yen waton urip niku njih sak...sak e,,,termasuk sak karepe , sak kepenak e , lan sak...sak pinunggalane niku namine mung asal urib ,
Lajeng urib seng nganggo waton niku pripun...? njih meniko urib ingkang cecekelan marang AGOMO (nganggo agomo) , sebab nopo...? seng bedakne antarane HALAL lan HAROM niku agomo , iki OLEH iki BOTEN OLEH niku agomo , Iki PERINTAH iki LARANGAN niku sedoyo ajarane Agomo , mulane ''AGOMO IKU ORA CUKUB DI AKONI NING YO KUDU DI LAKONI''

NB : Urib tanpo AGOMO manungso tanpo BUSONO,
Mulo ngertio ayo podho ngajio
Amergo ILMU uribmu maju , tanpo ilmu uribmu kliru

URIBPO NING KOLO BENER-BENER ONO LAN NYOTO

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Naliko lahir boten beto nopo²
Naliko sedo njih boten beto nopo²
⇉ Waktu teko lan waktu lungo kito niki boten beto nopo²

Ojo sombong amergo sugih bondo lan duwe pangkat drajat
Ojo minder mergo mlarat lan elek...
⇉ Bukane awak dhewe niki sedoyo namung TAMU , lan nopo ingkang dipun gadahi niki namung SILIHAN

TETEB nglegowo sepiro duwure derajat kito
TETEB percoyo diri sepiro kekurangane kito
⇉ kito niki lahir boten beto nopo² , Lan sedo njih boten beto nopo²

PRAMILO SAKING MENIKO PORO SEDEREK ,
kito kedah selalu ~♥~BERSYUKUR ~♥~ wonten ing kawontenan nopo mawon

NB : URIBPO NING KOLO BENER-BENER ONO LAN NYOTO KANGGO AWAK E DHEWE , YOIKU SA'IKI , DUDU BAYANG-BAYANG ING MASA KEPUNGKUR UTOWO MASA DEPAN SENG DURUNG TEKO

⇉> SETUJU PORO SEDEREK.....?☻

SODAKOH O masio mung kaliyan SEULAS esem



~♥SODAKOH O masio mung kaliyan SEULAS esem♥~

بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

☻ Poro pemaos ingkang minulyo☻
♠ Sedekah yoiku nyuka'aken samukawis dhateng tiyang benten kaliyan ngarepaken ridhanipun saking Gusti Allah SWT. Sedekah klebet amalan ingkang terpuji sanget ugo dianjuraken ing ndalem agami islam, paling utami kunjuk ingkang berkecukupan.

♣ Sodakoh saged diwujudtaken lebet macem-macem bentuk ipun, bahkan ngempet awak badane mboten ndamel kawonan/ olo dhateng tiyang benten niku njih klebet sedekah. pramilo saking punika, bersedekah dianjuraken kunjuk saben muslim ,ngeling - ngeling hukum bersedekah yaiku sunah.

NB : '''' Tiang shodakoh niku boten bakal MLARAT ning malah KUAT , Boten RUBUH ning malah BAKOH , Boten WUTAH ning malah WUTUH ''''

Mati iku koyo lawang



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Dawuhe kanjeng nabi Mati iku koyo lawang angger wong bakale mesti podho ngliwati , jenengan riyen yo iso kulo kari njih saget ,jenengan riyen boten nopo-nopo kulo boten loro ati
Yen wes teko titimongsone manungso nang dunyo iki entek kontrak e wes ora iso semoyo , wong iku gowo jatah umur dhewe-dhewe,sak menit di undur zo ora iso sak detik di jokno yo ora iso

Poro pemaos ingkang minulyo :
♠ Keno opo kok umure menungso iku di rahasiakno deneng Gusti Allah ,...? kok umpomo ,conto ,kulo semereb umur kulo ten bathuk kulo enten tulisane 93 tahun <== ''UMPAMI LHO'' wehehe ,kulo niki bakale sombong / takabur / gembedhe / ledha ledhe / mendhele, sebab nopo ngerti yen umure dhowo , numpak montor sak banter-bantere , lan ora wedi yen di tabrak trek /sepur ,soale umurku dhowo ora bakal mati , ◘NJIH NOPO BOTEN....? ◘

♠ La sakniki umpami umure cendek , katek wonge ayu / ganteng nopo boten susah...? ''UMPAMI'' Mbah OJO DUMEH di tulis umure 25thun, la pass umur 22thun mangke seng purun ngamek bojo sinten...? nopo boten rugi leh ngragatti ,kejobo ngoten mbah ojo dumeh njih susah , nongas nangis , jare di takok i mbak yune , ''NYAPO NANGIS...?'' , jawabane , ''RAROH YE UMURE KARI TAHUN IKI'' , Bareng kurang 2dino lungo nang pasar TUKU PATHOK an ,,,
☻ MULANE UMUR NIKU R.A.H.A.S.I.A..... ☻

NB : Mulo dulur , mumpung dereng ketekanan ajal ,monggo sami NGIBADAH ,ibadah niku penting OJO seng penting ibadah

Syi'ir TOMBHO WARAS

MONGGO SHOLAWATAN wehehe
Judulipun ☻TOMBHO WARAS ☻

...♫ ALLOHUMA SHOLLI WA SALIM ALA
SAYYIDINA WAMAULANA MUHAMMADIN
ADADAMA FI'IL MILLAHISHOLATAN
DAIMATAM BIDA'UWAMI MULQILAHI...♫

↨ .......♫ ...♫

...♫ Tombo waras iku ono limang perkoro

Kaping siji Jeroan qur'an lakonono ...♫

...♫ kaping pindo saben wektu Eilingo Allah

Kaping telu longan peteng padangono...♫

...♫ Kaping papat mulang sarak lerenono

Kaping limo Ngaji ilmu dang amalno...♫

Limo sopo sak kabehe ngelakoni
Insya Allah gusti Allah kang manjingi...♫

...♫ ALLOHUMA SHOLLI WA SALIM ALA
SAYYIDINA WAMAULANA MUHAMMADIN
ADADAMA FI'IL MILLAHISHOLATAN
DAIMATAM BIDA'UWAMI MULQILAHI...♫

BY : ][ JAGAT SHOLAWAT #GUS_IMM AL_LADUNI ][

Ojo seneng ALOK lan GETHING wong

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Yen ono wong nakal koyo opo ojo ngasi di gelakno,ojo sampek di lok no,wong kulo jenengan niku njih boten semerep sepiro nakale tiang niku/ apik e sepiro .
Tiang apik kalih tiang elek niku asline ora pati bedo, Wong apik iku yo tau elek, wong elek iku yo tau apik,cuma wong apik iku apik e kalih elek e tasih katah apik e,lek wong elek iku apik e kalih elek e tasik katah elek e,yo tau apik ☻NJIH NOPO MBOTEN☻?




♫ Luwih becik guyub bebrayan
lan gotong royong kabeh gawean
ojo do ureg padu sulayan
banget sarune yen mireng liyan ♫

♫ Luwih becik do tepo seliro
dadi wong tuwo sugih ngapuro
dadi wong nom dugo kiro
siji-sijine jo gawe loro ♫

♫ bejo-bejo sing padha eling
sing ra bejo sing padha mbeling
Dzat kang gawe langit lan bumi
iku bakale ingkang ngukumi ♫

♫ mugi Alloh paringi gampang
dalan neroko anggenipun nyimpang
lan nggampangake anggenipun ngambah
dalan suwago gak duwe wegah ♫

♫ Ya Alloh Gusti kulo nyuwun
pinaringan gesang makmur
saget ngibadah lan saget syukur
nafsu syetan sageto mungkur...♫
Allahuma Amiiiiiiiiiiin.......

NB: Ojo sok ALOK marang UWONG , sebab wong Alok iku gampang MELOK , Lan ojo sok GETING marang wong , sebab wong geting iku gampang NYANDING
 

INDONESIA MERDIKO





Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Tanggal pitulas agustus tahun sewu sangang atus patang puluh limo crito sejarah indonesia merdiko , bebas saking jajahane jepang lan londo mulo ayo dilestarekno , ngelingake rekasaning perjuangan zaman semono , ''TUKU TAHU NANG SUKOREJO , AYO BERSATU BANGUN NEGORO''

sewidak wolu tahun nikmat kemerdekaan bebas saking jajahane londo lan jepang , ''SIJI LORO TELU , SENG PODHO BERSATU'' , mulo monggo dulur kakung lan putri ojo podho lali perjuangan poro pahlawan kito. ''TELU PAPAT LIMO , AYO BANGUN NEGORO'' , Zaman naliko di jajah londo lan jepang iku soro, kerjo paksa ora tau bayaran bener salah teten di dugang...

MONGGO SHOLAWATAN KANGGO SYUKUR

SHOLAATULLOH SALAMULLOH 'ALAA THOHA ROSULILLAH
SHOLAATULLOH SALAMULLOH 'ALAA YAASIIN HABIBILLAH

Poro pejuang gedhe semboyane
Becik mati labuh negarane
Bambu runcing keris tombak gamanne
Gusti Allah ridho ono hasille

Merdiko ojo di salah artekno
Kebebasan rebutan penguoso
Kudune bangun jiwo lan rogo
Ning nyatane kok podho suloyo

Wes merdiko negarane makmur
Ning nyatane kok malah ajur
Mergo jare podho ora gelem akur
Sing nang ngisor ugo sing nang duwur

SHOLAATULLOH SALAMULLOH 'ALAA THOHA ROSULILLAH
SHOLAATULLOH SALAMULLOH 'ALAA YAASIIN HABIBILLAH





Alhamdulillah 68 tahun kito merdiko uwal saking jajahane jepang lan londo, pramilo saking meniko monggo kito kedah sami bersyukur, lan ampun ngasi lali kalih perjuanganipun poro mbah-mbah e siyen, mangan ora enak , turu njih boten enak sebab nopo...? mbah-mbahe awak e dhewe niku di kengken kerjo paksa ,bener salah teteb di dugang, kamongko iku ngunu ora tau bayaran.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Tanggal 17 - 8 - 45 indonesia merdiko , yen kito purun angen-angen / di oncek i ,ongko niku enten hubunganipun kalian masalah SHOLAT, Indonesia niku merdiko tanggal 17 ,
- pitulas niku sami kalian jumlah roka'at sholat limang wektu ,
⇉ Isya' = 4
⇉ Subuh = 2
⇉ Dhuhur = 4
⇉ Asar = 4
⇉ Lan Magrib = 3
Niku jumlahe enten 17,

- Lajeng ongko 8 niku inggih meniko KUNCINE SHOLAT , YAKNI
⇉ ROBBIGHFIRLI
⇉ WARHAMNII
⇉ WAJ'BURNI
⇉ WARFA'NII
⇉ WARZUQNI
⇉ WAHDINI
⇉ WAAFINI
⇉ WA'FUANNI

- Lajeng 45 niku 4+5 jumlahe niku enten 9 , la songo niku sebagian saking SYARAT SYAHHE SHOLAT , Tegese yen naliko sholat niku kedah nutup/mepek babakan howo songo, nopo bolongan 9 (songo) niku...? njih meniko
⇉ Kuping enten kalih
⇉ Moto enten kali
⇉ Irung enten kalih
⇉ Lambhe enten setunggal
Jumlahe pun 7 , kirang kalih , la bolongan seng kalih enten ngisor, panjenengan padosi kiambak , soale kulo RUH genne TAPI boten RUH jenenge.....wehehe

NB : MERDEKA
 

Kamis, 15 Agustus 2013

Cah nom zaman sa'iki



Bismillahirahmanirahim,,
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Cah nom zaman sa'iki :

- Pacare gering bingung , ning yen EMAK e gerah ora piye-piye

- Pacare Ultah bingung golek hadiah kado , Ning yen EMAK e seng Ultah meneng anteng g mau tau / dungakne

- Pacare durung mangan di takon-takon i , Ning yen EMAK e durung maem biasa wae

- Pacare nesu-nesu sedih , EMAK e nesu bales di nesoni

- Butuh pacar saben wektu , Butuh EMAK pas yen ono kareb pe

- Naliko seneng karo pacare , Pass susah karo EMAK e

- Pacare nangis di cup's..sup's , EMAK e nangis di jarno wae

=> TAPI YEN PASS WAYAHE :

� Gak Duwe duwet di gawe kencan karo pacare ..? jaluk EMAK e

� Gak ngerti tugas sekolah PR ..? Takok nang EMAK e

� loro (sakit) nggruguh / sambat ..? EMAK e

� Sedih,duka,lara .. ? EMAK e

� Di seneni bapak ane wadhul nang...? EMAK e

� Opo wae ngomonge nang...? EMAK e

� EMAK e gak ono BARU.....? NANGIS....

NB: KEJEM OPO DUK SIH YEN KOYO MENGKUNU PORO SEDEREK....?

emaakkkkkkkkkkkkkkkkkk............eeee

luph u full

Kasih sayange wong tuo nang anak iku di ibaratne sak doro , tapi lek kasih sayange anak nang wong tuo iku ibaratte mung sak tumo .
Sak gedhi-gedhine tumo ora ngarah iso ngalahne gedhine doro senajan doro iku mau kate kecenthet , senajan tumone meteng aboh di enthub tawon

''SAK BEJO BEJANE WONG LALI ISIH LUWIH BEJO WONG KANG SENG EILING LAN WASPODHO''

3 perkoro


Bismillahirahmanirahim...Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

MANGERTENONO.....!!!!!!
Urip ono ing ngalam dunyo iki bakal nglakoni 3 (telung) perkoro , lan 3 perkoro niki monggo kedah sami kito angen-angen...

=> 3 perkoro seng ora bakal iso balik ono ing dunyo yoiku:
1. Wektu
2. Umungan
3. Kesempatan

=> 3 Perkoro seng iso ngrusak uribpe wong Yoiku:
1. Ke-marahan
2. Ke-angkuhan
3. Dendam

=> 3 Perkoro seng kudu di cekel supoyo ora ilang Yoiku:
1. Harapan
2. Ke-iklasan
3. Kejujuran

=> 3 Perkoro seng berharga yoiku :
1. Kasih sayang
2. Katresnan
3. Ke apik an

=> 3 Perkoro ono dunyo seng ora tau pasti yoiku :
1. bondho
2. Kesuksesan
3. Ngipi

=> 3 Perkoro seng bentuk karakter re wong yoiku:
1. Komitmen
2. Ketulusan
3. Kerjo keras

=> 3 Perkoro seng iso dadek ke sukses yoiku :
1. Tekat
2. Kekarepan
3. Fokus

=> 3 Perkoro seng boten kito ngerti yoiku:
1. Rezeki
2. Umur
3. Jodho

=> 3 Perkoroseng pasti ono dunyo yoiku :
1. Tuwo
2. Loro (gerah)
3. Mati

NB : Ya allah mugi-mugi tiang ingkang sampun maos tulisan niki panjenengan tetepi iman ,panjenengan katahaken rizkine,panjenengan paringi kesehatan lan saget nglampahi ibadah kanti istiqomah , Lan mugi-mugi nopo ingkang dipun tuju sagetto tinemu , nopo ingkang dipun maksud sagetto katut , nopo ingkang dipun gayuh sagetto kawunduh , nopo ingkang dipun sejo sagetto nyoto , Allahuma amin......

Syi'ir NARKOBA



BISMILLAH

MARHABAN YANURROL AINI MARHABAN JADAL KHUSAINI
......MARHABAN....
MARHABAN AHLA WASALAM MARHABAN YA KHOIRRODA'I

poro kawulo mudo ono ing zaman tuwo seng waspodho
ojo nganggo narkoba seng dadi larange negoro ugo agomo
sebab iku bakal di laknat kalih gusti pengeran kito
ojo ngasi siro nurutti nafsu seng nyengsarakno

sak iki gak...gak...gak....kudu janji gak....gak....gak
kudu janji gak.......... (kudu janji gak)

sak iki ku gak...gak...gak ku gak gelem gal...gak....
ku gak gelem gak...... (ku gak gelem gak)

Narkoba ino....(ino) , mbok yo di tinggalno
supoyo urippe ora dadi soro ing alam dunyo lan alam boko
Mulo pemudo....(mudo) harapan agomo
Kudune seng ati-ati marang narkoba seng bahayak no

GORO-GORO NARKOBA PEMUDO TINGKAHE OLO
GORO-GORO NARKOBA PEMUDI PODHO SEMBRONO
GORO-GORO NARKOBA MUDO LAN MUDI SENGSORO
GORO-GORO NARKOBA CITA-CITA BISO SERNO

MARHABAN YANURROL AINI MARHABAN JADAL KHUSAINI
MARHABAN AHLA WASALAM MARHABAN YA KHOIRRODA'I

NARKOBA => lajeng kulo kedah bejo gendru''WOW'' ngoten...

NEXT ROMADHON



BISMILLAH ,WALKHAMDULILLAH
WASSHOLATUWASSALAMU'ALA ROSULILLAH

Puji Syukur dateng ngarso dalem Allah Ta’ala engkang sampun pareng pinten-pinten nikmat dateng kito sami, sehinggo kito taseh dipun paringi kesempatan kangge nindak’aken amal kesaenan kangge bekal gesang kito sak mangke eng alam akhiratipun.

Al-khamdulillah.......,Selami Setunggal Wulan Kapengker, ten sak lebetipun Ramadhan kito sampun dipun didik, dipun tatar, dipun bimbing, kelawan syari’at soho dipun awasi lan dipun nilai langsung deneng Ngarso dalem Allah Ta’ala, Kakaulihi Ta’ala : AS SYIYAMU LIE, WA ANA AJZI BIHI.....Puasa itu hanya Untuk Aku (Allah), dan Aku (Allah) sendirilah yang akan menilai (memberikan penilaian terhadapnya).....(Hadist)

poro pemaos ingkang minulyo
Mugi-mugi Ramadhan saget dados pembersih jiwo, manah soho dateng sedoyo perkawis engkang mboten sae, engkang pokok sumberipun inggih meniko : “Amargo kito meniko tansah nututi soho tansah ngumbar dateng howo-nafsu utawi kekerepanipun awak kito”.

Pramilo mekaten sak bakdanipun kito selesai (mungkasi) anggenipun nindak’aken Mukhasabah An-nafs lan Jihad Akbar (merangi & mekek dateng howo nafsu kito) mugi-mugi sak mangke kito saget pikantuk kemenangan engkang hakiki, yoiku saget dados golonganipun tiyang-tiyang : engkang MINAL ‘AIDIN WAL FAIZIN.....amin.

Anangeng kito ampun ngantos mandeg (berhenti) namung dumugi semantenke mawon, sebab mboten wonten alasanipun, tumrapipun kito, kangge berhenti (mandeg) kangge tumindak lan nindak’aken amal-amal kesaenan soho ngabekti dateng Ngarso dalem Allah Swt wonten eng gesang kito, malah kito dipun syari’ataken supados tansah langkung tekun lan terus-menerus (kontinue) utawi tansah Istiqomah, ngantos akhir khayat kito :

Allah Swt eng Al-Qur’an sampun pareng syariat :

”Wallohu ’Alam Bi Muroddihi......,Mongko lamon Sliramu iku wis rampung (anggone) Ngerjake Sijine Kewajiban (Tugas),Mongko enggal-enggalo (siap-siapo) kanggo Ngerjak’ake marang Kewajiban (tugas) kang Liyane lan Marang Pengeranmu, Mongko Sliramu iku Tansah Ngarep-ngarep (utawi tansah Nggantungake Harapanmu)”.

Keranten memang sampun dados kewajiban soho tugas kito sami, yoiku kedah lan tansah ngabekti (ibadah) dateng Ngarso dalem Allah Ta’ala :

”Wallohu ’Alam Bi Muroddihi......,Lan Ingsun (Allah) iku ora Nyipta’ake (marang) Jin lan Menungso, Kejobo Supoyo Dewe’e iku (tansah) Ngabekti Marang Ingsun (Allah).....” (AD-Dzaariyat : 56).





Poro pemaos ingkang minulyo :
Sak mangke kito sami, sampun dipun bersihaken soho sampun dipun suci’aken (wangsul dateng Fitrah kito), sekabehane luput lan doso sampun dipun lebur eng sakjerone “Ramadhan”, Sehinggo kito Lir Kadiyo Jabang Bayi engkang Suci lan Bersih engkang nembe dipun lahiraken deneng Ibu kito, Milo monggo kito Jagi lan kito lestare’aken Kesucian soho kebersihan ipun jiwo lan manah kito, ampun kito regeti maleh kelawan reregetipun doso lan keluputan, Amargo nututi marang Howo Nafsu lan Tulul ‘Amal (Dawanipun Pengangen-angen).

Ten setunggalipun riwayat dipun sebataken, bileh saben-saben mlebet eng wulan syawal, Pemimpinipun Iblis Laknatullohi ‘alaihi......sami jerit-jerit ngantos suwantenipun ndamel kaget sedoyo pasukan lan penghuni alam syetan, sehinggo sami kempal poro syetan ngadep dateng pemimpin ipun, lajeng taken: Perkawis punopo engkang sampun nyebabaken tuan sami jerit-jerit...lan ngantos bendu meniko?, jawabipun Rojonipun Iblis Laknatullohi ‘alaihi : “Ora ono opo-opo, tetapine ono eng dino (Syawal) iki Allah Ta’ala iku, temen sampun pareng pengapuro (nglebur marang doso-dosone) umat iki, Mongko aku pritahake marang sliramu kabeh (Hai pasukanku), sliramu podo gaweyo sibuk (marang umat iki) sibuk kelawan kenikmatan dunyawiyah lan sibuk nututi marang howo nafsune dewe-dewe , sehinggo Allah Ta’ala iku dadi Bendu marang Ummat iki”

Poro pemaos ingkang minulyo :
Milo, monggo kito tingkataken semanget kito kangge ngudi kesaenan, kelawan nindak’aken amal-amal kesaenan lan ningkataken raos syukur kito dateng sedayo nikmat-nikmatipun Allah kelawan ningkataken Ibadah (Ngabekti) dateng Allah, yoiku kelawan berusaha kangge nindak’aken syari’at-syari’atipun Agami, engkang saget dadosaken kito meniko parek dateng Allah, Parek dateng Rahmatipun Allah, lan saget Pikantuk Ridlanipun Allah Ta’ala, Sehinggo kito dipun tebihaken sakeng bendu, soho Azabipun Allah Ta’ala.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Mekaten engkang saget dipun aturaken, mugi-mugi saget manfaati dumateng kito sami, sehinggo kito saget dodos tiyang-tiyang Mukmin engkang Muttaqien lan saget kalebet golonganipun tiyang-tiyang engkang kalebet MINAL ‘AIDIEN WAL FAIZIN,…… Bersih Lir Kadiyo Jabang Bayi engkang nembe dipun lahiraken sangkeng Rahimipun ibu kito, sehinggo kito sak mangke saget pikantuk akhir engkang sae KHUSNUL KHOOTIMAH, Amien Yaa Robbal ‘Alamien.

Dalem nyuwun seh agunge samudro pengaksami (maaf engkang katah), menawi wonten klenta-klentu nipun pematur kawulo, mugi punopo engkang kawulo aturaken saget mbekto manfaat lan angal piwales sangkeng gusti kang murben dumadi Allah SWT, amin.

Jumat, 09 Agustus 2013

Ucapan dinten riyadin








Srengenge Idul Fitri anggawa pangarep-arep,
silaturahim kanggo lantaran rumakete ati.
Kita sedoyo caos pangapuro kanthi mantep
nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati...

البِسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَنِ الرَّ حِيْمِ

ﺗَﻘَﺒَّﻞَ ﺍﻟﻠّﻪُ ﻣِﻦَّ ﻭَ ﻣِﻨْﻜُﻢْ ﺗَﻘَﺒَّﻞْ ﻳَﺎ ﻛَﺮِﻳْﻢ

Juminten mbeber kloso,
Dodol kupat ning ngarep gapuro.
Wonten dinten riyoyo, menawi lepat kulo nyuwun ngapuro.
Mugi-mugi Allah maringi pepadang kagem sedoyo...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Mlaku-mlaku ning Malioboro
Menawi sayah numpak becak luwih sekeco
Sugeng riyadi kagem panjenengan sedoyo
Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapuro
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Pitik kate rupane putih
Pitik alas rupane coklat
Idul Fitri ati manungsa bali putih
hawa-nafsu dikendali kanthi tobat
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Gunung Merapi rupane biru
dicedaki dadi ijo wit-witan cemara
Menawi kula gadhah keliru
nyuwun agenging samudra pangapuro

::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Gunung Merapi, Gunung Merbabu,
tansah jejer kaya sedulur kembar
Aku sing wis tau nglaraake atimu
njaluk samudra pangapuramu kang jembar...
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Sewulan kito nglakoni poso
Nindak ake dawuhe sing Kuoso
Kanggo nyambut dino Rioyo
Salah lan luput nyusun sepuro

::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::

Kulo minagkani wakil saking admin , bade ngaturaken sedoyo pinten-pinten kelepatan kulo ,muna-muni , solah bowo , kata-kata , unggah ungguh , tumindak , POSTING, ingkang boten ngremenake ing manah ,mugi panjenengan sedoyo paring pangapuro dumateng kawulo
Semunu ugo panjenengan ,menawi lepat njih kulo paring pangapuro dateng sedoyo kemawon.....

Ngaturaken wilujeng Idul Fitri 1434 H.
Nyuwun gunging pangapunten.
Mugi kito kanugrahan jatining fitrah saking gusti ingkang Maha Pemurah. Amin...

GORO-GORO

''GORO-GORO''

البِسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَنِ الرَّ حِيْمِ

Opo to isine Goro...goro ing PAge dalu puniko ,
goro...gorone injih meniko kulo bade matur sekedap babakan kahanan dunyo khususe ing zaman sak meniko
Milo monggo sami dipun meringno
Menawi boten kerso njih boten nopo-nopo ,kulo boten mekso

GORO...GORO...!!!
Iki ono cerito kahanan ono ing dunyo
Pancen aneh di rungokno tapi iki uwis nyoto

Akeh wong ngaku islam agamane tapi tumindak e sak karepe dewe
Zamane wes zaman tuo akeh manungso wes angel di toto maring tuntunane agomo
Senengane malah podho gae duso
Tumindak duso sak bendino podho ra kroso

Tekane wayah rendheng dadi ketgo
Aduuh...yo panase yo sorone
Ketigone dadi tambah dhowo
Tekone udan ugo ora di songko

Ojo podho nelongso zamane pancen rekoso
Ayo podho seng sregeb makaryo
Sujud marang kang moho kuoso

Wes akeh wong cilik uribpe soro
sebab,,,penguoso wes ora gelem
Mikirake nasib pe wong liyo
Wes akeh anak wani marang wong tuwo

IKI ZAMAN GORO...GORO...!!!
Zamane zaman makmur akeh wong kang padha kufur
Senengane tumindak ngawur urip ngelantur angel di atur

Zamane zaman akhir akeh wong kafir
Seneng nuruti nafsu ing pikir ,mondar mandir ora gelem mikir
Poro sedulur kakung lan putri ngekehna anggone dzikir

Zamane zaman edan,akeh menungso podho lali karo pengeran
Ngaku agamane islam tapi gak gelem sembahyang
Hobine maksiat sak ndalan-dalan
Nyambut gawe podho sungkan,bandane tanggane malah di gae rayaan

Zamane-zaman maju ,akeh wong wadhon podho kemayu
Lek bengi podho metu ngguya-guyu,mung trimo mamerne pupu
Turut ngisor waru jebulle mung payu sewu

Zamane-zaman globalisasi,akeh uwong wes lali karo dzat kang moho suci
Akeh santri seng podho gak gelem ngaji,ugo akeh kyai seng lali karo santri
Malah melu-melu rebutan kursi

Zaman wes akhir dunyane rusak ,uribpe bingung kelangan jejak
Zaman wes akhir akale bejat , akeh wong pangkat rakuse kumat gak mikir rakyat

IKI ZAMAN GORO...GORO...!!!
NB :Seng penting ayo nek kepingin slamet imane seng kuat taqwane seng kandel , OJO CILIK ATI ono unen unen WONG TEMEN BAKALE TEMU , WONG SALAH BAKALE SELEH , BECIK KETITIK OLO KETORO IKU BAKALE KASUNYOTO .Santen duduhe klopo kupat janure tuo, cekap semanten GORO....GORO ing dalu meniko , sebab kulo sampun kente'an ukoro , yen kurang trimo NGGO panjenengan tambahi yen KERSO monggo

zakat Lan Niatipun

zakat Lan Niatte
MONGGO DULUR AMPUN KELALEN NJIH



البِسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَنِ الرَّ حِيْمِ


Nishob / ukurane zakat fitrah yoiku 1 sho' beras , sak sho' dudu beras trus di shokne tapi sak sho yoiku = 2719.19 gr ,
La sak sho' iku 4 MUD , 4 mud beras maksudte ora beras trus di emuti x4 , tapi 1 MUD Beras Yoiku = 679.79 gr , utowo kurang luwihe 2,7 kg
Kanggo luwih ngati-ngati kito genebpaken 2,8 kg - 3 kg
Ora 2,5 kg seng biasane di lakoni umume

▶ Niat zakat Fitrah Idul Fitri kanggo awak e dhewe :
نَوَيْتُ عَنْ اُخْرِجَ زَكَاةَ الْفِطْرِ عَنْ نَفْسِيْ فَرْضَ للهِ تَعَالَى

Dipun waos : NAWAITU AN-UKHRIJA ZAKAATAL FITHRI ‘AN NAFSII FARDHAN LILLAHI TA’AALAA

Artosipun : Niat ingsung ngedalaken zakat fitrah kanggo awak badan kulo , Fardhu kerono Allah Ta'ala

▶ Niat Zakat Fitrah Idul Fitri Kanggo garwo (bojo) kito

Dibaca : NAWAITU AN-UKHRIJA ZAKAATAL FITHRI ‘AN ZAUJATII FARDHAN LILLAHI TA’AALAA

Artosipun : Niat ingsung ngedalaken zakat fitrah kanggo garwo (bojo) kulo , Fardhu kerono Allah Ta'ala

▶ Niat zakat Fitrah Idul Fitri Kanggo ANAK kito

Dibaca : NAWAITU AN-UKHRIJA ZAKAATAL FITHRI ‘AN WALADII… / BINTII… FARDHAN LILLAHI TA’AALAA

Artosipun : Niat ingsung ngedalaken zakat fitrah kanggo ANAK kulo (SEBUT NAMINIPUN) / Anak wadhon kulo (SEBUT NAMINIPUN) , Fardhu kerono Allah Ta'ala

▶ Niat zakat Fitrah Idul Fitri Kanggo Wong tuwo

Dibaca : NAWAITU AN-UKHRIJA ZAKAATAL FITHRI ‘AN WALIDHI (……) FARDHAN LILLAHI TA’AALAA

Artosipun : Niat ingsung ngedalaken zakat fitrah kanggo ..... (SEBUT NAMINIPUN) , Fardhu kerono Allah Ta'ala

▶ Niat zakat Fitrah Idul Fitri Kanggo awak e dhewe lan tiang ingkang kito nafkahi

Dibaca : NAWAITU AN-UKHRIJA ZAKAATAL FITHRI ‘ANNII WA ‘AN JAMII’I MAA YALZAMUNII NAFAQAATUHUM SYAR’AN FARDHAN LILLAHI TA’AALAA

Artosipun : Niat ingsung ngedalaken zakat fitrah kanggo Awak kulo lan kanggo sekalian ingkang kulo dipun lazimmaken (dipun wajibpaken) maringi nafkah kagem sedoyo miturut syare'at , Fardhu kerono Allah Ta'ala


Rabu, 07 Agustus 2013

Syi'ir COBAAN WONG KANG DUROKO




البِسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَنِ الرَّ حِيْمِ

Qul ya adhim antal adhim
Qot hammana hammun adhim
Wa kullu syaiin hammana
Yahunu bismika ya adhim

Nalikane manungso nglakoni duso
Ninggalake toto tuntunan agamo
Gusti Allah bakal paring telung cubo
Kang biso nyebabpake kito ciloko

Siji bakal ilang barokahe dunyo
Loro bakal paring pimpinan kang olo
Kaping telu bakal metu songko dunyo
Tanpo gowo iman marang kang kuoso

Mulo soko iku ayo poro konco
Madep manteb marang gusti kang kuoso
Tancepke iman kito ing jero dodo
Supoyo adoh songko sekso neroko

Qul ya adhim antal adhim
Qot hammana hammun adhim
Wa kullu syaiin hammana
Yahunu bismika ya adhim

NB : اَللَّهُمَّ صَلَّ عَلَى سَيَّدَ نَا مُحَمَّدْ

Syi'ir TOMBHO SETTRESS


البِسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَنِ الرَّ حِيْمِ

Akeh wong setres mergo uribpe gak beres
Tansah ngersuloo..........!!!!

Atine ngongso rino wengi mburu dunyo
Lali agomo .................!!!!

Akeh wong setres mergo uribpe gak beres
Tansah suloyoo..........!!!!

Kepingin urib mulyo arang seng tanpo rekoso
Opo yo ono .......... ???

''NEN UNENNE WONG JOWO , ONO DINO ONO UPHO
ONO AWAN ONO PANGAN , ONO BENGI ONO RIZKI''

Manungso urib nang alam dunyo
Wajib usaha kelawan dungo
Khasil ora maksud kang di sejo
Gumantung kersane kang moho kuoso

Manungso urib di titah podho
Perkoro bondho di jatah bedo
Mulo ati kudu tansah nrimo
Ora usah meri mring sepodho-podho

MARHABAN YANUURROL AINI
MARHABAN JADAL KHUSAINI
MARHABAN AHLA WASSAHLAN
MARHABAN YAKHOIRRODA'I

MARHABAN YA NUURROL AINI.....

Akeh wong setres mergo uribpe gak beres
Tansah ngersuloo..........!!!!

Atine ngongso rino wengi mburu dunyo
Lali agomo .................!!!!

Akeh wong setres mergo uribpe gak beres
Tansah suloyoo..........!!!!

Kepingin urib mulyo arang seng tanpo rekoso
Opo yo ono .......... ???

''WONG TEMEN BAKAL TINEMU , WONG SALAH BAKALE SELEH
SENG BECIK BAKAL KETITIK , SENG OLO BAKAL KETORO''

Jo podho ngongso dak gelis tuwo
Wong yen nrimo umure dhowo
Wong seng sabar rejekine jembar
Wong seng ngalah uribpe bakal barokah

Sopo seng jujur uribpe makmur
Wong suloyo uribpe soro
Wong seng sombong ngamale kobong
Sopo tlaten tembe buri bakal panen

MARHABAN YANUURROL AINI
MARHABAN JADAL KHUSAINI
MARHABAN AHLA WASSAHLAN
MARHABAN YAKHOIRRODA'I

MARHABAN YA NUURROL AINI.....

NB : اَللَّهُمَّ صَلَّ عَلَى سَيَّدَ نَا مُحَمَّدْ

Syi'ir Eilingo



BISMILLAHI.....

E.....Manungso podho Eilingo.....!!!

Siro manggon neng bumine sopo......???

Lan siro kudu rumongso........!!!

Ono ndunyo seng ngurepne sopo........???

Umur siro soyo tuwo........!!!

Lamun mati sangunu opo........???

Ayo dho nindakno Tuntunan agomo...!!!

Sholat ,zakat , ojo lali poso.....''

Ibadah haji lamun kuoso.....!!!

Iku aran Islame sempurno....''

Kanggo sangu ono ing alam boko...!!!

URIP SAK LAWASE ORA ONO AKHIRE....

SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA TOHA ROSULILLAH
SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA YASIIN HABIBILLAH

Syi'ir Sholawat syukur



BISMILLAH.....
Mbah Ojo Dumeh : ''Ayo le sholawatan wae sambi nunggu subuhan , iki sholawatan sekaligus muji syukur dateng ngarsanipun Gusti Kang moho kuoso , dadine intuk ganjaran double le''

Tansah Eilingo : ''Oh njih mbah monggo , ning sak derenge sholawatan kulo bade tangklet mbah kalian panjenengan angsal.......???''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo tole takok opo...?''

Tansah Eilingo : ''Kenging nopo kok panjenengan niku remen sanget sholawatan to mbah ...? wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Oalah , ngene tole , mugo-mugo awak e dhewe iso'o terdaftar dadi umat seng nompho SYAFAAT TE Kanjeng Nabi MUHAMAD SAW besok ing yaumil akhir AMIIIIN , Sampean butuh syafaat te nabi opo ora......?''

Tansah Eilingo : ''njih butuh mbah...kenging nopo kito niki kok butuh syafaate kanjeng nabi?''

Mbah Ojo Dumeh : ''la iki , keno opo kok butuh....opo sampean ora nglakoni sholat......?''

Tansah Eilingo : ''njih Sholat mbah.!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''La wong sholat yakin iso mlebu suargo opo ora le.....?''

Tansah Eilingo : ''Njih yakin noh mbah e...!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''La nang kene iki ,, angger sampean wes yakin yen wong sholat iku mlebu suargo ,keno opo kok jik butuh syafaate kanjeng nabi...?''

Tansah Eilingo : ''La njih pripun niki.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo aku sampean iku yakin seng sopo wonge gelem sholat iku bakale mlebu suargo ,Ning sholate seng MEYAKINKAN , sebab sholat seng mlebu suargo tanpo syafaat iki sholat seng MEYAKINKAN / ORA KELALEN / bener - bener kyusuk , la NEROKO IKU KANGGO WONG SENG SHOLATTE KELALEN''

Tansah Eilingo : ''Kulo boten kelalen kok mbah...sholat trus aktif gangsal wekdal ....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''IYO Sholat yo sholat , tapi sak jeroning nglakoni sholat KELINGAN DUNYO opo ora....? , kadang seng duwe sawah kelingan sawah e, seng duwe dagangan kelingan dagangane lan liyo-liane macem-macem , sampek golek i kontak wae ora ketemu pas wektu sembahyang kelingan , IYO OPO ORA......?''

Tansah Eilingo : ''Wehehe ,,, njih e mbah , kelingan / katah GRAMBYANGE mbah pas wektu sholat''

Mbah Ojo Dumeh : ''La wong seng sholat koyo iku mau isih kelingan dunyo iku di hukumi sholat seng KELALEN''

Tansah Eilingo : ''O dadose ngoten to mbah wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wong poso yo yakin bakale mlebu suargo ,NING posone wong seng meyakinkan le...seng durung meyakinkan jik durung iso , MULANE Awak e dhewe nyadar , SHOLATE DURUNG KYUSUK ,POSONE DURUNG SEMPURNO , NGIBADAHE DURUNG SEPIRO , MULANE AWAK E DHEWE TETEB NYADONG SYAFAATE KANJENG NABI MUHAMAD SAW''

Tansah Eilingo : ''ALLAHUMA SHOLLI WASALIM ALAIH''

Ojo Dumeh : ''Kanjeng Nabi bakal aweh syafaat marang wong seng GELEM NGLAKONI SHOLAT senajan sholate kelalen, gelem maringi syafaat marang wong seng POSO senajan posone durung sempurno LAN di tambah SREGEP MOCO SHOLAWAT , Ngendikane Kanjeng nabi ,''WOng seng sregep moco sholawat nang aku bakal tak syafatti''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ,,,njih ...!!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Mulane ojo nganti ora sholawat , SOPO WANI NALIKO SHOLAT KOK ORA MOCO SHOLAWAT......? lan ojo nglarang (bid'ah) no moco sholawat , Ayo wes le ,,, lan member sedoyo mawon , monggo sholawatan njih , kersane benjing kulo lan panjenengan sedoyo dados umat seng bakal nompo syafaate kanjeng nabi Allahuma Amiiiiiiiin........''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiiiiiiin.........''

''Mbah Ojo Dumeh Vs Tansah Eilingo : ''
Yaa Rosulallah salaamun 'alaik
Yaa Rofii'a-syaani wad-daroji
Atfataii-yaji rootal Alamiii
Ya uhai laljuu diwalkharoomii

ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

NB : Monggo dipun apalaken sholawat lan syukur meniko , insya Allah gadahi makna ingkang dalem sanget , lan patut dipun tularaken kagen ANAK PUTU PUTRO WAYAHIPUN,,,,



ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

Tansah Eilingo : ''Mbah ,kenging nopo kok sholawat meniko kedah dipun turunaken kagem anak putu / putro wayah mbah......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo le mergo sholawat iku duweni makna seng jeru , ''

Tansah Eilingo : ''Tegese mbah........?''

Mbah Ojo Dumeh : ''ayo di bahas bareng-bareng kene''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah......MONGGO ===> ..?''

Mbah Ojo Dumeh : ''SENG PERTAMA ''ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU'' Awak e dhewe syukur Islam agamane , sebab bejo bejone wong iku di paringi hidayah kalih Gusti Allah dadi wong islam......!!!''

Tansah Eilingo : ''Sebab nopo mbah kok mekaten...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nang dunyo iku agomo akeh banget , la agomo seng akeh iku mau Gusti Allah namung nompho agomo siji THOK yoiku agomo islam''

Tansah Eilingo : ''Oo... la kok saget ngoten njih mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo iku seng dawuh Gusti Allah dewe lho .
إِنَّ الدِّينَ عِنْدَ اللَّهِ الْإِسْلَامُ ۗ
''Innaddina Indallahil Islam'' [Al Quran, Surat Al Imran:19]
''Sak temene Gusti Allah iku mung nompho agomo islam thok''

Tansah Eilingo : ''Lajeng ingkang milih-milih agomo lintune islam pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : bakal di tolak , Gusti Allah yo seng NGENDIKO dewe le......(QS. Ali Imran [3] : 85)
وَمَنْ يَبْتَغِ غَيْرَ الإسْلامِ دِينًا فَلَنْ يُقْبَلَ مِنْهُ وَهُوَ فِي الآخِرَةِ مِنَ الْخَاسِرِينَ
''Seng sopo wonge milih agomo sak liane islam ,mesti di tolak karo Gusti Allah, di tolak mentah-mentah , wong jik mentah wae di tolak dadi ora perlu ngenteni mateng.......''

Tansah Eilingo : ''Njih ALHAMDULILLAH SANGEET NJIH Mbah ternyata !!!!!!!,,, mugi-mugi sedoyo member ingkang sampun sowan ten mriki mugo-mugo sedanten ISLAM njih mbah.......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Allahuma Amiiiiiiiin...Insya Allah le,,,,,LA SAK IKI MBAH HE TAKOK , WONG ISLAM IKU TENGER-E / TITENANE OPO LE.......?''

Tansah Eilingo : ''Wadduh ,,,, anu mbah ,, kopyah an , jilbab ban , leres boten mbah........?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wehehe yo ora to ,,, cubo takok ne nang sedulur member , menawi saget nyumerepi........?''

Tansah Eilingo : ''Oo,,,njih mbah ,,,MONGGO MEMBER INGKANG SEMEREP TENGERE TIANG ISLAM NIKU NOPO...?





Mbah Ojo Dumeh : ''He'em le , di ngendika'ake ,Islam iku ibarate wong , Wong seng gagah bangeet lan guanteng bangeet , tapi durung klambenan babar blas,kiro-kiro ono wong gagah ganteng trus ora klambenan mlaku-mlaku , kiro-kiro ono wong nyopo opo ora...?''

Tansah Eilingo : ''Njih boten to mbah wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah ISLAM yo ngunu ,angger ono wong ngaku islam thok ning kok durung di klambeni ,iku podho karo wong gagah wudho, AGOMONE Awak e dhewe yen durung di klambeni yo durung di regani kalian Gusti Allah''

Tansah Eilingo : ''Lajeng KLAMBINE niku mbah.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La klambine Islam iku yo ono ing jero rukune Islam , rukun islam seng nomer siji opo le,,,,,,?''

Tansah Eilingo : ''Anu mbah SYAHADAT''

Mbah Ojo Dumeh : ''La SYAHADAT mau ibarat pakaiane wong gagah mau isih rupo SEPATU, Dadi kok ono wong islam jik syahadat thok durung nglakoni rukun liane ,ibarat wong gagah nang ndi-ndi mung gawe sepatu thok, nah yen ono wong koyo mengkunu ,kiro-kiro yen di undang tanggane mung gawe sepatu thok ora katok an ,ora klamben kiro-kiro oleh mlebu opo ora le.?''

Tansah Eilingo : ''Hehehe njih boten angsal to mbah !!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Gagaho koyo opo durung oleh mlebu sebab durung nganggo pakaian , Awak e dhewe wong islam mung syahadat thok yo durung di regani karo Gusti Allah , Nah supoyo di regani rukun islam seng nomer 2 kudu di lakoni , opo le...?''

Tansah Eilingo : ''SHOLAT Mbah....!!!!"'

Mbah Ojo Dumeh : ''SHOLAT iku ibarat wong gagah mau rupo katok / celono ,dadi ono wong islam wes syahadat wes sholat ,coro wong gagah mau wes sepaton wes kathok an ,kiro-kiro yen ono wong wes kathok an di regani opo rung wong iku mau , dulan nang gone tonggo kathok an thok oleh opo ra...?''

Tansah Eilingo : ''Njih angsal mbah ,mpun memper niku...!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Berarti yen wes kathok an mulai di regani karo wong, srawung karo sopo wae iso di tompho , ISLAME awak e dhewe yen wes gelem sholat Gusti Allah baru ngregani islame awak e dhewe, dadi wong islam yen durung sholat durung di regani kalian gusti Allah SWT , la rukun seng nomer 3 opo le....?''

Tansah Eilingo : ''ZAKAT Mbah..., lajeng zakat niku umpami pakaian rupo nopo mbah....???!!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Zakat iku podho karo KLAMBI ,dadine wong islam iku yen wes syahadat sholat lan zakat umpomo wong gagah ,gae sepatu kathok lan klambi tambah wibowo opo ora le...?''

Tansah Eilingo : ''njih mbah tambah sempurno kadose njih''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ning yo ono le , wong islam iku ,SYAHADAT WES , TAPI SHOLAT DURUNG GELEM NING WES GELEM ZAKAT , gelem urunan masjid ,sodakoh nyah nyoh ono opo ora wong ngunu iku.....?''

Tansah Eilingo : ''Njih enten mbah ,katah sajak e mbah niku''

Mbah Ojo Dumeh : ''Angger ono wong ngunu iku ,podo karo wong gagah mau nang ndi-nang ndi mung gawe sepatu karo klambi thok NING ORA GAWE KATOK / CLONO , SENAJAN KLAMBINE LARANG REGANE SAK MILYAR NING KOK ORA KATHOK AN TETEB ORA DI REGANI , iyo opo ora le...?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah leres niku wehehe''

Ojo Dumeh : ''TAPI SENAJAN CELONE MURAH pokok angger gelam KATHOK AN TETEB DI REGANI , NAH SHOLAT senajan durung kyusuk angger wes gelem sholat teteb di regani dening Gusti Allah , MULANE SHOLAT IKU PENTING OJO SENG PENTING SHOLAT''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ,,,njih ...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Teruse rukun Islam seng nomer 4 yoiku POSO , poso di umpamak ne pakaiyan yoiku rupo DASI , yen ono wong islam wes nglakoni SYAHADAT , SHOLAT , ZAKAT ,POSO ,coro wong gagah mau wes gawe sepatu , clono , klambi ,lan dasi , wes MALAH TAMBAH GAGAH LAN SEMPURNO yen ono bucah wadhon weruh WES MESTI KEPINCUT Mergo penampilane seng wes sempurno iku angger wong nyawang wes seneng, OPO MANEH GUSTI ALLAH , Rukun islam me wes di lakoni Gusti Allah demen bangeet marang wong seng koyo iku mau lan di angkat derajate kalian Guti ALLAH SWT''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah leres sangeet niku...''

Mbah Ojo Dumeh : ''LAIZOW...Opo maneh GELEM HAJI , haji iku ibarat wong gagah mau rupo PECI, mulane wong ISLAM RUKUN NE DI LAKONI KABEH GUSTI ALLAH BAKAL NGANGKAT DERAJAT TE PALING DUWUR, MUGO-MUGO AWAK E DHEWE ISO GAWE KLAMBI ISLAME KABEH yo le lan sedoyo MENBER ....ALLAHUMA Amiiiiiiiiiiin''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiiiiiin......



ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

Tansah Eilingo : ''Mbah monggo dipun lanjut keterangane sholawat kolowingi mbah , pembahasane dumugi ingkang nomer kalih , njih meniko ''ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU'' MONGGO mbah.......====> ''

Mbah Ojo Dumeh : ''He'em ayo dang di lanjutke , teko Alhamdulillah awak e dhewe dadi wong seng IMAN, iman iku ugo nikmat seng paling gedhe ,wong ngamal shodakoh sak akeh-akeh milyaran yen ora duwe iman ora di tompho deneng gusti Allah , TAPI yen ono wong iman senajan ngamal mung serepes / mung sak ketib , mergo duwe iman amale iku di tompho dening Gusti Allah, mulane wong seng duwe iman iku luar biasa,

Tansah Eilingo : ''Oo..ngoten to mbah...!!!''

Ojo Dumeh : ''Ning zaman sa'iki golek wong iman seng imane temenan ,mbuh gari wong piro, golek imane wong seng 24karat sa'iki gari wong piro. !!!''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah zamane tuwo sansoyo miris iman lan akhlak njih mbah ,,,,?''

Mbah Ojo Dumeh : ''iyo le imane wong sa'iki modele / akeh-akeh ora 24 , 5, 10 ning malah podho SEKARAT ''

Tansah Eilingo : ''Oo , lajeng titenane pripun mbah tiang yen imane 24 karat niku....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''CONTO , Umpomo ono petani seng panenan gabah , di gowo bali banjur di pepe wes 3 dino garing, lagi garing-garinge jam 12 awan mendung , kiro-kiro di entasi opo ra gabah seng di peme mau ..?''

Tansah Eilingo : ''Njih noh mbah langsung di entasi mergo kwatir kodanan eman-eman pun garing''

Mbah Ojo Dumeh : ''La pas lagi ngentasi gabahe banjur Gusti ALLAH nimbali lewat masjid musholla ''ALLAHU AKBAR.....ALLAHU AKBAR'' (Hey wong seng lagi ngentasi gabah , iku aku seng ngewehi gabah , ayo reneo sedilut wae) , Nah kiro-kiro pas ngentasi gabah durung rampung ,di tinggal moro nang gone seng ngewehi gabah opo di terusno leh ngentasi gabahe...?''

Tansah Eilingo : ''Wehehe,,,seng jelas njih di terusno anngenipun ngentasi mbah ..!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''NAH iku ARANE IMANE KARI SE........?''

Tansah Eilingo : ''...KARAAATTTTT......Wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Conto maneh , delok TV acarane apik-apik, seng lagi seneng tv trus wayahe apik-apik e mentelengi Gusti Allah nimbali ''ALLAHU AKBAR......ALLAHU AKBAR'' (Hey wong seng podho delok TV , iku aku seng ngewehi moto kanggo delok tv , mumpung motomu durung tak culek , ayo mreneo sedilut wae...........)'' Nah lagi asyik-asyik nonton tv banjur ono timbalane Gusti Allah langsung mangkat sembahyang opo ngenteni seponsor disek.......?''

Tansah Eilingo : ''wehehe njih kebanyakan ngolor-ngolor wektune mbah , niku pun umun kadose.....!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''La wong seng koyo nguku iku IMANE ora 24 karat ning kari SEEE....................???????''

Tansah Eilingo : '' K A R A A A T T T T.......Mbah hehe , lajeng CIRINE TIANG IMAN NIKU NOPO TO MBAH...........?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Cirine wong seng iman YOIKU : DUWE ISIN NALIKO NGLAKONI DUSO ... La wong seng ngaku IMAN ning ZAMAN SA'IKI delengen ROTHO-ROTHO ISINAN OPO MALAH NGISIN-NGISINI............????

?''

Tansah Eilingo : ''.............?????? Wehehe kulo mawon ajenge jawab njih rumongso ISIN kok mbah , LAJENG nopo maleh mbah CIRINIPUN............?''

Mbah Ojo Dumeh : ''CIRINE WONG SENG IMAN MANEH YOIKU :
SENENG NGAMAL SHOLEH , NGAMAL SENG APIK-APIK , NGENDIKANE SHOLEH , TUMINDAK E SHOLEH , NYAMBUT GAWENE YO SHOLEH , UGO SRAWUNGE YO WONG SENG SHOLEH , Nah rotho-rotho wong zaman sa'iki wong seng ngaku IMAN podho SHOLEH OPO MALAH SALAH...........?''

Tansah Eilingo : ''dalem mbah pripun...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Akeh seng sholeh opo akeh seng salah...?''

Tansah Eilingo : ''Anu mbah katah seng SALAH tinimbang ingkang SHOLEH mbah ,,,,''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah iku mau IMAN , ayo podho bareng-bareng imane di dandani , seng maune ono adzan sih udut / delok tv santai-santai lan liyo liane,ayo podho dang jranthal mangkat sembahyang , ''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah Insya Allah...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Sebab yen ora di dandani ,sa'iki wes akeh kerusakan / bencana / musibah / peringatan saking Gusti Allah , mulo ayo podho di tingkatne IMANE ,,,, MUGO-MUGO SAGETTO KELAKSONO anggenipun nglampahi yo le....ALLAHUMA AMIIIIIIIIIN..........''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiiiiiiiiin yarobbul alamin....''



Mbah Ojo Dumeh : ''Oh iyo , SYUKUR seng nomer 3 ALHAMDULILLAH DOWO UMURKU , ''Apik-apik e wong iku le di paringi dowo umure kalian Gusti Allah tapi tambah apik kelakuane (sregep ibadahe) , pati iku mesti ,kapan tekone namung gusti Allah seng weruh , mulane mumpung durung NELONGSO GELO, sebab besok iku akeh wong podho nelongso gelo matur nang Gusti Allah ''Duh Gusti kulo panjenengan uribpaken maleh ten dunyo ,kulo bade sregep ibadah , amal sholeh ,shodakoh '' Banjur di jawab kalian gusti Allah Wes ora ono urib-urib pan, seng ono mung piwales opo seng wes di lakoni ono ing alam dunyo , Yen apik oleh nikmat yen Olo oleh sekso,
Dadine sok nang kuburan iku ono sekso le ,,,sampean percoyo opo ora ....?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah percoyo kulo wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah yen ono wong seng ora percoyo ,yo gampang ,wonge kon mati disek wae , sebab barang ghoib iku mung di ngandeli thok , ora perlu bukti ,yen kepingin bukti yo kudu mati dhisek''

Tansah Eilingo : ''wehehe njih mbah huhuy''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah wong mati iku mujure nang ndi le......?''

Tansah Eilingo : ''Anu mbah sirahe ten LER lajeng sikille ten kidul alias ngalor ngidul mujure..''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo bener , La kudune kan yen wes dadi balung ,sirahe teteb nang lor ,lan sikille teteb nang kidul to le..?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ,lajeng...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La tapi keno opo kok sering terjadi ,ono wong duduk kuburan tipak e mari di gawe mendem wong , kok balung sirah karo balung sikil kumpul dadi siji nang tengah ,, ono opo ora...?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah enten ingkang kados mekaten , ngoten niku nopo'o mbah.......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La iku wong ngendi kiro-kiro seng nglumpukno...?''

Tansah Eilingo : ''la nggeh duko to mbah....''

Mbah Ojo Dumeh : ''Mergane ngene le , yen ono wong mati ahli maksiat ,ora duwe iman , LEMAH seng areb di gawe mendem wong iku mau podho protes (ora gelem) , KOK umpomo wong yen arep duduk lemah iku krungu suwarane lemah, lemah iku mau omong ''Kang ojo di pendem nang kene iku wong kurang ajar ,maksiat thok ,aku moh di gawe mendem wong koyo ngunu iku''

Tansah Eilingo : ''Umpami mireng pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo wong seng duduk iku mau pindah GON ,pindah sandinge , jare lemah sandinge OJO NANG KENE , trus kabeh lemah ora gelem, la mergo ora krungu teteb wae di duduk di gawek ne blumbangan, nah wes dadi blumbangan mayit areb di lebokno jarene lemah ''AYO CEPET DANG DI GOWO RENE TAK PENYET-PENYET-TE'' , Begitu di pendem wong seng ngubur bali , LEMAH SENG LOR MLAKU NGIDOL , LEMAH SENG KIDOL MLAKU NGALOR .....REEEEKEEETHEEEEEKKK''

Tansah Eilingo : ''R E K E T H E E K''

Mbah Ojo Dumeh : ''Sampek mepet sirah karo sikile , Nah iku wong seng di kubur ahli maksiat le...''

Tansah Eilingo : ''O,,,ngoten to mbah pantes mawon njih ,mulane balung sirah kalih sikil kok mlumpuk dados setunggal ... lajeng yen tiange niku SAE , SHOLEH pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''la , Tapi yen wong iku mau ahli KEBAGUSAN lemahe dadi ombho ( mekar) dadi tamane suargo , Allahuma Amiiiiin''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiiiin........''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo mugo-mugo wae awak e dhewe lan sedoyo member ingkang sampun mampir ten PAGE mriki lan khusus ingkang istiqomah MAOS ten mriki di paringi panjang umur lan tambah kebagusane, sregep ngamal sholehe , istiqomah ibadahe , Yo leeee...Amiiiiiiiiiiin''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiin,,,amiiiin ,,,,amiiiin yarobbal almiiin....



ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

Mbah Ojo Dumeh : ''Seng terakhir le ,ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK KU ,Mugo-mugo MEMBER ingkang sowan mriki njih samio sami SAHAT SEDANTEN''

Tansah Eilingo : '' اَ مِيْنْ Mbah ''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah mumpung sehat ayo podho di gunak ake kanggo ngamal seng SAE ,yen ono wong sehat ora gelem ngamal apik ,pas naliko loro (sakit) MERIANG trus ora mari-mari wong iku mesti SETRES ''

Tansah Eilingo : ''Loh kok saget mbah ,masalahe nopo ...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Masalahe baru sadar , Ya allah dusaku sak pirang-pirang loro kok durung mari'' wedi mati sebab rung duwe amal babar blas ,naliko sehat dewek e nyepelek ke perintahe seng kuoso , TAPI yen kanggone wong sholeh ahli ngamal kebecik an naliko loro meriang dhewek e ora bingung ,ALHAMDULILLAH GUSTI MONGGO KULO PUN SIAP '' , Mergane mergo wes duwe amal ,''

Tansah Eilingo : ''Nyantai njih mbah , wes ayem ,,, wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''La yen ono wong loro iku le di tunggoni karo malaikat 4 (papat) ''

Tansah Eilingo : ''Loh malaikat sinten mbah , nopo kok di tunggoni barang...? kersane nopo...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''SIJI Malaikat seng jabut cahaya NUR ,mulane yen ono wong lagi meriang ngunu kae ,gagaho . ayuo koyo opo mesti pucet , iyo pow duk le...?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah wajahe pucet , peteng wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''keno opo kok pucet , mergo NUR re di canut deneng gusti Allah, Seng nemer LORO (2) Malaikat pencabut kekuatan , mulane ora ono wong yen lagi loro iku kuat , mesti lemes , masio gagah teteb lemes ora duwe tenogo /kekuatan ,''

Tansah Eilingo : ''Oo ngoten to mbah , lajeng malaikat ingkang nomer tigo nopo mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Seng nomer TELU yoiku malaikat pencabut ROSO ,mulane yen ono wong meriang loro rasane cangkeme mesti PAHIT , panganan enak o koyo opo rasane teteb pahit''

Tansah Eilingo : ''pahit kadang boten enten rasane mbah (sepo)''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo le , la trus malaikat seng nomet papat yoiku malaikat pencabut duso , dusane di jipuk i karo malaikat , la mengko yen pas wayahe areb di warasne malaikat TELU podho mbalek ne kabeh, yen jabut NUR di balek ne , seng jabut kekuatan di balek ne , seng jabut roso ugo di balek ne , La malaikat seng jabut duso ,dusane ora di balek ne teteb di cekel nang malaikat ''

Tansah Eilingo : ''Oh berarti yen ono wong sakit niku dusone ilang njih mbah resik....!!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''MULANE YEN ONO WONG DUWE DUSO AKEH DANG MERIANG LORO MENGKO INSYA ALLAH DUSANE RESIK LAN DUNYANE MELU RESIK wehehe''

Tansah Eilingo : ''Wehehe wah jenengan saget mawon mbah...!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Mulo sehat iku larang opo murah le...?''

Tansah Eilingo : ''Njih larang sangeeeet ''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah mumpung sehat ayo podho di enggo seng bener , ojo di enggo seng ora bener''

''Mumpung siro isih waras
Ngibadaho kanti ikhlas
Yen leloro lagi teko
Sanakmu mung biso dungo
Mumpung isih waras ibadaho kanti iklas
Ngelingono yen wes loro ora biso opo-opo''

Yaa Rosulallah salaamun 'alaik
Yaa Rofii'a-syaani wad-daroji
Atfataii-yaji rootal Alamiii
Ya uhai laljuu diwalkharoomii

ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

NB : MONGGO DULUR SAMI DI APALNE NJIH wehehe

YEN GAMPANG ORA KOYO JODHO , YEN ANGEL YO ORA KOYO JODHO

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

YEN GAMPANG ORA KOYO JODHO
YEN ANGEL YO ORA KOYO JODHO

- Kadang di golek i nang ndi-ndi ora nemoni jebulle plentis PEK NGGO (Ngepek tonggo)
- Kadang wes pacaran suwe tahun ora biso rabi , delalah ono seng tas kenal sedino langsung rabi dadi jodho
-Kadang cilik wadan-wadan nan ,mboso gedhe jado bojo yo ono
-Kadang lungguh thok nang umah wes ono wong nakok ne ngejak rabi , malah ono seng golek lan takok-takok pesen-pesen jodho ning urung oleh-oleh jodho
POKOK E YEN GAMPANG IKU ORA KOYO JODHO LA YEN ANGEL UGO ORA KOYO JODHO

Ngomong-ngomong soal jodho hubungane kalian NIKAH ,kulo bade berbagi Ilmu sekedik masalah tentang NOPO To nikah lan PRIPUN HUKUME nikah (Omah-omah) jroning AGOMO ISLAM..?

=> Omah-omah jroning agomo islam
yoiku ikatan kang suci amargo wong loro kang béda jenis bakal urip bareng kanthi restu agomo , sedulur lan masyarakat

-. Aqad nikah jroning Islam ono 2 perkoro "ijab lan qabul". Kanthi 2 perkoro iki bisa ngrubah reregetan dadi kesucian, maksiat dadi ibadah, dosa dadi amal sholeh. Aqad nikah dudu mung perjanjen antarane wong loro, tapi uga perjanjen antarane makhluk allah kalih AL-KHALIQ

-. Hukum menikah dhasare yoiku jaiz (entuk), kabeh wong entuk nikah nanging amargo pertimbangan kahanane wong, mulo hukum dasar kasebut bisa ganti:

� Wajib
Nikah dadi wajib kanggo wong kang mampu lair lan batin lan dikhawatirke ora bisa nahan lan gawe zino

� Sunnah
Menowo wong saguh nyukupi kebutuhan lair batin, biso menehi maskawin kebutuhan liya sawetara dheweke isih saguh nahan godha nafsu kanggo nahan awak ing dalan kang bener tanpa kegoda ing dalan kang haram

� Mubah
Menowo wong nduweni niat tapi durung saguh ngadeg-ake rumah tangga.

� Makruh
Menowo wong durung nduweni niat lan durung saguh ngadeg-ake rumah tangga utawa wis nduweni niat tapi ragu-ragu kanggo nglakoni

� Haram
Menowo wong nikah kanthi niat kanggo ora nglakoni kewajiban

opo seng di maksud bodo iku ?



Critane mbah Ojo dumeh lagi maringi gambaran tentang bodo/riyoyo

BISMILLAH......

Mbah Ojo Dumeh : ''Le sampean ngerti opo seng di maksud bodo iku...........?''

Tansah Eilingo : ''ehhmmm.....nopo njih mbah ...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Bodo/riyoyo iku jan jane ora kok jor-joran panganan , ugo dudu kanggo wong seng nganggo sandangan sarwo anyar le....!!!!''

Tansah Eilingo : ''Njih lajeng seng di arani Bodo/riyoyo niku nopo mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Bodo iku kwalitase urebpe mundak ,iman taqwa ne mundak''

Tansah Eilingo : ''TEGESE mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo umpomo pas urung bodo/riyoyo,podho kemenyek ,podho tukaran karo kancane ,dulure ,tonggone ,La mari bodo iso rukun , seng sak durunge bodo ibadahe bolong-bolong ,mari bodo iso tambah sregep ngibadahe ,bucah nom-noman seng sak urunge bodo podho nakal ,nggedhek-gedhek ke mangan turune mugo-mugo mari bodo iso dadi bucah sregep ,SAE ,sregep sekolah ngaji lan nyambut gawe ugo tambah ngabekti marang wong tuo....''

Tansah Eilingo : ''Oo,,,ngoten to mbah...(manthuk-manthuk) njih,,,njih...mbah''

Mbah Ojo Dumeh : ''Dadi bodo iku peningkatan ,bodo iku mung gambaran/ sanepan / piwulang / pembelajaran / tarbiah ,yakni piwulange agomo di gawe conto kanggo menungso seng urip ono ngalam dunyo''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah,,lajeng gambarane niku kados pundi mbah .......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Gambarane wong seng uripe sukses ,apik ,ayem ,tentrem ,makmur ,rukun ...iku di gambarake karo Gusti Allah ing jero bodo SENG SAK BENERE ORA NGAPUSI''

Tansah Eilingo : ''ngoten to mbah....!!! lajeng mbah..''

Mbah Ojo Dumeh : ''Mulane nang gone agomo SENG SOPO WONGE KEPINGIN BODO KUDU NGLAKONI 3 PERKORO / Alias seng sopo wonge yen kepingin uripe SUKSES / MENANG / AYEM kudu nglakoni 3 PERKORO ,la seng 3 perkoro iku di WULANG NE GUSTI ALLAH ONO ING WULAN POSO / ROMADHON iki le...!!!''

Tansah Eilingo : ''O....lajeng 3 PERKAWIS niku NOPO MAWON MBAH.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wehehe,,,,,3 PERKORO di lanjut sesok maneh , ngaji iku gak apik yen dowo-dowo le...sitik seng penting mancep nang ati trus di LAKONI...ngunu lho''

Tansah Eilingo : ''Ngoten to mbah,,,njih mpun lek ngoten mbah,,,,putune manut mawon kalih panjenengan mbah e...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ajiiiiib's....MUGO-MUGO AMAL KITO DI TOMPHO KALIAN GUSTI ALLAH YO LE NGGER / MBER ' ALLAHUMA....AMIIIIIN....''

Tansah Eilingo : ''AMIIIIN AMIIIIIIIIIIN......AMIIIIIIIIIIIN YAROBBAL ALAMIN...........''



Mbah Ojo Dumeh : ''Sopo wonge kepingin bodo / sukses :
1. KUDU GELEM NGLAKONI POSO (Ing wulang romadhon)
2. NGAMAL SHOLEH (Ing wulang romadhon)
3. MBAYAR ZAKAT (Ing wulang romadhon)
Seng sopo wonge ora nglakoni 3 PERKORO iku kok melu bodo IKU JENENGE NGA....PU........?????''

Tansah Eilingo : ''SIiiiiiii.........NGAPUSI mbah''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo sampean yo seng ngomong mbah e ora ngomong wehehe........''

Tansah Eilingo : ''wehehe Njih mbah ,ingkang nomer 1 POSO , la jane poso niku nopo mbah........?''

Mbah Ojo Dumeh : ''POSO iku piwulange gusti Allah di gawe notho manah / ati / kekarepan / ben awak dhewe ojo ngumbroworo ,mergo seng jenenge kekarepane menungso iku ora ono enthek e , LA latihane neng wulan poso iki le...?''

Tansah Eilingo : ''Maksudte mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nduyo sak isine iki le ,seng di demeni karo kabeh manungso kalian Gusti Allah di ringkes ing jero panganan lan ngombe rikolo pas awak e pas waktu poso , ing wulan poso panganan di enek-enek ke sembarang kalir ono ,iyo pora le...?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ..leres niku...''

Mbah Ojo Dumeh : ''La rumangsane panganan iku mau kabeh enak pas naliko buko , nah Iku podho le ,..''

Tansah Eilingo : ''Maksudte mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Dunyo iki le ,yen ora iso ngatur ,paribasane , duwet akeh / omah sawah ombho / sepeda montor , iku yen durung duwe koyo wong poso urung buko''

Tansah Eilingo : ''Oo...njih mbah,,,njih...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Paribasane tonggone tuku montor ,trus iri atine , sapi wes meh manak kurang sewulan lakok sido kadol ,perlune mung arep pamer montor,Mulane yen duwe kekarepan ati kudu di toto DI COCOK NE KARO KEBUTUHAN ORA DI COCOK NE KARO KEPINGINAN ngunu tole......!!!!''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah....(manthuk-manthuk)..''Lajeng wulangane ten wulan poso niki pripun mbah gambarane.....?'

Mbah Ojo Dumeh : ' ''wulangane yo kie delengen , panganan leh nitik nganti isuk di lumpuk ne perlune di gawe buko magrib iku ora sumbut , MANGANE ZO MUNG SAK CUKUPE / NGOMBE YO MUNG SAK CUKUBPE ,mari magrib yen bubar buko panganan sak munu akhe ora ono manfaate blas , la podho karo iku mau , yen kerono nuruti howo nafsu sembarang kadhol entek di gawe tuku ngene tuku ngono seng kabeh ora ono manfaate , Mulane le yen kepingin sukses JOYO / BODO penggalihe kudu di toto seng temenenan , kekarepan di toto seng tenanan , Insya Allah iso menang wilujeng dunyo akhirot Allahuma Amiiin...''

Tansah Eilingo :Amiiiiiin.....Amiiiin,,,yarob

bal almin''...
Oh dadose POSO niku genne tiyang ingkang damel noyo manah yen kepingin joyo / sukses / oleh bodo / riyoyo ,,ngoten to mbah...?''




Mbah Ojo Dumeh : ''Ow,,,iyo seng nomer 2 tole yoiku : KUDU ISO NGAMAL SHOLEH ''

Tansah Eilingo : ''Ngamal sholeh tegese pripun mbah......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Tegese IKU NYAMBUT GAWE SENG BENER / TEMENAN ''

Tansah Eilingo : ''Latihane kapan mbah.......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Latihane yo pas nang wulan poso/ romadhon , sampean delok kae wong bar buko wetenge koyo wareg-wareg ko ,ngerokok jik oleh separo lakok masjidte wes adzan, la adzan iku perlune ngajak sembahyang (Ngajak nyambut gawe) ,giat golek ngamal , la ono wong muni ''LAH KOK WES ADZAN MENEH....'' La ngunu kui cubo''

Tansah Eilingo : ''La niku yen amalaken enten kehidupan pripun mbah gambarane......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yen di amalake ing kehidupan nyoto, yo bature nyambut gawe malah turu ,bature nang sawah cangkruk an , bature kerjo malah egla egle , ngunu iku le gambarane wehehe''

Tansah Eilingo : ''O,,ngoten mbah ,,njih mbah,,,njih ...(manthuk-manthuk + pringas pringis )

Mbah Ojo Dumeh : ''Mulane le nyambut gawe seng tenanan , WONG URIP IKU ORA SUGIHE , PINTERE , KONDANGE KOK LE SENG PENTING IKU....?''

Tansah Eilingo : ''la nopo ne mbah Seng penting niku.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''WONG URIP IKU SENG PENTING MASLAKAH MANFAAT MIGUNANI marang masyarakat tonggo lan keluargo , mulane yen kepingin urip manfaat migunani niruo ilmune PITEK JAGO''

Tansah Eilingo : ''Tegese ilmu ingkang dipun pendhet saking ayam jago niku nopo ne mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nang dunyo iku seng akeh manfaate urip yoiku pitek ,mulai teko cengger nganti teko cakar gurih ,kabeh gurih lan ono gunane ,LAR re wae yo keno di gawe sulak ,kotorane sak SAK/glangsing 13ewu yen di dol''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah e leres niku ,,,,!!!"

Mbah Ojo Dumeh : ''Ayam / pitek iku mulai endhok di ceplok , semlamber di beleh , kemanggang di beleh ,wes dadi jago yo di ingkung ,wes arep mati zo di beleh ,NING ora ono critane pasar-pasar iku kenthek an pitek...!!!!"

Tansah Eilingo : ''Oo,,njih mbah leres...leres...lajeng LIR-RE Kados pundi mbah ayam niku...?"

Mbah Ojo Dumeh : ''Sampean titeni le padak esuk pitek jago-jago iku wes tangi podho adzan , Kapan srengenge (matahari) wes metu pitek-pitek iku podho metu soko kandange ,medhun soko pangkringan mulai esuk sampek sore pitek iku ora kenal leren ,ceker rono ceker rene , Sampean tumon le pitek kok isuk-isuk turu......?"

Tansah Eilingo : ''wehehe..... boten mbah ,,,enten-enten njih pitek gering ajenge mati niku mbah hehe"

Ojo Dumeh : ''la trus pitek iku yen wes matahari islup , kabeh podho melebu kandang , sampean tau tumon pitek bengi-bengi kluyuran...?"

Tansah Eilingo : ''Boten mbah,,,,boten nate tumon kulo"

Mbah Ojo Dumeh : ''tURUNE PITEK IKU TURU-TURU AYAM ,ORA TURU NGEBO le,,,tegese turune iku wiridan eiling trus nang gone Gusti Allah, iku mau gambarane pitek , LA YEN KEPINGIN URIP ORA MANFAAT GAMBARANE KOYO IKU KUCING.."

Tansah Eilingo : ''LOH KOK KUCING mbah,,,,maksudte pripun kucing niku mbah LIR-RE...?

Mbah Ojo Dumeh : ''Kucing iku ora ono pasare, wong slametan / duwe gawe iku ora ono seng beleh kucing , yen ora wong bento , kucing iku wes di tekdir kalih Gusti Allah ,kewan seng sak ndunyo iki seng ora DUWE OMAH YO MUNG KUCING THOK , sampean ngerti omahe kucing le...?''

Tansah Eilingo : ''ehhmmm...boten tumon mbah hehe,,,njih mbah ,,,sapi kebo gadah kandang , manuk gadah kurungan , semut gadah LENG ,doro gadah pagu pon ,,,kucing boten enten mbah boten gadah...!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Laiyo tole,,,RABINE kucing wae tonggo-tonggo podho gowo tugelan botho ,,iyo pow duk...?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ,,,wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Tur wayah srengenge islup kucing malah kluyuran ,sewengi utuh ora tau turu , pethuk gerih di tubruk , kodok di sikat ,ono panganan gone tonggone iku yo di embat , wayah srengenge/matahari muncul kucing iku podho turu ,,,nah iku mau kucing ....''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah,,,kadose niki critane pun kedawan ,,, mangke yen dhowo-dhowo niku ingkang maos sok males mbah''

Mbah Ojo Dumeh : ''he'em le ngger bener kandamu , ning yen nang kene masio dhowo ora masalah ,soale keterangane supoyo men tambah jelas / gamblang / tur yo gampang di faham , dadi rondhok dhowo-dhowo sitik ora masalah wehehe''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah leres niku ,,mugi-mugi sagetto manfaat kagem anak putune njih mbah ''



Tansah Eilingo : ''Mbah nggo ingkang terakir , dipun lanjutaken malih pembahasanipun ....''

Mbah Ojo Dumeh : ''iyo mulane sok mben yen bodo ayo jajane podho di gelar seng apik ,mejo seng apik ,sandangan seng resik,NING Ojo gur ngapusi,Mugo-mugo ugo APIK LAHIR BATINE ALLAHUMA AMIIIINN....''

Tansah Eilingo : ''Amiiiin......Carane mbah....?.''

Mbah Ojo Dumeh : ''Carane siji noto kekarepan , loro nyambut gawe seng tenanan insya Allah di paringi BODO tenanan kalian Gusti Allah ''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Seng nomer 3 ,sopo wonge yen kepingin bodo kudu gelem mbayar zakat fitroh , zakat iku mung 2kilo setengah , La hasille wong iku saben tahun pirang-pirang yuto,lakok setahun pisan mung 2kilo setengah , Yen secara hukume fiqh pancen ngunu aturane agomo,ora opo-opo''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah lajeng zakat niku nopo to mbah LIR-re....???''

Mbah Ojo Dumeh : ''Zakat iku ajarane agomo yakni kepedulian sosial ''

Tansah Eilingo : ''TEGESE Mbah......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Kepedulian sosial iku tegese ,WONG URIP IKU MASIO DUNYANE SAK JAGAT ,ILMUNE SUNDUL LANGIT, KONDANG PANGKATE TAPI YEN JIK NGAKU JENENGE MENUNGSO ORA ISO URIP DEWE ,BUTUH KONCO ,BUTUH TONGGO , Sa'iki mbah he takok ,TONGGO IKU PENTING OPO RA....?''

Tansah Eilingo : ''Njih penting mbah,,,penting sangeeet tonggo niku mbah ,,, malah kadang pentinge niku ngungkuli sanak''

Mbah Ojo Dumeh : ''La yen penting kie sampean jawab yo le''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah nopo.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''NALIKO LAHIR SENG NGRUBUNG...?''

Tansah Eilingo : ''.......TONGGO........''

Mbah Ojo Dumeh : ''DADI CAH CILIK NGRUSUHI.......?''

Tansah Eilingo : ''......TONGGO........''

Mbah Ojo Dumeh : ''WAYAH SUNATAN SENG BINGUNG.......?''

Tansah Eilingo : ''......TONGGO........''

Ojo Dumeh : ''WAYAH DADI MANTEN SENG NGRUBUNG.......?''

Tansah Eilingo : ''......TONGGO........''

Mbah Ojo Dumeh : ''MATI JAM SIJI BENGI SENG MENDHEM.....?''

Tansah Eilingo : ''......TONGGO........''

Mbah Ojo Dumeh : ''Mulane yen karo tonggo iku seng rukun ,terutama seng perlu di apik i tonggo-tonggo seng miskin iku le.''

Tansah Eilingo : ''la kok ngoten mbah sebabpe nopo..?''

Mbah Ojo Dumeh : ''iyo biasane ,tonggo seng miskin iku aten-atenane penak / apik .enthengan ngunu lho le...?''

Tansah Eilingo : ''Ough njih mbah...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wong tuo-tuo mbiyen iku yo ngulang le , yen sowan nang gone pini sepuh, wong tuwo ,tonggo ,opo artine gulo sekilo ,roti sak adah ,ning iku podho karo nggatek ke marang tonggo teparo sanak kadang , lantaran soko iku mau Insya Allah urip iso GUYUP RUKUN JOYO''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah amiiin....''

Mbah Ojo Dumeh : ''La sedilut maneh wes arep bodo , bodo iku ono limo 5 le....?''

Tansah Eilingo : ''Gangsal meniko nopo mawon mbah......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''LIMO yoiku 1 . WONG TUO . 2 KELUARGO ANAK BOJO . 3 TONGGO TEPARO , 4 KONCO , 5 BOLO ,
La sa'iki umume iku podho kwalik

Tansah Eilingo : ''kwalik e pripun mbah.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''konco bolo di disekne malah tonggo ne blas ora di parani , mulane wong ning masyarakat iku ora ono seng ora penting ,KABEH PENTING ,ORA ONO SENG PALING HEBAT ,KABEH HEBAT ,KABEH SENG DUWENI MASYARAKAT , MULANE SENG GUYU[ RUKUN BEN ISO BODO DUNYO AKHIRAT
ALLAHUMA....AMIIIIIIIIIIIIIN........''

Tansah Eilingo : ''AAMMIIIiiiinnnnnnn........ya robbal almin mbah''

Syi'ir

أَللَّهُـمَّ اغْفِرْ لِيْ ذُنُوْبِيْ وَلِوَالِديَّ

وَارْ حَمْهُمَا .. وَارْ حَمْهُمَا ..كَمَا رَبَيَانِيْ صَغِيْرَا

Duh GUSTI kulo nyuwun ngapuro
Sekathaheng duso kulo…
Lan dosane tiang sepah kalih kulo
Ugi umat islam sedoyo

dosa kulo kados wedi ing segoro
ananging kula mboten kiyat siksa neroko
aduh Gusti kula nyuwun pangapura

umur kula saben dina tansah suda
ananging duso kula kok saya ndodro
aduh Gusti kulo nyuwun pangapuro

duh Gusti kula nyuwun pangapuro
Panjenengan ingkang nglebur sedoyo duso
aduh Gusti kula nyuwun pangapura
dumateng alit agenging dosa kula

Amiiin......

kutamen dados tiyang MISKIN



kutamen dados tiyang MISKIN

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Aisyah nate mireng Rosulullah saw dungo, "Ya ALLAH, panjenengan dadosaken kula gesang dados satiyang ingkang miskin. panjenengan pundhut nyowo kulo lebet kawontenan miskin. lajeng panjenengan kempalaken kulo ing dinten Kiamat mangke sareng kelompok tiyang-tiyang miskin".

mireng dungo punika, Aisyah njur takon, "kenging punapa panjenengan dungo mekoten wahai Rosulullah?"..Kanjeng Nabi mangsuli, "Wong-wong miskin besok mlebu suargone luwih disek 40 taun (sedino = 1000 taun ing donya) daripada wong-wong sugih. Wahai Aisyah,ojo ngasi nolak wong miskin senajan sampeyan namung ngewehi separuh wiji kurmo" (HR Tirmidzi)

nb : Nalikane wong-wong sugih iku podho kemrungsung kuwatir, , kewedhen ngadepi nasib seng arep bakal nompho dewek e kabeh,Wong-wong miskin sampun menikmati kenikmatan istana swargi 14.600.000 taun luwih diseekkk
Ajiiiiiib's ......

Obat GALAU



BISMILLAH....

Mbah Ojo Dumeh : ''Le kok sajak e ,empane dino iki mau kok sedih ,duka ,lara ,ngunu ,jan jane ono opo to...le...?''

Tansah Eilingo : ''Anu mbah,,,anu,,...boten enten nopo-nopo ,,biasa mawon kok...!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Hallah ojo ngapusi sampean ,, hazo crito ono opo , mbok menowo ono solusi seng maton wehehe,,,ndang le ,cah bagus kok ,,!!!''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ,,,kulo niki lek jarene cah nom-noman lagi GALAU mbah ,,, mikir kahanan niki....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ow...GALAU....!!!!''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah.....Panjenengan paringi solusi mbah ,,kersane adem ayem ,tansah padang ati kulo niki mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ngunu toh critane ,, yowes ,,kene tak paringi dungo gelem,,dungone ANTI GALAU + Obat GALAU ..''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah purun sangeeeet,,,,nopo mbah dungane....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Saking Anas bin Malik , panjenenganipun ngendiko Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam dawuh .

اللَّهُمَّ لاَ سَهْلَ إِلاَّ مَا جَعَلْتَهُ سَهْلاً وَأَنْتَ تَجْعَلُ الحَزْنَ إِذَا شِئْتَ سَهْلاً

“Allahumma laa sahla illa maa ja’altahu sahlaa, wa anta taj’alul hazna idza syi’ta sahlaa”

Tansah Eilingo : ''Artinipun kurang langkunge pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : '' Duh gusti ,boten enten kegampilan (gampang) kejobho ingkang panjenengan damel gampil ,lan panjenengan dadosaken kesedihan (kesulitan) , menawi panjenengan kersani mesti badhe dados gampil .

Tansah Eilingo : ''Oo .... ngoten to mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo tole.... sing jenenge kegampangan mung dugi saking Allah. samubarang sing rekoso pisono bisa dadi gampang yen Gusti Allah kekarepani.

Tansah Eilingo : ''Njih mbah (manthuk-manthuk) ''

Mbah Ojo Dumeh : ''Prayogane ati kudu di Gantung ne nang Allah ,dudu gantung nang awak dhewe sing lemah. nek ati terlalu yakin utawa keliwat PD (ngandelake awak e) dadine nglalekne Pengerange ,mulo saestu urusan kesebat malah tambah rekaos (sulit) , Eilingo Seng sopo wonge tansah tawakal nang ngarsane Gusti Allah ,mulo Gusti Allah bakal gampangake urusane

Tansah Eilingo : ''(Manthuk-manthuk meneh )wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Manungso nduwe kekarepan. ning kekarepan kesebut biso terealisasi kanti becik lan sempurna, yen Allah ngarepane (ngridhani) , mulo atine kudu tansah sumeleh madep manteb maring kang moho kuoso''

Tansah Eilingo : ''Oo dadose mekaten njih mbah ... , yen dalil jowo mbah ,enten nopo boten...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo panggah ono le....dalil otak atik mathuk wehehe''

Tansah Eilingo : ''Pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''yo di oncek i miturut tulisane le...?
G => GAwenen atimu kanggo dzikir marang Allah
A => Akeh-akeh no moco qur'an lan sholawatan
L => LAkonono perintahe AGOMO
A => Amal ibadah kanti istikomah
U => Usahak no sholat kanti berjama'ah

Tansah Eilingo : ''Ooo.....lajeng mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ra usah nggriyeng tetangisan yen lagi nemu alangan/penandhang
Ngresula, nalangsa, mung bakal nambahi abot ing coba
Sing becik pancen mung pasrah sumarah, Pangeran mesthi paring berkah.

Tansah Eilingo : ''njih mbah kadang tiang niku katah ingkang gresah abbakan URIP niki mbah,,,pripun niku...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Urip iku tantangan.....Adhepono
Urip iku anugrah..... Tompho nen
Urip iku lomba..... Menangno
Urip iku PR...... Rampungno

Tansah Eilingo : ''Oo....manthuk-manthuk''

Mbah Ojo Dumeh : ''Seng wes lungo...? LALEKNO
Seng durung teko...? ENTENONO
Seng wes ono...? SYUKURONO

Tansah Eilingo : ''Njih mbah,,,njih....''

Mbah Ojo Dumeh : '' mugo-mugo awake dhewe biso ngamalake Dungo iku mau neng kolo awake dhewe rekoso lan neng wektu ngarepake kegampangan saking Gusti Allah. mugi-mugi manfaat yo le....''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah Amiiiiin...Amiiiin...Amiiin Yarobbal almiiin...matur suwun mbah ...wehehe''

NB: Ojo podho ngersulo ndak gelis tuo
Wong yen nrimo urip pe dowo
Wong seng sabar rejekine jembar
Wong yen ngalah urip pe bakal barokah
Sopo seng jujur urip pe makmur
Wong suloyo urip pe soro
Wong seng sombong amale kobong
Sopo seng tlaten tembhe mburi bakal panen

Syi'ir



BISMILLAH......

Allohummaghfirli waliwalidayya warhamhuma kama Robbayaani shaghiiiro 2x

DUH GUSTI KULO NYUWUN NGAPURO ,SEKATAHING DUSO KULO .LAN DUSANE TIANG SEPAH KALIH KULO ,UGI UMAT ISLAM SEDOYO2x

Ya Alloh Gusti kula nyuwun dados putra kang ahli bekti
Romo lan ibu ingkang ngrumati,didik mimpin kanti setiti

Ya Alloh GUsti kula nyuwun pinaringan bening ing fikir
Kagem ibadah lan dzikir,nafsu syetan sageta nyingkir

Ya Alloh Gusti kula nyuwun pinaringan panjang umur
Kagem ibadah lan syukur,nafsu syetan sageta mungkur

Ya Alloh Gusti kula nyuwun slamet ndunya lan akhirat
Klebet umat nabi Muhammad angsal safa’at rohmat lan nikmat

Ya Alloh Gusti kula nyuwun pinaringan rizki halal barokah
Kagem shodaqoh jariyah,kagem ziarah Medinah Mekah

Allohummaghfirli waliwalidayya warhamhuma kama Robbayaani shaghiiiro 2x

Alesane tiang jaler boten angsal damel barang emas



Critane ''Tansah Eilingo'' lagi lenger-lenger ba'da maem sahur ,lajeng di samperi kalih ''Mbah ojo dumeh''

Bismillah......
Mbah Ojo Dumeh : '' Doooorrrr.......!!!!!! ,nyapo kie kok sajak e putuku seng bagus dhewe lenger-lenger .opo kwareg ken piye ngger...?''

Tansah Eilingo : ''Wadduh ,,,mbah e ngaget-ngageti mawon jenengan niku mbah...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ono opo le ngger....?''

Tansah Eilingo : ''Anu mbah kulo niki mikir , kenging nopo njih tiang jaler niku kok boten angsal damel mas-massan,''

Mbah Ojo Dumeh : ''maksudmu kalungan mas, gondel emas,ali-ali emas ngunu to tole....?''

Tansah Eilingo : ''Njih pokok e seng emas-emasan niku lo mbah,,,kok tiang estri angsal ,lajeng tiang jaler kok boten angsal niku kenging nopo njih mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''wah iki takone sampean rodhok jeru le...?''

Tansah Eilingo : ''Lho jeru pripun to mbah....? kulo kan kepingin sumerep jelase pripun...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ooo....Yo ngene tole , iki tinjauan ilmiah utowo analisa medis se.. Poro ahli fisika wis nyimpulno mbok bilih atom nang emas biso nembus menjero lulang lan mlebu menjero getih e manungso, lan nek awake dhewe ( lanang ) gawe emas suwe wektune, mula dampak e yaiku neng jero getih lan urine biso ngandung atom emas ing jero prosentase sing ngluwihi wates ( diikenal karo aran" Migrasi emas " )

Tansah Eilingo : ''Plonga-plongo ora mudeng ........wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''la yen iki kedadean, mula biso ngakibatake loro/penyakit Alzheimer. ''

Tansah Eilingo : '' Alzheimer.....niku penyakit nopo mbah.....???wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Alzheimer yaiku penyakit nang endi wong iku mau kelangan kabeh mentale lan fisik seng dadekno balik koyo bucah cilik. ''

Tansah Eilingo : ''nopo kados pikun ngoten niku mbah''

Mbah Ojo Dumeh : ''Alzheimer dudu panuwa'an (tuwo) normal, ning iku panuwa'an kapeksan utawa kepekso.''

Tansah Eilingo : ''Oo....Lajeng kenging nopo kok tiang setri (wadon) niku angsal damel emass mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo le ,yen miturut Islam ngunu ,,amergo wong wadon ora duwe penyakit iku mau...?''

Tansah Eilingo : ''La kok saget sebape nopo mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo amergo ben wulan ,,partikel seng bahaya iku mau metu bareng-bareng liwat menstruasi ,,,ngunu critane.......le...''

Tansah Eilingo : ''Oo....njih jebule Ilsam niku SAE sangget njih Mbah ,Hebat ,anane Kanjeng Nabi iku ngelarang marang wong lanang damel mass jebule ono dampak seng negatif, padahal niku zaman siyen njih mbah , 1400 taun ke pengker, dereng enten ahli fisika, ning Kanjeng nabi kok sampun ngerti njih mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo iku le,,mangkane AGOMO IKU ORA CUKUB DI AKONI NING YO KUDU DI LAKONI Ngunu tak kandani wehehe''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah NGESTOK AKEN DAWUH.....''