Senin, 30 September 2013

NGAtur Jiwo



★ NGAJI (NGAtur Jiwo dandani atI) ★

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Kenging nopo kito niki kedah di kengken ngaji , tujuane nopo....?
Tujuane ngaji niku kolo-kolo ngumpul dadi siji sak perlu eiling tinilingan , kenging nopo kok di dawuhi eiling tinilingan...? Di akoni nopo boten yen manungso niku makluk apes ingkang kanggonan LALI kalih SALAH , nanging kok purun ngaji ngelengno eiling tinilingan iseh saget dados tiang ingkang bejo, ''LAN WENEHONO PEPILINGAN (peringatan) ,KAMONGKO SAK TEMENE PEPILINGAN IKU AKEH BANGET MANFA'ATTE TUMRAPE WONG SENG PODHO IMAN''

• Ingkang sak lajenge tiyang ngaji niku di damel mupuk iman, sebab iman niku perlu di pupuk nganggo ngaji , amergi iman menungso niku SAMI CAP PE NING BEDO KWALITASE (mutune) , enten iman niku ingkang mutune SAE , Iman niku yen mutune SAE cirinipun : bungah ngibadah susah njih teteb ngibadah , Ning enten iman niku ingkang sedengan , cirine : bungah ibadah susah prei / walik an , susah ibadah bungah prei ,niku njih enten , kabare njih tiange enten mriki ning pass boten maos wehehe ,
Malah enten iman niku ingkang boten mutu babar blas, ngakune iman agamane islam ning ora tau ngibadah

• Seng jelas imane menungso niku pasang surut , kadang kandhel kadang tipis , nek pas dong kandhel ibadah yo kendhel ning pas dong tipis PREI ,
Mugi-mugi sedoyo ingkang sampun mampir wonten PAGE mriki lan sampun maos kiriman ten mriki IMANE soyo TAMBAH lan angsal ilmu ingkang manfaat , Ilmu manfaat niku titenane gampil , pripun yen niteni ilmu manfaat niku...? njih meniko bar ngaji mundak SAE ne

NB : Kulo derek dedungo lumantar kawontenane PAGE puniko sedoyo pikantuk o ilmu ingkang manfaat, lan dipun paringono entheng anggenipun nglampahi ibadahe , barokah panjang yuswane , barokah katah rizkine Allohuma Amiiiiiiiiiin

SYUKUR



~♥~ SYUKUR ~♥~

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Monggo kito sami kedah eiling saben-saben nompho nikmat peparinge Gusti Allah , nopo mawon wujudte kenikmatan ,kito niki kedah pinter-pinter anggenipun SYUKUR , tujuanipun nopo...? supoyo di tambahi nikmate.
Gusti Allah niku yen maringi nikmat kuatah sanget, umpami di kengken ngetung jelas boten saget
''Wain tauddu nikmatallahi la tuhsuha'' ,(Lan lamun sliramu kepingin ngetung nikmat peparinge gusti Allah ora bakal iso ngetung mergo saking katahe)

Poro pemaos ingkang minulyo , kito niki boten nyuwun mawon sampun di paringi kalih gusti Allah, (''mosok ora jaluk kok di wei, opo buktine...?) Enten toh tiyang dungo .''Ya Allah Gusti mugi-mugi oksigen ingkang sampun panjenengan paringke dateng manungso mulai zaman nabi adam , dumugi adam jurdan lan sapek adam malik ,mugi-mugi ampun ngantos telas Gusti'' ,
- SRENGENGE (MATAHARI) ingkang dipun interi bumi sahinggo terjadi awan lan bengi ,SINTEN INGKANG DUNGO....? ,'' Ya Allah Gusti mugi-mugi srengenge ne saben enjing medal bedunduk saking wetan lan sonten islep saking kilen ampun ngantos prei Gusti. Enten nopo boten tiyang ingkang dungo ngoten.....?
Niku termasuk nikmat ingkang kito nikmati sareng-sareng , dereng nikmat ingkang di pun trampi pribadi,

Gusti Allah dawuh malih , ''Temen nikmatku seng tak paringne maring sliramu kabeh menungso akeh banget'' , kulo panjenengan niku di paringi nikmat ingkang katah boten di kengken ngijoli nopo-nopo , namung Gusti Allah dawuh ten al-quran kanti cetho ''فَصَلِّ لِرَبِّكَ'' FASHOLLI (mongko podho sholatto) LIROBBIKA (kanggo kunjuk nang pangeranmu)''

Dadose sholat kulo lan panjenengan niku disamping netepi kewajiban jebul niku tondo leh syukur ten ngarsane Gusti Allah, milane kok enten tiyang di sukani nikmat kok purun SHOLAT, niku sami kalih tiyang niku di paringi perkoro ingkang nyenegake podho gelem matursuwun, yen purun matursuwun ten ngarsane Gusti Allah di wujudtake sholat najyan to kito boten dungo ,TEMEN Gusti Allah bakal nambahi nikmat marang sliramu kabeh,

NANGING kok ono wong ngaku iman ngaku islam di paringi kenikmatan nyatane di kengken sholat wae ora tau mangkat, niku sami kalih tiyang ingkang dipun paringi perkoro ingkang nyenengake ning ora gelem matursuwun, lalek boten purun matursuwun titeni Gusti Allah yen dawuh ''Inna adzabi lasyadid'' , siap toto-toto mesti bakal intuk Adzab seng abot .

NB ; Sholat ibadah tur tondo syukur , mugi-mugi kulo lan panjenengan di paringi enteng anggenipun nglampahi , Allahuma Amiiiiiiiin

BERJUANG

~♥~ BERJUANG ~♥~

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Setiap tiyang islam niku di kengken berjuang sak drajat sak pangkat , berjuang niku katah carane seng penting iklas niatte

♫... UMAT ISLAM BERJUANG DIWAJIBPAKE
PERJUANGAN NEGAK AKE AGAMANE....♫
♫... DI NIATTI IKHLAS ATINE NYUWUN RIDHO PANGERANE
INSYA ALLAH MULYO DUNYO AKHIRATE...♫

♫...PEMIMPINE BERJUANG NGANGGO ADILE
Njur ono pemimpin kok adil , rakyate bakal tentrem , katentremane kahanan damel lampah SAE ibadahe

WONG SENG ALIM BERJUANG NGANGGO ILMUNE...♫
Ingkang ngerti mulangi ingkang boten ngerti , lan seng bodho purun ngaji , yen ingkang pinter boten purun ngulangi lan ingkang bodho boten purun ngaji , sami kalih-kalihipun kados......? (panjenengan isi kiambak ingkang mathuk nopo wehehe)

♫...WONG SENG SUGEH BERJUANG NGANGGO BANDANE
(Niku mboten pass/kurang tepat) ,ingkang tepat injih meniko ''SENG SUGEH BERJUANG KELAWAN LUMANE , Sugeh katah bandane yen PELIT damel nopo ,njih nopo boten....? , dadose ingkang sugeh di kengken berjuang kelawan sifat lumane seng sugeh

RAKYAT CILIK BERJUANG NGANGGO DUNGANE...♫
Ingkang alit berjuang kelawan dungane , ampun malak ngilokno

♫...SENG KUAT RUSO BERJUANG KELAWAN TENAGANE

⇉ MONGGO DI SUKANI SHOLAWAT

...♫ ALLOHUMA SHOLLI WA SALIM ALA
SAYYIDINA WAMAULANA MUHAMMADIN
ADADAMA FI'IL MILLAHISHOLATAN
DAIMATAM BIDA'UWAMI MULQILAHI...♫

OJO DUPEH



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

⇉ OJO DUPEH SUGEH NJUR PODHO SEMUGEH
• Poro pemaos ingkang minulyo :
kinten-kinten enten nopo mboten tiyang ingkang sugeh njur podho semugeh...? Rotho-rotho meh sedanten njih nopo mboten....? ojo maneh tiyang lintu ,kadang-kadang ten genne tiyang sepah ipun kiambak podho sok semugih boten purun ngramut tiyang sepahipun.

- BONDHO IKU MUNG NYILEH BESOK BAKALE MULEH
• Bondho dunyo niku bakalipun wangsul soale boten melu duweni , ''Lillahimmafissamawati wama fil ard'' (sedoyo niku asline namung gadahanipun Gusti Allah ) menungso niku asline boten gadah nopo-nopo , buktinipun benjang lek pun sedo sak katahing bondo boten enten ingkang dipun beto.

⇉ OJO DUPEH MLARAT BANJUR ORA SHOLAT
• Wong mlarat seng boten sholat enten nopo boten...? ribut golek sandang pangan ,jumpalik an nyambut gawe nganti ninggal sholate , niku bakale nyonnyor ten dunyo lan akhirate , niku arane mlarat lengkap

- WES MLARAT ORA SHOLAT URIBPE MESTI KUALAT / KENO LAKNAT
• Kersane supeh tiyange ingkang maos ''KAPOK PORA WE '' (Kersane dang tobat wehehe)

⇉ OJO DUPEH KUOSO BANJUR NEKO-NEKO
• Niku boten pareng njih , ojo adigang adigung adiguno lan ojo dak sio marang sak podho-podho, manungso niku di titah podho

- ONO DUNYO MUNG SEDELO BESOK BAKALE BONGK* ,,,ech BAKALE SEDO wehehe
Nang dunyo sepiro lawase ,bebasan mung mampir ngombe, mulo sami seng Eiling kelawan waspodho

⇉ OJO DUPEH GAGAH NJUR KAKEAN POLAH
Niku njih boten pareng , termsuk kakean tingkah , kemlinthi , ita iti , lan liyo liane

- GAGAH YEN ORA NGIBADAH BESOK BAKALE SUSAH
Yen boten ngibdah bakale susah / payah , ten akhirat di paidho kalih gusti Allah

⇉ OJO DUPEH AYU BANJUR PODHO KEMAYU
Niki kagem seng ayu-ayu / rumongso ayu , ojo katik kemayu , sak piro suwene ayumu

- NGELINGONO TUWOMU NEK WES KEMPOT PEYOT ORA PAYU
Sampean ayu niku ora mergo rupamu, ora mergo wajahmu , ora mergo prejenganmu , modelmu , lipstikmu , bodymu , wedakmu , semox mu , boten niku , NANGING MERGO sampean iku ''WADON'' LAN AMERGI SAMPEAN NIKU TASEK ''NOM'' Wehehe

NB : Ten dunyo niku boten dangu (sedilut), seng dangu niku ten akhirate , NANGING sedilute nan dunyo niki ingkang bakal nentok aken URIB sak lawase ten akhirat benjing, Ten dunyo sedilut niki yen uribpe bener bakal penak ten akhirate sak lawase , TAPI yen ten dunyo sedilut niki kok salah uribpe , bakal susah / soro sak lawase ten akhirate...

Senin, 23 September 2013

FADILAHIPUN BOSO KALIAN INGKANG KAKUNG



FADILAHIPUN TIANG WADON BOSO KALIAN INGKANG KAKUNG

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Tiang wadon niku kok saget boso kalih ingkang kakunge bade angsal FADILAH 3 perkoro : nopo mawon =>
njih meniko ,ANGSAL GANJARAN , SECARA BOTEN LANGSUNG DIDIK PUTRO PUTRINE , INSYA ALLAH TENTREM RUMAH TANGGANE

• ANGSAL GANJARAN :
''loh boso karo bojo kok oleh ganjaran to min...?'' (niku biasane potongan-potongan tiang ingkang boten nate boso :_D) , Kanjeng nabi pun nate paring dawuh ''Umpomo Gusti Allah niku kepareng maringake manungso sujud kalih manungso ,aku mesti ngongkon wong wadon kon sujud marang kakunge , ning ora di paringke'' , Tegese wong wadon niku di kengken toat mituhu maring seng kakung, nah setengah buktek aken niku leh umung BOSO ,

• Yen wong wadon kok saget boso kalih seng kakung niku secara bopten langsung didik putro putrinipun, amergi ibu niku sekolahan kagem putro putrinipun

• Kok wong wadon saget boso kalian ingkang kakung ,insya Allah di paringi tentrem rumah tanggane sebab LONGKO PADUNE, Yen ono tiang padu kok damel boso niku njih kangelan , njih nopo boten...? ning yen boten boso njih gampang mawon NYLATHU / ngomeng bojo niku ,
CONTO : ''WONG LANANG KLAYAPAN WAE ORA TAU MULEH,ORA ISIN DI SAWANG TONGGO TEPARO , DANG KONO MINGGAT MANEH''
Lho gampang , nopo malih kok mpun kulino wah jan paseeh tenan , tajwidte + lenggok lenggik e saget pass pokok e klop lah wehehe ,

NANGING yen boso boten saget , cobi niku panjenengan basak ne
''PIANTUN KAKUNG PENDAMELANE KOK TINDAK AN MAWON BOTEN NATE KUNDUR , BOTEN PENGGALIH TONGGO TEPARO SAMI PARIPURNO , MONGGO TINDAK MALIH'' lho malih koyo ketoprak

=> Rotho-rotho tiang wadon sakniki sami boso nopo boten kalih seng kakung.......?



Poro pemaos ingkang minulyo :
Yen kulino boten boso kalih ingkang kakung lajeng kepingin ajeng boso kalih ingkang kakung (soale fadilahipun katah sangeet) banjur saking pundi anggenipun miwiti...?

=> Kulo sukani modal 6 (enem) ''KATA'' :
njih meniko :
• TINDAK , • KUNDUR , • SARE , • PUTRO , • DAHAR , • NGUNJUK

Nah monggo 6 NIKU dipun damel modal , lan saget dipun praktek aken langsung,
CONTO : ''Ingkang kakung nembe dugi griyo'' , e bapak e wes ''KUNDUR'' ket mau toh, dang gek ''DAHAR'' kulo tak ngenteni ''PUTRANE'' ,lawuhe yowes tak siapno dang di dahar mengko selak di pangan kucing,unjuk ane yowes tak siapne dang di ''UNJUK'' mengko selak adem, nek kesel dang ''SARE'' jare sesok arep ''TINDAK'' maleh ,

Nah luwes nopo mboten poro sederek...........? modale namung 6 niku mawon awale yen sak derenge boten nate boso , trus kepingin boso kalih ingkang kakung, ampun TOTAL mangke ingkang kakung mundak kaget njih nopo boten....?

Njih sekedik-sekedik mawon ampun total , 6 kata niku saget dipun praktek aken langsung, MONGGO insya Allah kanti tahapan sekedik-sekedik lan istiqomah saget dadosaken rumah tangga ingkang tentrem bahagia SAMARABA (Sakinah mawadah rohmah barokah) Allohuma Amiiiiiiiiiiiiin...

WAYANG



~♥~ WAYANG ~♥~

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah

Ceritane ''Tansah Eilingo'' lagi takon-takon babakan ''WAYANG'' nang gonne''Mbah Ojo Dumeh''
=====================================

Tansah Eilingo : ''Mbah nuwun sewu ,bade tangklet ,anane tiang gadah damel , kados manten ,sunatan , hajatan , niku sok kadang di paringi acara pengajian wayang niku murih nopo mbah...?''

=> ''Ingkang dipun maksud kalih TANSAH EILINGO niki dalange pak kyai / pengajian'''

Mbah Ojo Dumeh : ''Oh kui to..? , Iku sinambi dakwah agomo ugo nguri-nguri budoyo adiluhur ,iku ora ono elek e le...!!! , sampean ngerti WAYANG iku soko tembung ''WAJIB SEMBAHYANG'' , mulane dalang ,sinden , yogo iku kudu wajib sembahyang''

Tansah Eilingo : ''La kok saget ngoten pripun mbah maksudte..?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo ,seneng karo wayang kok ora sembahyang iku ibarate ''LELUNGAN NING ORA NGERTI DALANE, ORA TEKO TUJUANE '' ,pingin mulyo nang suwargo malah mrongos nang neroko''

Tansah Eilingo : ''wow ngoten to mbah , niku yen kagem pemaine , menawi kagem penontone pripun...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La kanggo seng nonton ,sopo ngerti tontonan biso di dadek ake tuntunan, mergo sa'iki iku akeh wong jowo wes ilang jawane alias ''ORA NJAWANI'',

Tansah Eilingo : ''TEGESE MBAH...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''wong sa'iki iku malah bangga yen anak e iso bahasa inggris ning podho ora biso boso, La sopo ngerti jalaran soko piwudale dalang malih iso matrappake boso ''

Tansah Eilingo : ''Ow,,,ngoten to mbah njih ,,mbah njih...''

Mbah Ojo Dumeh : ''NING wayang iku maknane teteb WAJIB SEMBAHYANG, Mulo sak durunge nonton wayang kudu wes isya'an ,bar nonton ojo ninggal lek subuhan, la wong nonton wayang kok ora sembahyang iku yo podho koyo wong lungo ning ora ngerti dalan , pingin mulyo nang suwargo....?''

Tansah Eilingo : '' malah mrongos nang neroko wehehe.....''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah jaman Sunan Kalijogo dakwahe agomo iku yen miturut buku ''BABAT TANAH JOWO'' , iku yen dakwah agomo nganggo wayang disek, di kenalke agomo nganggo metode koyo ngunu kui ,la basan wes seneng karo seng jenenge syareat njur gek diwulangi ngibadah ngunu lho....''

Tansah Eilingo : ''Oh,,,ngoten mbah....!!!'' , Tangklet malih mbah , Lajeng ten wayangan niku mesti enten GORO-GORO ne niku sebabpe nopo mbah......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''GORO-GORO iku gambarane zaman akhir, mulo zaman iku yen wes akhir wolak walik an koyo dene dalang kae jebhol kayon , kayon iku soko tembung bahasa arab ''KHAYUN'' maknane ''PENGURIPAN''

Tansah Eilingo : ''Lajeng maksudte pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Maksudte , urip iku yen wes wolak walik an koyo ngene iki le , nek kepingin slamet enggal ngetok ke ''PUNOKAWAN'' cacahe 4 (papat) , yoiku : ''SEMAR , NOLO GARENG , PETRUK LAN BAGONG'' nah iku yo soko tembung bahasa arab , 'samir nala khoiron fatruk ma bagho'''

Tansah Eilingo : ''ARTINE NOPO MBAH.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''ARTINE ''SAMIR'' (podho Cancut Taliwondo wong siro kabeh ono dunyo) ,
''NALA KHOIRON'' (nyupreh seng apik podho nindak ke kebagusan ,do ngibadah) ,
''FATTRUK'' (Mongko ninggalo siro kabeh)
''BAGHO'' (Perkoro seng olo ,maksiat lan laku duso)

Tansah Eilingo : ''Lajeng namine kok saget berubah dados ''SEMAR ,NOLO GARENG ,PETRUK LAN BAGONG'' niku pripun ?

Mbah Ojo Dumeh : ''LA iku jenenge ILAT JOWO ora faseh kon muni arab wehehe''

Tansah Eilingo : ''wehehe njih mbah bener...ech lerees,,,!!!'', La pertanya'an sak lajenge mbah , KOK ENTEN KYAI INGKANG NGAROMAKE WAYANG NIKU SEBABPE NOPO MBAH...?''



Mbah Ojo Dumeh : ''Ooo....Ngerti o Le ,kok ono kyai ngaromke wayang iku pancen duwe dasar, Awet zaman cilik ane mbah e mbiyen , aku jik kelingan le , mbiyen ku yen nang kene ono wayangan biasane njur buri kunu let 2 umah ono bandongan''

Tansah Eilingo : ''bandongan nopo mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Kitab...!!!''

Tansah Eilingo : ''Lho kitab nopo niku mbah...........?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wehehe kitab klothok / toret (kitabpe cilik-cilik di toto di geret) , Alias ceki bin keplek i termasuk bangsane kyu-kyu,prenthil,domino ,remi ,empat satu,poker ,lan lio liane

Tansah Eilingo : ''Oalah mainan to mbah alias judhi ''

Mbah Ojo Dumeh : ''iyo , la ngunu iku le seng jenenge judi opo wae benthuk e iku kabeh larangane agomo lan negoro ,ning maine judhi iku mergo di disik i anane wayang , gandheng judi kharom mulo wayang di kharomne awet jiphuk koidah soko usul ''fiqh''

Tansah Eilingo : ''Ough , dadose yen wayang niku dados sarono maksiat harom mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo bener harom''

Tansah Eilingo : ''Ning yen rampung wayangan kok tiyange tambah sae-sae / sregeb ibadahe niku angsal mbah...????''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ough intuk iku malah wajib, contone yen ono wayang dalange kyai wehehe ''

Tansah Eilingo : ''wow ngoten to mbah ...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''ya ya ya , mulane budoyo jowo seng apik-apik ayo podho di uri-uri di gawe sarono dakwah agomo , ngunu....''

Tansah Eilingo : '' njih mbah leres , mugi-mugi enten generasi ingkang nerusaken dakwah damel budoyo jawi njih mbah kersane boten punah wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ajiiiiiib's....''

OJO DUMEH TANSAH EILINGO LAN WASPODHO







OJO DUMEH TANSAH EILINGO LAN WASPODHO
0========[ LEMAH ]=======0

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
• Kito niki yen sholat madhep ten tempat sujud yoiku ngisor ,La ngisor niku LEMAH , supoyo kersane sadar menungso niku soko LEMAH , bibite soko LEMAH , mloka-mlaku wira-wiri , modar-mandir ,mosah-masih , jumpalikan , ono ing duwure LEMAH, benjing yen pun sedo njih di salap / di pendem ten jero LEMAH, benjang pas wayahe di tangekno maleh njih saking LEMAH , pramilo saking meniko , ojo dumeh, ojo bangga , ojo sok , kito niki asale soko lemah lan bakal balik dadi lemah

• Ojo dumeh duwe umah gedhe njur podho gumbedhe ,ledha-ledhe,sak karepe dhewe,ora akur karo tanggane,congkrah karo dulure, NGELINGONO yen umah terakhirmu iku alam kubur, nang dunyo ora gelem syukur ning kok malah kufur mbesok nang alam kubur bakal ajur mumur lebur

• Ojo dumeh sandanganmu larang pating krempyang nganti 10 lemari ora sedeng di enggoni, NGELINGONO yen sandangan terakhirmu iku mung KAIN MORI mulo ojo podho kemlinti , ita iti koyo peri

• Ojo dumeh tumpak anmu mobil lagakmu koyo butho cakil , tur cethil ,betithil, bakhil , NGELINGONO yen tumpak an terakhirmu iku penduso rudho papat rupo menungso

• Ojo dumeh minyak wangimu larang njur girang-girang , NGELINGONO yen minyak terakhirmu iku mung kapur barus ,mulo ojo podho kementhus
NB : E.....Manungso podho Eilingo..Siro manggon neng bumine sopo......???
Lan siro kudu rumongso..Ono ndunyo seng ngurepne sopo........???
Umur siro soyo tuwo..Lamun mati sangunu opo........???
Ayo dho nindakno Tuntunan agomo...!!!
Sholat ,zakat , ojo lali poso , Ibadah haji lamun kuoso...
Iku aran Islame sempurno....''
Kanggo sangu ono ing alam boko...!!!
URIP SAK LAWASE ORA ONO AKHIRE....


GORO-GORO



GORO-GORO

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Nopo to isine goro-goro ing siang meniko , isine goro-goro ing siang meniko #Ndoro_Kakung bade ngudar sekedik kahanan ruwet rentek ke zaman ing sakmeniko , milo monggo sami dipun gathekno , yen boten purun gathek no TITENONO mari senen mesti seloso

★ GORO-GORO...!!!!!
Opo to pratandane goro-goro .......???

• Goro-goro zaman edan seng ora edan ora keduman mulo yen kabeh wong podho edan dunyane malih ora karu-karuan , bejo bejane wong seng nang dunyo duweni iman ,islam seng digawe gegondhelan, Goro....go....ro...!!!!!!

• Akeh wong kang seng ngramal dino kiamat , akeh wong seng podho tumindak jahat ,seng bejat munggah pangkat , akeh penghianat, Akeh manungso angel yen dikon nglakoni wajibe malah di gedhekno nglakoni maksiate

• Akeh lelakon seng sarwo sasar susur, seng takabur makmur ,seng jujur malah ajur kumur-kumur, akeh manungso wes podho kepingin manggon nang duwur, yen wes nang duwur angel di atur malah podho ora gelem syukur, Go..ro....goro...!!!

• Akeh lelakon seng sarwo ganjil seng utomo malah kemencil , poro pemimpin wes ora biso tumindak adil tansah jahil methithil ora bedo koyo buto cakil kang tansah grathil cethil bakhil tur bethithil ,

★ GORO-GORO...!!!!!
Nemen_ning goro-goro......

• Akeh menungso podho lali maring pengeran, lali karo kewajiban , lali karo sembahyang, lali karo ibadahe ,lali karo agamane ,lali karo wong tuane , lali karok sanak kadange, wong liyo di anggep dulur ,dulur di anggep wong liyo ,Goro....go....ro...!!!!!!

• Akeh manungso wes lali karo matine seneng karo gebyare dunyo lali alam kubure ,seneng karo bandane lali karo zakate ,contone seng podho ngaji nang kene kiye (tapi wonge pas gak moco iki) wehehe

• Seneng karo seng di titahke lali karo seng di titahke, wong lanang wes podho macak wadon , wong wadon macak lanang, kali ilang kedunge wong lanang ilang kaprawirane wong wadon ilang kawirangane , Go..ro....goro...!!!





★ GORO-GORO...!!!!!
GEger_ring goro-goro .......???

• Rikolo semono udan salah mongso manen-ne akeh, akeh prawan podho dadi rondho ,akeh rondho seng nglaerna anak tanpo bopo , Goro....go....ro...!!!!!!

• wong golek pangan koyo gadah di interi, seng edan iso dandan-dandan , seng bengkong podho iso gawe umah gedhong , durjono soyo dodro , begal soyo dugal , maling mripate melang meleng ,delalah copet umure malah aweet , mulo yen kepingin umure awet dadio.........?

• Ono umah suci mung di gawe digar, ono masjid mung di angget-angget , gelem budal mangkate keri dewek ,mulihe disek dhewek , ono sandal apik bablas di pek ,, nang mesjid niatte elek , bareng kunangan di brendholne peyok koyo rempeyek Go..ro....goro...!!!

• Rikolo semono seng di jogo nyolong seng jogo , seng bodho di giro-giro ,seng pinter di incer-incer,seng mlarat di cutat-cutat,seng fakir di usir-usir,seng miskin di isin-isin, seng kere di ece-ece ,seng sugih anane mung pamrih,seng gedhe mung mikirke wadhuk e dhewe,seng korupsi cengengas-cengenges nang TV tumpak ane merci

• Seng bagus patrappe rabedo koyo wedus , seng ayu senenge malem minggu mlaku-mlaku nang ngisor waru karo pamer pupu , delalah payu seket ewu ngerti-ngerti tekan umah wetenge lemu

• TUTUPING GORO-GORO.....!!!!
Bakal teko wolak walik ing zaman seng becik ketitik, seng olo bakale ketoro , sopo lelaku apik mesti bakal mulyo ,sopo lelaku olo mesti bakal ciloko.....GORO-GORO.....!!!!

NB : Allohumasholli Ala Muhamad

Senin, 16 September 2013

Syi'ir PASRAH NGALAH



~♥~PASRAH NGALAH~♥~

♫ SHOLLATULLOH SALAMULLOH ALATOHAA ROSULILLAH
SHOLLATULLOH SALAMULLOH ALAYASIIN HABIBILLAH
TAWASALNAA BIBISMILLAH WABILHADII ROSULILLAH
WAKULLIMUJAA HIDILILLAH BI'AHLILBAD'RIYA ALLAH ♫

♫ Marang pangeran kang pinuji ngaturaken sekabehing puji
♫ Marang pangeran kang moho suci monggo nyuwun ihklasse ati
♫ Sugih lan mlarat kari nglakoni wes di tetepne robbi izzati
♫ Seng penting iman ing jero ati kudu di jogo sampek mati

♫ Urip nang dunyo ojo ngongso kabeh kui wes ono seng noto
♫ Urip nang dunyo ojo gampang ngersulo opo maneh pas atine gelo
♫ Urip nang dunyo kuwi cubo susah lan seneng kabeh cubo
♫ Seng kuat cubo seng duwe roso , roso syukur maring kang kuoso

♫ Akeh wong ngaji mung di rungokne teko ngomah ora di amalne
♫ Akeh wong ngaji mung ngobrol dhewe kadang malah ngrasani tanggone
♫ Budal ko ngomah ketok e ngaji teko enggon gur ngrasani
♫ nek ngunu kui dang di tobatti opo ra wedhi sekso nek wes mati

♫ Kelawan pengeran kang moho ghofur monggo nyuwun barokahe umur
♫ Pas ati sumpek ojo sampek ngelantur urip kuwi wes ono seng ngatur
♫ Rohmatte Allah tanpo tinukur Subhanaallah jo nganti kufur
♫ Sholat wajibpe kudu teratur ojo nganti di undur-undur

♫ Mangan kharom dadi petenge ati mangan khalal dadi padange ati
♫ Penggawean kharom dadi kotore ati penggawean khalal dadi bersihe ati
♫ Nek ono bucah angel di tuturi kadang mergo panganan kang di pangani
♫ Panganan kharom seng di pangani sehinggo ati angel di tuturi

♫ Urib sepisan ojo salah langkah ojo lali sholawat_tanriyah
♫ Urib sepisan ojo gampang gersah opo maneh pas wektu susah
♫ Sugeh lan mlarat kabeh iso susah mergo iku adille Gusti Allah
♫ Yuk dulur ngalah seng penting ngalah mergo iku dadi ibadah

♫ SHOLLATULLOH SALAMULLOH ALATOHAA ROSULILLAH
SHOLLATULLOH SALAMULLOH ALAYASIIN HABIBILLAH
TAWASALNAA BIBISMILLAH WABILHADII ROSULILLAH
WAKULLIMUJAA HIDILILLAH BI'AHLILBAD'RIYA ALLAH ♫

Surgo ,Neroko

~♥~===][===~♥~
SUWARGO
~♥~===][===~♥~

Bismillahirrahmanirrahim,,
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Suargo niku tingkat-tingkat , Ngendikane kanjeng nabi , tingkatane suwargo niku luwih katah tinimbang jumlahe wedi / pasir ten segoro , duwur endhek e suwargo kulo panjenengan niku gumantung sa'itik katahe ganjaran ingkang dipun beto / Amal kito niki ten alam dunyo , Seng sopo wonge besok mlebet suargo kok namung beto ganjaran sitik , ojo nyalahno yen suwargone yo elek ,bojone rupane njih elek ,kendara'ane yo elek , minimal becak , nang dunyo kendara'ane becak nang suwargo kok yo becak maneh ,

La suwargo niku boten saget berubah , yen kito besok sampun ten suwargo kelas 9 ,mangke njih bermilyatr-milyart tahun njih teteb kelas 9, soale suwargo niku gawan saking dunyo , Seje malih yen kito niki mlebet suwargo beto ganjaran ingkang katah / sak pirang-pirang ,benjing suwargone njih apik e boten karu-karuan ,bojone ayune njih setengah mati,tumpak ane njih mobil merci, ngelencer rekreasi kalih bojone seng uayu numpak merci senenge setengah mati, la ten dalan ketemu kancane seng numpak becak lagi gonceng bojone karo mruntus ,bareng di sopo ''DADA..!!!!!!.(jarene) ,,MBECAK KANG...?'' jawabpe '' WES OJO KAKEAN OMONG , APESSE AWAK KANG , BIYEN NANG DUNYO ARAS-ARASEN SEMBAHYANG/ IBADAH,YO JIK SYUKUR ISO MLEBU SUARGO'', Wehehe

La Soale sugih ten suargo niku kanggo bermilyart-milyart tahun boten enten entek e, sugih nang dunyo pirang dino, mati boten enten ingkang dipun beto ,!!!!!
lajeng Gusti Allah damel neroko niku di damel nopo ...????BERSAMBUNG....wehehe

NB : ♫ Suargo opo neroko , opo jare tumindak niro , panggonane ono dunyo nandur becik opo olo , tergantung pilihan niro

♫ Wong urip mesti bakale mati , anak bojo bondo podho keri, iman taqwa amal sholeh seng pikanti

♫ Yen wes mati opo sangumu , bondho dunyo ora melu ,ugo pangkat anak lan putu , Bojo ayu bejo seng nemu

~♥~===]
NEROKO
[===~♥~

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Anane tiang di seleh ten neroko niku boten di sekso kalih Gusti Allah,La neroko niku di cipta'aken kalih Gusti Allah damel nopo ...?, Gusti Allah nyiptak aken neroko niku sejatining perkoro boten damel nyekso manungso , ning sejatining perkoro niku di damel ''UMBAH-UMBAH'' (nyuci) dusone manungso, Amergi suargo niku suci boten purun di leboni kalih tiang ingkang gembhol duso, mulane sinten kemawon yen sedo kok tasih gembol duso, boten saget mlebet suargo , sebab suargo niku resik , bersih , murni ,boten purun di leboni tiang ingkang gadah duso, la rotho-rotho manungso niku yen sedo mesti gembol duso,

Sebab niku Gusti Allah damel alat cuci seng di arani neroko ,sinten benjing sedo kok gembol duso , OJO nyalahno Gusti Allah ,besok di umbah , di tuthuk i, di gebhuki di obong nang neroko sampek resik entek dusane, yen sampun resik nembe di lebokno ten suargo , ''SUWE SEDILUTTE TEN NEROKO GUMANTUNG SA'ITIK AKEHE DUSO SENG DI GOWO''

CONTO : kersane gampang di faham ,Panjenengan tumbas lemari annyar gres,La lemari anyar niku boten purun di leboni klambi (pakaian) seng kotor ,la klambine panjenengan niku kotor sedoyo jibrat blethok an,Amprihe klambi kotor niku wau saget resik kudu di umbah rumiyen,, la naliko ngumbah klambi niku sejatining perkoro boten di damel nyekso klambi tapi di umbah niku kersane regete ilang/bersih,yen klambine wes resik di setliko baru di lebetaken ten jero lemari.

la lemari niku contone suargo , di umbah niku contone neroko, kotorane klambi niku contone duso-duso

NB: Ora ono manungso seng sempurno, ora ono manungso seng ora duwe duso , mulo mumpung isih ono dunyo dang enggal-enggal tobatto [TANSAH EILINGO LAN WASPODHO]

Jumat, 13 September 2013

Dungo



MONGGO DIPUN AMINI NJIH DULUR....

Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Dunyo rusak niku salah setunggale njih meniko katah manungso ingkang sampun nampi NIKMAT saking ngarsanipun Gusti Allah ning podho ora Gelem ''SYUKUR'' malah gedhe ''KUFUR'' re , Pramilo monggo sami ngelingaken dumateng kito sami ,supados kedah dados tiyang ingkang selalu bersyukur , lan dulur-dulur ingkang sampun mampir ten mriki mugi-mugi sagetto dados obate ati Amiiiiiiiin..

★ Poro sedulur siro ojo podho kufur , ayo podho wedhio seksane kubur , mumpung isih longgar ibadah lan saget syukur , ''LAILAHAILLALLAH MUHADARROSULULLOH''

★ Poro sederek kito sedoyo , monggo sami pinarak ten PAGE kanti sekeco , monggo ngajine di istiqomahno , lan sami podho dedungo ing page ojo dumeh tansah eilingo lan waspodho ,

★ Sebab zamane wes koyo ngene , kono kene kok podho wae , podho susah bingung atine ,keno musibah enthek bandane

★ Pramilo saking meniko monggo kito sami dedungo , mugi-mugi ingkang keno musibah dipun kuataken iman lan sabare , ingkang boten kenging musibah mugo-mugi di tingkatake ngaji ngamal shodakoh lan ngibadahe اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , mugi-mugi di paringi panjang umure ,katah rizkine , lan mugi-mugi sisane umur di paringi umur ingkang barokah اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , mugi-mugi diparingi tentrem ayem atine , manfaat barokah ilmune اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , mugi-mugi tentrem rumah tanggane ,sholih sholikah putro putrine اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , Ingkang gadah utang , Kriditan , cicilan , dereng lunas-lunas , mugi-mugi gampang anggenipun nglunasine اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , Ingkang boten sholat mugi-mugi dang di tindak ke sholate اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , mugi-mugi diparingi kuat Iman lan taqwane اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , Ingkang dereng luman , dereng purun shodakoh , medhit , cethil betitil , bakhil , pelit , pentil , butrowali , pahite gambir , MUGI-MUGI sagetto dados tiang ingkang lumo ahli shodakoh اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , ingkang dereng angsal jodho ,mugi-mugi di paringi dang ketemu jodhone اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , menawi enten seng rondho-rondho / dudo-dudo mugi-mugi dang angsal ganti ingkang sae اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , Ingkang nandang gerah /sakit ,mugi-mugi ilang penyakite seger waras awak badane اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , menawi petani mugi-mugi tambah Barokah panenane اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , menawi enten seng pedagang mugi-mugi tambah laris dagangane اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , menawi enten seng pegawei mugi-mugi munggah pangkate /mundak bayarane اَ مِـينْ

★ Sedoyo ingkang kempal wonten mriki , menawi enten seng marantau mugi-mugi barokah manfaat duwitte اَ مِـينْ

★ Ingkang langkung penting nyuwun , mugi-mugi diparingi slamet sak anak turune اَ مِـينْ , slamet dunyo dumugi akhiratte ALLAHUMA اَ مِـينْ

NB: Kulo suwun kanti penggalihing ati dipun Amiini njih dulur

Gambaran masalah SHOLAT



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah

Ceritane ''Mbah Ojo Dumeh'' Lagi nyukani gambaran masalah SHOLAT ten putune seng arane ''Tansah Eilingo''

Mbah Ojo Dumeh : ''Le menurutte sampean wong nglakoni Sholat iku Abot opo entheng.....?''

Tansah Eilingo : ''Entheng mbah...!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Lalek entheng keno opo kok akeh wong islam seng ora gelem nglakoni sholat heo...??''

Tansah Eilingo : ''Wehehe njih e mbah,,, berarti sholat niku abot njih mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''hehehe lalek abot ,wong nglakoni sholat iku opo di PIKUL....?''

Tansah Eilingo : ''Lajeng pripun mbah ingkang leres niku...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Sholat iku yen di omong abot nyatane ora dipikul yen di omong entheng yatane yo akeh wong islam agamane seng ora sembahyang, La kamongko wong islam iku wajibpe nglakoni SHOLAT , iyo pora le...?''

Tansah Eilingo : ''njih mbah , lajeng kersane entheng anggenipun nglamphi sholat dospundi mbah.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Amprihe nglakoni sholat entheng , iku seng iso nyetel panggah awak e dhewe''

Tansah Eilingo : ''TEGESE PRIPUN MBAH....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''TEGESE SHOLAT IKU DADEKNO KEWAJIBAN KANGGO AWAK E DHEWE , OJO DI WAJIBKAN ''

Tansah Eilingo : ''La bedane kewajiban kalih di wajibkan niku nopo mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''iyo bedo le ,Yen kewajiban iku soko awak e dhewe , yen kito iklas nglakonine entheng lahir batine, mergo iku kebutuhan kanggo awak e dhewe, lalek diwajibkan iku mengko yen nglakoni dadi terpaksa/di pekso, MULANE YEN ISO SHOLAT IKU DADEKNO KEWAJIBAN KANGGO AWAK E DHEWE MERGO AWAK E DHEWE SENG BUTUH ,wes faham rung...?''

Tansah Eilingo : ''Njih sekedik mbah , umpami di damel conto pripun...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Hemmm,,yo ngene CONTONE :
Kae loh delengen bucah cilik-cilik iku yen sore dikon adus penak opo angel...?

Tansah Eilingo : ''Angel mbah..?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La cah cilik-cilik iku umpomo di perintah adus karo bapak ibuk e trus gelem adus mengko yen resik awak e / sweger awak e iku bucahe opo bapak ibuk e...?''

Tansah Eilingo : ''Njih bucahe to mbah...''

Mbah Ojo Dumeh : ''tapi yen ora di oyok-oyok kiro-kiro gelem adus opo ora...?''

Tansah Eilingo : ''BOTEN...!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''la yen wes gerang-gerang ngene iki opo yo adus leren di kongkon ,''KANG DANG ADUS ,LEK GAK DANG ADUS TAK GEPHUK BOYOKMU MENGKO , Yakin mesti brendholne sampean wehehe''

Tansah Eilingo : ''njih mbah...njih .. .!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''La sholat iku kanggone bucah cilik pancen perlu di perintah , mergo rung ngerti, yen seng nompho suargo dek e rung faham, mangkane kudu di perintah, tapi lek wes gerang koyo ngene iki SHOLAT kebutuhan PRIBADI , berarti seng majibne sholat awak e dhewe ,,,,piye SETUJU.....faham rung?

Tansah Eilingo : ''Njih alhamdulillah sampun faham mbah''

Mbah Ojo Dumeh : ''La kebanyakan wong islam iku akeh seng kesemsem karo seng jenenge ganjaran , ora kewajiban,''

Tansah Eilingo : ''TEGESE prpun mbah.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Contone ngene , Naliko posoan sholat traweh masjid musholla podho kebhek , mergo kabeh buru ganjaran seng gedhe /akeh , iyo opo ora...?''

Tansah Eilingo : ''Njih leres niku mbah''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah iku yo bener , NANGING kudune kan mari poso sholate di teruske tapi nyatane,,,,,,,?''

Tansah Eilingo : ''ROMADHON ne telas jama'ahe njih ilang mbah wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''wehehe bener...bener......Ajiiiiiib's''

Syi'ir



monggo SHOLAWAT

Bismillah..

Allohuma sholliwasalim ala ,
sayyidina wamaulana muhamadin
Adamdama fi'ilmillahisholatan
Da'imatan bida'wami mulkilahi

Iki piye....iki piye....iki piye....
Kahanan zaman kok koyo ngene...
Kono kene kok podho wae......
Podho susah bingung atine.....

Nang dunyo sepiro suwene
Ojo lali maring kewajibane
Rino wengi esok lan sore
Tansah Eilingo maring pangerane

Jarene ngaku islam ko mung KTP ne
Seng ora sembahyang rugi urippe
Urip pisan ojo sak kepenak e
Seng tekun sembahyang bakal mulyo urippe

Urip ndik ndunyo sak piro lawase
Sing suwe iku ono akhirate
Bejo temen wong kang sregep ibadahe
Ciloko kanggo kang akeh maksiyate.

Rugi nang dunyo gak sepiro’o rugine
Yen rugi akherat bakal ciloko Awak e
Sebab dunyo iku wot-wotane,
kangge nuju ing alam akherate.

Yen karo tonggone, Sing apik atine
Yen kahanan longgar, mikiro butuhe
Sajak perlu utang, enggal di peringne
Nanging ojo nganti, njaluk anak ane

Ngelingono maring nasib kabeh besuk e
lamun mati bondo dunyo di tinggalake
Mulo ayo podho sregep ngibadahe
Supoyo besok gayuh kamulyan uripe

Allohuma sholliwasalim ala ,
sayyidina wamaulana muhamadin
Adamdama fi'ilmillahisholatan
Da'imatan bida'wami mulkilahi

NB : Ojo piya piye pancenne wes kahanane dunyo koyo ngene ,
Seng sopo wonge pingin slamet uripe syarate kudu kuat iman lan taqwane

Posting saking kang santri



Bismillah, Walhamdulillah..
Was-sholatu Was-salamu 'Ala Rosulillah..

Poro Pemaos ingkang Minulyo :
Den ceritake sangking Baginda Rosulillahi saw. Dawuhipun Gusti Alloh Ta'ala..
Petikan Dawuhipun Mekaten :

"Hey.. Kawulo-Kawulo ingsun..
Utawi siro kabeh iku KESASAR, Anging wongkang NUDUHAK'E ingsun ing wong.."

"Mongko Nyuwuno HIDAYAH siro kabeh ing ingsun, Mongko NUDUHAKE ingsun ing Siro Kabeh.."

"Hey.. Kawulo-Kawulo ingsun..
Utawi siro kabeh iku wongkang LESU (kelaparan).. Anging wongkang PARING MANGAN ingsun ing wong.."

"Mongko Nyuwuno siro kabeh ing ingsun.. Mongko PARING MANGAN ingsun ing siro kabeh.."

"Hey.. Kawulo-kawulo ingsun..
Utawi siro kabeh iku podo DUSO siro kabeh rino lan wengi.. Lan utawi ingsun, iku Moho NGAPURO ing piro-piro duso.."

"Mongko Nyuwuno NGAPURO siro kabeh ing ingsun.. Mongko NGAPURO ingsun ing siro kabeh.."
.
.
.
.
.
.
¤ Ora Salah kito Anduweni Anggepan..
¤ Gusti Pengeran iku Moho Mangerti, tanpo kito Dedungo.."

¤ Anging Kito bisoho Luwih Rumongso.. YEN KITO NIKI DADOS KAWULO..

iyo to..???

¤ Kelawan Dedungo kito Rumongso..
¤ Kelawan Dedungo kito nuduhake Toto Kromo..
¤ lan Kelawan Dedungo kito Nyawiji ning Gusti Kito..

Njih.. Mugi-Mugi kemawon Gusti Pengeran Ngijabahi Dungo-dungo kito sedoyo niki 'Dulur'...!!!
.
.
Amiin..

Bedane penyebutan kata TUHAN lan ALLOH



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

''Critane ''Mbah Ojo Dumeh'' lagi nyukani gambaran maring putune seng arane ''Tansah Eilingo'' masalah perbeda'an antarane penyebutan ''Tuhan'' Lan ''Alloh'' '' اَ للَّهُ ''

Mbah Ojo Dumeh : ''Le ngger wong islam iku seng prayogo nyebut pangeran ne iku kanti sebutan Allah ''اَ للَّهُ'' ,ora tuhan ,''

Tansah Eilingo : ''La bedane tuhan kalih Allah ''اَ للَّهُ'' niku nopo mbah.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo bedo le, yen tuhan iku yo tuhan yen Allah iku yo Allah wehehe'' , Tegese Allah iku mbok apak-apak ne teteb Allah ''اَ للَّهُ'' ''

Tansah Eilingo : ''Maksudte pripun mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Tegese ALLAHU ''اَ للَّهُ'' ,Iku yen mbok ilange ''ALIF'' e munine LILLAH لِلَّهِ teteb Allah , yen mbok ilange ''LAM'' e dadi ''LAHU'' لَهُ , IKU YO TETEB ALLAH, yen ''LAM'' Mbok ilangi maneh unine ''HU'' (هُ) ,artine ''DIA'' yo teteb Allah,''

Tansah Eilingo : ''Lalek ''HU'' ne di ilange maneh mbah......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Oooo.....Yo sampean iku seng ilang heemmm.......mosok kok areb mbok ilangi kabeh...''

Tansah Eilingo : ''Wehehe...!!!!'' ( Mringis mbalelo )'' , Lajeng yen TUHAN pripun mbah......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La yen tuhan ora biso ngunu iku ,Mulane yen sampean sowan nang daleme pak kyai / poro alim , trus diwenehi dzikir iku mesti ''IKI DZIKIRE MUNI ALLAH ( اَللَّهُ ) X1000'' , Ora ono kyai kok ngewehi dzikir '' IKI DI WOCO TUHAN X1000'' , iyo pow ra....?''

Tansah Eilingo : ''wehehe njih mbah...!!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah Allah اَللَّهُ iku mbok woco cepet yo iso اَللَّهُ اَللَّهُ اَللَّهُ اَللَّهُ Allah, Allah, Allah ,Allah, Allah , di wocoooo kalem yo siiiip ,, اَللَّهُ , اَللَّهُ, اَللَّهُ, اَللَّهُ , Allahu , Allahu, Allahu...
Jajal yen TUHAN,,,, tuhan,,tuhan,,,tuhantu,,,hantu,,,hantu,,,Waaaaah seng teko malah Grandhong , mak lampir ,lan sak bala-balane ''

Tansah Eilingo : ''Wehehe.....njih ,,,njih mbah...leres niku....''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ono maneh wong arepe mati (naza') iku yo di anjurke di tuntun ''Mbah,,,nyebut,,mbah,,,nyebut,,,,Allah...A...ALLAH...Trus melu-melu nerok ke Allah,,,Allah, pas waktu Ngex_ngox (mati) kan penak ,insya Allah iso khusnul khotimah , lalek tuhan piye jal , 'Mbah,,,nyebut,,mbah,,,nyebut,,,,Tuhan,,,Tuuuhaaaan, trus melu-melu Tuuuhaaan,,,,TuhaaanTu,,,,Ngex_ngox (mati) jal trus piye ngunu ''

Tansah Eilingo : ''Wah....wah....berbahaya niku mbah''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah mangkane iku perbeda'ane penyebutan TUHAN lan Allah'' , wes faham pow durung.....?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah Alhamdulillah sampun faham, matur suwun mbah ''

KERETO JOWO




T__T KERETO JOWO T__T

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

★ AKU IKI DI SEDIAKNO KANGGO NINDAK I SIRO MULAI NGALAM DUNYO TEKAN ALAM KUBUR ,

★ AKU IKI DADI TUNGGANG_NGANE WONG SENG MATI-MATI ,

★ PIRANG-PIRANG WONG SENG PODHO NUNGGANG AKU NYATANE SEPRENE ORA BALIK




•=> ''Hey menungso siro sa'iki wes ono ing alam kubur ,ojo wedi ojo mamang ,ojo kaget lan ojo gumeter yen siro di takoni malaikat loro munkar lan nakir ,iku yo podho-podho makluk e Gusti Allah ,
Man robbuka , sopo pangeranmu....?
Sopo nabimu.......?
Opo Agamamu.....?
Opo kitabmu....?
Endi Kiblatmu......?
Sopo sedulurmu....?''

EILING -EILINGEN===> Yen siro di takoni koyo mengkono, siro jawabpo kelawan cetho .

Gusti Allah Pengeranku ...
Nabi muhamad nabiku...
Islam Agamaku...
AL-qur'an kitab ku...
Ka'bah kiblatku...
Wong muslim lan mukmin sedulurku...

NB : DI TAMBAHI SYI'IR KERSANE TAMBAH MANTEB Wehehe

Yaa Rosulallah salaamun 'alaik
Yaa Rofii'asy-syaani wad-daroji
Ji-'tu bilhammi wa bilharoji
Roojiyan lil'afwi wal faroji

Sholawat salam ing ngarso Nabi
Luhur drajate tansah pinuji
Utusanipun Dzat Kang Sewiji
Kang damel makhluk ugi ngrumati

Duh Gusti Nabi sowan kawulo
Kelawan bekto susah lan doso
Mugi kawulo dipun ngapuro
Dipun icalke susahe kulo

Syi'iran niki mugiyo dadi
Saksi kawulo kang migunani
Isine hujjah kanggo wong islam
Kanggo cekelan wonten kuburan

Allah ta'ala pengeran kulo
Nabi Muhammad Nabi kawulo
Agomo Islam agomo kulo
Al-Qur'an mulyo imam kawulo

Ka'bah ten Mekah kiblat kawulo
Sholat kang limo kwajiban kulo
Muslim sedoyo sedulur kulo
Nabi Ibrohim bapak kawulo

Urip kawulo lan mati kulo
Iku netepi kalimah kang haq
Klawan berkahe Nabi Muhammad
Utusane Dzat Kang Paring Rohmat

Mugiyo kito saget njawabi
Pitakonane Munkar lan Nakir
Pikantuk nikmat boten disekso
Wonten akherat mlebet suwargo

Allahuma Amiiiiiiiiiin

Syi'ir SHOLAT



O======♥======O
Syi'ir SHOLAT
O======♥======O

MONGGO SHOLAWAT =>
Bismillahirahmanirahim,,

♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA TOHA ROSULILLAH 2X...♫
♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA YASIIN HABIBILLAH 2x...♫

Pitu likur rojab kanjeng Nabi Muhamad
Mlampah dalu koyo kilat
Gusti Allah paring iku mu'jizat
Di derek ake jibril malaikat

Kanjeng Nabi tuhu piniji
Sowan maring Allah kang moho suci
Nompho dawuh kudu di lakoni
Sholat limang wektu sedino sewengi

Gusti Allah sampun dawuhake
maring Muhamad Nabi utusane
Nglampahi sholat ugo sak umatte
Supoyo slamet dunyo akhirate

★ Jarene wong islam ojo nganti ora sembahyang

★ Pancen iku mesti sarono bakal sowan gusti

★ Mulo kudu di esto'no ojo ngan ti di tinggalno

★ Seng sopo ninggalno besok bakale ciloko nyemplung neroko

♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA TOHA ROSULILLAH 2X...♫
♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA YASIIN HABIBILLAH 2x...♫

ALLOHUMMA SHOLLI ALAA MUHAMAD.....

Sabtu, 07 September 2013

Syi'ir Abu nawas



بِــسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَـنِ الرَّ حِيْــمْ

إِلهِي لَسْتُ لِلْفِرْدَوْسِ أَهْلاً # وَلاَ أَقْوَى عَلىَ النَّارِ الجَحِيْمِ
فَهَبْ ليِ تَوْبَةً وَاغْفِرْ ذُنُوْبيِ # فَإِنَّكَ غَافِرُ الذَّنْبِ العَظِيْمِ

ذُنُوْبيِ مِثْلُ أَعْدَادِ الرِّمَالِ # فَهَبْ ليِ تَوْبَةً يَاذاَالجَلاَلِ
وَعُمْرِي نَاقِصٌ فيِ كُلِّ يَوْمٍ # وَذَنْبيِ زَئِدٌ كَيْفَ احْتِمَالِ

إِلهِي عَبْدُكَ العَاصِي أَتَاكَ # مُقِرًّا بِالذُّنُوْبِ وَقَدْ دَعَاكَ

فَإِنْ تَغْفِرْ فَأَنْتَ لِذَا أَهْلٌ # فَإِنْ تَطْرُدْ فَمَنْ نَرْجُو سِوَاكَ

Duh Allah Gusti kulo sanes ahli suwargo
Nanging kulo mboten kiyat wonten neroko
Mugi Pangeran paring taubat dumateng kulo
Estu Gusti kang ngapuro agunge dosa

Dosa kula kados wedhi ing segoro
Mugi gusti kerso nampi taubat kulo
Saben dinten dosa kulo tambah umur sudo
Kados pundi anggenipun kulo nyonggo

Duh Gusti kawula sowan dhateng Panjenengan
Sarono ngakeni dosa kelawan ndungo
Yen paring pangapura estu Gusti kuwaso
Yen mboten dingapuro sinten pengajeng kulo

4 GOLONGAN MANUNGSO MITURUT IMAM AL-GHOZALI



★ 4 GOLONGAN MANUNGSO MITURUT IMAM AL-GHOZALI ★
=====================================

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Enten 4 golongan manungso miturut penggolo_nganipun Iman Ghozali , Sinten mawon golongan sekawan niku wau.......?

⇉ Ingkang nomer setunggal golongan manungso seng bejo urip ten alam dunyo lan bejo ten akhirat , sopo rupane,,,,,?
Injih meniko tiang sugeh ingkang sregep ibadah , shodakoh nyah_nyoh

⇉ Ingkang nomer Kalih : Tiang ingkang bejo ten dunyo Ning ciloko ten akhirat , sopo rupane...? Injih meniko tiang sugeh ingkang demen maksiat , boten purun ibadah ,termasuk njih tiang sugeh ingkang dados rentenir , tukang korupsi (maling) , durhoko maring wong tuwo ...niku golongan ingkang bejo dunyo ning coloko ten akhirat

⇉ Ingkang nomer Tigo : Tiang ingkang ciloko dunyo BEJO akhirat ,sopo rupane...? Injih meniko tiang miskin ingkang SREGEP IBADAH , senajan uripe rekoso ning tetep purun ibadah kelawan sabar , benjang ten akhirat dados tiang ingkang bejo , mlebet suargone disek dhewe
• Ngamal niku ganjarane Enten ingkang dilipat taken 10 , enten ingkang dipun lipataken 700 , lan enten ugi dipun lipataken berlipat-lipat boten saget dipun itung
★ Ngamal ingkang di lipataken 10 niki jenis ngamal rogo, kados :maos qur'an tetulung /bantu-bantu tiang
★ Lajeng enten ngamal ingkang di lipattaken 700, njih meniko ngamal nganggo bondo ,ternasuk shodakoh , infaq , slametan
★ Enten amal ingkang ganjarane berlipat-lipat boten saget dipun itung , njih meniko ngamal nganggo ati, contone : sabar , iklas , tawakal
Mulane tiang miskin ingkang sabar senajan ten dunyane soro ning bakale bejo ten akhirate

⇉ Nah ingkang paling rekoso niki golonganipun manungso ingkang nomer sekawan , injih meniko ciloko ten dunyo lan ciloko ten akhirat ,sopo rupane...? wes nang dunyo mlarat senengane maksiat boten purun sholat (niku arane mlarat lengkap) , wes nang dunyo susah boten purun ibadah ning akhirat di paido kalih gusti Allah

- Nah kinten-kinten panjenengan niki tumut potongan golongan ingkang pundi....?

NB; Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo termasuk mlebet golonganipun manungso ingkang nomer setunggal ,njih meniko BEJO TEN DUNYO LAN BEJO TEN AKHIRAT......ALLAHUMA AMIIIIIIIIIIN..........

''ENDI ONO KELAKUAN SENG DADEK AKE SUSAHE ATINE MENUNGSO IKU ARANE DUSO''



''ENDI ONO KELAKUAN SENG DADEK AKE SUSAHE ATINE MENUNGSO IKU ARANE DUSO''

Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Gesang wonten ngalam dunyo niki kito kedah sami guyub rukun,lan ojo ngasi nyusahno marang wong liyo, Sebab hukum alam niku seimbang mlebu metu niku sami,dadose kulo panjenengan niku yen sampun nyusahno wong liyo kedah lan wajib nyuwun sepuro, Lan amprihe normal malih kito kedah nyeneng ke tiang niku, Yen boten saget nyenengke tiang niku ,kulo jenengan kedah nyenengke wong liyo 2x lipat , niku nembhe saget normal malih utawi seimbang malih.

• Mulane sinten kemawon ingkang sampun nyusahno wong liyo / damel susah wong liyo nuwun sewu , kesusahan niku mangke balik ten kito jih dipun rasak aken kiambak (timbal balik), nopo malih seng jelas-jelas kados ngapusi / tukang tipu niku pun jelas nyusahno tiang lintu .
Poro pemaos ingkang minulyo , kito yen kepingin dibebasaken saking masalah kito, kepingin dados tiang ingkang ayem ,tentrem urippe, ''ojo pisan-pisan nyusahno wong liyo'', mergo kesusahan seng dirasakno wong niku jalaran saking tumindak kito , kamongko mangke bakal balik kesusahan niku wau ten kito

• Ngati-ngati sak jroning urip gen_nyo siro podho sesrawungan saben rino lan wengine , Ojo adigang Adigung urip iku ngunduh wohing pakerti,,,
• Duweo tepo sliro welas asih tuhu , Ojo podho seneng ngino ,laku becik bakal ketitik,Olo bakale ketoro,,,
• Umpomo di en_nyek kok loro atimu,yo ojo ngenyek kancamu ,
Umpomo di jiwit kroso loro , yo ojo njiwit wong liyo....
• Lamun siro kepingin urippe mulyo mbok yo duwe tepo sliro ,
Tangel lamun siro biso mulyo yen urippe senenge ngino,,,
• Midero sak jagad royo, ora ono cidro ngunduh mulyo...

NB: Wong becik mesti ketitik ugo wong olo bakal ketoro , Nalikane siro nang akhirate mesti ono tulisane , Gusti Allah ora bakal lali kabeh kang wus di lakoni

Syi'ir ANTRI MATI



O======♥======O
Syi'ir ANTRI MATI
O======♥======O

MONGGO SHOLAWAT =>
Bismillahirahmanirahim,,

♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA TOHA ROSULILLAH 2X...♫
♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA YASIIN HABIBILLAH 2x...♫

Eiling-eiling siro manungso urip iku mung antri mati
Oncatte nyowo ora semoyo ,ora biso di wakili
Mumpung durung katimbalan ,timbalane kang moho suci
Lakonono dawuhe gusti ,ayo ngibadah kelawan ngaji

Ojo nganti podho wedhi kabeh iku bakal nglakoni
Ora pandang mlarat sugeh bakal ngadep kang dumadi
Ora gowo gono-gini nanging gowo bersihe ati
Ilmu manfaat kang di lakoni iku kang biso dalani

Yen wus teko titimangsane klambi putih penganggone
Dibudalno nganggo penduso di iringi sak kadange
Di kubur di turok ake turu ijen ora ono kancane
Di takoni munkar lan nakir gak iso jawab dadi bendune

♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA TOHA ROSULILLAH 2X...♫
♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA YASIIN HABIBILLAH 2x...♫

BY => JAGAT SHOLAWAT

NB:
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ
''kullu nafsin dzaaiqotul maut''
Saben-saben makluk e gusti Allah seng ono nyawane iku bakale MATI''

Rabu, 04 September 2013

GORO - GORO



~♥~ GORO - GORO ~♥~

==============================

بِــسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَـنِ الرَّ حِيْــمْ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَا لَمِيْنَ، وَالصَّلَا ةُ وَالسَّلَا مُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدِ نِ اْلقَا ءِىلِ

GORO.......... - GORO..........!!!!!!!!!!!
Nopo to isine goro-goro ing siang meniko , Isine goro-goro ing siang meniko Admin bade matur sekedik masalah kahanan manungso ing zaman sa'meniko , mulo monggo sami dipun mirengno, Yen boten purun mirengno TITENONO mari sawal mesti selo

• GORO....GORO......Zaman reformasi akeh wong podho lali ngaji , senengane malah podho nonton TV lan VCD, opo maneh vcd ne wong luar negeri seng gambare ngeri, mulane pemuda lan pemudi zaman sa'iki akeh seng durung rabi wes podho gendhong bayi ......goro.....go.....ro.....!!!!!!

• GORO....GORO......Zaman makmur akeh wong podho ora jujur , ora ngisor ora duwur , ora jawa barat ora jawa timur , ora nang kantor ora nang dapur , lan ugo wong tandur wes podho ora jujur (yen ora di awasi ora mundur-mundur) go..ro....goro...!!!!

• GORO....GARANE......Zaman edan akeh wong lali marang pengeran, senengane malah turut dalan-dalan , Nyambut gawe podho sungkan, bandane tanggane malah di gawe raya an

• GORO....GARANE......Zaman sa'meniko ,Ojo podho nelongso zamane pancen rekoso ,Ayo podho seng sregeb makaryo Sujud marang kang moho kuoso.
Wes akeh wong cilik uribpe soro ,sebab,,,penguoso wes ora gelem Mikirake nasib pe wong liyo ,Wes akeh anak wani marang wong tuwo...goro...goro..!!!

• GORO....GARANE......Zaman maju pitedahe kiayi podho ora di gugu , senengane malah podho tukar padhu lan adu-adu , yen gak dang enggal-enggal tobat besok bakale keno bendhu

NB : cekap semanten GORO....GORO ing SIANG meniko , yen kurang trimo NGGO panjenengan tambahi yen KERSO monggo ===>

Derek wejanganipun SUNAN BONANG



★Derek wejanganipun SUNAN BONANG★

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Tiang yen kepingin tentrem batine derek sunan bonang niku kedah ken jogo kali, kados sunan kalijogo, sunan kalijogo niku termasuk murittipun sunan bonang,la sunan kali jogo niku kepingin derek sunan bonang amergi kepingin slamet ,tentrem urippe,banjur kalih mbah sunan bonang di kengken jogo kali rumiyen, nah kito njih ngoten , yen kepingin slamet urippe,tentrem uripe kito kedah jogo kali.la kali ten mriki tegesipun njih meniko =>

• Setunggal kali Cangk*m (lesan),
Sebab nopo ? katah tiang gesang wonten ngalam dunyo niki sering gegeran ,tukar padu,fitnah niku di sebabpaken masalahipun njih meniko saking lesan,termasuk ten mriki njih kakean cangk*m,(terutama kagem wong wadon-wadon) ampun di jelasne njih pun ngerti kiambak wehehe piss
Masalah dalil njih pun ceto ''SELAMETE MENUNGSO IKU GUMANTUNG LEH JOGO / NGREKSO LISANE'' , Yen dalil jowone ''AJINE DIRI SOKO LATI''

• Kali ingkang nomer kalih injih meniko KALI KUPING :
kuping niku angger sering mirengaken barang ngeres mangke nyaut ten ati malih dadi ngeres,sebab ujung-ujungipun kuping niku muarane ten ati,Angger atine wes ngeres utek e melu ngeres,nek pun utek e ngeres sui-sui tumindak e njih ngeres

• Kali ingkang nomer tigo injih meniko KALI MOTO:
La kali moto niki njih saget dadek aken ngerese ati ,milane monggo sami dipun rekso

• Kali ingkang nomer sekawan Injih meniko KALI IRUNG ,lajeng kali ingkang terakhir njih meniko ingkang nomer gangsal namine KALI ROSO:
Zaman sakniki katah tiang niku ingkang ngongso boten saget ngrumangsani, ''SENG SUGIH ORA RUMONGSO SUGIH,SENG MLARAT ORA RUMONGSO MLARAT'', conto : beras raskin , amergo seng sugeh-sugeh boten ngrumangsani akhire seng mlarat boten kebagian, la seng mlarat njih boten ngrumangsani mlarat ,conto: intuk duwet BLT sitik di gawe ngredit montor, akhire trantang,,tang,,tang,,,,UTANG 4thun, ora biso bayar di jabel diler, seng wadon-wadon njih tit...tiiit.....ngredit , dadose njih seng miskin makin miskin seng kaya makin boten rumangsa wehehe

Milane yen derek wejanganipun sunan bonang ''DADIO WONG SENG BISO RUMONGSO , OJO DADI WONG SENG RUMONGSO BISO''
TEGESE yen BISO RUMONGSO NIKU ''PANGERTEN'' ,
YEN RUMONGSO BISO NIKU ''SOMBONG''

NB: Mekaten mugi-mugi saget beto manfaat khususipun kagem kawulo pribadi lan kagem panjenengan sedoyo umumipun,,,,Amiiiiiiiiiiiin...

''RESEP CARANE NGEMPET KEPINGINAN / KEKAREPAN...?''



BISMILLAH....

''RESEP CARANE NGEMPET KEPINGINAN / KEKAREPAN...?''
Poro pemaos ingkang minulyo:
Namine kekarepane tiang niku boten wonten enthek e yen durung di pathok i ngalor ngidul (T__T) , pramillo saking meniko poro sederek , kulo bade nyukani resep amprihe saget ngempet sedoyo kepinginan / kekarepan ,
RESEP_PE NOPO , INJIH MENIKO =>

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

=========> ''TURU'' <========
- Kok ono wong mangan sate trus kepingin , nek gadah duwet njih jajan ,nek boten gadah duwet pingin => ''TURU''
- Kanggo bucah lanang-lanang , yen ketemu bucah wadhon seng uayuuu kok kepingin => ''TURU''
Lan termasuk kepinginan lintunipun wehehe

=> Tiang niku yen kakean melek katah nyawange, La tiang niku nek kakean nyawang gampang kepinginan , njih nopo boten ...?
Nah nurutti lan ngujo kesenengan dunyan niku paribasan ngombe banyu segoro / alias boten enten entek e yen durung di pathok i ngalor ngidul alias ''MATI'' , La seng rondok ngemper-ngemperi mati niku ''TURU'' wehehe

NB: SETUJU NOPO BOTEN KALIH RESEP NIKI....?

Al kisah



Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Kanjeng nabi muhamad SAW niku anggenipun nyebaraken agami islam puniko kanthi mawi coro ingkang alus lan mboten ngagem kekerasan.

wonten satunggaling kisah, nggeh puniko wonten pengemis ingkang dereng mlebet islam utawi yahudi. pengemis puniko mbendino kanthi semangat nyiaraken dumateng wargo ing pasar bilih kanjeng nabi muhammad meniko penipu, tukang fitnah, lan sakpinunggalanipun.''Ojo cedak cedak marang muhammad ,muhammad iku penipu ujaripun pengemis kolowau mekaten''

• Lajeng rasulullah mireng banjur rasulullah nyedak i pengemis kolowau lan dipun paringi dhaharan saben enjang.
Niku hebatipun rasulullah...menawi kulo lan panjenengan sedoyo saget niru hebat njeh..? mugi mugi saget niru tindak lampahipun jeng Nabi amiin...!!!!
ning biasanipun yen kito niki dipun ino / di lok no lajeng mboten trimo nggeh nopo boten....?

lajeng tindakan meniko dados rutinitas kangjeng nabi lan rikolo kanjeng nabi nyuapaken dhaharan dhateng pengemis kolo wau ,pengemis yahudi kolowau pesen kalian Kanjeng rasul ''wahai pemuda tulung ojo nyedak i , melu agamane muhammad yo mergo muhammad iku penipu''..padahal sing nyuapi iku janjane kanjeng nabi muhammad ning pengemis puniko mboten ngertos nek sing nyuapi iku Kanjeng Nabi Muhammad.

banjur saksampunipun rasulullah wafat wonten sahabat nabi Abubakar r.a...Salah setunggaling dinten sahabat Abu Bakar r.a sowan ten daleme Aisyah r.a. Panjenenganipun tangklet ten putrine yakni Aisyah R.a, "Nduk opo ono sunnah e kekasihku seng durung tak lakoni..?'' , Banjur Aisyah r.ha jawab pertanyaanipun abi ne, "Wahai Abi , panjenengan niku tiang ingkang ahli sunnah, hampir sedoyo sunnah ipun kanjeng nabi panjenengan tindak aken kecuali setunggal sunnah mawon'' , ''OPO IKU....?'' , Jawab ipun Aisyah '' Injih meniko saben saben injing Kanjeng Nabi niku tindak wonten pinggir pasar lajeng beto daharan kagem pengemis yahudi ingkang wuto enten mriko''

NB: Monggo kito sami pendhet pelajaran saking Posting meniko , mugi-mugi saget manfaat kagem kito sami...Amiiiiiiin

Syi'ir bekti wong tuo

Bismillah

Wong tuwo loro Ibu lan Bopo...
Yen sliro bekti dadi Utomo...

Wajibe anak iku miturut...
Wong tuo printah wajib anurut...

Tapi yen bagus iku prentahe...
Yen printah olo wajib ninggalke...

Wong tuo printah den gatek ake...
Jo pisan wani nyepeleake...

Yen arep matur marang wong tuwo...
prayogo boso kanggo wong jowo...

Sarto kang alus den rungu penak...
Jo pisan kasar lan ojo nyentak...

Ngucap hus iku ugo den larang...
Dawuhe qur'an iku wis terang...

Anak kang wani marang wong tuwo...
Mati rung tobat den obong mowo

TIGANG PERKAWES PENTING KAGEM MUKMININ



TIGANG PERKAWES PENTING KAGEM MUKMININ

بِــسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَـنِ الرَّ حِيْــمْ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَا لَمِيْنَ، وَالصَّلَا ةُ وَالسَّلَا مُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدِ نِ اْلقَا ءِىلِ

Poro pemaos ingkang minulyo :
Dawuhipun Allah Swt :

يَآيُّهَاالَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْااللَّهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا-يُصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. (الأحزاب : 70-71)

“Hey wong-wong kang iman, podho takwao siro kabeh marang Allah lan ngucapo klawan pangucap kang bener, yekti Allah kerso ndandani (mbagusake) amal-amalmu lan paring pangapuro marang dosa-dosamu. Lan sopo wae kang tha’at marang Allah lan Rasule / utusane, sejatini dhewek’e kui wis intuk kamulyan kang gedhe”. (QS. Al-Ahzab : 70-71).

Saking ayat puniko kito saget mangertosi bilih tiyang ingkang tansah taqwa (sae tumindak’ipun) lan sae tur leres pangandikanipun, tiyang kolo wau badhe pinaringan kabegjan wonten donyo ngantos akhiratipun; inggih puniko amalipun kacatet dados amal hasanah tur dipun ngapuro duso-dosanipun, menopo maleh tiyang puniko tansah iman lan tha’at dumateng Allah lan Rasulipun.

Wonten ing satunggaling hadits, Rasulullah Saw. ugi ndawuh :

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِر فَلْيَقُلْ خَيْرًا اَوْ لِيَسْمُتْ وَ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِر فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ وَ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِر فَلْيُكْرِمْ ضًيْفَهُ.

“Sapane wong kang iman marang Allah lan dino akhirat bechik maturoo sing apik utowo mendelo, lan sapane wong sing iman marang Allah lan dino akhirat bechik amolyakno (ngormat) marang tonggo-tepruhe, lan sapane wong sing iman marang Allah lan dino akhirat bechik amulyakno (ngormat) marang dayohe”. (HR.Bukhari & Muslim).

Hadits puniko kanthi jelas nedahaken bilih sinten ke-mawon ingkang iman lan percados dumateng Allah soho dinten akhirat (piwalesanipun Allah), tiyang puniko kedahipun :

1. Ngendikan kanthi sae (leres, jujur, sopan), menawi mboten saged inggih mendel ke-mawon
2. Ngormat utawi mulyaaken dumateng tanggi-tanggi wonten lingkunganipun.
3. Ngormat utawi mulyaaken dumateng tiang ingkang dedayoh.

Pangertosan “ngormat / mulyaaken” ingkang dipun kajengaken inggih puniko “bilih kito kedah ipun tansah tumindak sae, jujur, tulus ikhlas, njagi manahipun tiang sanes sampun ngantos ter singgung saking pangandikanipun tiyang ingkang dipun adepi, ugi tansah njagi akhlakul karimah saben dintenipun”.

NB : Menawi 3 perkawis puniko tansah dipun jagi, fa-Insya-Allah gesang kito sager tentrem, ayem tur barokah amargi tansah pikantuk Rahmat, Nikmat soho Hidayahipun Allah Swt.

Bedane maksiat kalih ngamal



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

★ MAKSIAT niku dadek aken :

◆ Wajah katon surem

◆ Ati petheng

◆ Alam kubure Petheng

◆ Awak badane lemes

◆ Rezeki mlorot

◆ Lan boten dipun remeni kalaian katah tiang

ANANGING ⇉ ⇉ ⇉

★ AMAL SOLEH / SHOLEHAH niku bakal dadek aken :
◆ Wajah bercahaya

◆ Atine bersinar

◆ Murah Rizki

◆ Awak badane kuat

◆ Lan dipun remeni kalian katah tiang

[Abdullah bin Abbas]

Ya Alloh GUsti kula nyuwun pinaringan bening ing fikir
Kagem ibadah lan dzikir,nafsu syetan sageta nyingkir

Ya Alloh Gusti kula nyuwun pinaringan panjang umur
Kagem ibadah lan syukur,nafsu syetan sageto mungkur

Ya Alloh Gusti kula nyuwun slamet ndunya lan akhirat
Klebet umat nabi Muhammad angsal safa’at rohmat lan nikmat

Ya Alloh Gusti kula nyuwun pinaringan rizki halal barokah
Kagem shodaqoh jariyah,kagem ziarah Medinah Mekah

Allahuma Amiiiiiiiin 3x Yarobbal amaiiiiin

mendhet ilmune saking jingklong (nyamuk)



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

mendhet ilmune saking jingklong (nyamuk)
Poro pemaos ingkang minulyo:
Mosok kito niki kalah kalih nyamuk, nyamuk niku alit mung kados ngoten bentuk e ,ning musuhe nyamuk niku boten gremen-gremen, musuhe niku profesor doktor,pabrik obat nyamuk niku telase bermilyart-milyart mung trimo musuh kalih nyamuk,njih nopo boten...?

Padahal nyamuk niku alit musuhe sak monten agenge , ning nyamuk niku TAWAKAL , tawakalle pripun ,...? yen enten obat nyamuk di bakar , nyamuk niku meneng delik , TITENONO MENGKO YEN OBAT NYAMUK E MATI , AKU METU BROBOS TAK CAKOT MATI'', Wehehe,,,mulane sak niki katah nyamuk mandhi-mandi mergo sregep tirakat, saking sregep pe tirakat nyamuk nyokot wong saget demam berdarah , akiripun katah tiang sedo ,niku barokahipun tirakatte nyamuk, njih nopo boten..?

NB : Milane poro sederek monggo sami tirakat yen nyokot kersane mandi wehehe...(mathuk nopo boten...?)

Jama'ah subuh



Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Anane rumah tangga boten bahagia , boten tentrem , rezekine morat-marit,bola-bali geger ,goro-garane ingkang kakung kalian ingkang setri (wadon) niku boten nate ''JAMAAH SUBUH'', Yen enten tiang jaler kalih wadon purun jamaah subuh yakin kalian Gusti Allah dipun paringi tentrem wonten rumah tanggane,.

Milanipun monggo poro sederek sami jamaah subuh, YEN saget gangsal wekdal ,yen boten saget subuh mawon , la ''RESEP'' niki yen boten percoyo saget dipun cobi, Umpami boten COCOK SAGET BALIK wehehe

NB : Tiang Islam khususipun tiang-tiang jawi niku yen Iman dateng Gusti Allah boten temenanan, tapi yen jaluk / dungo ten genne Gusti Allah nguelik-ngelik /mekso , gusti Allah di demo , yen boten enten nopo-nopo niku boten nate nyedak kalian gusti Allah, TAPI nek dong wayah butuh Gusti Allah di suwuni sak Dek sak Nyet ,
Njih nopo boten......"?

POSTING MALEM JUM'AT



O=====_★_=====O
POSTING MALEM JUM'AT
O=====_★_=====O

⇉ Khusus kagem ingkang sampun ber_keluargo Lan UTAMINUPUN kagem tiang setri (wadon)

بِــسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَـنِ الرَّ حِيْــمْ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَا لَمِيْنَ، وَالصَّلَا ةُ وَالسَّلَا مُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدِ نِ اْلقَا
ءِىلِ

Poro pemos ingkang minulyo :
Ingkang sae kumpul garwo niku pas malem jum'at, amargi yen malem jum'at niku ganjarane sewu,yen malem senin kalih malem kemis niku 500,liane malem niku namung 100san,la yen kepingin angsal ganjaran sewu njih ngono'ane x10 , masak gak mampu , yen boten mampu njih jamu , jamu jowo boten nopo-nopo (ndok banyak)

• NING sak derengipun ngonok an niku MACAK (dandan) rumiyen, Kados dene Dewi Aisyah,syukur-syukur niru dewi Aisyah ra, Dewi Aisyah niku yen dalu ba'do sholat isya' niku malah ngagem busono ingkang SAE,Agemane anyar di damel,lajeng damel sido,cela'an,rexona,hembody,citra , lajeng matur Ten kanjeng Nabi ,''NUWUN SEWU KANJENG NABI , DALU PUNIKO NGERSA'AKEN KULO NOPO BOTEN..?''

• Poro pemos ingkang minulyo :
Tiang setri (wadon) ingkang sae niku saben dalu kedah nari ingkang kakung, niku yen miturut Agami islam / Kanjeng Nabi ,
⇉ La pramilo saking puniko , poro kaum setri ingkang sampun gadah garwo mangke dalu saget dipun praktek aken,Ning ampun supeh (kelalen) dandan rumiyen njih, Ampun ngantos kados tonggo kulo , nari seng kakung boten macak, katik awak e luemu ginuk-ginuk tur Badan Hukume (di singkat BH) pedhot sandarane siseh,jaritte mung di suwelno lajeng nari ingkang kakung ''NNYOOH KILLO LEK BUTOH'' wehehe ,,, ampun njih poro mbak yu-mbak yu

SUARGO IKU ONO ING NGISOR DELAMA'ANE IBU



★SUARGO IKU ONO ING NGISOR DELAMA'ANE IBU★

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Suargo iku ono ing ngisor delama'ane ibu, nopo karep pe......?
Niki yen boten di terang ne kadang-kadang wong wadhon niku trus ita-itu ,jarene ''PAK LA TIBAK E SUWARGO IKU MANGGONE ONO ING NGISOR SIKILKU'' , Kadung di ingetti sikille tibak e RANG ,malah ngomongi seng lanang ''sampean yen kepingin munggah suwargo gampang kene murep po tak idhek-idhek'' la ngunu kui cubo ,

• Nah seng di maksud suwargo ono ing ngisor dlama'ane ibu niku pripun...? Tegesipun seng saget nyiptak aken suwargo ten anak e niku ibune,yen pancene ibu saget gulowentah putrane dados putro ingkang sholih sholikah , ngabek ti dateng Allah lan tiang sepah ugo agomo ,niku yen sedo bucahe bakale mlebet suwargo, nah mlebette suwargo bucah niku wau amergo hasil didik anipun sang ibu,,,,niku seng di arani suwargo manggon ing ngisor dlama'ane Ibu,,,,

⇉ TAPI...........⇉⇉⇉
• Yen ibu boten saget didik putrane ,koyo dene duwe anak lanang seng nakal / ura'an , ken tunggu omah malah ngedolli gabah , di deleh jobho ngrontok ki klopo ,di tundung minggat bola bali mulih, areb di pendem nyatane kok jik mlorok,didol wes ora payu ,sobone turun kompl*k,niku benjing yen sedo jegur neroko, GORO-GORO ibune boten saget didik anak e,La niki njih termasuk neroko manggong ning ngisor dlama'ane ibu...

• La yen ngunu anak e di sekolah ne nang madrasah / aliyah, bareng jaluk buku , tuku sragam bayar SPP, kalih seng jaler boten di ragatti, seng jaler lungo ora gelem nyambut gawe, bucahe metu akhire boten saget sholat lan ngerti ilmu agomo , mati jegur neroko GORO-GORO seng jaler boten purun ngragatti yugane sekolah, La niku njih termasuk neroko manggon ning ngisor dlama'ane bapak,mulane yen dihubungaken kalian Al-qur'an

قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا

''Qu anfusakun Wa ahlikum naroo''

''JOGONEN AWAKMU LAN KELUARGAMU KABEH SOKO GENI NEROKO''

Syi'ir

O=======~♥~========O
MONGGO SHOLAWATAN
O=======~♥~========O

بِـــــــسْمِ اللَّــهِ الرَّ حْمَــــنِ الرَّ حِـــيْـــمْ

♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA TOHA ROSULILLAH 2X...♫

♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA YASIIN HABIBILLAH 2x...♫

♫...OJO SIRO BANGET-BANGET
GONMU BUNGAH ONO ING NGALAM DUNYO
KENIKMATAN KANG DI PARING NO
ONO ING DINO KIAMAT DI TAKOK NO...♫

♫...BONDO DUNYO DI TAKOK NO
SONGKO NGENDI KANGGO OPO
YEN NGGO NGAMAL MLEBU SUARGO
YEN MAKSIAT MLEBU NEROKO...♫

♫...Ojo podho ngongso ono ndunyo
golek bondho carane maneko warno
Senajan rekoso , katon ino
seng penting halal iku ora opo-opo...♫

♫...Mulo mumpung siro sugih
Tanjakno jo wigah-wigih
Darmo jo ndadak ditagih
Tetulung jo pilih-pilih...♫

♫...Pirang tahun lawase ing dunyo iki
Ngelingono yen siro bakale mati
Sangu mati dudu emas rojo brono
Nanging iman sarto amal kang utomo...♫

♫...SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA TOHA ROSULILLAH
SHOOLATULOOH SALAMULLOOH
ALA YASIIN HABIBILLAH...♫