بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
Abuya Dimyathi (Cidahu banten) Nyritak ake marang putrane (Muhamad Murtadho) naliko mondok ing pesantren
''Babah , naliko isih ono ning pondok pesantren ,Alhamdulillah ora tau ngrasakne susah utowo sedih minongko nglakoni urip dadi santri sing dlo'if lan ora duweni opo-opo
Sehinggo ora tau duweni pikiran kanggo golek duwet di gawe nyukupi kabeh biaya urip ono ing pesantren ,mbuh iku kerjo utowo usaha opo wae , opo maneh nganti jaluk-jaluk marang wong liyo,
Senajan babah mung duweni klambi karo sarung seng tak enggo, rasane wes cukup lan iku seng kudu di syukuri , MUNG DUWE KLAMBI SIJI KARO SARUNG WAE WES NGEROSO ABOT KANGGO NYUKURI , OPO MANEH NGANTI DUWENI SANDANGAN SENG AKEH.
Naliko klambi lan sarunge babah di kumbah , babah kudu ngerendem awak e ono ing kali karo ngenteni sandangane garing seng di peme ono ing watu-watu gedhi
* * *
Nyukuri nikmat iku ora mung sekedar ngucap Alhamdulillah, Ananging , nikmat iku mau kudu di tanjak ake sesuai fungsine , kanggo ngibadah lan ora di gunakne kanggo maksiat maring seng ngewehi nikmat
''SITIK NANGING ISO NYUKURI NIKMAT IKU LUWIH APIK TINIMBANG AKEH TAPI ORA BISO NYUKURI''
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....