Jumat, 08 November 2013

HUKUM KARMA (KUALAT)


Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah

Ceritane ''Tansah Eilingo'' Lagi tangklet-tangklet ten genne ''Mbah Ojo Dumeh''

Tansah Eilingo : '' Assalamu'alaikum wr...wb Mbah...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wa'alaikum salam wr...wb....eh Tole...dungaren , ono opo tole...?''

Tansah Eilingo : ''wehehe ..njih mbah ,,, Anu mbah ...bade tangklet , , , angsal njih..?

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo oleh takok opo sampean...?''

Tansah Eilingo : ''Njih ngeten lho mbah , Yen enten tiyang nate tumindak kesalahan /nglarani atine tiyang / Mendzolimi tiyang, lajeng tiyang niku wau sampun tobat, amergi tiyang niku wau wedi duso lan wedi angsal karma, yen sampun tobat nopo hukum karma niku wau tasik saget terjadi ten tiyang niku...?

(hukum karma niku yen coro jawane KUALAT)

Mbah Ojo Dumeh : ''Ow...ngunu ..Yen ngendikane kanjeng Nabi ''Seng sopo wonge tau nglarani atine wong , kamongko wong iku mau bakal di larak ne genti atine marang wong liyo'', Hukum karma niku gara-garane gawe mangkel atine wong , gedhe cilik e hukum karma gumantung nemen gak e nglarakno atine wong,,''

Tansah Eilingo : ''Lajeng tambane koyo nopo mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo seng jelas kudu jaluk sepuro , tapi sepuro thok iku ora cukub tole..Asal wonge jik mangkel atine ,besok teteb totalan nang akhirate....!!!''

Tansah Eilingo : ''Lajeng pripun....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''KUDU DI BUNGAHNO ATINE WONG IKU MAU''
CONTO : kang...kang gedange sampean kae ilang yo..?'' ,IYO E'' , ''Iku aku seng nyolong , ojo muring-muring yo kang, aku jaluk sepuro ,iki gedange sampean seng ilang tak ijoli duwet 300ewu , ''LAIZO MATURSUWUN ,TAK SEPURO WISAN ,TAK DUNGAKNO MLEBU SUARGO ,'' , Nah ngunu iku carane le,,,,''

Tansah Eilingo : ''La mbah....lalek tiyange pun kadung sedo ,pripun mbah carane....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Carane : umpomo sampean tau nyolong gedang / nglarani atine , dang durung sempat jaluk sepuro kedisik an wonge mati , iku carane , Gedang 5 tundun regane piro, umpomo gedange iku mau regane 250 ewu mergo gedhi-gedhi , la duwet 250 ewu iku mau sampean tukokne semen ,banjur semen iku mau di sodakohno nang masjid ,langgar , madrasah , banjur sampean ngomong ''YA ALLAH KULO SEDEKAH SEMEN 5 SAK ,GANJARANIPUN PANJENENGAN PARINGAKEN DATENG TIYANG INGKANG GADAH GEDANG / TIYANG INGKANG SAMPUN KULO LARANI ATINE'' , La ngunu iku mau mengko wong seng nang alam kubur oleh kiriman ganjaran , akhire takon ten malaikat , ''MALAIKAT, LA NIKI KOK ANGSAL GANJARAN SAK PIRANG-PIRANG SAKING PUNDI MALAIKAT...?'' , ''Heh iku ganjaran teko gedangmu seng ilang iko di colong pak fulan, sak iki di ijoli semen limang sak la ganjarane diwehno sampean'' , ''ALHAMDULILLAH'', Ngunu iku le, SENENGE wong seng nang alam kubur MENGUAP dadi sinar putih mlayu nang dunyo golek i wong seng ngewehi iku mau, Mulane ATI-ATI , ojo sampek pisan-pisan gelakno wong seng nang alam kubur , gelakno wong seng ono alam kubur iso dadekno sengsorone wong nang dunyo . wes faham durung le...?''

Tansah Eilingo : ''Alhamdulillah sampun faham mbah,,,sementara pertanya'an kulo cukub niku mawon riyen ,, kapan2 mawon kulo tangklet malih njih mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Siiiiiiaaaaaaaaaaaaappppppp.....''

Do'a Awal Tahun



Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Barangsiapa yang membaca doa awal tahun ini, insya Allah dirinya akan terpelihara daripada gangguan dan godaan syaitan di sepanjang tahun tersebut.

Maksudnya:Allah SWT berselawat ke atas penghulu kami Muhammad SAW, ahli keluarga dan sahabat-sahabat baginda dan kesejahteraan ke atas mereka.Ya Allah, Engkaulah yang kekal abadi, yang qadim. yang awal dan ke atas kelebihanMu yang besar dan kemurahanMu yang melimpah dan ini adalah tahun baru yang telah muncul di hadapan kami. Kami memohon pemeliharaan dariMu di sepanjang tahun ini dari syaitan dan pembantu-pembantunya dan tentera-tenteranya dan juga pertolongan terhadap diri yang diperintahkan melakukan kejahatan dan usaha yang mendekatkanku kepadaMu Ya Allah Yang Maha Agung dan Maha Mulia. Ya Allah Yang Maha pengasih dari mereka yang mengasihi dan Allah berselawat ke atas penghulu kami Muhammad. Nabi yang ummi dan ke atas ahli keluarga dan sahabat-sahabatnya dan kesejahteraan ke atas mereka.

Senin, 04 November 2013

Do'a Akhir Tahun



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,




Barangsiapa yang membaca doa akhir tahun ini, maka syaitan akan berkata:
“Hampalah kami di sepanjang tahun ini”.











Maksudnya:

Allah SWT berselawat ke atas penghulu kami Muhammad SAW, ahli keluarga dan sahabat-sahabat baginda dan kesejahteraan ke atas mereka.
Ya Allah, apa yang telah aku lakukan dalam tahun ini daripada perkara-perkara yang Engkau tegah daripada aku melakukannya dan aku belum bertaubat daripadanya. Sedangkan Engkau tidak redha dan tidak melupakannya. Dan aku telah melakukannya di dalam keadaan di mana Engkau berupaya untuk menghukumku, tetapi Engkau mengilhamkanku dengan taubat selepas keberanianku melakukan dosa-dosa itu semuanya. Sesungguhnya aku memohon keampunanMu, maka ampunilah aku. Dan tidaklah aku melakukan yang demikian daripada apa yang Engkau redhainya dan Engkau menjanjikanku dengan pahala atas yang sedemikian itu. Maka aku memohon kepadaMu.


Ya Allah! Wahai yang Maha Pemurah! Wahai Yang Maha Agung dan wahai Yang Maha Mulia agar Engkau menerima taubat itu dariku dan janganlah Engkau menghampakan harapanku kepadaMu Wahai Yang Maha Pemurah. Dan Allah berselawat ke atas penghulu kami Muhammad, ke atas ahli keluarga dan sahabat-sahabatnya dan mengurniakan kesejahteraan ke atas mereka.

~♥~ FADILAHIPUN AYAT KURSI ~♥~




Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemos ingkang minulyo :
Niki pas waktune bade kedadean njih meniko mengenahi masalah ''TAHUN BARU HIJRIYAH'' (niki seng paling penting) , Wonten KITAB "SYAMSUL MA'ARIF KUBRO" Bab bongkar pasang DUNGO , diantaranipun wonten crito ingkang coro jowone mekaten :
''Sapane wong nalikane malem siji wulan suro (benjang malem senin ,4 November 2013) , Gelem dungo lantaran ''AYAT KURSI'' ping jumlahe dino setahu (yakni 360) temen wong iku mau bakal di paringi Gusti Allah selamet setahun gak bakal kecelaka'an,gak bakal wonten kenging bencana macem-macem, termasuk penyakit-penyakit ingkang angel tambanane'', Panjenengan setahun dipun jagi kalih Gusti Allah, yen panjenengan purun maos ayat kursi pas nalikane malem siji wulan suro ping jumlahe dino setahun (360) ,

Menawi panjenengan njih nate maos ten mujarobat lak njih wonten keterangan ngoten niku , kados kitab: mujarobat ad daeroby bab ayat kursi , Nah pripun niki kinten-kinten panjenengan sanggub nopo boten maos AYAT KURSI ten malem siji suro kaping 360 ...??? Insya Allah boten sampek setengah jam ,yen di waos arang-arang boten sampek sak jam,mosok njih wiritan sejam mawon boten betah wehehe , dolanan FB mawon jam-jaman betah njih boten....? Milane niki poro sederek DI EILING-ELING Mumpung dereng keliwatan, mangke selak ketinggalan.

Soale nopo to...? , Ayat kursi niku di dunke ten dunyo boten di damel HUKUM ,Ayat kursi niku di dunke ten dunyo niki kanggo DUNGO SELAMET , Cocok critane nalikane Iblis dipun usir kalih Gusti Allah gara-gara sombong, ''IBLIS KI AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BLEK KEDUWEK TIBO NUMPLEK BAKAL TAK LEBOKNO NEROKO KABEH'' , Iblis malah mengkerek nantang perkoro, ''Gusti Allah kulo ngerti nek gara-gara nabi Adam kulo di usir saking suargo, panjenengan titeni Gusti Allah benjing nabi Adam sak anak turune bakal kulo cegat teko ngareb , teko buri , iringan ,ngisor ,duwur , boten kiro enten anak an menungso seng kelakuane apik , boten kiro anak an menungso seng matine Islam, buktikan nek boten percoyo''

Gusti Allah di Sumbari Iblis mekaten , lajeng koyok nopo , Gusti Allah ngedunke ayat kursi, soale nopo , Iblis medun ten bumi niki, madosi anak an syetan seng pinter-pinter, di tatar di didik di wulangi sampek dados profesor doktor syetan,la niki tugase khusus yen enten tiyang Islam ajenge sedo , milane yen enten tiyang bade sedo niku ingkang gudo boten syetan biasa tapi profesor doktor syetan ,tugase namung siji yakni supoyo matine mati kafir, masya Allah yen matine mati kafir harapan masuk surga boten enten, bermilyart-milyart tahun bakal ten neroko , asalkan kito niki sedone tasik beto iman senajan nakallo koyo opo tasik enten harapan mlebet suargo,

Lajeng dospundi...? Ampun kwatir, Gusti Allah ngedunke ayat kursi , ayat kursi di dunke ten alam dunyo ''KATIK MEDUNE NIKU DAMEL DRAMA'', endi-endi ayat Quran ingkang tumurune damel drama niku nuduhno Luar biasa, dramane pripun , ''insya Allah mangke ten posting sambungane kulo critak aken'' , Dadose ngeten poro sederek , benjing panjenengan yen bade pejah niku ingkang gudo sanes syetan biasa tapi profesor doktor syetan, koyo nopo panjenengan supoyo mati kafir, la profesor doktor syetan niki boten enten seng di wedeni , di SUN MATEK AJI boten gubris,di tumbali boten gugu, boten enten seng di wedeni , seng di wedeni namung setunggal, nopo niku ...? YOIKU AYAT KURSI , Sinten seng apal ayat kursi , benjang yen ajenge sedo profesor doktor syetan teko gak ono gunane, panjenengan dipun jagi kalih Gusti Allah lantaran ayat kursi ingkang panjenengan apalaken,
HAZOW SAMPUN APAL AYAT KURSI NOPO DERENG.....?



Poro pemaos ingkang minulyo :
Dadose ayat kursi niku medun ten dunyo kangge nopo....? kangge tolak blai, yen panjenengan woco isuk slamet sampek sore, yen panjenengan woco sore insya Allah slamet sampek isuk ,yen panjenengan woco isuk sore nopo malih mocone X3 enjing ping tigo sonten ping tigo panjenengan boten bakal kecelaka'an , boten bakal kemalingan, boten bakal kerepotan, La umpami di woco luwih akeh pripun...? , Terserah panjenengan, yen saget paling sekedik kaping tigo , bahkan dipun ceritakno ten kitab-kitab ,panjenengan yen moco isuk ,panjenengan boten kiro mati sampek sore , yen panjenengan woco sonten boten kiro mati sampek isuk, nek jenengan woco isuk sore boten mati-mati , lalek pas wayahe mati pripun...? Klalen boten moco wehehe , jare malaikat , lo kang kok mati kang...? , kelalen gak moco malaikat ,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Ayat kursi medun ten dunyo niki damel drama,Endi ono ayat-ayat qur'an medune katik gawe drama niki nuduhno luar biasa, di antaranipun ayat kursi , dramane kados nopo...? ngeten poro pemoas ,
Sijining dino pas kanjeng Nabi nompho zakat, zakate rupo kurmo, boten gadah kantor/gudang , kurmane niku wau lajeng dipun tumpuk ten emperan masjid ngoten ,kurmone sak pirang-pirang , lajeng Kanjeng Nabi merintahaken ten sohabat Abu hurohiroh, ABU HUROHIROH JOGONEN YO KURMO IKI OJO PISAN-PISAN DI COLONG WONG MENGKO BENGI-BENGI'', siiiiiiiap Kanjeng Nabi ,

Lajeng Abu hurohiroh jogo kurmo , tenguk-tenguk kalih rokok an ngoten sawangane ,lakok dadak an tengah wengi sekitar jam siji ngoten enten bucah cilik sekitar bongso 7-8 tahunan ngoten kiro-kiro ,endase gundhul meleng-meleng kathok an ireng gowo kanthongan , (njih niki sawangane seng di arani tuyul niku),

Bareng Abu Hurohiroh sumereb enten bucah cilik beto kantongan moro nyolong kurmone Kanjeng Nabi, di cekel CEK langsung mawon poro sederek di jiwir ,''HAYOW CILIK-CILIK YAHMENE KYULUYAN NYOLONG KURMONE KANJENG NABI, ANAKE SOPO KOWE IKI,,,...? , Dumadak an nuangis kelongkongan , ''Abu Hurohiroh aku gak mangan pirang-pirang dino kaliren, mosok sampean gak duwe ngesak no aku'' , Nangis-nangis akhiripun Abu hurohiroh boten mentolo, ''YOWES SAK KANTONGAN WAE OJO AKEH-AKEH , AWAS OJO NYOLONG MANEH LHO..?'' , Biten Abu Hurohiroh ..

Isuk-isuk Abu hurohiroh dipapak kalih Kanjeng Nabi , ''LO ABU HUROHIROH KOK MALINGE GAK DI CEKEL..?'' , Loh panjenengan kok sumerab Kanjeng Nabi , ''IYO WERUH AKU ONO SENG NGANDANI'', Tirose pun kapok Kanjeng Nabi , nangis kelongkongan boten maem pirang-pirang dino , kirangan anak e sinten, tirose boten nyolong maneh , ''O BUJUK I IKU, TITENI MENGKO BENGI LAK NYOLONG MENEH'' ,Abu Hurohiroh jogo meneh ten hari kedua , ''Ah pasti nyolong meneh iki jarene Kanjeng Nabi'', Temenan poro sederek , sikitar jam siji dugi malih beto kanthongan seng luwih gedhi, ngadahi maneh kurmo , bareng ngadahi langsung mawon di cekel CEK ''WES SAK IKI GAK ONO SEPURO SEPURONAN JARE KAPOK KOK NYOLONG MANEH, ANAK E SOPO AWAKMU IKI '' , Nangis malih , ''Abu hurohiroh , ibuku nglahirno adik-adik ku kaliren nangis kabeh,sampean kok mentalane ono wong kere gak duwe opo-opo'', Akhire nangis....nangis ,,,boten mentolo malih poro sederek di culno maneh, ,''OJO AKEH-AKEH'' , boten sekedik mawon niki , ''AWAS AWAKMU NEK NYOLONG MANEH'' , Njih kulo pun kapok gak ilok , boten nyolong malih

Isuk-isuk Abu hurohiroh dipapak kalih Kanjeng Nabi malih , ''ABU HUROHIROH KOK DICULNO MANEH'' , Boten mentolo kanjeng Nabi tirose ibuk e ngelahirno kelongkongan boten mangan sak adik e,ningali tangise boten tego, tirose boten nyolong maneh , ''O DI APUSI , TITENI MENGKO LAK NYOLONG MANEH'' . Temenan hari ke tiga ,jam 1 teko maneh gowo kantongan tambah gedhi, ''LA SAK IKI WES TAK GAWAKNO TAMPAR,TAK CENCANG NANG CAGAK KENE SAMPEK ISUK , HAYO RENE TAK CANCANG'' , Banjur tuyul mau di cancang kalih Abu Huroiroh, ''Abu Huroiroh aku sampean culno'' , ''WES GAK ONO CUL-CULAN'' , ''Yen aku sampean culno sampean tak ulangi DUNGO'' , ''DUNGONE OPO...?'' , Mulai kenek di sogok dungo, ''Heemmm yen sampean woco isuk sampean selamet sampek sore , yen di woco sore sampean selamet sampek isuk, gak usah jogo ngene, bodho, cukub di woco sore gak ono seng nyolong sampek esok , di woco esuk gak ono seng nyolong sampek sore'' , DUNGONE OPO...?'' , ''tapi aku culno disek,ojo di cancang ngene gak iso ngomong'' , ''YOWES TAK UCULI AKU DI ULANGI DUNGO LHO'' , ''Iyo tak ulangi'' ,bareng di uculi ''OPO...?'' , ''Ayat kursi'' , ''AYAT KURSI IKU OPO...?'' , ''embuh takok no Kanjeng Nabi mengko lak di kandani'' ,

Esuk-esuk Kanjeng Nabi dugi , ''ABU HUROIROH KOK DI CULNO MANEH'' , Wehehe kulo di ulangi dungo, tirose yen kulo woco isuk selamet sampek sore , yen di woco sore selamet sampek isuk, ''DUNGONE OPO..?'' , ''Tirose Ayat Kursi , Ayat Kursi niku nopo Kanjeng Nabi...?'' , (baru mlaikat Jibril teko mudun gowo ayat kursi) , ''ABU HUROIROH SENG NGOMONG NANG SAMPEAN IKU MAU PENIPU PEMBOHONG'' , Siten kanjeng Nabi...?'' , ''IBLIS, YOIKU SENG DI ARANI TUYUL, LA SENG DI OMONGNO IKU BENER,
Nikilah temurune Ayat kursi damel drama , Iblis , Kanjeng Nabi , Malaikat Jibril, SEBAB NIKU ampun LALI njih poro sederek , nalikane MALEM SIJI WULAN SURO, (mangke sonten milaine ba'do asar-sampek dalu jam 12) , YEN panjenengan purun maos ayat kursi ping 360 podho kalih jumlahe dino setahun, panjenengan bakal di paringi selamet setahun, bahkan yen panjenengan PEJAH wonten Ing tahun niki mergo sampun wayahe , panjenengan di paringi mati Islam SUARGO panggonane, Lo awas lali lho.....?





Poro pemaos ingkang minulyo :
Umpamine umah panjenengan enten gendruwone, utawi ten deso katah duwet ilang di colong tuyul, lan katok bongso-bongso wong gedhe duwur, niku carane syetan seng sampun MENBEKU dados gendruwo lan sak pinunggalane NGEJURE cukub nganggo AYAT KURSI, la carane pripun......? yen saget di woco x7 ,saben
وَلَا يَـُٔودُهُۥ حِفْظُهُمَا ۚ وَهُوَ الْعَلِىُّ الْعَظِيمُ
''WA LAA YA-UUDUHUU HIFZHUHUMAA WAHUWAL 'ALIYYUL AZHIIM''. Dipun baleni X50 , Niku mangke saget ajur , kados Es ingkang kenging kepanasan akhire meleleh, nguap dadi anyeb malih , Niki pun katah ingkang praktek , bahkan ten kitab ihya' njih enten ceritane,

Ngeten poro pemaos , dipun cerita'aken kalih Imam Ghozali : Enten kyai ajenge manggon ten negoro ira' tapi boten nemoni umah, nyewo-nyewo pun boten enten , lajeng enteng ingkang ngandani ''Mbah , ten mriku lho enten griyo boten enten ingkang wani ngenggoni, sopo seng wani ngenggoni angsal ngenggoni sampek tuwo boten nopo-nopo'' , ''LA SENGDUWE SOPO...?'' , ''Mriko lo mbah griyane seng gadah'' , Akhiripun diparani ten griyane tiyange , ''LHO IKU UMAHE SAMPEAN TAH , TAK SEWANE'' , ''boten usah di sewo mbah, asal sampean purun ngenggoni sampean goni sampek tuwo , tapi ati-ati mbah enten gendruwone, wani mbah sampean..? , '' WAH WANI AKU, TAK GONANE'' , ''Ati-ati lo mbah mangke enten napa-napane sampean kulo boten tanggung jawab lho'',

Kyai gedhe wau lajeng manggon ten griyo seng jarene enten gendruwone, lakok yo temenan , mantun sembahyang isya' lakok metu gedhe duwur jengglek, langsung kyai gedhe wau maos AYAT KURSI, setiap moco ayat kursi tasik LIKAK-LIKIK gendruwone => HAZOW....HAZOW.... , , Tapi tiap moco ''WA LAA YA-UUDUHUU HIFZHUHUMAA WAHUWAL 'ALIYYUL AZHIIM'' , Gendruwone MUNDUR,,,di woco maneh MUNDUR...akhiripun niku wau di woco terus akhire gendruwone tambah MOJOK....MOJOK....MOJOK...Bareng ten pojok an kepepet gendruwone niku wau lasung HUUUUWEEESSSSS......kados kobong ngoten (koyo belok munggah), langsung ILANG , akhiripun di enggoni sampek tuwo , niku crito ten kitab ihya' ,kitab undang-undange torekot ,

Dadose poro sederek yen enten gendruwo ten griyo panjenengan boten usah di dukun no (ngentek-ngentek i gulo wehehe), dukuni dewe , carane koyo nopo...? dipun wacakne AYAT KURSI tiap-tiap ''WA LAA YA-UUDUHUU HIFZHUHUMAA WAHUWAL 'ALIYYUL AZHIIM'' dibaleni x50 , POKOK E OJO WEDI ,OJO GEROGI, tapi yen wedhi njih mumpung durung kadung mangke mundak kepirit-pirit wehehe

Poro pemaos ingkang minulyo :
Dumadak an yen enten tiyang NGOCEH-NGOCEH ''aku jaluk mulih...aku jaluk mulih nang kunu / nang wit kunu'' , yen panjenengan ulihno waras sak naliko , tapi mangke yen kumat malah nemen,Ganti maneh njuk mulih nang kunu , panjenengan ulihno njih waras maneh,mangke KUMAT maneh tambah nemen maneh ,mangke malah jaluk mulih ten genne pak fulan , nah niki blai , mangke di kiro pak fulan duwe tuyul, niki sumbere fitnah seng berbahaya,yen enten tiyang NGOCEH-NGOCEH ''aku jaluk mulih...aku jaluk mulih nang kunu / nang wit kunu'' ngoten niku ampun di percoyo / ojo di ulehno, mangke lek di ulihno malah tambah nemen, la carane koyo nopo ...?

Ngeten poro sederek ,Panjenengan padosne TEMBELEK SENG BUASIIIN LAJENG PANJENENGAN LEWETNE TEN LAMBENE SAK IRUNGE , temenan niki boten guyon , soale nopo ..? wong ngoceh niku pikirane glambyar, yen di lewetne tembelek seng basin mangke malih mikir , ambune opo iki...ambune opo iki , laaa malih mikire ten ambune niku wau, Akhire kapok boten wani ,Mpun titeni njih wehehe

Sampun mugi-mugi saget beto manfaat barokah Amiiiiiiin....

Selasa, 29 Oktober 2013

ASAL USULE SEKABEHANE

''ASAL USULE SEKABEHANE''

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami , 
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Gusti Allah niku damel makluk pertama kali yoiku malaikat-malaikat , Malaikat niku bahan bakune saking sinar, kirangan kapan Gusti Allah damel malaikat boten dipun critakno ten Qur-an hadist-se, lajeng milaine crito niki saking NEROKO riyen , Ngeten poro pemaos , dipun cerita'aken wonten kitab-kitab, Gusti Allah niku ngurub no geni GUEDI banget genine, di urub no sampek suwene kiro-kiro sewu tahun , wong taseh dereng enten dino soale, sahinggo geni niku rupane PUTIH kados neon ngoten niku, Di urib no malih geni niku sewu tahun malih , sampek rupane geni niku UABUANG branang , Geni dipun urib no malih sewu tahun malih sampek rupane geni niku UIRUENG njliteng , NAH nikulah ingkang dipun arani NEROKO, neroko pun dadi GUEDINE setengan mati,di lengkapi kalih sekso-sekso ingkang luar biasa , bareng neroko pun siap sedoyo Gusti Allah ngendiko ten malaikat

''MALAIKAT AKU GAWE PANGGONAN SENG ANGKER BANGET JENENGE NEROKO, SOPO YO BESOK UMATKU SENG GELEM DADI PENDUDUK E NEROKO, NEK MALAIKAT GELEM SILAHKAN'' , Lajeng malaikat-malaikat ningali neroko, dadak an neroko niku penuh dengan siksa'an ingkang boten karu-karuan , malaikat langsung ngendiko ''Gusti Allah sinten ingkang bade purun dados penduduk ipun neroko ,wong neroko modelle kados mekaten, boten enten gunane gusti panjenengan damel neroko, boten kiro enten penduduk e, panjenengan titeni yen boten percoyo, mangke lak neroko kosong boten enten penduduk e sampek kapan mawon,.....''NGUNU YO MALAIKAT'' . njih gusti....

Lajeng Gusti Allah matur malih , ''MALAIKAT ,AWAKMU RUH FILM ME DALANE NUJU NANG NEROKO...?'' , Kados nopo Gusti modelle...? , Bareng di puterno film me lakone dalan nuju ten neroko dadak an seng NYENENG-NYENENG NO PIKIR THOK, wes pokok e seng uenak-enak boten mufakat , kados pelacuran, perjudian , pencurian, korupsi , ngapusi, demenan lan sak piturute pokok e bongso seng nyeneng no pikir ngoten niku,

Bareng malaikat sumereb dalane neroko seng nyenengno pikir ngoten niku langsung malaikat ngendiko ''La njih Gusti Allah ,lalek dalane neroko modele kados ngoten, panjenengan titeni benjing umate panjenengan sedoyo sami mlebet neroko sedoyo , KEPINCUT DALANE LALI AKIBATE , Saking enak e saking apik e , ''MALAIKAT NGOMONG KOK PLINTAT-PLINTUT , MAU NGOMONG JARENE ORA ONO PENDUDUK E, BARENG DI DUDOHNO DALANE KABEH MLEBU NEROKO'' ,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sak sampunipun nyiptak aken neroko , boten dangu Gusti Allah damel panggonan malih ingkang GUEDINE Setengah mati seng di arani SUARGO, yen ningali cerito ten tafsire niki NEROKO rumiyen lajeng SUARGO , suargo dipenuhi kalian Gusti Allah macem-macem kesenengan lan kenikmatan ingkang bukan main sak anane kesenengan sedoyo ngumpul ten suargo , bareng suargo pun mari malaikat-malaikat di tari , soale JIN ,MANUNGSO tasik dereng enten, entene namung malaikat mawon ,

''MALAIKAT'' , Wonten dawuh Gusti,,, ''AKU GAWE PANGGONAN SENG DI ARANI SUARGO ,UAPIK BANGET , TAK WENEHI HIASAN-HIASAN , HIBURAN-HIBURAN SENG GAK KARUAN APIK E, MALAIKAT AWAKMU GELEM TAH TAK CALOK NO DADI PENDUDUK E SUWARGO, NEK GELEM SILAHKAN PANGGONONO SAK ANAK TURUNMU MALAIKAT.'' ,

Banjur poro malaikat sami ningali suargo , dadak an uapik e setengah mati langsung malaikat ngendiko, ''Gusti Allah kok panggonan uapik e kados mekaten, panjenengan titeni Gusti benjang, sak anane makluk e panjenengan sami oyok-oyok an rebutan mlebet suargo sedoyo, la uapike ngoten sinten ingkang boten kepincut ten mriku'' OIYO NGUNU YO MALAIKAT'' njih Gusti....''MALAIKAT AWAKMU RUH DALANE NUJU NANG SUARGO'' , Dereng Gusti...''DELOK EN FILM ME'' ,

Bareng malaikat ningali dalan nuju ten suargo , duadak an barang seng muegel-megel no ati tok, wes ngene gak oleh ngunu gak oleh, enak-enak turu dikon tangi sembahyang subuh, sugeh duwet kongkon sedekah, nyolong gak oleh , ngombe khomer gak oleh , korupsi gak oleh , sir-siran demenan karo bojone tonggo gak oleh, ''Ya Gusti Allah nopo-nopo kok boten angsal ,panjenengan titeni benjing suargo boten enten penduduk e, dalane seng nyusah-nyusahno thok ,kosong benjing suargo , sinten ingkang bade mlebet mriku wong dalane angele ngoten niku'' , ''MALAIKAT NGOMONG KOK PLINTAT-PLINTUT , JARENE MAU MLEBU SUARGO SEDOYO, BARENG RUH DALANE JARE GAK ONO SENG MLEBU SUARGO''

Poro pemaos ingkang minulyo:
Akhire SUARGO pun dadi NEROKO pun dadi, Gusti Allah sampek towo-towo ,''MALAIKAT MOSOK AWAKMU GAK GELEM DADI CALON PENDUDUK E SUARGO , LALEK GAK GELEM LAK ORA ONO GUNANE AKU GAWE SUARGO SENG APIK E SETENGAH MATI''
Jawabpe malaikat , ''Boten Gusti, boten wani dados calonependuduk suargo'' , LA KENO OPO KOK GAK WANI MALAIKAT...?'' , Njih gusti kulo mangke yen SELIP (Nglakoni salah) ten suargo ,mangke kulo panjenengan buwak ten neroko , mumpung dereng kadung Gusti, ''O BERARTI AWAKMU GAK WANI MLEBU SUARGO MERGO WEDI MLEBU NEROKO..?'' ''njih Gusti , boten mlebet suargo boten nopo-nopo Gusti seng penting boten mlebet neroko'' , ''O NEK NGUNU NGENE WAE , SUPOYO BENE ONO GUNANE GAWE SUARGO , AYO GAWE MAKLUK SENG WANI MLEBU NEROKO, BERARTI MAKLUK MAU WANI MLEBU SUARGO''

Akhiripun Gusti Allah nimbali malaikat JIBRIL ..
''JIBRIL'' , Dalem Gusti Allah'' , AKU PEKNO WOHWOHANE GENI NEROKO SAK CAWUK AN WAE ,MENGKO TAK GAWENE BAHAN BAKU MAKLUK SENG WANI MLEBU NEROKO , MERGO BAHAN BAKUNE SOKO GENI NEROKO'' , ''Njih siap Gusti'' .
Akhire malaikat jibril slulup ten neroko uadohe trillyunan kilo ,malaikat jibril langsung nyawuk geni neroko (njih cawuk ane malaikat njih kirangan njih) di beto munggah disetorno ten Gusti Allah

''Gusti Allah niki woh wohane geni neroko seng paling ngisor paling panas Gusti , ''KENE JIBRIL TAK TAMPANANE'' . Akhire wowohane geni neroko di emplek-emplek di glintir-glintir ngoten sawangane , di banting jreeet dadi makluk seng gagah njih meniko JIN , La niki pun enten makluk kalih yakni MALAIKAT KALIH JIN , Jin niku makluk e Gusti Allah seng bahan bakune saking geni neroko . Bareng jin pun gedhe-gedhe , jin di tari kalih gusti Allah , ''JIN....'' , ''Wonten dawuh Gusti'' , AWAKMU SANGGUP JIN , DADI PENDUDUK SUARGO....?'' , ''Suargo niku pundi gusti...?'' , ''LAIKO DELOK EN'' .

Bareng Jin ndelok suargo LANGSUNG mawon WANI tanda tangan, ''Njih Gusti suargo kulo panggonane sak anak turun kulo'' , ''WANI TENAN JIN..?'' , wantun Gusti'' , ''TAPI ONO SYARATE LHO JIN'' , ''Syaratte nopo gusti..?'' , AWAKMU TAK UJI DISEK MEDUN NANG BUMI , NALIKANE AWAKMU TAK UJI NANG BUMI SEDILUK BANGET, AWAKMU ISO DADI MAKLUK SENG APIK KELAKUANE , NURUT PERINTAHKU , NINGGAL LARANGANKU AWAKMU ISO MLEBU SUARGO, TAPI KOK AWAKMU NANG BUMI DADAK AN GAK NURUT PERINTAHKU ,MELANGGAR LARANGANKU, AWAKMU BAKAL TAK UKUM NANG UKUMAN SENG JERU'' , Ten pundi Gusti...?'' , ''NANG NEROKO'' , la neroko niku kados nopo Gusti...?'' , LA IKO DELOK EN'' , ''yah Gusti wong kulo niki bahan bakune saking geni neroko anggep kebo balik nang kandange, siaap Gusti'' , ''WANI TENAN JIN...?'' , Siiiaaapp''

Poro pemaos ingkang minulyo:
Akhiripun JIN di dunke ten bumi kagem di uji lulus mlebu suargo gak lulus mlebu neroko , menungso dereng enten niki ,
Sak derenge lanjut kulo critani LAPISANE ALAM , Lapisane Alam niku ngeten poro pemaos :
=> Paling DUWUR niku ARAS ARAS ARAS , nek coro jowone Istana , istana ne Gusti Allah, Lapis pitu
=> Ngisore niku SUARGO SUARGO SUARGO Lapis pitu
=> Ngisore suargo NEROKO NEROKO NEROKO lapis pitu
=> Ngisore neroko niku ALAM BARZAH alam pemisah antarane ndunyo kalih akhirat, niku arane Alam barzah ,uombone milyartan kilo
=> Lajeng ngisore alam barzah niku LANGIT LANGIT LANGIT lapis pitu
=> Ngisore langit niku PLANET / BINTANG-BINTANG seng jumlahe pirang-pirang milyart , diantarane bintang niku enten namine SRENGENGE (matahari), Di antarane bintang seng munyeri matahari jumlahe pitu seng gedhe enten namine BUMI ,

Nah pun saget bayangne, dadose BUMI niku CUILIK E setengah mati, soale enten planet niku ingkang agenge 1milyart kali bumi , la niku sedoyo ten ngisore langit paling ngisor, ALANGKAH AGENGIPUN ALAM GUSTI ALLAH, Dah neo gedhene seng di arani suargo neroko.

Akhire JIN niku di kirim medun ten bumi , njih gampange SAK JODHO lah medhun ten bumi, njih bumi niki, JIN ne manak-manak tambah kuatah ten bumi, TAPI jin ten bumi niki boten nurut perintahipun Gusti Allah, padahal Gusti Allah njih pun ngutus Nabi-nabi teko Jin, tapi teteb boten enten seng nurut tatanane gusti Allah, kirangan pirang tahun boten dipun critakno ten gene Al-Quran ne, Gusti Allah SWT gak kedugo delok kelakuane jin seng nok bumi boten karu-karuan, Gusti Allah mrintahno malaikat

Gusti Allah ngumpulno poro malaikat wiwit Jibril , Mikail , Isrofil lan sak pinunggalane , ''HEI JIBRIL'' , dalem gusti...'' , WES AKU DELOK KELAKUANE JIN NANG BUMI GAK KEDUGO AKU, PATENI KABEH WAE JIN SENG ONO NANG BUMI IKU, WES GAK USAH JIN-JIN NAN, WES GAK ONO SENG NURUT PERINTAHKU NINGGAL LARANGANKU, TIMBANAGANE NGEBEK-NGEBEK KI NEROKO MUMPUNG DURUNG PATENONO KABEH'' ,

Akhire Malaikat jibril mikail beto tentara malaikat medun ten bumi, sak anane jin di pateni sedoyo , njih enten seng ketinggalan siji loro seng delik-delik ten GOT got ngoten niku , sampek sak niki , niku kari karen-karen, TAPI enten keanehan ten gene tafsir Qur-An nipun, Nopo......?

Poro pemaos ingkang minulyo:
TAPI enten keanehan ten gene tafsir Qur-An nipun, nopo...? , Enten Jin cilik jik umur sekitar bongso setahun guanteng rupane kathik lucune setengah mati, lakok malaikat jibril niku usil , ''HEY JIN IKI GANTENG E , AYO DI GOWO NANG SUARGO DI INGONI'' , lho..lho Gusti Allah gak ngongkon mengko dadi perkoro, ''WES GAK POPO,,,GAK POPO'' , Akhiripun di gendong malaikat di beto ten suargo padahal Gusti Allah boten ngongkon tapi njih niki di damel lingkaran hidup ,

Jin cilik wau malih urip campur malaikat, di paringi jeneng sami kalih malaikat , namine ''AZAZIL'' , Dadose azazil niku MINAL JINNI ( anak an jin ) sanes malaikat tapi pun dadi GROUB pe malaikat , amergi di openi kait cilik kalih malaikat , Lakok azazil niki tambah gedhe-tambah gedhe puintere setengah mati ngalah-ngalahi malaikat, coro gampange malaikat tekuk lutut kalih azazil niki mergo saking pintere, pun dados kebiasa'an ten alame malaikat, sinten seng paling pinter di angkat dados komandan malaikat, akhire JIN azazil di angkat dados komandan malaikat,

Bareng dados komandan malaikat, AZAZIL mulai kumat, soale pun dados undang-undang ingkang dados komandan malaikat di salap ten suargo, Gusti Allah matur , ''AZAZIL'' , wonten dawuh Gusti..., ''TIMBANGANE JIN BIYEN GAK DUNUNG DADI CALONE PENDUDUK SUARGO, LA SUARGO IKI APIK E SETENGAH MATI , GELEM TA AWAKMU AZAZIL TAK DADEKNO PENDUDUK SUARGO, MERGO AWAKMU KATHOK E PALING PINTER DI ANTARA PORO MALAIKAT-MALAIKAT'' , wah njih Gusti kulo panggonane suargo Gusti , ''IYO , TAPI ATI-ATI LHO AZAZIL'' , Nopo Gusti...? , ''SUWARGO PANGGONONO PEK EN KABEH SENG ONO JERO SUARGO, TAPI ONO SIJI LARANGANKU LHO AZAZIL'' , Nopo Gusti niku...? , ''SOMBONG....OJO PISAN-PISAN AWAKMU SOMBONG, NEK AWAKMU SOMBONG, RUNGOKNO , AWAKMU SAK ANAK TURUNMU TAK LEBOKNO NEROKO KABEH, PIYE AZAZIL...?'' , Siiiaaap Gusti Allah...kulo panggonane suargo ,

Azazil ,namine komandan , ojo maneh komandan malaikat , komandan hansip niku mawon petetak petetek ,njih boten...?, nah Azazil njih ngoten, suwe-suwe mulai kumat SOMBONGE , Sampek azazil di eilingno kalih Gusti Allah , HEI JIBRIL ,AZAZIL KETOK E MULAI SOMBONG, TULISEN NANG GERBANG PINTU SUARGO , TULISEN SENG GUEDIII , BENE DI GAWE WACAN-WACANAN AZAZIL CIK E GAK LALI'' , tulis nopo Gusti..? , ''ANTI KHARAMUN ALA KULLI MUTAKABIRIIN ,SUARGO HARAM KANGGO SEKABEHANE WONG SOMBONG'' ,

Dadose ten suargo niku pintu gerbang paling ngareb enten tulisane ngoten , benjing panjenengan nek mlebet suargo lak ngerti ''SUARGO HARAM KANGGO SEKABEHANE WONG SOMBONG'' , La undang-undang niku berlaku sampek sa'niki, artine sinten mawon seng sombong boten saget mlebu suargo,
Lajenge CRITO Azazil lupa daratan....lajeng pripun...?

Poro pemaos ingkang minulyo:
Malaikat jibril sampun nulis GUEDHI ten ngajenge lawange suargo, suargo kharam kanggo sekabehane wong sombong , tapi malaikat Azazil lupa daratan, tambah sombong-tambah sombong La Gusti Allah boten kedugo, bareng gusti Allah boten kedugo wes kadung Azazil manggon nang suargo dados komandan malaikat , La GUSTI ALLAH NGRANCANG DAMEL MENUNGSO, Prosese kados nopo ten critane ten gene tafsir Qur'an ne,

Gusti Allah dawuh , ''MALAIKAT JIBRIL NGENE YO, ANANE JIN JIN BIYEN MANGGONG NANG BUMI DADI WONG NAKAL ,BELING-BELING GAK KARUAN, MERGO JIN KUI KAN BAHAN BAKUNE TEKO GENI NEROKO, GAK MUNGKIN MERGO BAHAN BAKUNE SOKO GENI NEROKO ISO TENANG ONO ING BUMI'' , la trus dos pundi Gusti...? ,''AYO SAK IKI GAWE MAKLUK SENG BAHAN BAKUNE TEKO LEMAH , TEKO BUMI, BERARTI IKU ISO DADI PENDUDUK ONO BUMI ,LAN IKU LAH KIRO-KIRO BESOK SENG ISO DADI CALONE PENDUDUK E SUARGO ,

Lajeng malaikat jibril tangklet . ''Gusti Allah dos pundi maksudte panjenengan...?'' , ''JIBRIL , MEDUNO YO NANG BUMI , AKU PEKNO E BUMI SAK CANGKUPAN WAE , MENGKO TAK GAWENE BAHAN BAKUNE CALONE PENDUDUK BUMI SEKALIGUS CALONE PENDUDUK SUARGO'' , Wo njih siiaap Gusti... , ''TAPI JIBRIL....DI TARI SENG APIK YO NANG BUMI , OJO SAMPEK DI TODONG DI PEKSO LO, MENGKO SAMPEK BUMI GAK RIDHO MOK CAKUP TAK GAWE MAKLUK BUYAR MENGKO, JELAS GAK KIRO DADI APIK KELAKUANE, MERGO ASAL USULE BAHANE SAKING MANGKEL PIKIRE'' ,Siiiap gusti Allah,

Malaikat JIBRIL medun ten bumi, bareng Malaikat Jibril ten bumi ,omong-omongan kalih bumi . ''BUMI,,'' , Enten nopo Malaikat Jibril...? , ''AKU DI TUGASNO GUSTI ALLAH, AKU JALUK AWAKMU SAK CAKUPAN WAE BUMI'', lho kanggo nopo Gusti Allah kok mendet bumi..? , '' KANGGO CALON BAHAN BAKUNE PENDUDUK SUARGO, MERGO CALON PENDUDUK E SUARGO KUDU DI UJI MEDHUN TEN BUMI,JIN JIN ORA ISO URIP NANG BUMI SECARA SEMPURNO MERGO BAHAN BAKUNE TEKO GENI NEROKO'' , O ngoten to , la menawi umpami benjing ten bumi selip (nglakoni salah) pripun Jibril...? , ''YO BESOK ISO DADI PENDUDUK NEROKO'' , La niki Malaikat kulo seng gak wani , Jibril sepuntene seng katah njih , kulo sampean jaluk ne sepuro ten Gusti Allah, bumi boten mantun Gusti dados penduduk e suargo mergo kuwatir besok breset mlebu ten neroko, mumpung durung, ''DADI LAK GAK GELEM AWAK MU IKI..?'' , boten wantun Malaikat sepuntene seng katah,

Bumi di rayu-rayu kalih Malaikat teteb gak wani , akhiripun Malaikat Jibril balik sowan ten gene Gusti Allah , ''Gusti Allah bumi boten wani, kulo icuk-icuk boten purun...'' , ''LA NYAPO KOK GAK WANI MALAIKAT..?'' , Kwatir yen mlebet neroko Gusti , ''DADI AWAKMU GAK KASIL JIBRIL..?'' , boten Gusti , ''JIBRIL DI TUGASNE NGUNU BAE GAK KASIL TITENONO, BAKAL TAK SEKSO ,BAKAL TAK DADEKNO MALAIKAT SENG BESOK NOTO PETUGAS-PETUGASKU SENG MEDHUN NANG BUMI'' ,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Malaikat Jibril angsal kartu kuning (peringatan) mergo gagal, Lajeng ganti Malaikat mika'il, ''AYO MIKA'IL MEDUNO NANG BUMI YO MIKA'IL, AKU PEKNO BUMI SAK CAKUP PAN WAE, KANGGO CALONE PENDUDUK SUARGO UTOWO NEROKO , TAPI MIKA'IL , MENGKO JALUK E SENG APIK LO OJO MEKSO, KUDU BUMI LEGO ATINE RIDHO NALIKANE MOK JALUK I '' , siiiap Gusti Allah

Malaikat Mika'il medun ten bumi , La kados pundi...? Sami mawon Bumi malah nangis kelongkongan , Wal hasil malaikat mika'il balik sowan ten gene gusti Allah , ''Gusti Allah ,bumi boten wantun , malah nangis kelongkongan boten purun Gusti'' , DADI AWAKMU GAGAL PISAN KOYO JIBRIL....?'' , Njih Gusti.... , ''MIKA'IL SEBAB AWAKMU GAGAL, KENO KARTU KUNING , AWAKMU BESOK BAKAL TAK TUGASNO, TAK KON NGATUR EKONOMI NANG BUMI BESOK'' , Njih Gusti terserah panjenengan..

Malaikat kalih gagal (Jibril Kalian mika'il) kenging kartu kuning, ''SA'IKI ISROFIL AYO MEDUN NANG BUMI ISROFIL....'' , Bareng Isrofil medun ten bumi njih sami mawon, boten angsal nopo-nopo , ''Gusti kulo boten mentolo (tego) Gusti , bumine nangis kelongkongan ,kulo boten tego gusti , ''DADI AWAKMU GAGAL PISAN ISROFIL...?'' , Njih Gusti sami kalih kang Jibril , kang Mika'il , ''YOWES AWAKMU TAK SEKSO PISAN, IKI TROMPET IKI DI CEKEL, TROMPET IKI BESOK NALIKANE BOK SEBUL, BUMI ISO KIAMAT , MOK SEBUL MANEH ISO URIP MANEH'' , Akhire trompete di cekeli mawon , dadose sa'niki trompet niku njih tasek di cekelli mawon ngentosi perintah,

Sampun tigo Malaikat ingkang kenging kartu kuning (Jibril , Mika'il, Isrofil) , Ingkang sak lajenge Malaikat ''IZRO'IL'' Malaikat ke uireng ngoten gedhe duwur kereng (galak) e setengah mati, '' AYO IKU MALAIKAT SENG KUERENG IKU , AYO IZRO'IL'' , Siiiap Gustii.....''AYO MEDUN NANG BUMI, AKU PEKNO BUMI SAK CAWUK AN, OJO KOYO KANCAMU TELU GAGAL, KENO KARTU KUNING''

Akhiripun Malaikat Izro'il medun ten bumi, Lakok dadak an lali pesene Gusti Allah , ''Bumi aku jaluk awakmu sak cakupan, oleh jaluk gak oleh jaluk'' , moro-moro nyakub ngoten mawon , bumine bengok-bengok boten di gubris, ''Wes gak gubris bumi timbang aku di lok no Gusti Allah luwung di lok bumi'' Bumine berok-berok tulung-tulung boten di gubris kalih malaikat Izro'il, akhiripun Bumi sak cakupan di serahno ten Gusti Allah, ''Guti Allah kulo angsal Gusti, GOL kulo boten kados konco-konco kulo gagal sedoyo'' , ''ENDI....'' , Niki Gusti bumi sak cangkupan , ''IZRO'IL MAU CRITANE KOYO OPO KOK BUMI GELEM ..?'' kulo todong mawon Gusti, moro-moro kulo cawuk ngoten mawon, bengok-bengok pun kulo boten ngurus , ''BERARTI BUMI MAU GAK RIDHO..?'' , Boten Gusti , ''BERARTI AWAKMU TEGO MENTALAN'' ,njih kulo mentalanan , '' NEK NGUNU BESOK AWAKMU BAKAL TAK SEKSO PISAN KENO KARTU KUNING'' , Nopo Gusti...? , ''TAK TUGASNO BAGIAN JABUTI NYAWANE MENUNGSO NANG BUMI BESOK'' , Njih siiiap Gusti kulo jabutane nyowone..

Malaikat bagian jabut nyowo niki poro pemaos umpami kok malaikat jibril ,mungkin katah tiyang boten sido mati, areb mati kelongkongan nangis ngesakno akhire gak sido-gak sido, opo maneh Malaikat isrofil , Bareng seng bagian jabut nyowo Malaikat Izro'il , gak peduli , nangiso teteb di jabut ti mergo mentalanan tegonan, niku critane.....!!!! akhire Bumi pun di setorno Gusti Allah lajeng pripun......?

Poro pemaos ingkang minulyo:
Bumi pun di setorno Gusti Allah lajeng Bumi di emplek-emplek ,di mbel-mbel di banting jriieeet dadi makluk seng namine ''NABI ADAM'' , Nabi adam pun dadi , tasik alit plonga-plongo dereng saget nopo-nopo, Gusti Allah ngrancang ajenge GEBLAKNO seng di arani Malaikat AZAZIL, seng asale anak turune JIN niku wau, Gusti Allah negndiko , '' HEI PORO MALAIKAT, WES SUWE GAK DI ADAKNO REFORMASI KEPENGURUSAN MALAIKAT, AYO SAK IKI DI ADAKNO REFORMASI PERGANTIAN PENGURUS'' , la dos pundi carane Gusti...? , ''NGENE ,MENGKO TAK UJI TAK TAKONI CORO PRIBADI, SOPO SENG PALING PINTER DI ANTARANE ANDA SEKALIAN PORO MALAIKAT, TAK ANGKAT DADI KOMANDAN MALAIKAT'' , Gentosi azazil ingkang sampun pirang-pirang ewu tahun dados komandane Malaikat, jare Azazil ''Jelas kulo Gusti paling pinter'' , Jare jibril ''Jelas kulo'' . ''IYO BUKTEKNO , SESOK DINO JUM'AT KUMPUL KABEH ,MENGKO TAK TAKONI, SOPO SENG PALING PINTER TAK ANGKAT DADI KOMANDAN MALAIKAT''

Akhiripun Poro malaikat sami siap-siap sedoyo , sak anane di apalne , mergo ajenge dipun Uji Gusti Allah, Lakok dadak an GUSTI ALLAH Main politik, politik ke pripun ,,? , nabi adam dalu-dalu di panggil pribadi ''DI WULANGI'', ''DAM...'' , Enten nopo Gusti'' , ''AWAKMU YEN TAK DU AMBI MALAIKAT MESTI GULUNG TIKAR , KALAH DISIK I, AWAKMU ISO OPO , MALAIKAT IKU PINTER-PINTER, TAK KANDANI DAM YO ,SUPOYO AWAKMU MENANG CIK E GAK KALAH KARO MALAIKAT, TAK ULANGI OJO KONDO-KONDO, SENG TAK TAKOKNO BESOK SENG DURUNG TAU TAK ULANGNO NANG MALAIKAT, BEN GAK ISO JAWAB, LA AWAKMU TAK KANDANI''

Niki umapmi gampangane mekaten poro pemaos , Gusti Allah yen ngulangi . ''DAM TAK KANDANI YO NANG PENDUDUK BUMI IKU BAKAL NYAMBEL, SENG DI GAWE NYAMBEL ARANE OPO , MENGKO JAWAPEN COWEK NGUNU YO..?'' , Njih,,,njih Gusti . ''APALNO LO, MENUNGSO BESOK NANG BUMI TENGUK-TENGUK , LINGGUHANE ARANE OPO, MENGKO JAWABEN KURSI NGUNU YO'' , Njih Gusti,,,njih , ''MENUNGSO BESOK KEDHUK-KEDUK , JAWABEN LINGGIS NGUNU YO'' , njih Gusti...Njih...

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sa'jane isone Nabi Adam namung nika niku mawon, la tapi Malaikat boten nate di omongi, bareng isuk-isuk Malaikat kumpul, Gusti Allah lajeng ngendikan '' HEI MALAIKAT YEN AWAKMU TEMEN-TEMEN NGAKU PINTER, HAYO DI JAWAB OPO SENG TAK TAKOKNE NANG AWAKMU'' , Siap Gusti ,
Jare Jibril '' Panjenengan tangklet nopo Gusti kulo siiiap jawab'' , ''JIBRIL , BESOK MENUNGSO NANG BUMI IKU NYAMBEL BRIL, WADAHE SAMBEL ARANE OPO BRIL...?'' Gusti boten nate di ulangno kok di takokno njih boten semereb , ''LO GAK ISO,,,MIKA'IL...MIKA'IL...'' , podho mawon Gusti , ''AZAZIL...AZAZIL...'' , wah boten semereb Gusti , ''ADAM ADAM,,,ENDI ADAM...'' , Alah niku bodho Gusti boten usah di elokno Gusti , ''AYO ADAM MAJU DAM..... , DAM'' , Dalem Gusti , ''BESOK NANG BUMI IKU NYAMBEL DAM,ADAHE SAMBEL ARANE OPO DAM...?'' Coweeeek Gustiiiii....... ''IYO SERATUS ADAM''

Wehehe soale dalune pun di wulangi , ono wae ,ujian seng di senengi bengi-bengi di wulangi ,mesti mawon lulus njih boten...?
''JIBRIL...'' , Wonten dawuh Gusti ,''BESOK WONG NANG BUMI KEDHUK-KEDHUK BRIL , ALATE KEDHUK-KEDHUK JENENGE OPO BRIL...?'' , Wah boten semereb Gusti boten nate du ulangi kok di takok no , '' AYO MIKAIL,,,MIKAIL OPO IL...?'' , Boten semereb Gusti, ''AZAZIL...AZAZIL...'' , wah boten semereb Gusti ''OPO DAM,,,,OPO DAM...?'' , Linggis Gustiiii..... , ''SERATUS ADAM'', Di tangkletti sembarang kalir njih saget poro sederek soale bengine dipun wulangi . Baru Gusti Allah ngendiko , 


 Poro pemaos ingkang minulyo:
Sak sampunipun ngoten Gusti Allah ngendiko ''MALAIKAT AYO DI AKONI CORO GENTELMEN, AKU GAK ATIK PILIH KASIH, SOPO SENG PALING PINTER DI ANTARA ANDA SEKALIAN...?'' Adaaammm Gustiiiiii........ Nah pun dados undang-undang sopo seng paling pinter di angkat dadi komandan malaikat genteni Azazil , ''AYO SUJUD KABEH NING ADAM'', Sak anane malaikat siiiiaaaap graaaak sujuuuud , Ono sitok malaikat seng boten purun sujud ,,sinten...? (FASAJADU ILLA IBLIS) , Alias Azazil, 

''AZAZIL AYO SUJUD NANG ADAM'' , Boten Gusti , nek kulo di kengken sujud ten panjenengan Siiiap Gusti , TAPI nek ten adam kulo boten purun Gusti , la nopo kulo pinter mulyo ,adam cilik tasik dek wingenane , ''HE AZAZIL IKI PERINTAHKU LO'' , Gak perduli perintahe panjenengan moh yo moh Gusti , ''LOH AWAKMU GAK GELEM TEMEN AZAZIL,AWAS NEK GAK GELEM AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BAKAL TAK SEKSO NANG NEROKO KABEH.'', Kulo teteb boten purun Gusti, langkung Sae kulo mlebu neroko timbang di kengken sujud ten adam, (Gusti Allah muring-muring) , ''O IBLIS KI, AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BLEK KEDUWEK TIBO TUMPLEK BAKAL TAK LEBOKNE NEROKO KABEH TITIK'' .

Nah akhire neroko pun enten penduduk e , Azazil niku dados ''IBLIS'', La iblis niku BABONANE SYETAN, dadose syetan syetan niku sedoyo anak e Iblis, Sampun saget Bedakne antarane JIN kalih SYETAN , la iblis niku sinten ...? Iblis niku Anak an JIN seng di beto malaikat nalikane tasik alit , Nah yen anak an JIN sampek sakniki nek kelakuane apik tasik saget mlebet suargo, TAPI yen anak an Iblis seng di arane Syetan syetan niku boten saget mlebu suargo

Iblis nalikane di CAP kalih Gusti Allah mlebu ten neroko sak anak turune langsung jaluk kesempatan ten Gusti Allah , ''Gusti kulo siap mlebu neroko sak anak turun kulo tapi ngentosi dino kiamat Gusti, ''O NGUNU TO YOWES , AWAKMU SAK ANAK TURUNMU TAK DUNNO NANG BUMI KOYO KONCOMU JIN KABEH , BESOK YEN WES DINO KIAMAT ANAK TURUNMU KABEH TAK LEBOKNO NEROKO'' , Gusti allah kulo pun ngerti , adam benjing panjenengan dunne ten bumi , niku jelas kulo pun ngertos, panjenengan titeni Gusti benjang anak turune adam seng di arani menungso-menungso tak orat-aritno, tak cegat teko ngareb,mburi ,samping, gak kiro ono manungso seng iso kelakuane apik, buktikan nek boten percoyo'' , AWAKMU SUMBAR YO IBLIS...?'' njih Gusti , ''AKU YO SUMBAR'' , sumbar nopo panjenengan Gusti...? ,,''BESOK SAK PIRO AKEHE KESALAHANE ANAK ANE MENUNGSO, ASAL GELEM MANGAP CANGKEME JALUK SEPURO NANG AKU, GAK PERDULI SAK PIRO AKEHE DUSO TAK SEPURO KABEH

Niku critone ten Al-Qur ane ngoten niku, Pun Azazil di ubrak medun ten bumi podho kalih kancane jin-jin asale, Azazil dados Iblis, wuuuah Dumadak an lakok gawe keraja'an seng guede nang pucuk e gunung, juangkrak manak boten karu-karuan namine syetan syetan, Pun mulai saget bedakno MALAIKAT niku sinten , JIN niku sinten , syetan niku sinten...?
La GENDRUWO NIKU SINTEN. TUYUL NIKU SINTEN.....? 



Poro pemaos ingkang minulyo:
Wonten crito sak derenge sampun dipun critakno sinten niku MALAIKAT , sinten niku JIN , lan sinten niku SYETAN , La sak niki GENDRUWO niku sinten.TUYUL niku sinten...? ngeten poro pemaos : Syetan niku naliko di PERCOYO, nah kepercaya'an niku ibarat sami kalih kulkas, tegese Kulkas niku asale anyeb di bekukan saget dados ES, Anyeb niku enten tapi di cekel boten kenging, tapi yen Es di damel ngantem panjenengan kenging, La es niku pembekuan saking anyeb, ANYEB koyo syetan La Es niku koyo GENDRUWO, banyu niku koyo SILUMAN TUYUL lan sak piturutte

Dadose panjenengan yen percoyo ten gene syetan syetan niku membeku, membeku malih dadi es koyo syetan dadi gendruwo, sebab niku ati-ati lho ,yen ono tuyul nyolong duwet , seng salah sopo ..? awak e dhewe, sebab syetan niku boten gadah kemampuan gudho manungso secara fisik, syetan namung saget gudo coro ati, manggene ten nafsu mriku ,ngajak-ajak bisikan syetan , yen panjenengan percoyo percoyo syetan saget membeku dados tuyul saget nyolong duwet,
Nah kepercaya'an niku dados AURA , getaran-getaran kanggo tumpak an syetan malih iso nyolong duwet, Supoyo ilang carane koyok nopo..? OJO DIPERCOYO MANGKE ILANG DHEWE

Hazow kadang niku enten wong tuo ngomong ten gene anak e, wit ringin kunu ono gendruwone, la wong-wong percoyo , PERCOYO nikilah seng saget bekok aken (beku) syetan ,kados delok TV bal balan ten INGGRIS katok ten jero kamare panjenengan, hazo nopo bal-balane ten mriku...? boten,,,,,Gendruwo njih ngoten , panjenengan katok gendruwo ten wit ringin, asline boten ten mriku , kados delok TV wau lo njih, la supoyo ilang BOTEN usah di PERCOYO, mangke ilang dhewe

SAMPUN WANGSUL MALIH TEN TOPIK ,
Poro pemaos ingkang minulyo , Nabi adam tasik alit di angkat dados komandane malaikat, sijining dino Nabi Adam kaliah Gusti Allah dijak ten suargo,namine bucah cilik poro sederek ,semereb suargo dang apik e setengah mati, njih langsung dulinan wae, bareng nabi Adam katok e kok krasan Gusti Allah negndiko , ''ADAM..'' , Wonten dawuh Gustiii , ''AWAKMU KOK KRASAN NANG SUARGO'' , njih Gusti seneng kulo , ''GELEM DAM AWAKMU TAK DADEKNE PENDUDUK E SUARGO'' , Njih Gusti matur kasuwun gusti menawi suargo di paringaken dateng kulo, kulo pek e suargo sak anak turun kulo Gusti , ''NEK AWAKMU GELEM DAM SUARGO PEK EN'' , Matur kasuwun Gustiii , ''DAM TAPI ONO LARANGANKU SIJI LO DAM'' , (Niki prosese nabi adam ajenge di dunke ten bumi Gusti Allah damel sandiworo) , ''Larangane nopo Gusti...?'' , ''POKOK E SAK SUWARGO PEK EN KABEH, TAPI MEK SITOK TOK SENG TAK LARANG'' , nopo...? ''OJO PAREK-PAREK UWIT SITOK IKI YO'' , gusti seng di larang namung sitok niku..? , ''IYO'' , kabeh di olehe Gusti..? ''IYO , PIYE....?'' , siiiap Gusti kulo boten bakal parek-parek uwit sitok niku,kulo pun ngerti larangane panjenengan, ''YOWES SUARGO PANGGONONO PEK EN KABEH SENG ONO NANG KUNU'' , njih matur kasuwun Gusti Allah


 Poro pemaos ingkang minulyo:
Nabi adam ten suargo sak wulan rong wulan telung wulan gak duwe konco, jajal panjenengan krasan nopo boten kiro-kiro ten HOTEL HYATT seng paling SAE tapi dewek an plonga-plongo, turu-tangi-mangan-ngombe-turu-
tangi-mangan-ngombe trus ngoten njih boten krasan ,,,njih boten.....?, Nabi Adam njih ngoten plonga-plongo ngelamun mergo boten gadah konco,Lajeng Gusti Allah sumereb Nabi adam plongak-plongok di tangkleti ,, NYAPO DAM KOK NGELAMUN'' , Gusti boten enten rencange dewek an, boten enten ingkang dijak omong-omongan , ''LO AWAKMU BUTUH KONCO TAH..?'' , njih Gusti , ''KENE MAJU RENE TAK CEKELI IGOMU'' , Igo seng sebelah tengen niku di cekel di tarik sreeet copot di banting jreeet, Igone Nabi Adam dados makluk seng UAYUNE setengah mati , wadon seng ayune dudu-dudu, Namine IBU HAWA ,

Nah sampun sumereb critane IBU Hawa, ibu Hawa niku asale saking Igone Nabi Adam jare critone ten Alqur'ane, Ibu hawa ayune setengah mati tasek perawan tir-tir ,nabi Adam guantenge dudu-dudu, wong gantheng pethuk wong ayu koyo nopo kiro-kiro, langsung ajenge di tubruk mawon , '' LHO...LHO...KOK ISO DI TUBRUK WAE'' , Gusti kulo Cinta , ''NGERTI CINTA BARANG SENG NGULANGI SOPO, AYO DI NIKAHNO KENE SEK'' , Akhiripun Nabi Adam di nikahno kalih Ibu Hawa ,,,,,Mpun nabi Adam lan Ibu Hawa ten manggen ten suargo,

Ibu Hawa ayu rupane pun dados kebiasa'an yen wong ayu niku biasane beling (njih boten), Ibu Hawa njih ngoten di kandani boten kenging, ngeluyur sak geleme ten pundi-pundi lakok suwe-suwe parek -parek kalian UWIT Seng di larang kalih Gusti Allah niku wau, Nabi Adam semerep bojone parek-parek lakok boten di eilingno, lajeng Ibu Hawa ngomong ,,''Tak incipane enak iki mergo di larang , nek gak enak gak mungkin di larang'' , Lakok Nabi Adam malah , ''OJO AKEH-AKEH'' , Pun niki blahi poro sederek, akhire kalih Ibu Hawa dipek temenan lajeng di incipi ''KOK ENAK-ENAK'' , lakok Nabi Adam mergo Cinta LUPA DARATAN, Tiyang nek kadung cinta lak njih ngoten to njih...?

Nabi Adam njih melu nyicici, Akhiripun blai poro sederek Nabi Adam kenging PERKORO, Gusti Allah langsung muring-muring ngendiko , ''DAM....AWAKMU MELANGGAR LARANGANKU YO DAM'' , Sepuntene Gustiii , ''TIDAK ADA SEPUNTEN, SUWARGO GAK KENEK DI PANGGONI WONG SENG MELANGGAR LARANGANKU'' , Sepunteen Gustii....., ''TIDAK ADA SEPUNTEN-SEPUNTEN,RUNGOKNO DAM , ANAKMU SAK ANAK TURUNMU, BLEK KEDUWEK TIBO TUMPLEK TAK LEBOKNO NEROKO KABEH''

Putusane Gusti Allah , Nabi Adam sak anak turune bakal di lebokno neroko, niku keputusan ingkang boten saget di tawar lagi, TAPI Nabi Adam boten SAMI kalih IBLIS, Iblis di usir saking suargo mengkerik nantang perkoro, sombonge boten ilang , Tapi Nabi Adam boten, di usir saking suargo NANGIS poro sederek boten meneng meneng, isuk nangis , sore nangis , bengi nangis , La namine Gusti Allah MAHA PENGASIH MAHA PENYAYANG di tangisi lakok kalah boten mentolo (boten tego), Nangise nabi Adam ten Al-Quranipun ''ROBBANA DHOLAMNA ANFUSANA WAILAM TAGHFIRLANA WATARHAMNA LANA KUNANNA MINAL KHOSIRIIN''


 Poro pemaos ingkang minulyo:
Nabi Adam rinten dalu nangis kalih nyuwun sepuro ten Gusti Allah ''ROBBANA DHOLAMNA ANFUSANA WAILAM TAGHFIRLANA WATARHAMNA LANA KUNANNA MINAL KHOSIRIIN'' , Gusti dos pundi nasib kulo sak anak turun kulo, menawi boten di sepuro Gusti bakal dados tiyang ingkang ciloko sedoyo, Ditangisi-di tangisi , ojo maneh Gusti Allah , kulo panjenengan niki yen enten tiyang nangis mawon boten tegoan njih boten....? Gusti Allah njih ngoten , di tangisi lakok boten tego , ''DAM KOK NANGIS TERUS DAM'' , njih Gusti Allah kulo bakal nangis terus boten meneng-meneng yen dereng panjenengan sepunten duso kulo Gusti , ''WES KENE DAM KENE TAK KANDANI'' , (Tapi niki sedoyo sampun sandiworone Gusti Allah poro sederek, supoyo nabi Adam kersane medhun ten bumi, dengan alasan macem-macem coro, soale Nabi Adam pun Calone penduduk bumi mpunan)

Gusti Allah ngendikan ''DAM IYO DUSAMU TAK SEPURO'' , Gusti kulo panjenengan sepuro sak bojo kulo , ''IYO'' , Yen ngoten Gusti kulo lak saget balik mlebet ten suargo malih Gusti , ''ISO, , , TAPI ONO SYARATE DAM'' , Syarate nopo Gusti...? , ''ARANE WONG SALAH YO TAK UKUM WAE SEDILUK NANG BUMI'' , Bumi niku ten pundi Gusti...? , ''CILUUUIIK NANG NGISOR KONO , NANG NGISORE LAPISAN LANGIT PALING NGISOR'' , ten bumi la nopo Gusti...?'' , ''NANG BUMI NGLAKONI PERINTAHKU NINGGAL LO LARANGANKU, WES SEDILUT WAE DI BANDING AWAKMU BAKAL URIP MILYARTAN TAHUN, NALIKANE NANG BUMI AWAKMU SAK ANAK TURUNMU GELEM MANUT PERINTAHKU SENG DI ARANI AGOMO-AGOMO, GELEM NINGGAL LARANGANKU , AWAKMU SAK ANAK TURUNMU ISO BALIK NANG SUARGO SAK LAWAS-LAWASE NANG KUNU , TAPI TITENONO LO DAM , YEN AWAKMU SAK ANAK TURUNMU NALIKANE MEDUN NANG BUMI GAK GELEM NURUT PERINTAHKU, AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BAKAL TAK UKUM NANG NUSAKAMBANGAN SENG ARANE NEROKO, PIYE ADAM...? Njih pun siiiiaaaap gustiii, kulo tanda tangane ,

Nabi Adam didunke ten bumi kalih Ibu Hawa akhire dados kulo panjenengan sedoyo niki, tapi critone medun bumi sak crito malih niki poro pemoas, prosese dowo, damel body , damel nafsu , damel akal lan sak piturute ngoten niku , menawi dipun critakne malih malah kedawan , dadose seng paling PENTING , Kulo lan panjenengan sedoyo niki UJIAN lo , LULUS MLEBU SUARGO GAK LULUS MLEBU NEROKO, umah kito niki ten suargo poro sederek , boten ten DUNYO niki, nduyo niki namung mampir ngombe, sementara kito sedoyo niki bakale sedo, milane yen ajenge sedo ojo kakean polah.

TUGAS kito niki namung kalih : SIJI NGUMPULNO GANJARAN , KALIH NGUMPULNO DUSO , siji ngumpulno keAPIKan ,kalih ngumpulno kaELEKan, Undang-undang ten Al-Qur'ane sinten benjing di total katah APIK e suargo panggonane , Akeh ELEK e neroko panggonane, JERU CETHEK E NEROKO NE MENUNGSO GUMANTUNG AKEH SAK ITIK E KA ELEK ANE MENUNGSO , Elek e tambah nemen nerokone tambah jeru , DUWUR ENDEK E SUARGO MANUNGSO GUMANTUNG AKEH SAK ITIK E GANJARAN SENG DI GOWO TEKO ALAM DUNYO , Ganjarane uakeh suargone DUWUR , ganjarane sitik suargone endik-endik an.

Panjenengan ganjarane sak itik trus mlebet suargo , suargone njih elek, La suargo niku boten berubah poro sederek , bermilyart-milyart tahun nek jenengan kelas gangsal, boten saget dados kelas enem kelas pitu , amergi suargo niku gawan saking dunyo , SEJE nek panjenengan ganjarane sak pirang-pirang, dadak an mlebet suargo , suargone njih apik e setengah mati ,Benjing tiyang yen sampun mlebet suargo niku sedoyo getun boten enten seng boten getun amergi nopo....? 



Poro pemaos ingkang minulyo:
Panjenengan ganjarane sak itik trus mlebet suargo , suargone njih elek, La suargo niku boten berubah poro sederek , bermilyart-milyart tahun nek jenengan kelas gangsal, boten saget dados kelas enem kelas pitu , amergi sua
rgo niku gawan saking dunyo , SEJE nek panjenengan ganjarane sak pirang-pirang, dadak an mlebet suargo , suargone njih apik e setengah mati

Benjing tiyang yen sampun mlebet suargo niku sedoyo getun boten enten seng boten getun amergi nopo....? KURANG DUWUR, kulo panjenengan SEMPAT DUWURNE SUARGO ,tapi kenging nopo kok boten kito duwurno ,
=> ''Nyapo yo biyen aku duwe pitek sepuluh kok gak tak dol limo, umpomo tak dol limo dang tak tukokno semen oleh limang sak ,dang tak wehno nang masjid, lak suargo seng apik bakal keduwe aku.......sayang pitek sepuluh tak tinggal mati di sembeleh ponak anku dipek, kapok'' 
=> hazow , , , , wong-wong katik duwe gelang kalung anting-anting , benjing ten suargo gethun , ''Nyapo yo biyen gelang kalung anting-antingku gak tak dol tak tukokno semen tak sedekahno nang langgar masjid, dah neo suargo seng uapik iku lak yo keduwe aku,sayang wes kadung mati gelang kalung anting-anting ku dipek anak / ponak an ku kabeh''
Kesempetan kulo panjenengan niku DUWURNE SUARGO SAGET, tapi kenging nopo kito niki kok boten purun........?

Kekaya'an benjing ten suargo niku dalane liwat nopo........?, nopo sembahyang , nopo poso , nopo wiritan, nopo sedekah...?, ngeten poro pemaos , kulo KANDANI OJO KONDO-KONDO  , Nopo..? kaya raya ten suargo niku seng paling uakeh gak ono ngungkuli , gara-gara duwe anak , trus anak e di sekolahno di ngajekno dengan tujuan golek ganjaran, nyekolahno anak yen tujuane pinter ngaji AGOMO , niku tiap-tiap sak jam podo karo wiritan setahun, lalek 3jam pun 3tahun , seng duwe ganjaran pakne bok ne , La nek anak e seng boten sekolah tujuan agomo , benjing niku nelongso kelongkongan tangisan, yen saget niku wani duwe anak ,kudu wani minterno anak agomo, soale nopo...?

Poro pemaos ingkang minulyo:
Kepinteran niku macem kalih , enten kepinteran seng saget di manfaatne ten dunyone tok , tapi njih enten kepinteran ingkang dipun manfaatne ten dunyo lan akhirat, CONTONE kepinteran seng di manfaatno nang dunyo niku nopo..? , pinter nukang kayu , sekolah nukang kayu, la pinter niku boten saget ilang, sampek milyartan tahun akal boten saget lali, dadose urip pinter nukang kayu njur mati mlebet suargo ,benjing ten suargo njih tasik pinter nukang kayu, tapi pinter nukang kayu ten suargo boten enten gunane mergo nang suargo boten enten kursi bujat, Pinter dandani sepeda montor, pinter niki boten saget ilang, bahkan lali benjang niku saget eling maneh ten rekaman otak niku , sampek mlebet suargo tasik pinter dandani sepeda montor, tapi pintere dandani sepeda montor niku benjing ten suargo boten enten gunane , mergo nopo..benjang ten suargo boten enten sepeda montor bujat

La trus seng enten manfaate niku nopo , njih meniko seng di arani AGOMO, sekolahan niku macem kalih lo, enten sekolahan seng tujuane kanggo ten dunyo, enten sekolahan seng tujuane slamet ten akhirate, golek ganjaran, poro pemaos , KA'BAH niku watu ,BOROBUDUR niku njih watu lho, ojo di anggep podho watune ach, ka'bah niku watu kasar-kasar tapi BAROKAHI yen di grayangi , tapi yen borobudur.......?, panjenengan grayangi malah saget dados kemusyri'kan , njih boten...?

Milane yugane kedah dipun sekolahaken ten madrasah , syukur-syukur dipondok aken, niki serius lho , suargo duwur niku mergo anak, anake kedah di usahakne pinter ngaji ,syukur-syukur angsal ijazah negri, iso dadi pulisi , iso dadi kyai , iso ngimami, . DADI kulo panjenengan saget sugih ten suargo niku mergo anak.

NB: ALHAMDULILLAH sampun rampung pembahasanipun , mugi-mugi sagetto beto manfaat barokah khususipun kagem kulo lan umumipun kagem panjenengan sedoyo, menawi enten lepat lan tulisan-tulisan ingkang klintu ,kulo nyuwun agungipun pangapunten njih......!!!!

Rabu, 23 Oktober 2013

DUNGO SHOLAWAT LIMO

Bismillah

=> ORA ONO KODRAT ,TAKDIR SENG ISO DI RUBAH KEJOBO NGANGGO DUNGO,

Milane monggo SAMI DEDUNGO Kanti SHOLAWAT limo , monggo sami-sami dipun WAOS kagem sedanten mawon


Yaa robbi bil-Mustofa balligh maqooshidanaa
Waghfirlanaa maamadho yaa waasi'al karomi

Maulaya sholli wassallim daiman abada
Ala habibika khoiril kholqi kulli himi

Huwal habiibbul-ladzi turjaa syafaa'atuhu
Likulli haulin minal ahwali muqtahami

Ya Arhamar Rohimin Yaa Arhamar Rohimin
Yaa Arhamar Rohimin FArij ‘alalmuslimin

Ya Alloh Ya Alloh Ya Rohimal mu’minin
Shallallahu Robbuna Ala Nuril Mubin,
Ahmadal Mustofa Saiyyidil Mursalin,
Wa Ala Alihi Wa Sohbihi Ajmain


NB : Niki ijazah sholawat saking Almarhum Gus dur , Gus dur angsal saking haddrotul syech hasim ashari => kyai bisri syamsuri => kyai wahab hasbulloh

NGILANGI ELEK TEN DUNYO NIKU LUWIH GAMPANG

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Gusti Allah niku yen seneng kalih tiyang , umpami enten tiyang gadah elek niku  Elek Di bongkar, kersane boten elek trus akhire di dudohno elek e, ''NGILANGI ELEK TEN DUNYO NIKU LUWIH GAMPANG TINIMBANG NGILAK I ELEK TEN AKHIRAT BENJANG'' , Elek ketok elek niku LUWIH APIK ketimbang elek ketok apik, CONTO : Panjenengan pilih pundi , ONO TELEK MAMBHU BASIN , KALIH TELEK MAMBHU PANELI....?, seng jelas pilih telek seng mambhu asli basin , soale yen telek kok mambhu paneli katik rasa coklat niku bahaya njih boten,,,,klira kliru wae ,,, ra ngerti ono telek di emut wehehe, dadose kulo panjenengan niku ELEK ketok elek e niku SAE ketimbang ELEK ning ketok apik e , njih boten...?

Sa'niki langkah kito kados pundi....?
Pesenne gusti Allah , ojo bingung-bingung, gusti Allah teteb maringi solusi, WES DANG ISTIGHFAR ,DANG DI RESIK I SALAHMU nek salah kalih Allah yo dang dunungan kalih Allah , nek salah kalih menungso yo dang dunungan kalih menungso, yen kito sampun resik-resik dusane , mangke atine saget AYEM / ADEM, nyambut gawene gampang , senajan boten sugih nemen ning boten angel-angel yen nyambut damel, lajeng anak turune apik-apik,

Urib ten dunyo niku kados tiyang mlaku ten dalan , wes ati-ati kebreset kejegur GOT jibrat linet awak e, lalek sampun kados ngoten boten usah kok ''TENGER-TENGER TEN PINGGIRE GOT'' Njih dang ADUS ngoten mawon , mangke nek tenger-tenger ten pinggire got malah GARING angel klintek-klintek ane, Gusti Allah boten butuh tenger-tengere, tapi gusti Allah butuh PERUBAHANE

Njih sampun Ampun dhowo-dhowo ,mugi-mugi mawon enten manfaate

TIYANG SAE



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Gusti Allah niku seneng kalih wong seng apik , la wong apik niku nopo...? wong apik niku wong seng iso ngapik i wong ELEK <== Niku wong apik , nek ngapik i wong apik niku akeh wong iso , ngapik i wong elek niki yen boten ASLI wong apik boten saget, kados ''UYAH'' uyah niku asin , la wong-wong niku ngarani uyah asin mergo uyah niku di asini teteb asin , boten di asini njih teteb asin pancen asli asin, soale benjang ten akhirat niku seng payu njih seng asli, panjenengan niku wong apik nopo wong elek ngerti dewe, Panjenengan nek di satru kok teteb ngancani , di medhitti iso teteb nglumani la niku panjenengan asli apik

Wong apik niku wong seng iso ngapik i wong elek , milane wong apik iku butuh wong elek, kanggo nopo...? njih kanggo buktekno apik e, njih boten...? Panjenengan kapan saget di arani wong apik nek durung iso pethuk wong elek,mulane wong elek niku sangat berjasa kagem kito kanggo buktekno apik e kito ten ngarsane gusti Allah, milane kyai-kyai biyen nek di elek i wong , seng ngelek-elek niku malah di jalukne supuro ten gusti Allah mergo di anggep dewek e sampun berjasa, faham nopo boten niki...? wehehe

CONTO: Yen ono wong lanang duwe bojo crewet , yen seng lanang saget sabar niku mangke bade angsal ganjaran seng uageng sangeeet, la berarti wong wadon crewet niku ngangkat derajate wong lanang seng biasa-biasa tapi gadah ganjaran seng luar biasa, milane wong lanang seng FAHAM niku sueneng duwe bojo crewet wehehe , Yen ono wong kalih elek kok ngamuk njih pancen wong niku dereng saget apik....

WONG KARO WEDUS IKU AREB LARANG WEDUSE



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah

Poro pemaos ingkang minulyo:
Kanjeng Nabi dawuh ''WONG KARO WEDUS IKU AREB LARANG WEDUSE'' , Milane enten tiyang niku ngrumat anak kalih ngrumat wedus seneng ngrumat wedus , naliko di dungakne ''NDUK-NDUK TAK DUNGAKNO WEDUSMU TAMBAH AKEH NDUK..'' Jare Amiiiiin,,,amiiiiiin mbah (bungah semangat), bareng di dungakne ''NDUK-NDUK MUGO-MUGO ANAKMU TAMBAH AKEH'' ngunu iku boten Amiiin o', jare malah E' mbah ngomong opo....!!! wehehe tibak e duwe anak kalih duwe wedus niku seneng duwe wedus, sampek nek enten tiyang weduse akeh niku jarene bejo, jarene ''SAMPEAN IKU BEJO NAK WEDUS MU AKEH'' tapi nek anak e akeh jare ''SAMPEAN SENG SABAR YO NAK CUBO, ANAKMU AKEH IKU CUBO''......(Duwe wedus akeh BEJO duwe anak akeh CUBO) njih boten...?

NIKI ketok e remeh tapi niki BAHAYA , nek wes tiyang sepah ngrumat anak boten pati semangat , benjang bakale anak ngrumat tiyang sepah njih boten semangat, padahal urib ten dunyo niku gentian, sa'niki wong tuo ngrumat anak dilut engkat anak ngrumat wong tuo, Kadang-kadang wong tuo niku enten seng ngomong ''TITENONO BESOK AKU NEK WES TUO ORA BAKAL GANGGU ANAK , AKU AREB URIB DEWE'' wonten njih tiyang sepuh seng bejo ngoten niku...? , La niku tuwo anyaran ...mangke nek pun tuo tenan njih boten mantun bejo ngoten ,trus akhire ''AKU MELU SOPO....???? AKU MELU SOPO....?'''

Eh....Eh....Anak limo dang rebutan, ''MELU AKU WAE BUK, OJO MELU LIYO-LIYO , MELU AKU WAE , NEK ONO DULUR-DULUR PINGIN PETHUK SAMPEAN BENNE DULAN NANG GONKU BUK'' , Seng sithok e njih ngoten '' MELU AKU WAE BUK'' , dah neo senenge di gawe rebutan anak, DAHNE nelongsone ono ibu ngomong ''AKU MELU SOPO.....AKU MELU SOPO.....?'' , Anak limo dang meneng kabeh podho wedi di elok i, malah ono seng ngomong siji wae ora uenak ''MELU SOPO-SOPO KUNU KENO BUK WONG YO ANAKMU AKEH KOK BINGUNG , POKOK E OJO MELU AKU'' ,Milane yen enten tiyang sepah ngrumat anak boten semangat / boten bangga , bakale katah enten anak ngrumat wong tuo njih boten bangga,





Poro pemaos ingkang minulyo :
Ngrumat anak niku ngrumat Bangsa, ngrumat anak niku guede ganjarane amergi ngrumat anak niku ngrumat UMATE KANJENG NABI MUHAMAD SAW, Senenge panjenengan niku boten enten napa-napane di banding senenge kanjeng nabi ten umate, La anak e panjenengan niku umate kanjeng Nabi ,dadose senenge wong tuo ten anak niku boten kados senenge kanjeng Nabi ten umat, kanjeng Nabi gerah sangeeet bade kapundhut niku ingkang di eilingi njih umat, Milane nyeneng no anak niku seng seneng riyen kanjeng Nabi , la panjenengan nyusahno anak niku ingkang susah disek njih kanjeng Nabi , sepiro gedhene dusane gelakno kanjeng Nabi, ojo di anggep remeh , panjenengan masak nyukani daharan yugo alit-alit niku ngrumat umate kanjeng Nabi , piro gedhene ganjarane nyenengno Kanjeng Nabi

Milo ojo beban nemen yen ngramut anak niku ,kedah SENENG soale kok di titipi umate kanjeng Nabi, ojo ngasi nyusahno ten anak , di niati nyenengno umate kanjeng nabi , nyeneng no umate kanjeng Nabi di niati nyenengno kanjeng Nabi ,nyenengno kanjeng Nabi nyenengno Allah , niki kadang-kadang kulo panjenengan boten pati mikir njih boten..?, kadang anak di sentak i , di sendhul , di jiwer...Lan liyo liyane

=> Lajeng ngrumat WONG TUO niku njih seng bangga,ngrumat wong tuo niku ngungkuli perang, ''enten sohabat matur'' KANJENG NABI IBADAH NOPO SENG PALING SAE , jawabpe kanjeng Nabi ''SHOLAT'' , nopo malih ..? ''NGRUMAT WONG TUO'' Lajeng nopo malih...? ''PERANG'' , milane kanjeng Nabi setiap bukak pendaftaran pasukan perang, niku kanjeng Nabi tangklet , ''AWAKMU GAK DUWE WONG TUO..?'' Gadah..., ''WES PAMIT WONG TUAMU..?'' , dereng....!!!! , ''MULEEH....PAMIT SEK, MENGKO NEK WONG TUAMU NGIZINI DANG RENE TAK TUNGGOK I, NEK WONG TUAMU GAK NGIZINI GAK USAH RENE ,AWAK MU NGRUMAT WONG TUAMU IKU WES NGUNGKULI PERANG''

Poro pemaos ingkang minulyo :
Ngrumat wong tuo kok ngungkuli perang...? NJIH.....!!! Anak kok ngremehne wong tuo , anak iku areb duwe turunan-turunan seng atine elek, La ngoten niku di pondok no njih saget ngaji , tapi atine teteb elek, di sekolahno teteb pinter tapi atine teteb elek , akhire ngebek i dunyo , opo artine perang sampek menang tapi negoro di isi wong seng atine elek, boten enten artine...boten enten artine merdeka nek akhire di isi wong-wong seng atine elek,
NJIH NOPO BOTEN......? Wehehe

NB : Njih sampun mugi-mugi saget manfaat tumrap kulo khususe lan panjenengan umume

Minggu, 20 Oktober 2013

Syi'ir AYO-AYO



MONGGO SHOLAWAT

~♥~ Judulipun AYO-AYO~♥~

Bismillahirrahmanirrahim,,,,,,,,,

ALLOHUMA SHOLLI WASALIM ALA
SAYIDINA WAMAULANA MUHAMADIN
ADAMDAMA FI'ILMILLAHI SHOLATAN
DAIMATAN BIDA'WAMI MUQILAHII

Ati-ati iki zaman ne wes akhir
Nyambut gawe iku kudu di pikir
Ojo mung seng di pikir nemune hasil
Tapi halal opo kharom ora di pikir

Ayo ngaji mumpung waras ojo wegah
Mergo ngaji luru ilmu mulan berkah
Urib iku ora suwe bakale mati
Mulo ayo podho golek sangune mati

Dawuhe nabi lanang wadhon wajib ngaji
Kabeh ngamal tanpo ngaji ora dadi
Podho ngaji seng sregep mangkate
Drajat luhur dunyo lan akhirate

Ayo-ayo podho sembahyang seng ajek
Limang wektu dilakoni kanti teteb
Ayo podho anggone podho sembahyang
Supoyo matimu inthuk dalan padang

ALLOHUMA SHOLLI WASALIM ALA
SAYIDINA WAMAULANA MUHAMADIN
ADAMDAMA FI'ILMILLAHI SHOLATAN
DAIMATAN BIDA'WAMI MUQILAHII

0-1-2-3~♥~AKHIRE MBALIK MANEH~♥~3-2-1-0



0-1-2-3~♥~AKHIRE MBALIK MANEH~♥~3-2-1-0

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
⇉ Senengono sopo wae sak karebmu tapi awakmu bakal pisah karo seng bok senengi , seneng bojo njih bakal pisah , seneng wong tuo njih bakal pisah , seneng anak njih bakale pisah, sopo wae seng kito senengi bakal pisah,
Wonten tiang sepuh ngendikan : Wong iku asale NOL , bakdo nol trus SETUNGGAL ,bakdo setunggal trus KALIH, bakdo kalih trus TIGO , bakdo tigo niku trus balik KALIH malih trus SETUNGGAL malih trus NOL malih

Kulo jenengan niku asale boten enten NOL (kosong) trus lahir rupo bayi cilik ngoten, gedhe-gedhe trus akhire kepingin bojo , bareng duwe bojo berarti SIJI dadi KALIH ,seneng-senenge kalih bojo trus dolanan wae akhire metu anak e ,malih dadi TIGO yakni ''KITO,BOJO,ANAK'' , anak niku cilik kawitane lajeng di terusno dadi gedhe ,bareng dadi gedhe trus metu soko ngumah / rabi ,dadose balik malih dadi KALIH , kalih mangke salah siji saking kito (bojo) pejah ,akhire dadi SETUNGGAL , setunggal suwi-suwi boten dangu SEDO akhire NOL ,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sampek enten tiyang niku ajenge damel kuburan kanggo keluargo , lak enten to njih ..? tujuane . E urib kumpul ,mati cik e iso kumpul maneh, panjenengan iso gawe kuburan keluargo niku PALING namung iso ngumpulno kuburane sampean bojo anak ,mangke putu pun boten saget , wong putune sampean niku njih putune besan ,mengko besane sampean dang gawe kuburan keluarga pisan mosok di tugel heee...
''ALHAMDULILLAH poro sederek , kepinginan kulo jenengan pingin kumpul bojo kumpul anak kumpul putu niku kok sami kalih rencane Gusti Allah ,Allah njih kagungan rencana kulo jenengan niku bade di kumpulaken sak keluargo, kanggo nyempurnak no kenikmatan

''wong mukmin duwe anak turun mukmin , duwe putu mukmin, senajan kuburane nyebar nang ndi-nang ndi ra opo-opo tak kumpulno maneh'' boten usah ngentosi ten suargo ,ten alam barzah niku pun di kempalaken , La kuburane adoh-adoh mosok iso kumpul......?????
Njih sageet, kulo jenengan niku yen kepingin ngumpulno pripun carane......???



Poro pemaos ingkang minulyo:
Kulo jenengan niku yen kepingin ngumpulno RUH niku boten perlu pepet / mepet, ruh niku boten enten adoh boten enten idhek , Ruh niku mirip ati tegese ati niku ''Uadoho koyo opo nek cocok njih idek , Uideeek o koyo opo nek boten cocok njih adoh'', milane enten tiyan omong ''SAMPEAN KARO DULURMU JAKARTA ADOH OPO CEDAK'' yo cedak bel-belan trus , ''LA DULURMU SENG KENE IKI..?'' , adoooh , wong pethuk wae ra ngomong , Lak enten to tiyang ngoten niku...?

Ati niku mirip Hp , Hp niku boten enten adoh boten enten cedak,uadoho koyo opo nek nomere cocok njih nyambung ,Ono hp iku di gendheli karet di gathuk ne ning nomere kliru njih boten nyambung, milane kulo jenengan niku yen kepingin nyambungno hp niku ojo sibuk gendheli karet tapi sibuk nyetel nomer ,kulo jenengan niku yen kepingin kumpul RUH he keluargo ojo sibuk jejerno kuburan, jejere kuburan niku boten jaminan ,

PETHUK IKU PETHAL , PETHAL IKU PETHUK :
Kulo panjenengan niki lak sami pethuk anak pethuk bojo, la tapi pethal wong tuo (sedo), la kapan-kapan kulo jenengan niku petal anak patal bojo ,asline pethuk wong tuwo lan mbah-mbah e, Gusti Allah damel manungso niku enten-entenan, siyen urib ten kandungane ibu, la bolo-bolo seng ten dunyo podho ngenteni kapan kito lahir, akhire pun lahir di papak kalih bolo-bolo ten dunyo.la sakniki kulo jenengan sampun ten dunyo ,wes kenal kalih family-family ten dunyo, la family kito kan boten ten dunyo mawon ,njih enten seng ten alam barzah, tambah katah ten mriko , la niki pun ngenteni kapan kulo jenengan dang nyusul mriko, akhire kulo jenengan niku mati , coro alam barzar arane kelahiran yang ke dua, njih ruame ten mriko ketimbang ten mriki , ''kapan-kapan lak ngerti panjenenag'' wehehe

SENG PENTING NIKU NYETEL IMAN , milane saben sholat kito nyuwun ten Gusti Allah ''YA MUQOLLIBALKULUUB SABBITQOLBI ALADINIIK'' (YA ALLAH PANJENENGAN INGKANG MOLAK MALIK NE ATI , PANJENENGAN TETEB PAKEN ATI KULO TEN AGOMO PANJENENGAN''

Milane yen ono wong tuwo seng beriman , anak beriman , lan putu beriman , niku benjang MESTI pethuk, cuma mangke bedane niku ten mriki , wong apik niku di seleh ten taman suargo, la seng nakal-nakal niku di seleh ten jurang-jurange neroko, lalek bapak kalih anak kok bedo njih boten saget pethuk milane di kengken nyetel ,"QUU ANFUSAKUM WA AHLIKUM NAROO''



Yen ono wong tuwo seng beriman , anak beriman , lan putu beriman , niku benjang MESTI pethuk, cuma seng dadi masalah , obo mati langsung pethuk nopo pirang-pirang tahun lagek pethuk La niki poro sederek ,niki tergantung KEADA'AN , nek panjenengan pejah niku kok boten gadah masalah , urusan kalih Allah njih pun beres ,urusan kalih menungso njih pun beres ,utang yo wes di sauri ,duwe utang poso yo wes di qodho'i lajeng panjenengan sedo niku njih sampun BEBAS BEBASE BEBAS.
Mangke nek sampun bebas , kalih Gusti Allah di culno kluyuran nang ndi-nang di pun bebas, panjenengan nate ziaroh ten wali songo, niku namung pethuk kuburan-kuburan thok, benjang nek sampun ten alam barzah niku langsung pethuk kalih tiyange ,luwih sempurno ,

Lalek panjenengan sedo kok tasik gadah masalah ,DUWE UTANG barang ngoten, benjang obo mati ten alam barzah langsung di cekel kalih keamanan mriku lajeng di penjara (di tahan) mergo bermasalah , Gak di cul-col no ngenteni sidang benjang kiamat,njih danguuu, milane ''SAK SENENG-SENENGE NANG DUNYO BOTEN ENTEN APA-APANE DI BANDING SENENG TEN ALAM BARZAH , SAK SUSAH-SUSAHE TEN DUNYO BOTEN ENTEN APA-APANE DI BANDING SUSAHE TEN ALAM BARZAH, Niki berlaku kanggo wong biasa, wong mati sahiid njih teteb, kejobo duwe ANAK SENG SHOLIH LAN SHOLIKAH ,

Anak seng ngerti : CONTO : Mbiyen bapak e gadah utang , lajeng anak e purun nyauri ,niku wong tuo ten kuburan BEBAS Tanpo sidang, niki uenak e gadah anak seng SAE ,
IBU ne nate gelakno atine tonggo durung sempet njaluk sepuro wes kedisik an mati,masuk tahanan , anak ngerti dulan ten genne tonggo-tonggone ''BEK-BEK'' opo nak...?'', IBUK NEK SALAH KALIH JENENGAN BEK ONO KLIRU-KLIRUNE OMONG ,PANJENENGAN SEPURO BEK YO'' iyo nak...iyo tak sepuro...'' , ngoten niku efek ke ten mriko bebas tanpo sidang, Amergi anak niku sakjane njih kito kiambak , anak panjenengan niku PANJENENGAN seng nomer kalih , La putune panjenengan njih PANJENENGAN ingkang nomer TIGO, Di seleseikno anak niku njih sami kalih di seleseikno awak e dhewe,

Mulane dunyo niki remeh ,tapi boten kenging di remehno , amergi saget di damel nyetel nasibpe tiyang ten alam barzah, dunyo niki REMEH TAPI LARANG, dunyo niku BIBIT , bibit enak bibit loro niku njih ten dunyo niki, kulo panjenengan niku benjang mlebet suargo nopo neroko , niku setelane njih ten dunyo niki

NB: Alhamdulillah pun rampung BAB pe , enak e ganti topik nopo njih wehehe , nopo kersane sak kepikiran kulo mawon njih , ,,? nyuwun pandungane mawon kersane kulo sagetto istiqomah anggenipun posting njih.....Amiiiin

5 PERKORO


Bismillah Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Wonten gangsal (5) perkawis ingkang boten dipun sumerepi dening kawulo kejawi nanung Gusti Allah kiambak seng perso ,
Limang perkoro niki gak ono wong ruh kejobo gusti Allah dewe seng eruh , 5 perkoro niku nopo mawon....?

★ KAPAN TUMURUNE UDAN :
Niki boten enten seng eruh kejobo Gusti Allah kiambak , masalah udan niki boten kenging di ramal , badan metreologi jakarta mawon niku bola bali kecelek , biyen naliko cilik TV ne tasih ireng putih dipun ramal, jawatimur cerah ,delalah kersane ngalah bakul Es kadung kulak pirang2 godor es malah sedino ora terang, , Trus di salini ,mergo gak tau pener akhire di salini malih PERKIRA'AN CUACA (KIRO-KIRO) , trus di kiro-kiro , bakul dawet kadung ra bakul tempone malah panas , gak pas neh , sak iki di ganteni PRAKIRA'AN CUACA ( Sak urunge kiro-kiro) ,niki mawon njih boten nate pener, la niki pun kulo omongi poro sederek , bakale di salini maleh, bakale di salini GEK (Gek udan Gek ora karepe) , milanipun masalah udan niki boten kenging di ramal, mendung peteng ki mesti udan ''DURUNG MESTI'' Gusti Allah gawe angin lesus BAR gak sido, Njih boten....?

★ ingkang nomer kalih SENG DI KANDUT IBU INGAKNG LAGI HANGGERBINI / BOBOT :
Niku besok bayine lanang nopo wadon niki njih boten enten seng ngerti, biasane ibu-ibu niku yen bedhek , ''wah iku kok ibune kumut-kumut sok bayine lanang, mengko lek resik ngunu umunge wedok'' enten malih , mangke yen bobote bunder jarene wadon lek lincip lanang. La atrah gonne wong lanag iku lincip O' yo mesti ,njih boten wehehe ,niki biasane di bedhek ning njih boten nate pener,lawong bayi niku genne ten jero gek ANU ne di kempit nopo njih kethok....?

★ ingkang nomer tigo , KITO NIKI BENJING AREB NYAPO :
wehihi wes kadung semayanan karo pacare , ''SESOK AWAK E DHEWE DOLAN YO'' , wes kadung semayanan delalah jam 4 isuk oleh kabar nek MBAH e SEDO , (RASIDO) mimpus wehehe

★ ingkang nomer sekawan AWAK E DHEWE NIKI LEH MATI KAPAN :
Niki njih boten enten seng ngerti, jenengan rumiyen monggo nopo kulo seng keri njih boten semereb wehehe

★ ingkang nomer gangsal (terakhir) AWAK E DHEWE IKI BESOK YEN MATI BAKAL DI URUK KI NGANGGO LEMAH SENG ENDI :
Niki njih boten enten seng ngerti, Pas jik urib wes disiapne ''AKU SOK LEK MATI KUBUREN NANG KUNU'' delalah kersane ngalah dulan nang aceh kenek sunami ILANG ....njih nopo boten wehehe

Selasa, 15 Oktober 2013

Khikmah Lan Fadlilah Bulan Dzilhijjah



Khikmah Lan Fadlilah Bulan Dzilhijjah

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ ، اَلنَّبِيِّ اْلأُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ، وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ،: ) يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ(وَقَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : اِتَّقِ اللهَ حَيْثُ مَا كُنْتَ.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Wonten eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kawulo badhe ngajak (Pareng wasiat) dateng awak kulo piyambak khususipun lan dumateng Jama’ah ingkang sampun kerso mampir ugi maos kiriman ten PAGE meniko, monggo kito tansah berusaha kangge jagi soho berusaha kangge ningkataken keimanan lan ketaqwaan kito dateng Allah Swt, yoiku :“Kelawan tansah nindaaken dateng sedoyo Printah-printahipun Allah Ta’ala, lan tansah berusaha kangge nebihi soho nilari sangkeng sedoyo awisan-awisanipun Allah Ta’ala!, wonten eng pundike mawon lan eng ndalem kahanan punopoke mawon”“ITTAQILLAHA KHAITSUMMA KUNTA”

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantuk kabejan wonten eng alam dunyonipun, lan mbenjang eng akhirat kito bakal mekoleh keslametan lan kamulyan sangkeng Rohmatipun Allah Swt.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Sak mangke kito sampun mlebet wonten eng saklebetipun sasi (wulan Dzulhijjah), wulan engkang dipun mulya’aken deneng Allah Ta’ala kelawan sebutan Asyhurul Hurum, sebab wonten eng saklebetipun wulan Dzulhijjah meniko, 4.000 (sekawan ewu) tahun kapengker, sampun terjadi setunggalipun peristiwa monomental (bersejarah) engkang dipun alami lan dipun tinda’aken deneng Nabiyulloh Ibrohim As lan Putronipun Nabiyulloh Isma’il As.

Petilasan sangkeng bukti sejarah monumental meniko, deneng Allah SWT diabadi’aken tumrap sodoyo ummat islam sebagai thoriq (dalan/margi) perwujudan sangkeng bukti penghambaan soho kepatuhan sebagai seorang hamba dumateng pengeranipun, yoiku :”Kelawan dipun Syari’ataken Pelaksanaan Ibadah Qurban lan Ibadah Hajji wonten eng wulan dzilhijjah saben tahunipun”.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Ibadah Qurban sejatinipun setunggalipun lampahan ibadah engkang maksud lan tujuanipun inggih meniko sebagai setunggalipun sarana kito kangge meparek dateng Allah SWT, ugi saget mbekto manfaat kangge melatih lan mendidik kito supados gadahi kecerdasan lan kepekaan sosial dateng sesaminipun lan purun berbagi kasih lan nikmat dateng sederek-sederekipun engkang mboten mampu utawi engkang taseh ngalami kesulitan.

Ibadah Qurban mendidik lan melatih kito gadahi sifat toleran, sifat purun berkurban, purun menolong/mbiyantu eng entarane sederek, mboten egois lan tansah mentengaken awakipun kiyambak lan kelompokipun.

Ibadah Qurban ugi mendidik lan ngelatih dateng kito supados dados kawula-kawulanipun Allah Ta’ala engkang tansah saget bersyukur dateng sedoyo nikmat, anugerah lan peperingipun Allah Ta’ala dateng kito, perwujudan raos sukur meniko kito realisasi’aken mawi pelaksanaan Ibadah Qurban lan berbagi nikmat dateng sesaminipun, soho syiar Islam mawi Lantunan Kalimah-kalimah Thoyyibah ngegungaken Asmanipun Allah SWT.





Poro pemaos ingkang minulyo :
Selajeng peristiwa bersejarah engkang nomer kaleh Inggih meniko Pelaksanaan Ibadah Hajji, tumrap tiyang-tiyang muslim engkang sampun Istitho’ah (engkang sampun mampu kangge nindak’aken).

Ibadah Hajji Khakekatipun Inggih meniko, setunggalipun Ibadah engkang maksud lan tujuanipun ”Kangge memenuhi dawuh timbalanipun sangkeng Allah Ta’ala”, Supados kito saget mencapai hubungan terdekat (puncak) eng ndalem spiritual dateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, hal meniko dipun tindak’aken sebagai wujud kepasrahan, ketunduk’an lan penghambaan secara total dateng Pengeranipun, Sehinggo mboten wonten tujuan sanesipun kejawi namung kangge meraih Mardlotillah lan sebagai sarono Taqorrub dateng Allah.

Milo mekaten perlu kito renungi lan kito fahami, bileh maksud lan tujuan akhir sangkeng sedoyo rangkaian ibadah engkang kito laksanaa’aken meniko ujung akhiripun inggih meniko Li Mardlotillah wa Li Taqorrub ilallohi (Sedoyo ending-ipun inggih meniko kepengen pikantuk keridlo’an sangkeng Allah Ta’ala lan kepengen meparek dateng Allah Ta’ala), sehinggo wawasan, pemikiran lan pemahaman kito mboten cupet utawi sepit, Yoiku Namung sebatas mangerteni dateng hukum, pengertian lan nindak’aken rutinitas utawi ibadah seremoni tahunanke mawon, sehinggo engkang terjadi lan engkang berjalan wonten eng dalem pelaksanaan ibadah qurban lan hajji, saben-saben tahunipun stagnan (ajeg mboten wonten perubahan lan mboten wonten inovatif lan mboten kreatif) sehinggo problematika ummat islam saben-saben tahunipun ugi ajek lan mboten wonten solusinipun engkang riil.

Pramilo monggo kito dadosaken bulan dzulhijjah meniko sebagai bulan pembelajaran, pelatihan lan bulan pengorbanan tumrap kito lan ummat islam, supados saget belajar lan melatih pribadi kito masing-masing supados saget berterima kasih dateng sesaminipun lan saget bersyukur dateng pengeranipun, belajar lan berlatih supados saget menghargai orang lain, belajar lan melatih pribadi kito supados purun tolong-menolong lan berbagi, belajar lan melatih diri supados purun lan saget berkurban dateng sesaminipun, sehinggo rangkaian ibadah punopuke mawon wujud, bentuk lan pelaksanaanipun, menawi sedayanipun kito lampahi kelawan ikhlas lan mligi manung kangge sarono Taqorruban ilallohi Ta’ala wa Li Mardlotillah, Mongko yekti temtu kehidupan bermasyarakat, berbangsa lan bernegara wonten negari kito Indonesia tercinta niki, saget terwujud setunggalipun kehidupan masyarakat engkang MADANI lan saget terwujud BALDATUN THOYYIBATUN WAROBBUN GHOFUR, Amin.

Khadlirin Rokhimakumulloh :
Tumrapupun Kito engkang ngantos saat meniko dereng saget nindak’aken Ibadah Qurban lan dereng mampun kangge ninda’aken Ibadah Hajji, mboten susah bersedih hati, sebab Allah Ta’ala ugi sampun pareng ganti, kelawan lampahan ibadah lan amalan kesaenan sanesipun engkang kadar nilai sangkeng ganjaranipun Insya Allah sami kaliyan ninda’aken Ibadah Qurban lan Ibadah Hajji, sebab sejatine sedoyo ibadah meniko tujuan akhiripun inggih meniko ndidik lan melatih kito supados mangerteni marang sejatine sopo awake lan sopo pengerane, ugi ndidik lan melatih dateng kito supados kito saget dados kawula-kawulanipun Allah Ta’ala engkang cerdas akalipun, cerdas sosialipun, peduli dateng sasaminipun lan gadahi kepekaan jiwa lan batiniyah sehinggo kito saget pikantuk ridlonipun Allah lan saget ngraosaken kehidupan bermasyarakat engkang harmonis lan puncak’ipun inggih meniko saget Ma’rifat dateng Allah Ta’ala, Allahumma Amin.

Milo Mekaten, sampun sak mestinipun menawi kito mulai berbenah diri, merubah sikap, mental dan sifat kito, kelawan pendidikan lan pelatihan diri, tumuju kesaenan lan peningkatan kualitas keimanan kito, supados kito saget dados muslim engkang sejati : yoiku, Tiyang-tiyang Muslim engkang Tansah Menggelar Medan Qurban lan Medan Hajji-nipun, wonten eng papan panggenan pundike mawon kito meniko berjuang, beramal lan bermasyarakat, Wiwit saat meniko ngantos sak mangke kito dipun timbali Allah, kangge wangsul ngadep dateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala.....Kelawan pikatuk ridlonipun Allah Ta’ala lan angsal Khusnul Khootimah, Amin Amin Ya Robbal ’Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
.