Minggu, 20 Oktober 2013

0-1-2-3~♥~AKHIRE MBALIK MANEH~♥~3-2-1-0



0-1-2-3~♥~AKHIRE MBALIK MANEH~♥~3-2-1-0

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
⇉ Senengono sopo wae sak karebmu tapi awakmu bakal pisah karo seng bok senengi , seneng bojo njih bakal pisah , seneng wong tuo njih bakal pisah , seneng anak njih bakale pisah, sopo wae seng kito senengi bakal pisah,
Wonten tiang sepuh ngendikan : Wong iku asale NOL , bakdo nol trus SETUNGGAL ,bakdo setunggal trus KALIH, bakdo kalih trus TIGO , bakdo tigo niku trus balik KALIH malih trus SETUNGGAL malih trus NOL malih

Kulo jenengan niku asale boten enten NOL (kosong) trus lahir rupo bayi cilik ngoten, gedhe-gedhe trus akhire kepingin bojo , bareng duwe bojo berarti SIJI dadi KALIH ,seneng-senenge kalih bojo trus dolanan wae akhire metu anak e ,malih dadi TIGO yakni ''KITO,BOJO,ANAK'' , anak niku cilik kawitane lajeng di terusno dadi gedhe ,bareng dadi gedhe trus metu soko ngumah / rabi ,dadose balik malih dadi KALIH , kalih mangke salah siji saking kito (bojo) pejah ,akhire dadi SETUNGGAL , setunggal suwi-suwi boten dangu SEDO akhire NOL ,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sampek enten tiyang niku ajenge damel kuburan kanggo keluargo , lak enten to njih ..? tujuane . E urib kumpul ,mati cik e iso kumpul maneh, panjenengan iso gawe kuburan keluargo niku PALING namung iso ngumpulno kuburane sampean bojo anak ,mangke putu pun boten saget , wong putune sampean niku njih putune besan ,mengko besane sampean dang gawe kuburan keluarga pisan mosok di tugel heee...
''ALHAMDULILLAH poro sederek , kepinginan kulo jenengan pingin kumpul bojo kumpul anak kumpul putu niku kok sami kalih rencane Gusti Allah ,Allah njih kagungan rencana kulo jenengan niku bade di kumpulaken sak keluargo, kanggo nyempurnak no kenikmatan

''wong mukmin duwe anak turun mukmin , duwe putu mukmin, senajan kuburane nyebar nang ndi-nang ndi ra opo-opo tak kumpulno maneh'' boten usah ngentosi ten suargo ,ten alam barzah niku pun di kempalaken , La kuburane adoh-adoh mosok iso kumpul......?????
Njih sageet, kulo jenengan niku yen kepingin ngumpulno pripun carane......???



Poro pemaos ingkang minulyo:
Kulo jenengan niku yen kepingin ngumpulno RUH niku boten perlu pepet / mepet, ruh niku boten enten adoh boten enten idhek , Ruh niku mirip ati tegese ati niku ''Uadoho koyo opo nek cocok njih idek , Uideeek o koyo opo nek boten cocok njih adoh'', milane enten tiyan omong ''SAMPEAN KARO DULURMU JAKARTA ADOH OPO CEDAK'' yo cedak bel-belan trus , ''LA DULURMU SENG KENE IKI..?'' , adoooh , wong pethuk wae ra ngomong , Lak enten to tiyang ngoten niku...?

Ati niku mirip Hp , Hp niku boten enten adoh boten enten cedak,uadoho koyo opo nek nomere cocok njih nyambung ,Ono hp iku di gendheli karet di gathuk ne ning nomere kliru njih boten nyambung, milane kulo jenengan niku yen kepingin nyambungno hp niku ojo sibuk gendheli karet tapi sibuk nyetel nomer ,kulo jenengan niku yen kepingin kumpul RUH he keluargo ojo sibuk jejerno kuburan, jejere kuburan niku boten jaminan ,

PETHUK IKU PETHAL , PETHAL IKU PETHUK :
Kulo panjenengan niki lak sami pethuk anak pethuk bojo, la tapi pethal wong tuo (sedo), la kapan-kapan kulo jenengan niku petal anak patal bojo ,asline pethuk wong tuwo lan mbah-mbah e, Gusti Allah damel manungso niku enten-entenan, siyen urib ten kandungane ibu, la bolo-bolo seng ten dunyo podho ngenteni kapan kito lahir, akhire pun lahir di papak kalih bolo-bolo ten dunyo.la sakniki kulo jenengan sampun ten dunyo ,wes kenal kalih family-family ten dunyo, la family kito kan boten ten dunyo mawon ,njih enten seng ten alam barzah, tambah katah ten mriko , la niki pun ngenteni kapan kulo jenengan dang nyusul mriko, akhire kulo jenengan niku mati , coro alam barzar arane kelahiran yang ke dua, njih ruame ten mriko ketimbang ten mriki , ''kapan-kapan lak ngerti panjenenag'' wehehe

SENG PENTING NIKU NYETEL IMAN , milane saben sholat kito nyuwun ten Gusti Allah ''YA MUQOLLIBALKULUUB SABBITQOLBI ALADINIIK'' (YA ALLAH PANJENENGAN INGKANG MOLAK MALIK NE ATI , PANJENENGAN TETEB PAKEN ATI KULO TEN AGOMO PANJENENGAN''

Milane yen ono wong tuwo seng beriman , anak beriman , lan putu beriman , niku benjang MESTI pethuk, cuma mangke bedane niku ten mriki , wong apik niku di seleh ten taman suargo, la seng nakal-nakal niku di seleh ten jurang-jurange neroko, lalek bapak kalih anak kok bedo njih boten saget pethuk milane di kengken nyetel ,"QUU ANFUSAKUM WA AHLIKUM NAROO''



Yen ono wong tuwo seng beriman , anak beriman , lan putu beriman , niku benjang MESTI pethuk, cuma seng dadi masalah , obo mati langsung pethuk nopo pirang-pirang tahun lagek pethuk La niki poro sederek ,niki tergantung KEADA'AN , nek panjenengan pejah niku kok boten gadah masalah , urusan kalih Allah njih pun beres ,urusan kalih menungso njih pun beres ,utang yo wes di sauri ,duwe utang poso yo wes di qodho'i lajeng panjenengan sedo niku njih sampun BEBAS BEBASE BEBAS.
Mangke nek sampun bebas , kalih Gusti Allah di culno kluyuran nang ndi-nang di pun bebas, panjenengan nate ziaroh ten wali songo, niku namung pethuk kuburan-kuburan thok, benjang nek sampun ten alam barzah niku langsung pethuk kalih tiyange ,luwih sempurno ,

Lalek panjenengan sedo kok tasik gadah masalah ,DUWE UTANG barang ngoten, benjang obo mati ten alam barzah langsung di cekel kalih keamanan mriku lajeng di penjara (di tahan) mergo bermasalah , Gak di cul-col no ngenteni sidang benjang kiamat,njih danguuu, milane ''SAK SENENG-SENENGE NANG DUNYO BOTEN ENTEN APA-APANE DI BANDING SENENG TEN ALAM BARZAH , SAK SUSAH-SUSAHE TEN DUNYO BOTEN ENTEN APA-APANE DI BANDING SUSAHE TEN ALAM BARZAH, Niki berlaku kanggo wong biasa, wong mati sahiid njih teteb, kejobo duwe ANAK SENG SHOLIH LAN SHOLIKAH ,

Anak seng ngerti : CONTO : Mbiyen bapak e gadah utang , lajeng anak e purun nyauri ,niku wong tuo ten kuburan BEBAS Tanpo sidang, niki uenak e gadah anak seng SAE ,
IBU ne nate gelakno atine tonggo durung sempet njaluk sepuro wes kedisik an mati,masuk tahanan , anak ngerti dulan ten genne tonggo-tonggone ''BEK-BEK'' opo nak...?'', IBUK NEK SALAH KALIH JENENGAN BEK ONO KLIRU-KLIRUNE OMONG ,PANJENENGAN SEPURO BEK YO'' iyo nak...iyo tak sepuro...'' , ngoten niku efek ke ten mriko bebas tanpo sidang, Amergi anak niku sakjane njih kito kiambak , anak panjenengan niku PANJENENGAN seng nomer kalih , La putune panjenengan njih PANJENENGAN ingkang nomer TIGO, Di seleseikno anak niku njih sami kalih di seleseikno awak e dhewe,

Mulane dunyo niki remeh ,tapi boten kenging di remehno , amergi saget di damel nyetel nasibpe tiyang ten alam barzah, dunyo niki REMEH TAPI LARANG, dunyo niku BIBIT , bibit enak bibit loro niku njih ten dunyo niki, kulo panjenengan niku benjang mlebet suargo nopo neroko , niku setelane njih ten dunyo niki

NB: Alhamdulillah pun rampung BAB pe , enak e ganti topik nopo njih wehehe , nopo kersane sak kepikiran kulo mawon njih , ,,? nyuwun pandungane mawon kersane kulo sagetto istiqomah anggenipun posting njih.....Amiiiin

1 komentar:

  1. Isine blog sampean kok sae sae,,sak,umpami,izin share utowo copast,,dihalalne np mboten pak admin,,,matur suwun

    BalasHapus

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....