Selasa, 29 Oktober 2013

ASAL USULE SEKABEHANE

''ASAL USULE SEKABEHANE''

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami , 
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Gusti Allah niku damel makluk pertama kali yoiku malaikat-malaikat , Malaikat niku bahan bakune saking sinar, kirangan kapan Gusti Allah damel malaikat boten dipun critakno ten Qur-an hadist-se, lajeng milaine crito niki saking NEROKO riyen , Ngeten poro pemaos , dipun cerita'aken wonten kitab-kitab, Gusti Allah niku ngurub no geni GUEDI banget genine, di urub no sampek suwene kiro-kiro sewu tahun , wong taseh dereng enten dino soale, sahinggo geni niku rupane PUTIH kados neon ngoten niku, Di urib no malih geni niku sewu tahun malih , sampek rupane geni niku UABUANG branang , Geni dipun urib no malih sewu tahun malih sampek rupane geni niku UIRUENG njliteng , NAH nikulah ingkang dipun arani NEROKO, neroko pun dadi GUEDINE setengan mati,di lengkapi kalih sekso-sekso ingkang luar biasa , bareng neroko pun siap sedoyo Gusti Allah ngendiko ten malaikat

''MALAIKAT AKU GAWE PANGGONAN SENG ANGKER BANGET JENENGE NEROKO, SOPO YO BESOK UMATKU SENG GELEM DADI PENDUDUK E NEROKO, NEK MALAIKAT GELEM SILAHKAN'' , Lajeng malaikat-malaikat ningali neroko, dadak an neroko niku penuh dengan siksa'an ingkang boten karu-karuan , malaikat langsung ngendiko ''Gusti Allah sinten ingkang bade purun dados penduduk ipun neroko ,wong neroko modelle kados mekaten, boten enten gunane gusti panjenengan damel neroko, boten kiro enten penduduk e, panjenengan titeni yen boten percoyo, mangke lak neroko kosong boten enten penduduk e sampek kapan mawon,.....''NGUNU YO MALAIKAT'' . njih gusti....

Lajeng Gusti Allah matur malih , ''MALAIKAT ,AWAKMU RUH FILM ME DALANE NUJU NANG NEROKO...?'' , Kados nopo Gusti modelle...? , Bareng di puterno film me lakone dalan nuju ten neroko dadak an seng NYENENG-NYENENG NO PIKIR THOK, wes pokok e seng uenak-enak boten mufakat , kados pelacuran, perjudian , pencurian, korupsi , ngapusi, demenan lan sak piturute pokok e bongso seng nyeneng no pikir ngoten niku,

Bareng malaikat sumereb dalane neroko seng nyenengno pikir ngoten niku langsung malaikat ngendiko ''La njih Gusti Allah ,lalek dalane neroko modele kados ngoten, panjenengan titeni benjing umate panjenengan sedoyo sami mlebet neroko sedoyo , KEPINCUT DALANE LALI AKIBATE , Saking enak e saking apik e , ''MALAIKAT NGOMONG KOK PLINTAT-PLINTUT , MAU NGOMONG JARENE ORA ONO PENDUDUK E, BARENG DI DUDOHNO DALANE KABEH MLEBU NEROKO'' ,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sak sampunipun nyiptak aken neroko , boten dangu Gusti Allah damel panggonan malih ingkang GUEDINE Setengah mati seng di arani SUARGO, yen ningali cerito ten tafsire niki NEROKO rumiyen lajeng SUARGO , suargo dipenuhi kalian Gusti Allah macem-macem kesenengan lan kenikmatan ingkang bukan main sak anane kesenengan sedoyo ngumpul ten suargo , bareng suargo pun mari malaikat-malaikat di tari , soale JIN ,MANUNGSO tasik dereng enten, entene namung malaikat mawon ,

''MALAIKAT'' , Wonten dawuh Gusti,,, ''AKU GAWE PANGGONAN SENG DI ARANI SUARGO ,UAPIK BANGET , TAK WENEHI HIASAN-HIASAN , HIBURAN-HIBURAN SENG GAK KARUAN APIK E, MALAIKAT AWAKMU GELEM TAH TAK CALOK NO DADI PENDUDUK E SUWARGO, NEK GELEM SILAHKAN PANGGONONO SAK ANAK TURUNMU MALAIKAT.'' ,

Banjur poro malaikat sami ningali suargo , dadak an uapik e setengah mati langsung malaikat ngendiko, ''Gusti Allah kok panggonan uapik e kados mekaten, panjenengan titeni Gusti benjang, sak anane makluk e panjenengan sami oyok-oyok an rebutan mlebet suargo sedoyo, la uapike ngoten sinten ingkang boten kepincut ten mriku'' OIYO NGUNU YO MALAIKAT'' njih Gusti....''MALAIKAT AWAKMU RUH DALANE NUJU NANG SUARGO'' , Dereng Gusti...''DELOK EN FILM ME'' ,

Bareng malaikat ningali dalan nuju ten suargo , duadak an barang seng muegel-megel no ati tok, wes ngene gak oleh ngunu gak oleh, enak-enak turu dikon tangi sembahyang subuh, sugeh duwet kongkon sedekah, nyolong gak oleh , ngombe khomer gak oleh , korupsi gak oleh , sir-siran demenan karo bojone tonggo gak oleh, ''Ya Gusti Allah nopo-nopo kok boten angsal ,panjenengan titeni benjing suargo boten enten penduduk e, dalane seng nyusah-nyusahno thok ,kosong benjing suargo , sinten ingkang bade mlebet mriku wong dalane angele ngoten niku'' , ''MALAIKAT NGOMONG KOK PLINTAT-PLINTUT , JARENE MAU MLEBU SUARGO SEDOYO, BARENG RUH DALANE JARE GAK ONO SENG MLEBU SUARGO''

Poro pemaos ingkang minulyo:
Akhire SUARGO pun dadi NEROKO pun dadi, Gusti Allah sampek towo-towo ,''MALAIKAT MOSOK AWAKMU GAK GELEM DADI CALON PENDUDUK E SUARGO , LALEK GAK GELEM LAK ORA ONO GUNANE AKU GAWE SUARGO SENG APIK E SETENGAH MATI''
Jawabpe malaikat , ''Boten Gusti, boten wani dados calonependuduk suargo'' , LA KENO OPO KOK GAK WANI MALAIKAT...?'' , Njih gusti kulo mangke yen SELIP (Nglakoni salah) ten suargo ,mangke kulo panjenengan buwak ten neroko , mumpung dereng kadung Gusti, ''O BERARTI AWAKMU GAK WANI MLEBU SUARGO MERGO WEDI MLEBU NEROKO..?'' ''njih Gusti , boten mlebet suargo boten nopo-nopo Gusti seng penting boten mlebet neroko'' , ''O NEK NGUNU NGENE WAE , SUPOYO BENE ONO GUNANE GAWE SUARGO , AYO GAWE MAKLUK SENG WANI MLEBU NEROKO, BERARTI MAKLUK MAU WANI MLEBU SUARGO''

Akhiripun Gusti Allah nimbali malaikat JIBRIL ..
''JIBRIL'' , Dalem Gusti Allah'' , AKU PEKNO WOHWOHANE GENI NEROKO SAK CAWUK AN WAE ,MENGKO TAK GAWENE BAHAN BAKU MAKLUK SENG WANI MLEBU NEROKO , MERGO BAHAN BAKUNE SOKO GENI NEROKO'' , ''Njih siap Gusti'' .
Akhire malaikat jibril slulup ten neroko uadohe trillyunan kilo ,malaikat jibril langsung nyawuk geni neroko (njih cawuk ane malaikat njih kirangan njih) di beto munggah disetorno ten Gusti Allah

''Gusti Allah niki woh wohane geni neroko seng paling ngisor paling panas Gusti , ''KENE JIBRIL TAK TAMPANANE'' . Akhire wowohane geni neroko di emplek-emplek di glintir-glintir ngoten sawangane , di banting jreeet dadi makluk seng gagah njih meniko JIN , La niki pun enten makluk kalih yakni MALAIKAT KALIH JIN , Jin niku makluk e Gusti Allah seng bahan bakune saking geni neroko . Bareng jin pun gedhe-gedhe , jin di tari kalih gusti Allah , ''JIN....'' , ''Wonten dawuh Gusti'' , AWAKMU SANGGUP JIN , DADI PENDUDUK SUARGO....?'' , ''Suargo niku pundi gusti...?'' , ''LAIKO DELOK EN'' .

Bareng Jin ndelok suargo LANGSUNG mawon WANI tanda tangan, ''Njih Gusti suargo kulo panggonane sak anak turun kulo'' , ''WANI TENAN JIN..?'' , wantun Gusti'' , ''TAPI ONO SYARATE LHO JIN'' , ''Syaratte nopo gusti..?'' , AWAKMU TAK UJI DISEK MEDUN NANG BUMI , NALIKANE AWAKMU TAK UJI NANG BUMI SEDILUK BANGET, AWAKMU ISO DADI MAKLUK SENG APIK KELAKUANE , NURUT PERINTAHKU , NINGGAL LARANGANKU AWAKMU ISO MLEBU SUARGO, TAPI KOK AWAKMU NANG BUMI DADAK AN GAK NURUT PERINTAHKU ,MELANGGAR LARANGANKU, AWAKMU BAKAL TAK UKUM NANG UKUMAN SENG JERU'' , Ten pundi Gusti...?'' , ''NANG NEROKO'' , la neroko niku kados nopo Gusti...?'' , LA IKO DELOK EN'' , ''yah Gusti wong kulo niki bahan bakune saking geni neroko anggep kebo balik nang kandange, siaap Gusti'' , ''WANI TENAN JIN...?'' , Siiiaaapp''

Poro pemaos ingkang minulyo:
Akhiripun JIN di dunke ten bumi kagem di uji lulus mlebu suargo gak lulus mlebu neroko , menungso dereng enten niki ,
Sak derenge lanjut kulo critani LAPISANE ALAM , Lapisane Alam niku ngeten poro pemaos :
=> Paling DUWUR niku ARAS ARAS ARAS , nek coro jowone Istana , istana ne Gusti Allah, Lapis pitu
=> Ngisore niku SUARGO SUARGO SUARGO Lapis pitu
=> Ngisore suargo NEROKO NEROKO NEROKO lapis pitu
=> Ngisore neroko niku ALAM BARZAH alam pemisah antarane ndunyo kalih akhirat, niku arane Alam barzah ,uombone milyartan kilo
=> Lajeng ngisore alam barzah niku LANGIT LANGIT LANGIT lapis pitu
=> Ngisore langit niku PLANET / BINTANG-BINTANG seng jumlahe pirang-pirang milyart , diantarane bintang niku enten namine SRENGENGE (matahari), Di antarane bintang seng munyeri matahari jumlahe pitu seng gedhe enten namine BUMI ,

Nah pun saget bayangne, dadose BUMI niku CUILIK E setengah mati, soale enten planet niku ingkang agenge 1milyart kali bumi , la niku sedoyo ten ngisore langit paling ngisor, ALANGKAH AGENGIPUN ALAM GUSTI ALLAH, Dah neo gedhene seng di arani suargo neroko.

Akhire JIN niku di kirim medun ten bumi , njih gampange SAK JODHO lah medhun ten bumi, njih bumi niki, JIN ne manak-manak tambah kuatah ten bumi, TAPI jin ten bumi niki boten nurut perintahipun Gusti Allah, padahal Gusti Allah njih pun ngutus Nabi-nabi teko Jin, tapi teteb boten enten seng nurut tatanane gusti Allah, kirangan pirang tahun boten dipun critakno ten gene Al-Quran ne, Gusti Allah SWT gak kedugo delok kelakuane jin seng nok bumi boten karu-karuan, Gusti Allah mrintahno malaikat

Gusti Allah ngumpulno poro malaikat wiwit Jibril , Mikail , Isrofil lan sak pinunggalane , ''HEI JIBRIL'' , dalem gusti...'' , WES AKU DELOK KELAKUANE JIN NANG BUMI GAK KEDUGO AKU, PATENI KABEH WAE JIN SENG ONO NANG BUMI IKU, WES GAK USAH JIN-JIN NAN, WES GAK ONO SENG NURUT PERINTAHKU NINGGAL LARANGANKU, TIMBANAGANE NGEBEK-NGEBEK KI NEROKO MUMPUNG DURUNG PATENONO KABEH'' ,

Akhire Malaikat jibril mikail beto tentara malaikat medun ten bumi, sak anane jin di pateni sedoyo , njih enten seng ketinggalan siji loro seng delik-delik ten GOT got ngoten niku , sampek sak niki , niku kari karen-karen, TAPI enten keanehan ten gene tafsir Qur-An nipun, Nopo......?

Poro pemaos ingkang minulyo:
TAPI enten keanehan ten gene tafsir Qur-An nipun, nopo...? , Enten Jin cilik jik umur sekitar bongso setahun guanteng rupane kathik lucune setengah mati, lakok malaikat jibril niku usil , ''HEY JIN IKI GANTENG E , AYO DI GOWO NANG SUARGO DI INGONI'' , lho..lho Gusti Allah gak ngongkon mengko dadi perkoro, ''WES GAK POPO,,,GAK POPO'' , Akhiripun di gendong malaikat di beto ten suargo padahal Gusti Allah boten ngongkon tapi njih niki di damel lingkaran hidup ,

Jin cilik wau malih urip campur malaikat, di paringi jeneng sami kalih malaikat , namine ''AZAZIL'' , Dadose azazil niku MINAL JINNI ( anak an jin ) sanes malaikat tapi pun dadi GROUB pe malaikat , amergi di openi kait cilik kalih malaikat , Lakok azazil niki tambah gedhe-tambah gedhe puintere setengah mati ngalah-ngalahi malaikat, coro gampange malaikat tekuk lutut kalih azazil niki mergo saking pintere, pun dados kebiasa'an ten alame malaikat, sinten seng paling pinter di angkat dados komandan malaikat, akhire JIN azazil di angkat dados komandan malaikat,

Bareng dados komandan malaikat, AZAZIL mulai kumat, soale pun dados undang-undang ingkang dados komandan malaikat di salap ten suargo, Gusti Allah matur , ''AZAZIL'' , wonten dawuh Gusti..., ''TIMBANGANE JIN BIYEN GAK DUNUNG DADI CALONE PENDUDUK SUARGO, LA SUARGO IKI APIK E SETENGAH MATI , GELEM TA AWAKMU AZAZIL TAK DADEKNO PENDUDUK SUARGO, MERGO AWAKMU KATHOK E PALING PINTER DI ANTARA PORO MALAIKAT-MALAIKAT'' , wah njih Gusti kulo panggonane suargo Gusti , ''IYO , TAPI ATI-ATI LHO AZAZIL'' , Nopo Gusti...? , ''SUWARGO PANGGONONO PEK EN KABEH SENG ONO JERO SUARGO, TAPI ONO SIJI LARANGANKU LHO AZAZIL'' , Nopo Gusti niku...? , ''SOMBONG....OJO PISAN-PISAN AWAKMU SOMBONG, NEK AWAKMU SOMBONG, RUNGOKNO , AWAKMU SAK ANAK TURUNMU TAK LEBOKNO NEROKO KABEH, PIYE AZAZIL...?'' , Siiiaaap Gusti Allah...kulo panggonane suargo ,

Azazil ,namine komandan , ojo maneh komandan malaikat , komandan hansip niku mawon petetak petetek ,njih boten...?, nah Azazil njih ngoten, suwe-suwe mulai kumat SOMBONGE , Sampek azazil di eilingno kalih Gusti Allah , HEI JIBRIL ,AZAZIL KETOK E MULAI SOMBONG, TULISEN NANG GERBANG PINTU SUARGO , TULISEN SENG GUEDIII , BENE DI GAWE WACAN-WACANAN AZAZIL CIK E GAK LALI'' , tulis nopo Gusti..? , ''ANTI KHARAMUN ALA KULLI MUTAKABIRIIN ,SUARGO HARAM KANGGO SEKABEHANE WONG SOMBONG'' ,

Dadose ten suargo niku pintu gerbang paling ngareb enten tulisane ngoten , benjing panjenengan nek mlebet suargo lak ngerti ''SUARGO HARAM KANGGO SEKABEHANE WONG SOMBONG'' , La undang-undang niku berlaku sampek sa'niki, artine sinten mawon seng sombong boten saget mlebu suargo,
Lajenge CRITO Azazil lupa daratan....lajeng pripun...?

Poro pemaos ingkang minulyo:
Malaikat jibril sampun nulis GUEDHI ten ngajenge lawange suargo, suargo kharam kanggo sekabehane wong sombong , tapi malaikat Azazil lupa daratan, tambah sombong-tambah sombong La Gusti Allah boten kedugo, bareng gusti Allah boten kedugo wes kadung Azazil manggon nang suargo dados komandan malaikat , La GUSTI ALLAH NGRANCANG DAMEL MENUNGSO, Prosese kados nopo ten critane ten gene tafsir Qur'an ne,

Gusti Allah dawuh , ''MALAIKAT JIBRIL NGENE YO, ANANE JIN JIN BIYEN MANGGONG NANG BUMI DADI WONG NAKAL ,BELING-BELING GAK KARUAN, MERGO JIN KUI KAN BAHAN BAKUNE TEKO GENI NEROKO, GAK MUNGKIN MERGO BAHAN BAKUNE SOKO GENI NEROKO ISO TENANG ONO ING BUMI'' , la trus dos pundi Gusti...? ,''AYO SAK IKI GAWE MAKLUK SENG BAHAN BAKUNE TEKO LEMAH , TEKO BUMI, BERARTI IKU ISO DADI PENDUDUK ONO BUMI ,LAN IKU LAH KIRO-KIRO BESOK SENG ISO DADI CALONE PENDUDUK E SUARGO ,

Lajeng malaikat jibril tangklet . ''Gusti Allah dos pundi maksudte panjenengan...?'' , ''JIBRIL , MEDUNO YO NANG BUMI , AKU PEKNO E BUMI SAK CANGKUPAN WAE , MENGKO TAK GAWENE BAHAN BAKUNE CALONE PENDUDUK BUMI SEKALIGUS CALONE PENDUDUK SUARGO'' , Wo njih siiaap Gusti... , ''TAPI JIBRIL....DI TARI SENG APIK YO NANG BUMI , OJO SAMPEK DI TODONG DI PEKSO LO, MENGKO SAMPEK BUMI GAK RIDHO MOK CAKUP TAK GAWE MAKLUK BUYAR MENGKO, JELAS GAK KIRO DADI APIK KELAKUANE, MERGO ASAL USULE BAHANE SAKING MANGKEL PIKIRE'' ,Siiiap gusti Allah,

Malaikat JIBRIL medun ten bumi, bareng Malaikat Jibril ten bumi ,omong-omongan kalih bumi . ''BUMI,,'' , Enten nopo Malaikat Jibril...? , ''AKU DI TUGASNO GUSTI ALLAH, AKU JALUK AWAKMU SAK CAKUPAN WAE BUMI'', lho kanggo nopo Gusti Allah kok mendet bumi..? , '' KANGGO CALON BAHAN BAKUNE PENDUDUK SUARGO, MERGO CALON PENDUDUK E SUARGO KUDU DI UJI MEDHUN TEN BUMI,JIN JIN ORA ISO URIP NANG BUMI SECARA SEMPURNO MERGO BAHAN BAKUNE TEKO GENI NEROKO'' , O ngoten to , la menawi umpami benjing ten bumi selip (nglakoni salah) pripun Jibril...? , ''YO BESOK ISO DADI PENDUDUK NEROKO'' , La niki Malaikat kulo seng gak wani , Jibril sepuntene seng katah njih , kulo sampean jaluk ne sepuro ten Gusti Allah, bumi boten mantun Gusti dados penduduk e suargo mergo kuwatir besok breset mlebu ten neroko, mumpung durung, ''DADI LAK GAK GELEM AWAK MU IKI..?'' , boten wantun Malaikat sepuntene seng katah,

Bumi di rayu-rayu kalih Malaikat teteb gak wani , akhiripun Malaikat Jibril balik sowan ten gene Gusti Allah , ''Gusti Allah bumi boten wani, kulo icuk-icuk boten purun...'' , ''LA NYAPO KOK GAK WANI MALAIKAT..?'' , Kwatir yen mlebet neroko Gusti , ''DADI AWAKMU GAK KASIL JIBRIL..?'' , boten Gusti , ''JIBRIL DI TUGASNE NGUNU BAE GAK KASIL TITENONO, BAKAL TAK SEKSO ,BAKAL TAK DADEKNO MALAIKAT SENG BESOK NOTO PETUGAS-PETUGASKU SENG MEDHUN NANG BUMI'' ,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Malaikat Jibril angsal kartu kuning (peringatan) mergo gagal, Lajeng ganti Malaikat mika'il, ''AYO MIKA'IL MEDUNO NANG BUMI YO MIKA'IL, AKU PEKNO BUMI SAK CAKUP PAN WAE, KANGGO CALONE PENDUDUK SUARGO UTOWO NEROKO , TAPI MIKA'IL , MENGKO JALUK E SENG APIK LO OJO MEKSO, KUDU BUMI LEGO ATINE RIDHO NALIKANE MOK JALUK I '' , siiiap Gusti Allah

Malaikat Mika'il medun ten bumi , La kados pundi...? Sami mawon Bumi malah nangis kelongkongan , Wal hasil malaikat mika'il balik sowan ten gene gusti Allah , ''Gusti Allah ,bumi boten wantun , malah nangis kelongkongan boten purun Gusti'' , DADI AWAKMU GAGAL PISAN KOYO JIBRIL....?'' , Njih Gusti.... , ''MIKA'IL SEBAB AWAKMU GAGAL, KENO KARTU KUNING , AWAKMU BESOK BAKAL TAK TUGASNO, TAK KON NGATUR EKONOMI NANG BUMI BESOK'' , Njih Gusti terserah panjenengan..

Malaikat kalih gagal (Jibril Kalian mika'il) kenging kartu kuning, ''SA'IKI ISROFIL AYO MEDUN NANG BUMI ISROFIL....'' , Bareng Isrofil medun ten bumi njih sami mawon, boten angsal nopo-nopo , ''Gusti kulo boten mentolo (tego) Gusti , bumine nangis kelongkongan ,kulo boten tego gusti , ''DADI AWAKMU GAGAL PISAN ISROFIL...?'' , Njih Gusti sami kalih kang Jibril , kang Mika'il , ''YOWES AWAKMU TAK SEKSO PISAN, IKI TROMPET IKI DI CEKEL, TROMPET IKI BESOK NALIKANE BOK SEBUL, BUMI ISO KIAMAT , MOK SEBUL MANEH ISO URIP MANEH'' , Akhire trompete di cekeli mawon , dadose sa'niki trompet niku njih tasek di cekelli mawon ngentosi perintah,

Sampun tigo Malaikat ingkang kenging kartu kuning (Jibril , Mika'il, Isrofil) , Ingkang sak lajenge Malaikat ''IZRO'IL'' Malaikat ke uireng ngoten gedhe duwur kereng (galak) e setengah mati, '' AYO IKU MALAIKAT SENG KUERENG IKU , AYO IZRO'IL'' , Siiiap Gustii.....''AYO MEDUN NANG BUMI, AKU PEKNO BUMI SAK CAWUK AN, OJO KOYO KANCAMU TELU GAGAL, KENO KARTU KUNING''

Akhiripun Malaikat Izro'il medun ten bumi, Lakok dadak an lali pesene Gusti Allah , ''Bumi aku jaluk awakmu sak cakupan, oleh jaluk gak oleh jaluk'' , moro-moro nyakub ngoten mawon , bumine bengok-bengok boten di gubris, ''Wes gak gubris bumi timbang aku di lok no Gusti Allah luwung di lok bumi'' Bumine berok-berok tulung-tulung boten di gubris kalih malaikat Izro'il, akhiripun Bumi sak cakupan di serahno ten Gusti Allah, ''Guti Allah kulo angsal Gusti, GOL kulo boten kados konco-konco kulo gagal sedoyo'' , ''ENDI....'' , Niki Gusti bumi sak cangkupan , ''IZRO'IL MAU CRITANE KOYO OPO KOK BUMI GELEM ..?'' kulo todong mawon Gusti, moro-moro kulo cawuk ngoten mawon, bengok-bengok pun kulo boten ngurus , ''BERARTI BUMI MAU GAK RIDHO..?'' , Boten Gusti , ''BERARTI AWAKMU TEGO MENTALAN'' ,njih kulo mentalanan , '' NEK NGUNU BESOK AWAKMU BAKAL TAK SEKSO PISAN KENO KARTU KUNING'' , Nopo Gusti...? , ''TAK TUGASNO BAGIAN JABUTI NYAWANE MENUNGSO NANG BUMI BESOK'' , Njih siiiap Gusti kulo jabutane nyowone..

Malaikat bagian jabut nyowo niki poro pemaos umpami kok malaikat jibril ,mungkin katah tiyang boten sido mati, areb mati kelongkongan nangis ngesakno akhire gak sido-gak sido, opo maneh Malaikat isrofil , Bareng seng bagian jabut nyowo Malaikat Izro'il , gak peduli , nangiso teteb di jabut ti mergo mentalanan tegonan, niku critane.....!!!! akhire Bumi pun di setorno Gusti Allah lajeng pripun......?

Poro pemaos ingkang minulyo:
Bumi pun di setorno Gusti Allah lajeng Bumi di emplek-emplek ,di mbel-mbel di banting jriieeet dadi makluk seng namine ''NABI ADAM'' , Nabi adam pun dadi , tasik alit plonga-plongo dereng saget nopo-nopo, Gusti Allah ngrancang ajenge GEBLAKNO seng di arani Malaikat AZAZIL, seng asale anak turune JIN niku wau, Gusti Allah negndiko , '' HEI PORO MALAIKAT, WES SUWE GAK DI ADAKNO REFORMASI KEPENGURUSAN MALAIKAT, AYO SAK IKI DI ADAKNO REFORMASI PERGANTIAN PENGURUS'' , la dos pundi carane Gusti...? , ''NGENE ,MENGKO TAK UJI TAK TAKONI CORO PRIBADI, SOPO SENG PALING PINTER DI ANTARANE ANDA SEKALIAN PORO MALAIKAT, TAK ANGKAT DADI KOMANDAN MALAIKAT'' , Gentosi azazil ingkang sampun pirang-pirang ewu tahun dados komandane Malaikat, jare Azazil ''Jelas kulo Gusti paling pinter'' , Jare jibril ''Jelas kulo'' . ''IYO BUKTEKNO , SESOK DINO JUM'AT KUMPUL KABEH ,MENGKO TAK TAKONI, SOPO SENG PALING PINTER TAK ANGKAT DADI KOMANDAN MALAIKAT''

Akhiripun Poro malaikat sami siap-siap sedoyo , sak anane di apalne , mergo ajenge dipun Uji Gusti Allah, Lakok dadak an GUSTI ALLAH Main politik, politik ke pripun ,,? , nabi adam dalu-dalu di panggil pribadi ''DI WULANGI'', ''DAM...'' , Enten nopo Gusti'' , ''AWAKMU YEN TAK DU AMBI MALAIKAT MESTI GULUNG TIKAR , KALAH DISIK I, AWAKMU ISO OPO , MALAIKAT IKU PINTER-PINTER, TAK KANDANI DAM YO ,SUPOYO AWAKMU MENANG CIK E GAK KALAH KARO MALAIKAT, TAK ULANGI OJO KONDO-KONDO, SENG TAK TAKOKNO BESOK SENG DURUNG TAU TAK ULANGNO NANG MALAIKAT, BEN GAK ISO JAWAB, LA AWAKMU TAK KANDANI''

Niki umapmi gampangane mekaten poro pemaos , Gusti Allah yen ngulangi . ''DAM TAK KANDANI YO NANG PENDUDUK BUMI IKU BAKAL NYAMBEL, SENG DI GAWE NYAMBEL ARANE OPO , MENGKO JAWAPEN COWEK NGUNU YO..?'' , Njih,,,njih Gusti . ''APALNO LO, MENUNGSO BESOK NANG BUMI TENGUK-TENGUK , LINGGUHANE ARANE OPO, MENGKO JAWABEN KURSI NGUNU YO'' , Njih Gusti,,,njih , ''MENUNGSO BESOK KEDHUK-KEDUK , JAWABEN LINGGIS NGUNU YO'' , njih Gusti...Njih...

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sa'jane isone Nabi Adam namung nika niku mawon, la tapi Malaikat boten nate di omongi, bareng isuk-isuk Malaikat kumpul, Gusti Allah lajeng ngendikan '' HEI MALAIKAT YEN AWAKMU TEMEN-TEMEN NGAKU PINTER, HAYO DI JAWAB OPO SENG TAK TAKOKNE NANG AWAKMU'' , Siap Gusti ,
Jare Jibril '' Panjenengan tangklet nopo Gusti kulo siiiap jawab'' , ''JIBRIL , BESOK MENUNGSO NANG BUMI IKU NYAMBEL BRIL, WADAHE SAMBEL ARANE OPO BRIL...?'' Gusti boten nate di ulangno kok di takokno njih boten semereb , ''LO GAK ISO,,,MIKA'IL...MIKA'IL...'' , podho mawon Gusti , ''AZAZIL...AZAZIL...'' , wah boten semereb Gusti , ''ADAM ADAM,,,ENDI ADAM...'' , Alah niku bodho Gusti boten usah di elokno Gusti , ''AYO ADAM MAJU DAM..... , DAM'' , Dalem Gusti , ''BESOK NANG BUMI IKU NYAMBEL DAM,ADAHE SAMBEL ARANE OPO DAM...?'' Coweeeek Gustiiiii....... ''IYO SERATUS ADAM''

Wehehe soale dalune pun di wulangi , ono wae ,ujian seng di senengi bengi-bengi di wulangi ,mesti mawon lulus njih boten...?
''JIBRIL...'' , Wonten dawuh Gusti ,''BESOK WONG NANG BUMI KEDHUK-KEDHUK BRIL , ALATE KEDHUK-KEDHUK JENENGE OPO BRIL...?'' , Wah boten semereb Gusti boten nate du ulangi kok di takok no , '' AYO MIKAIL,,,MIKAIL OPO IL...?'' , Boten semereb Gusti, ''AZAZIL...AZAZIL...'' , wah boten semereb Gusti ''OPO DAM,,,,OPO DAM...?'' , Linggis Gustiiii..... , ''SERATUS ADAM'', Di tangkletti sembarang kalir njih saget poro sederek soale bengine dipun wulangi . Baru Gusti Allah ngendiko , 


 Poro pemaos ingkang minulyo:
Sak sampunipun ngoten Gusti Allah ngendiko ''MALAIKAT AYO DI AKONI CORO GENTELMEN, AKU GAK ATIK PILIH KASIH, SOPO SENG PALING PINTER DI ANTARA ANDA SEKALIAN...?'' Adaaammm Gustiiiiii........ Nah pun dados undang-undang sopo seng paling pinter di angkat dadi komandan malaikat genteni Azazil , ''AYO SUJUD KABEH NING ADAM'', Sak anane malaikat siiiiaaaap graaaak sujuuuud , Ono sitok malaikat seng boten purun sujud ,,sinten...? (FASAJADU ILLA IBLIS) , Alias Azazil, 

''AZAZIL AYO SUJUD NANG ADAM'' , Boten Gusti , nek kulo di kengken sujud ten panjenengan Siiiap Gusti , TAPI nek ten adam kulo boten purun Gusti , la nopo kulo pinter mulyo ,adam cilik tasik dek wingenane , ''HE AZAZIL IKI PERINTAHKU LO'' , Gak perduli perintahe panjenengan moh yo moh Gusti , ''LOH AWAKMU GAK GELEM TEMEN AZAZIL,AWAS NEK GAK GELEM AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BAKAL TAK SEKSO NANG NEROKO KABEH.'', Kulo teteb boten purun Gusti, langkung Sae kulo mlebu neroko timbang di kengken sujud ten adam, (Gusti Allah muring-muring) , ''O IBLIS KI, AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BLEK KEDUWEK TIBO TUMPLEK BAKAL TAK LEBOKNE NEROKO KABEH TITIK'' .

Nah akhire neroko pun enten penduduk e , Azazil niku dados ''IBLIS'', La iblis niku BABONANE SYETAN, dadose syetan syetan niku sedoyo anak e Iblis, Sampun saget Bedakne antarane JIN kalih SYETAN , la iblis niku sinten ...? Iblis niku Anak an JIN seng di beto malaikat nalikane tasik alit , Nah yen anak an JIN sampek sakniki nek kelakuane apik tasik saget mlebet suargo, TAPI yen anak an Iblis seng di arane Syetan syetan niku boten saget mlebu suargo

Iblis nalikane di CAP kalih Gusti Allah mlebu ten neroko sak anak turune langsung jaluk kesempatan ten Gusti Allah , ''Gusti kulo siap mlebu neroko sak anak turun kulo tapi ngentosi dino kiamat Gusti, ''O NGUNU TO YOWES , AWAKMU SAK ANAK TURUNMU TAK DUNNO NANG BUMI KOYO KONCOMU JIN KABEH , BESOK YEN WES DINO KIAMAT ANAK TURUNMU KABEH TAK LEBOKNO NEROKO'' , Gusti allah kulo pun ngerti , adam benjing panjenengan dunne ten bumi , niku jelas kulo pun ngertos, panjenengan titeni Gusti benjang anak turune adam seng di arani menungso-menungso tak orat-aritno, tak cegat teko ngareb,mburi ,samping, gak kiro ono manungso seng iso kelakuane apik, buktikan nek boten percoyo'' , AWAKMU SUMBAR YO IBLIS...?'' njih Gusti , ''AKU YO SUMBAR'' , sumbar nopo panjenengan Gusti...? ,,''BESOK SAK PIRO AKEHE KESALAHANE ANAK ANE MENUNGSO, ASAL GELEM MANGAP CANGKEME JALUK SEPURO NANG AKU, GAK PERDULI SAK PIRO AKEHE DUSO TAK SEPURO KABEH

Niku critone ten Al-Qur ane ngoten niku, Pun Azazil di ubrak medun ten bumi podho kalih kancane jin-jin asale, Azazil dados Iblis, wuuuah Dumadak an lakok gawe keraja'an seng guede nang pucuk e gunung, juangkrak manak boten karu-karuan namine syetan syetan, Pun mulai saget bedakno MALAIKAT niku sinten , JIN niku sinten , syetan niku sinten...?
La GENDRUWO NIKU SINTEN. TUYUL NIKU SINTEN.....? 



Poro pemaos ingkang minulyo:
Wonten crito sak derenge sampun dipun critakno sinten niku MALAIKAT , sinten niku JIN , lan sinten niku SYETAN , La sak niki GENDRUWO niku sinten.TUYUL niku sinten...? ngeten poro pemaos : Syetan niku naliko di PERCOYO, nah kepercaya'an niku ibarat sami kalih kulkas, tegese Kulkas niku asale anyeb di bekukan saget dados ES, Anyeb niku enten tapi di cekel boten kenging, tapi yen Es di damel ngantem panjenengan kenging, La es niku pembekuan saking anyeb, ANYEB koyo syetan La Es niku koyo GENDRUWO, banyu niku koyo SILUMAN TUYUL lan sak piturutte

Dadose panjenengan yen percoyo ten gene syetan syetan niku membeku, membeku malih dadi es koyo syetan dadi gendruwo, sebab niku ati-ati lho ,yen ono tuyul nyolong duwet , seng salah sopo ..? awak e dhewe, sebab syetan niku boten gadah kemampuan gudho manungso secara fisik, syetan namung saget gudo coro ati, manggene ten nafsu mriku ,ngajak-ajak bisikan syetan , yen panjenengan percoyo percoyo syetan saget membeku dados tuyul saget nyolong duwet,
Nah kepercaya'an niku dados AURA , getaran-getaran kanggo tumpak an syetan malih iso nyolong duwet, Supoyo ilang carane koyok nopo..? OJO DIPERCOYO MANGKE ILANG DHEWE

Hazow kadang niku enten wong tuo ngomong ten gene anak e, wit ringin kunu ono gendruwone, la wong-wong percoyo , PERCOYO nikilah seng saget bekok aken (beku) syetan ,kados delok TV bal balan ten INGGRIS katok ten jero kamare panjenengan, hazo nopo bal-balane ten mriku...? boten,,,,,Gendruwo njih ngoten , panjenengan katok gendruwo ten wit ringin, asline boten ten mriku , kados delok TV wau lo njih, la supoyo ilang BOTEN usah di PERCOYO, mangke ilang dhewe

SAMPUN WANGSUL MALIH TEN TOPIK ,
Poro pemaos ingkang minulyo , Nabi adam tasik alit di angkat dados komandane malaikat, sijining dino Nabi Adam kaliah Gusti Allah dijak ten suargo,namine bucah cilik poro sederek ,semereb suargo dang apik e setengah mati, njih langsung dulinan wae, bareng nabi Adam katok e kok krasan Gusti Allah negndiko , ''ADAM..'' , Wonten dawuh Gustiii , ''AWAKMU KOK KRASAN NANG SUARGO'' , njih Gusti seneng kulo , ''GELEM DAM AWAKMU TAK DADEKNE PENDUDUK E SUARGO'' , Njih Gusti matur kasuwun gusti menawi suargo di paringaken dateng kulo, kulo pek e suargo sak anak turun kulo Gusti , ''NEK AWAKMU GELEM DAM SUARGO PEK EN'' , Matur kasuwun Gustiii , ''DAM TAPI ONO LARANGANKU SIJI LO DAM'' , (Niki prosese nabi adam ajenge di dunke ten bumi Gusti Allah damel sandiworo) , ''Larangane nopo Gusti...?'' , ''POKOK E SAK SUWARGO PEK EN KABEH, TAPI MEK SITOK TOK SENG TAK LARANG'' , nopo...? ''OJO PAREK-PAREK UWIT SITOK IKI YO'' , gusti seng di larang namung sitok niku..? , ''IYO'' , kabeh di olehe Gusti..? ''IYO , PIYE....?'' , siiiap Gusti kulo boten bakal parek-parek uwit sitok niku,kulo pun ngerti larangane panjenengan, ''YOWES SUARGO PANGGONONO PEK EN KABEH SENG ONO NANG KUNU'' , njih matur kasuwun Gusti Allah


 Poro pemaos ingkang minulyo:
Nabi adam ten suargo sak wulan rong wulan telung wulan gak duwe konco, jajal panjenengan krasan nopo boten kiro-kiro ten HOTEL HYATT seng paling SAE tapi dewek an plonga-plongo, turu-tangi-mangan-ngombe-turu-
tangi-mangan-ngombe trus ngoten njih boten krasan ,,,njih boten.....?, Nabi Adam njih ngoten plonga-plongo ngelamun mergo boten gadah konco,Lajeng Gusti Allah sumereb Nabi adam plongak-plongok di tangkleti ,, NYAPO DAM KOK NGELAMUN'' , Gusti boten enten rencange dewek an, boten enten ingkang dijak omong-omongan , ''LO AWAKMU BUTUH KONCO TAH..?'' , njih Gusti , ''KENE MAJU RENE TAK CEKELI IGOMU'' , Igo seng sebelah tengen niku di cekel di tarik sreeet copot di banting jreeet, Igone Nabi Adam dados makluk seng UAYUNE setengah mati , wadon seng ayune dudu-dudu, Namine IBU HAWA ,

Nah sampun sumereb critane IBU Hawa, ibu Hawa niku asale saking Igone Nabi Adam jare critone ten Alqur'ane, Ibu hawa ayune setengah mati tasek perawan tir-tir ,nabi Adam guantenge dudu-dudu, wong gantheng pethuk wong ayu koyo nopo kiro-kiro, langsung ajenge di tubruk mawon , '' LHO...LHO...KOK ISO DI TUBRUK WAE'' , Gusti kulo Cinta , ''NGERTI CINTA BARANG SENG NGULANGI SOPO, AYO DI NIKAHNO KENE SEK'' , Akhiripun Nabi Adam di nikahno kalih Ibu Hawa ,,,,,Mpun nabi Adam lan Ibu Hawa ten manggen ten suargo,

Ibu Hawa ayu rupane pun dados kebiasa'an yen wong ayu niku biasane beling (njih boten), Ibu Hawa njih ngoten di kandani boten kenging, ngeluyur sak geleme ten pundi-pundi lakok suwe-suwe parek -parek kalian UWIT Seng di larang kalih Gusti Allah niku wau, Nabi Adam semerep bojone parek-parek lakok boten di eilingno, lajeng Ibu Hawa ngomong ,,''Tak incipane enak iki mergo di larang , nek gak enak gak mungkin di larang'' , Lakok Nabi Adam malah , ''OJO AKEH-AKEH'' , Pun niki blahi poro sederek, akhire kalih Ibu Hawa dipek temenan lajeng di incipi ''KOK ENAK-ENAK'' , lakok Nabi Adam mergo Cinta LUPA DARATAN, Tiyang nek kadung cinta lak njih ngoten to njih...?

Nabi Adam njih melu nyicici, Akhiripun blai poro sederek Nabi Adam kenging PERKORO, Gusti Allah langsung muring-muring ngendiko , ''DAM....AWAKMU MELANGGAR LARANGANKU YO DAM'' , Sepuntene Gustiii , ''TIDAK ADA SEPUNTEN, SUWARGO GAK KENEK DI PANGGONI WONG SENG MELANGGAR LARANGANKU'' , Sepunteen Gustii....., ''TIDAK ADA SEPUNTEN-SEPUNTEN,RUNGOKNO DAM , ANAKMU SAK ANAK TURUNMU, BLEK KEDUWEK TIBO TUMPLEK TAK LEBOKNO NEROKO KABEH''

Putusane Gusti Allah , Nabi Adam sak anak turune bakal di lebokno neroko, niku keputusan ingkang boten saget di tawar lagi, TAPI Nabi Adam boten SAMI kalih IBLIS, Iblis di usir saking suargo mengkerik nantang perkoro, sombonge boten ilang , Tapi Nabi Adam boten, di usir saking suargo NANGIS poro sederek boten meneng meneng, isuk nangis , sore nangis , bengi nangis , La namine Gusti Allah MAHA PENGASIH MAHA PENYAYANG di tangisi lakok kalah boten mentolo (boten tego), Nangise nabi Adam ten Al-Quranipun ''ROBBANA DHOLAMNA ANFUSANA WAILAM TAGHFIRLANA WATARHAMNA LANA KUNANNA MINAL KHOSIRIIN''


 Poro pemaos ingkang minulyo:
Nabi Adam rinten dalu nangis kalih nyuwun sepuro ten Gusti Allah ''ROBBANA DHOLAMNA ANFUSANA WAILAM TAGHFIRLANA WATARHAMNA LANA KUNANNA MINAL KHOSIRIIN'' , Gusti dos pundi nasib kulo sak anak turun kulo, menawi boten di sepuro Gusti bakal dados tiyang ingkang ciloko sedoyo, Ditangisi-di tangisi , ojo maneh Gusti Allah , kulo panjenengan niki yen enten tiyang nangis mawon boten tegoan njih boten....? Gusti Allah njih ngoten , di tangisi lakok boten tego , ''DAM KOK NANGIS TERUS DAM'' , njih Gusti Allah kulo bakal nangis terus boten meneng-meneng yen dereng panjenengan sepunten duso kulo Gusti , ''WES KENE DAM KENE TAK KANDANI'' , (Tapi niki sedoyo sampun sandiworone Gusti Allah poro sederek, supoyo nabi Adam kersane medhun ten bumi, dengan alasan macem-macem coro, soale Nabi Adam pun Calone penduduk bumi mpunan)

Gusti Allah ngendikan ''DAM IYO DUSAMU TAK SEPURO'' , Gusti kulo panjenengan sepuro sak bojo kulo , ''IYO'' , Yen ngoten Gusti kulo lak saget balik mlebet ten suargo malih Gusti , ''ISO, , , TAPI ONO SYARATE DAM'' , Syarate nopo Gusti...? , ''ARANE WONG SALAH YO TAK UKUM WAE SEDILUK NANG BUMI'' , Bumi niku ten pundi Gusti...? , ''CILUUUIIK NANG NGISOR KONO , NANG NGISORE LAPISAN LANGIT PALING NGISOR'' , ten bumi la nopo Gusti...?'' , ''NANG BUMI NGLAKONI PERINTAHKU NINGGAL LO LARANGANKU, WES SEDILUT WAE DI BANDING AWAKMU BAKAL URIP MILYARTAN TAHUN, NALIKANE NANG BUMI AWAKMU SAK ANAK TURUNMU GELEM MANUT PERINTAHKU SENG DI ARANI AGOMO-AGOMO, GELEM NINGGAL LARANGANKU , AWAKMU SAK ANAK TURUNMU ISO BALIK NANG SUARGO SAK LAWAS-LAWASE NANG KUNU , TAPI TITENONO LO DAM , YEN AWAKMU SAK ANAK TURUNMU NALIKANE MEDUN NANG BUMI GAK GELEM NURUT PERINTAHKU, AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BAKAL TAK UKUM NANG NUSAKAMBANGAN SENG ARANE NEROKO, PIYE ADAM...? Njih pun siiiiaaaap gustiii, kulo tanda tangane ,

Nabi Adam didunke ten bumi kalih Ibu Hawa akhire dados kulo panjenengan sedoyo niki, tapi critone medun bumi sak crito malih niki poro pemoas, prosese dowo, damel body , damel nafsu , damel akal lan sak piturute ngoten niku , menawi dipun critakne malih malah kedawan , dadose seng paling PENTING , Kulo lan panjenengan sedoyo niki UJIAN lo , LULUS MLEBU SUARGO GAK LULUS MLEBU NEROKO, umah kito niki ten suargo poro sederek , boten ten DUNYO niki, nduyo niki namung mampir ngombe, sementara kito sedoyo niki bakale sedo, milane yen ajenge sedo ojo kakean polah.

TUGAS kito niki namung kalih : SIJI NGUMPULNO GANJARAN , KALIH NGUMPULNO DUSO , siji ngumpulno keAPIKan ,kalih ngumpulno kaELEKan, Undang-undang ten Al-Qur'ane sinten benjing di total katah APIK e suargo panggonane , Akeh ELEK e neroko panggonane, JERU CETHEK E NEROKO NE MENUNGSO GUMANTUNG AKEH SAK ITIK E KA ELEK ANE MENUNGSO , Elek e tambah nemen nerokone tambah jeru , DUWUR ENDEK E SUARGO MANUNGSO GUMANTUNG AKEH SAK ITIK E GANJARAN SENG DI GOWO TEKO ALAM DUNYO , Ganjarane uakeh suargone DUWUR , ganjarane sitik suargone endik-endik an.

Panjenengan ganjarane sak itik trus mlebet suargo , suargone njih elek, La suargo niku boten berubah poro sederek , bermilyart-milyart tahun nek jenengan kelas gangsal, boten saget dados kelas enem kelas pitu , amergi suargo niku gawan saking dunyo , SEJE nek panjenengan ganjarane sak pirang-pirang, dadak an mlebet suargo , suargone njih apik e setengah mati ,Benjing tiyang yen sampun mlebet suargo niku sedoyo getun boten enten seng boten getun amergi nopo....? 



Poro pemaos ingkang minulyo:
Panjenengan ganjarane sak itik trus mlebet suargo , suargone njih elek, La suargo niku boten berubah poro sederek , bermilyart-milyart tahun nek jenengan kelas gangsal, boten saget dados kelas enem kelas pitu , amergi sua
rgo niku gawan saking dunyo , SEJE nek panjenengan ganjarane sak pirang-pirang, dadak an mlebet suargo , suargone njih apik e setengah mati

Benjing tiyang yen sampun mlebet suargo niku sedoyo getun boten enten seng boten getun amergi nopo....? KURANG DUWUR, kulo panjenengan SEMPAT DUWURNE SUARGO ,tapi kenging nopo kok boten kito duwurno ,
=> ''Nyapo yo biyen aku duwe pitek sepuluh kok gak tak dol limo, umpomo tak dol limo dang tak tukokno semen oleh limang sak ,dang tak wehno nang masjid, lak suargo seng apik bakal keduwe aku.......sayang pitek sepuluh tak tinggal mati di sembeleh ponak anku dipek, kapok'' 
=> hazow , , , , wong-wong katik duwe gelang kalung anting-anting , benjing ten suargo gethun , ''Nyapo yo biyen gelang kalung anting-antingku gak tak dol tak tukokno semen tak sedekahno nang langgar masjid, dah neo suargo seng uapik iku lak yo keduwe aku,sayang wes kadung mati gelang kalung anting-anting ku dipek anak / ponak an ku kabeh''
Kesempetan kulo panjenengan niku DUWURNE SUARGO SAGET, tapi kenging nopo kito niki kok boten purun........?

Kekaya'an benjing ten suargo niku dalane liwat nopo........?, nopo sembahyang , nopo poso , nopo wiritan, nopo sedekah...?, ngeten poro pemaos , kulo KANDANI OJO KONDO-KONDO  , Nopo..? kaya raya ten suargo niku seng paling uakeh gak ono ngungkuli , gara-gara duwe anak , trus anak e di sekolahno di ngajekno dengan tujuan golek ganjaran, nyekolahno anak yen tujuane pinter ngaji AGOMO , niku tiap-tiap sak jam podo karo wiritan setahun, lalek 3jam pun 3tahun , seng duwe ganjaran pakne bok ne , La nek anak e seng boten sekolah tujuan agomo , benjing niku nelongso kelongkongan tangisan, yen saget niku wani duwe anak ,kudu wani minterno anak agomo, soale nopo...?

Poro pemaos ingkang minulyo:
Kepinteran niku macem kalih , enten kepinteran seng saget di manfaatne ten dunyone tok , tapi njih enten kepinteran ingkang dipun manfaatne ten dunyo lan akhirat, CONTONE kepinteran seng di manfaatno nang dunyo niku nopo..? , pinter nukang kayu , sekolah nukang kayu, la pinter niku boten saget ilang, sampek milyartan tahun akal boten saget lali, dadose urip pinter nukang kayu njur mati mlebet suargo ,benjing ten suargo njih tasik pinter nukang kayu, tapi pinter nukang kayu ten suargo boten enten gunane mergo nang suargo boten enten kursi bujat, Pinter dandani sepeda montor, pinter niki boten saget ilang, bahkan lali benjang niku saget eling maneh ten rekaman otak niku , sampek mlebet suargo tasik pinter dandani sepeda montor, tapi pintere dandani sepeda montor niku benjing ten suargo boten enten gunane , mergo nopo..benjang ten suargo boten enten sepeda montor bujat

La trus seng enten manfaate niku nopo , njih meniko seng di arani AGOMO, sekolahan niku macem kalih lo, enten sekolahan seng tujuane kanggo ten dunyo, enten sekolahan seng tujuane slamet ten akhirate, golek ganjaran, poro pemaos , KA'BAH niku watu ,BOROBUDUR niku njih watu lho, ojo di anggep podho watune ach, ka'bah niku watu kasar-kasar tapi BAROKAHI yen di grayangi , tapi yen borobudur.......?, panjenengan grayangi malah saget dados kemusyri'kan , njih boten...?

Milane yugane kedah dipun sekolahaken ten madrasah , syukur-syukur dipondok aken, niki serius lho , suargo duwur niku mergo anak, anake kedah di usahakne pinter ngaji ,syukur-syukur angsal ijazah negri, iso dadi pulisi , iso dadi kyai , iso ngimami, . DADI kulo panjenengan saget sugih ten suargo niku mergo anak.

NB: ALHAMDULILLAH sampun rampung pembahasanipun , mugi-mugi sagetto beto manfaat barokah khususipun kagem kulo lan umumipun kagem panjenengan sedoyo, menawi enten lepat lan tulisan-tulisan ingkang klintu ,kulo nyuwun agungipun pangapunten njih......!!!!

2 komentar:

  1. Wahhhhhh,,,kagummm,,aku pak ,,apik2,,isine nek blog sampean,,

    BalasHapus
  2. Saestu tulisane panjenengan niki sae...
    Wonten guyone.. wonten wekasane..
    Menawi panjenengan ingkang wonten waktu maleh.. monggo nulis maleh.. kersane umate saget ngaji.. mboten mblendas wae.. koyoto sing nulis koment niki... wehehehe... astaghfirullah hal'adziiiimmmm......

    BalasHapus

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....