Senin, 03 Juni 2013

MAKNA NE SYI'R SLUKU-SLUKU BATOK

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Sala
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit.

=> Sluku-sluku bathok: Niku saking Bahasa Arab : Ghuslu-ghuslu bathnaka :
Ingkang artosipun Resik ono Batinmu ,
kang utomo ne yoiku ngresik i batine banjur dipun resik i ragane, sebab ngresik i rogo iku luwih gampang tinimbang ngresik i batin utowo jiwo , Kados dene lagu INDONESIA RAYA ''bangunlah jiwanya bangunlah badan nya'' , dadi bangun jiwane disek baru lek sampun toto lagi bangun rogone .

=> Bathoke ela-elo : batine La Ilaha Illallah :
Tegese Atine tansah dzikir maring Allah ,naliko wektu seneng utawi nandang kesusahan ,naliko nompho nikmat utawi musibah , Sebab ten gene peristiwa meniko gadahi hikmah.

=> Si Rama menyang Solo :
Aduso , supoyo resik (suci) , banjur tindakno Sholat , Sholat yoiku kewajibane kanggo wong islam seng di tindak no 5 wektu sedino sewengi , Janji wong islam kok ora nindakno sholat ,islame boten syah , Amergi sholat niku mlebet deneng RUKUN ne islam,
Conto ne arkanul wudhu , piro-piro rukune wudhu, salah swijine kudu basuh tangan, yen salah sawijine rukun ora di tindakno berarti wudhune ora syah, semunu ugo sholat , wong islam kok ora nglakoni sholat ,berarti islame ora syah .

=> Oleh-oleh payung motha :
Lailaha Illalah hayyun mauta : Dzikir maring Gusti Allah mumpung isih urip, tobat sak durunge ketekan pati .Eling-eling sira manungsO
Sing urip nang alam ndunyo ,Jo podho mung mikir bondho,Akhirat terus dilalekno
Mengko yen ajal wus teko Kabeh ra biso semoyo Ngejokno opo ngundurno Urip iki mung sak dermo .

=> Mak jentit lolo lobah wong mati ora obah, nek obah medeni bocah, nek urip golekka dhuwit :
Yen wes teko titimongso , mati iku sak jentitan wes bar, mari ngunu wes ora obah , walaupun naliko uripe dadi rojo dirojo ,sugih bandamu ,mukti wibowomu ,duwur pangkatmu yen wes mati ora ono seng di gowo . Naliko isih urip berjuango lan dadio wong seng tekun nyambut gawe

Mekaten kirang langkungipun nyuwun pangapunten
Wallahu a'lam bissowaf

1 komentar:

  1. Mas Matur suwun. mawi angsal takngklet, napaa kok di profilnya ada blog yang diikuti wonten sing mboten sae?

    BalasHapus

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....