Selasa, 29 Oktober 2013

ASAL USULE SEKABEHANE

''ASAL USULE SEKABEHANE''

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami , 
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Gusti Allah niku damel makluk pertama kali yoiku malaikat-malaikat , Malaikat niku bahan bakune saking sinar, kirangan kapan Gusti Allah damel malaikat boten dipun critakno ten Qur-an hadist-se, lajeng milaine crito niki saking NEROKO riyen , Ngeten poro pemaos , dipun cerita'aken wonten kitab-kitab, Gusti Allah niku ngurub no geni GUEDI banget genine, di urub no sampek suwene kiro-kiro sewu tahun , wong taseh dereng enten dino soale, sahinggo geni niku rupane PUTIH kados neon ngoten niku, Di urib no malih geni niku sewu tahun malih , sampek rupane geni niku UABUANG branang , Geni dipun urib no malih sewu tahun malih sampek rupane geni niku UIRUENG njliteng , NAH nikulah ingkang dipun arani NEROKO, neroko pun dadi GUEDINE setengan mati,di lengkapi kalih sekso-sekso ingkang luar biasa , bareng neroko pun siap sedoyo Gusti Allah ngendiko ten malaikat

''MALAIKAT AKU GAWE PANGGONAN SENG ANGKER BANGET JENENGE NEROKO, SOPO YO BESOK UMATKU SENG GELEM DADI PENDUDUK E NEROKO, NEK MALAIKAT GELEM SILAHKAN'' , Lajeng malaikat-malaikat ningali neroko, dadak an neroko niku penuh dengan siksa'an ingkang boten karu-karuan , malaikat langsung ngendiko ''Gusti Allah sinten ingkang bade purun dados penduduk ipun neroko ,wong neroko modelle kados mekaten, boten enten gunane gusti panjenengan damel neroko, boten kiro enten penduduk e, panjenengan titeni yen boten percoyo, mangke lak neroko kosong boten enten penduduk e sampek kapan mawon,.....''NGUNU YO MALAIKAT'' . njih gusti....

Lajeng Gusti Allah matur malih , ''MALAIKAT ,AWAKMU RUH FILM ME DALANE NUJU NANG NEROKO...?'' , Kados nopo Gusti modelle...? , Bareng di puterno film me lakone dalan nuju ten neroko dadak an seng NYENENG-NYENENG NO PIKIR THOK, wes pokok e seng uenak-enak boten mufakat , kados pelacuran, perjudian , pencurian, korupsi , ngapusi, demenan lan sak piturute pokok e bongso seng nyeneng no pikir ngoten niku,

Bareng malaikat sumereb dalane neroko seng nyenengno pikir ngoten niku langsung malaikat ngendiko ''La njih Gusti Allah ,lalek dalane neroko modele kados ngoten, panjenengan titeni benjing umate panjenengan sedoyo sami mlebet neroko sedoyo , KEPINCUT DALANE LALI AKIBATE , Saking enak e saking apik e , ''MALAIKAT NGOMONG KOK PLINTAT-PLINTUT , MAU NGOMONG JARENE ORA ONO PENDUDUK E, BARENG DI DUDOHNO DALANE KABEH MLEBU NEROKO'' ,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sak sampunipun nyiptak aken neroko , boten dangu Gusti Allah damel panggonan malih ingkang GUEDINE Setengah mati seng di arani SUARGO, yen ningali cerito ten tafsire niki NEROKO rumiyen lajeng SUARGO , suargo dipenuhi kalian Gusti Allah macem-macem kesenengan lan kenikmatan ingkang bukan main sak anane kesenengan sedoyo ngumpul ten suargo , bareng suargo pun mari malaikat-malaikat di tari , soale JIN ,MANUNGSO tasik dereng enten, entene namung malaikat mawon ,

''MALAIKAT'' , Wonten dawuh Gusti,,, ''AKU GAWE PANGGONAN SENG DI ARANI SUARGO ,UAPIK BANGET , TAK WENEHI HIASAN-HIASAN , HIBURAN-HIBURAN SENG GAK KARUAN APIK E, MALAIKAT AWAKMU GELEM TAH TAK CALOK NO DADI PENDUDUK E SUWARGO, NEK GELEM SILAHKAN PANGGONONO SAK ANAK TURUNMU MALAIKAT.'' ,

Banjur poro malaikat sami ningali suargo , dadak an uapik e setengah mati langsung malaikat ngendiko, ''Gusti Allah kok panggonan uapik e kados mekaten, panjenengan titeni Gusti benjang, sak anane makluk e panjenengan sami oyok-oyok an rebutan mlebet suargo sedoyo, la uapike ngoten sinten ingkang boten kepincut ten mriku'' OIYO NGUNU YO MALAIKAT'' njih Gusti....''MALAIKAT AWAKMU RUH DALANE NUJU NANG SUARGO'' , Dereng Gusti...''DELOK EN FILM ME'' ,

Bareng malaikat ningali dalan nuju ten suargo , duadak an barang seng muegel-megel no ati tok, wes ngene gak oleh ngunu gak oleh, enak-enak turu dikon tangi sembahyang subuh, sugeh duwet kongkon sedekah, nyolong gak oleh , ngombe khomer gak oleh , korupsi gak oleh , sir-siran demenan karo bojone tonggo gak oleh, ''Ya Gusti Allah nopo-nopo kok boten angsal ,panjenengan titeni benjing suargo boten enten penduduk e, dalane seng nyusah-nyusahno thok ,kosong benjing suargo , sinten ingkang bade mlebet mriku wong dalane angele ngoten niku'' , ''MALAIKAT NGOMONG KOK PLINTAT-PLINTUT , JARENE MAU MLEBU SUARGO SEDOYO, BARENG RUH DALANE JARE GAK ONO SENG MLEBU SUARGO''

Poro pemaos ingkang minulyo:
Akhire SUARGO pun dadi NEROKO pun dadi, Gusti Allah sampek towo-towo ,''MALAIKAT MOSOK AWAKMU GAK GELEM DADI CALON PENDUDUK E SUARGO , LALEK GAK GELEM LAK ORA ONO GUNANE AKU GAWE SUARGO SENG APIK E SETENGAH MATI''
Jawabpe malaikat , ''Boten Gusti, boten wani dados calonependuduk suargo'' , LA KENO OPO KOK GAK WANI MALAIKAT...?'' , Njih gusti kulo mangke yen SELIP (Nglakoni salah) ten suargo ,mangke kulo panjenengan buwak ten neroko , mumpung dereng kadung Gusti, ''O BERARTI AWAKMU GAK WANI MLEBU SUARGO MERGO WEDI MLEBU NEROKO..?'' ''njih Gusti , boten mlebet suargo boten nopo-nopo Gusti seng penting boten mlebet neroko'' , ''O NEK NGUNU NGENE WAE , SUPOYO BENE ONO GUNANE GAWE SUARGO , AYO GAWE MAKLUK SENG WANI MLEBU NEROKO, BERARTI MAKLUK MAU WANI MLEBU SUARGO''

Akhiripun Gusti Allah nimbali malaikat JIBRIL ..
''JIBRIL'' , Dalem Gusti Allah'' , AKU PEKNO WOHWOHANE GENI NEROKO SAK CAWUK AN WAE ,MENGKO TAK GAWENE BAHAN BAKU MAKLUK SENG WANI MLEBU NEROKO , MERGO BAHAN BAKUNE SOKO GENI NEROKO'' , ''Njih siap Gusti'' .
Akhire malaikat jibril slulup ten neroko uadohe trillyunan kilo ,malaikat jibril langsung nyawuk geni neroko (njih cawuk ane malaikat njih kirangan njih) di beto munggah disetorno ten Gusti Allah

''Gusti Allah niki woh wohane geni neroko seng paling ngisor paling panas Gusti , ''KENE JIBRIL TAK TAMPANANE'' . Akhire wowohane geni neroko di emplek-emplek di glintir-glintir ngoten sawangane , di banting jreeet dadi makluk seng gagah njih meniko JIN , La niki pun enten makluk kalih yakni MALAIKAT KALIH JIN , Jin niku makluk e Gusti Allah seng bahan bakune saking geni neroko . Bareng jin pun gedhe-gedhe , jin di tari kalih gusti Allah , ''JIN....'' , ''Wonten dawuh Gusti'' , AWAKMU SANGGUP JIN , DADI PENDUDUK SUARGO....?'' , ''Suargo niku pundi gusti...?'' , ''LAIKO DELOK EN'' .

Bareng Jin ndelok suargo LANGSUNG mawon WANI tanda tangan, ''Njih Gusti suargo kulo panggonane sak anak turun kulo'' , ''WANI TENAN JIN..?'' , wantun Gusti'' , ''TAPI ONO SYARATE LHO JIN'' , ''Syaratte nopo gusti..?'' , AWAKMU TAK UJI DISEK MEDUN NANG BUMI , NALIKANE AWAKMU TAK UJI NANG BUMI SEDILUK BANGET, AWAKMU ISO DADI MAKLUK SENG APIK KELAKUANE , NURUT PERINTAHKU , NINGGAL LARANGANKU AWAKMU ISO MLEBU SUARGO, TAPI KOK AWAKMU NANG BUMI DADAK AN GAK NURUT PERINTAHKU ,MELANGGAR LARANGANKU, AWAKMU BAKAL TAK UKUM NANG UKUMAN SENG JERU'' , Ten pundi Gusti...?'' , ''NANG NEROKO'' , la neroko niku kados nopo Gusti...?'' , LA IKO DELOK EN'' , ''yah Gusti wong kulo niki bahan bakune saking geni neroko anggep kebo balik nang kandange, siaap Gusti'' , ''WANI TENAN JIN...?'' , Siiiaaapp''

Poro pemaos ingkang minulyo:
Akhiripun JIN di dunke ten bumi kagem di uji lulus mlebu suargo gak lulus mlebu neroko , menungso dereng enten niki ,
Sak derenge lanjut kulo critani LAPISANE ALAM , Lapisane Alam niku ngeten poro pemaos :
=> Paling DUWUR niku ARAS ARAS ARAS , nek coro jowone Istana , istana ne Gusti Allah, Lapis pitu
=> Ngisore niku SUARGO SUARGO SUARGO Lapis pitu
=> Ngisore suargo NEROKO NEROKO NEROKO lapis pitu
=> Ngisore neroko niku ALAM BARZAH alam pemisah antarane ndunyo kalih akhirat, niku arane Alam barzah ,uombone milyartan kilo
=> Lajeng ngisore alam barzah niku LANGIT LANGIT LANGIT lapis pitu
=> Ngisore langit niku PLANET / BINTANG-BINTANG seng jumlahe pirang-pirang milyart , diantarane bintang niku enten namine SRENGENGE (matahari), Di antarane bintang seng munyeri matahari jumlahe pitu seng gedhe enten namine BUMI ,

Nah pun saget bayangne, dadose BUMI niku CUILIK E setengah mati, soale enten planet niku ingkang agenge 1milyart kali bumi , la niku sedoyo ten ngisore langit paling ngisor, ALANGKAH AGENGIPUN ALAM GUSTI ALLAH, Dah neo gedhene seng di arani suargo neroko.

Akhire JIN niku di kirim medun ten bumi , njih gampange SAK JODHO lah medhun ten bumi, njih bumi niki, JIN ne manak-manak tambah kuatah ten bumi, TAPI jin ten bumi niki boten nurut perintahipun Gusti Allah, padahal Gusti Allah njih pun ngutus Nabi-nabi teko Jin, tapi teteb boten enten seng nurut tatanane gusti Allah, kirangan pirang tahun boten dipun critakno ten gene Al-Quran ne, Gusti Allah SWT gak kedugo delok kelakuane jin seng nok bumi boten karu-karuan, Gusti Allah mrintahno malaikat

Gusti Allah ngumpulno poro malaikat wiwit Jibril , Mikail , Isrofil lan sak pinunggalane , ''HEI JIBRIL'' , dalem gusti...'' , WES AKU DELOK KELAKUANE JIN NANG BUMI GAK KEDUGO AKU, PATENI KABEH WAE JIN SENG ONO NANG BUMI IKU, WES GAK USAH JIN-JIN NAN, WES GAK ONO SENG NURUT PERINTAHKU NINGGAL LARANGANKU, TIMBANAGANE NGEBEK-NGEBEK KI NEROKO MUMPUNG DURUNG PATENONO KABEH'' ,

Akhire Malaikat jibril mikail beto tentara malaikat medun ten bumi, sak anane jin di pateni sedoyo , njih enten seng ketinggalan siji loro seng delik-delik ten GOT got ngoten niku , sampek sak niki , niku kari karen-karen, TAPI enten keanehan ten gene tafsir Qur-An nipun, Nopo......?

Poro pemaos ingkang minulyo:
TAPI enten keanehan ten gene tafsir Qur-An nipun, nopo...? , Enten Jin cilik jik umur sekitar bongso setahun guanteng rupane kathik lucune setengah mati, lakok malaikat jibril niku usil , ''HEY JIN IKI GANTENG E , AYO DI GOWO NANG SUARGO DI INGONI'' , lho..lho Gusti Allah gak ngongkon mengko dadi perkoro, ''WES GAK POPO,,,GAK POPO'' , Akhiripun di gendong malaikat di beto ten suargo padahal Gusti Allah boten ngongkon tapi njih niki di damel lingkaran hidup ,

Jin cilik wau malih urip campur malaikat, di paringi jeneng sami kalih malaikat , namine ''AZAZIL'' , Dadose azazil niku MINAL JINNI ( anak an jin ) sanes malaikat tapi pun dadi GROUB pe malaikat , amergi di openi kait cilik kalih malaikat , Lakok azazil niki tambah gedhe-tambah gedhe puintere setengah mati ngalah-ngalahi malaikat, coro gampange malaikat tekuk lutut kalih azazil niki mergo saking pintere, pun dados kebiasa'an ten alame malaikat, sinten seng paling pinter di angkat dados komandan malaikat, akhire JIN azazil di angkat dados komandan malaikat,

Bareng dados komandan malaikat, AZAZIL mulai kumat, soale pun dados undang-undang ingkang dados komandan malaikat di salap ten suargo, Gusti Allah matur , ''AZAZIL'' , wonten dawuh Gusti..., ''TIMBANGANE JIN BIYEN GAK DUNUNG DADI CALONE PENDUDUK SUARGO, LA SUARGO IKI APIK E SETENGAH MATI , GELEM TA AWAKMU AZAZIL TAK DADEKNO PENDUDUK SUARGO, MERGO AWAKMU KATHOK E PALING PINTER DI ANTARA PORO MALAIKAT-MALAIKAT'' , wah njih Gusti kulo panggonane suargo Gusti , ''IYO , TAPI ATI-ATI LHO AZAZIL'' , Nopo Gusti...? , ''SUWARGO PANGGONONO PEK EN KABEH SENG ONO JERO SUARGO, TAPI ONO SIJI LARANGANKU LHO AZAZIL'' , Nopo Gusti niku...? , ''SOMBONG....OJO PISAN-PISAN AWAKMU SOMBONG, NEK AWAKMU SOMBONG, RUNGOKNO , AWAKMU SAK ANAK TURUNMU TAK LEBOKNO NEROKO KABEH, PIYE AZAZIL...?'' , Siiiaaap Gusti Allah...kulo panggonane suargo ,

Azazil ,namine komandan , ojo maneh komandan malaikat , komandan hansip niku mawon petetak petetek ,njih boten...?, nah Azazil njih ngoten, suwe-suwe mulai kumat SOMBONGE , Sampek azazil di eilingno kalih Gusti Allah , HEI JIBRIL ,AZAZIL KETOK E MULAI SOMBONG, TULISEN NANG GERBANG PINTU SUARGO , TULISEN SENG GUEDIII , BENE DI GAWE WACAN-WACANAN AZAZIL CIK E GAK LALI'' , tulis nopo Gusti..? , ''ANTI KHARAMUN ALA KULLI MUTAKABIRIIN ,SUARGO HARAM KANGGO SEKABEHANE WONG SOMBONG'' ,

Dadose ten suargo niku pintu gerbang paling ngareb enten tulisane ngoten , benjing panjenengan nek mlebet suargo lak ngerti ''SUARGO HARAM KANGGO SEKABEHANE WONG SOMBONG'' , La undang-undang niku berlaku sampek sa'niki, artine sinten mawon seng sombong boten saget mlebu suargo,
Lajenge CRITO Azazil lupa daratan....lajeng pripun...?

Poro pemaos ingkang minulyo:
Malaikat jibril sampun nulis GUEDHI ten ngajenge lawange suargo, suargo kharam kanggo sekabehane wong sombong , tapi malaikat Azazil lupa daratan, tambah sombong-tambah sombong La Gusti Allah boten kedugo, bareng gusti Allah boten kedugo wes kadung Azazil manggon nang suargo dados komandan malaikat , La GUSTI ALLAH NGRANCANG DAMEL MENUNGSO, Prosese kados nopo ten critane ten gene tafsir Qur'an ne,

Gusti Allah dawuh , ''MALAIKAT JIBRIL NGENE YO, ANANE JIN JIN BIYEN MANGGONG NANG BUMI DADI WONG NAKAL ,BELING-BELING GAK KARUAN, MERGO JIN KUI KAN BAHAN BAKUNE TEKO GENI NEROKO, GAK MUNGKIN MERGO BAHAN BAKUNE SOKO GENI NEROKO ISO TENANG ONO ING BUMI'' , la trus dos pundi Gusti...? ,''AYO SAK IKI GAWE MAKLUK SENG BAHAN BAKUNE TEKO LEMAH , TEKO BUMI, BERARTI IKU ISO DADI PENDUDUK ONO BUMI ,LAN IKU LAH KIRO-KIRO BESOK SENG ISO DADI CALONE PENDUDUK E SUARGO ,

Lajeng malaikat jibril tangklet . ''Gusti Allah dos pundi maksudte panjenengan...?'' , ''JIBRIL , MEDUNO YO NANG BUMI , AKU PEKNO E BUMI SAK CANGKUPAN WAE , MENGKO TAK GAWENE BAHAN BAKUNE CALONE PENDUDUK BUMI SEKALIGUS CALONE PENDUDUK SUARGO'' , Wo njih siiaap Gusti... , ''TAPI JIBRIL....DI TARI SENG APIK YO NANG BUMI , OJO SAMPEK DI TODONG DI PEKSO LO, MENGKO SAMPEK BUMI GAK RIDHO MOK CAKUP TAK GAWE MAKLUK BUYAR MENGKO, JELAS GAK KIRO DADI APIK KELAKUANE, MERGO ASAL USULE BAHANE SAKING MANGKEL PIKIRE'' ,Siiiap gusti Allah,

Malaikat JIBRIL medun ten bumi, bareng Malaikat Jibril ten bumi ,omong-omongan kalih bumi . ''BUMI,,'' , Enten nopo Malaikat Jibril...? , ''AKU DI TUGASNO GUSTI ALLAH, AKU JALUK AWAKMU SAK CAKUPAN WAE BUMI'', lho kanggo nopo Gusti Allah kok mendet bumi..? , '' KANGGO CALON BAHAN BAKUNE PENDUDUK SUARGO, MERGO CALON PENDUDUK E SUARGO KUDU DI UJI MEDHUN TEN BUMI,JIN JIN ORA ISO URIP NANG BUMI SECARA SEMPURNO MERGO BAHAN BAKUNE TEKO GENI NEROKO'' , O ngoten to , la menawi umpami benjing ten bumi selip (nglakoni salah) pripun Jibril...? , ''YO BESOK ISO DADI PENDUDUK NEROKO'' , La niki Malaikat kulo seng gak wani , Jibril sepuntene seng katah njih , kulo sampean jaluk ne sepuro ten Gusti Allah, bumi boten mantun Gusti dados penduduk e suargo mergo kuwatir besok breset mlebu ten neroko, mumpung durung, ''DADI LAK GAK GELEM AWAK MU IKI..?'' , boten wantun Malaikat sepuntene seng katah,

Bumi di rayu-rayu kalih Malaikat teteb gak wani , akhiripun Malaikat Jibril balik sowan ten gene Gusti Allah , ''Gusti Allah bumi boten wani, kulo icuk-icuk boten purun...'' , ''LA NYAPO KOK GAK WANI MALAIKAT..?'' , Kwatir yen mlebet neroko Gusti , ''DADI AWAKMU GAK KASIL JIBRIL..?'' , boten Gusti , ''JIBRIL DI TUGASNE NGUNU BAE GAK KASIL TITENONO, BAKAL TAK SEKSO ,BAKAL TAK DADEKNO MALAIKAT SENG BESOK NOTO PETUGAS-PETUGASKU SENG MEDHUN NANG BUMI'' ,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Malaikat Jibril angsal kartu kuning (peringatan) mergo gagal, Lajeng ganti Malaikat mika'il, ''AYO MIKA'IL MEDUNO NANG BUMI YO MIKA'IL, AKU PEKNO BUMI SAK CAKUP PAN WAE, KANGGO CALONE PENDUDUK SUARGO UTOWO NEROKO , TAPI MIKA'IL , MENGKO JALUK E SENG APIK LO OJO MEKSO, KUDU BUMI LEGO ATINE RIDHO NALIKANE MOK JALUK I '' , siiiap Gusti Allah

Malaikat Mika'il medun ten bumi , La kados pundi...? Sami mawon Bumi malah nangis kelongkongan , Wal hasil malaikat mika'il balik sowan ten gene gusti Allah , ''Gusti Allah ,bumi boten wantun , malah nangis kelongkongan boten purun Gusti'' , DADI AWAKMU GAGAL PISAN KOYO JIBRIL....?'' , Njih Gusti.... , ''MIKA'IL SEBAB AWAKMU GAGAL, KENO KARTU KUNING , AWAKMU BESOK BAKAL TAK TUGASNO, TAK KON NGATUR EKONOMI NANG BUMI BESOK'' , Njih Gusti terserah panjenengan..

Malaikat kalih gagal (Jibril Kalian mika'il) kenging kartu kuning, ''SA'IKI ISROFIL AYO MEDUN NANG BUMI ISROFIL....'' , Bareng Isrofil medun ten bumi njih sami mawon, boten angsal nopo-nopo , ''Gusti kulo boten mentolo (tego) Gusti , bumine nangis kelongkongan ,kulo boten tego gusti , ''DADI AWAKMU GAGAL PISAN ISROFIL...?'' , Njih Gusti sami kalih kang Jibril , kang Mika'il , ''YOWES AWAKMU TAK SEKSO PISAN, IKI TROMPET IKI DI CEKEL, TROMPET IKI BESOK NALIKANE BOK SEBUL, BUMI ISO KIAMAT , MOK SEBUL MANEH ISO URIP MANEH'' , Akhire trompete di cekeli mawon , dadose sa'niki trompet niku njih tasek di cekelli mawon ngentosi perintah,

Sampun tigo Malaikat ingkang kenging kartu kuning (Jibril , Mika'il, Isrofil) , Ingkang sak lajenge Malaikat ''IZRO'IL'' Malaikat ke uireng ngoten gedhe duwur kereng (galak) e setengah mati, '' AYO IKU MALAIKAT SENG KUERENG IKU , AYO IZRO'IL'' , Siiiap Gustii.....''AYO MEDUN NANG BUMI, AKU PEKNO BUMI SAK CAWUK AN, OJO KOYO KANCAMU TELU GAGAL, KENO KARTU KUNING''

Akhiripun Malaikat Izro'il medun ten bumi, Lakok dadak an lali pesene Gusti Allah , ''Bumi aku jaluk awakmu sak cakupan, oleh jaluk gak oleh jaluk'' , moro-moro nyakub ngoten mawon , bumine bengok-bengok boten di gubris, ''Wes gak gubris bumi timbang aku di lok no Gusti Allah luwung di lok bumi'' Bumine berok-berok tulung-tulung boten di gubris kalih malaikat Izro'il, akhiripun Bumi sak cakupan di serahno ten Gusti Allah, ''Guti Allah kulo angsal Gusti, GOL kulo boten kados konco-konco kulo gagal sedoyo'' , ''ENDI....'' , Niki Gusti bumi sak cangkupan , ''IZRO'IL MAU CRITANE KOYO OPO KOK BUMI GELEM ..?'' kulo todong mawon Gusti, moro-moro kulo cawuk ngoten mawon, bengok-bengok pun kulo boten ngurus , ''BERARTI BUMI MAU GAK RIDHO..?'' , Boten Gusti , ''BERARTI AWAKMU TEGO MENTALAN'' ,njih kulo mentalanan , '' NEK NGUNU BESOK AWAKMU BAKAL TAK SEKSO PISAN KENO KARTU KUNING'' , Nopo Gusti...? , ''TAK TUGASNO BAGIAN JABUTI NYAWANE MENUNGSO NANG BUMI BESOK'' , Njih siiiap Gusti kulo jabutane nyowone..

Malaikat bagian jabut nyowo niki poro pemaos umpami kok malaikat jibril ,mungkin katah tiyang boten sido mati, areb mati kelongkongan nangis ngesakno akhire gak sido-gak sido, opo maneh Malaikat isrofil , Bareng seng bagian jabut nyowo Malaikat Izro'il , gak peduli , nangiso teteb di jabut ti mergo mentalanan tegonan, niku critane.....!!!! akhire Bumi pun di setorno Gusti Allah lajeng pripun......?

Poro pemaos ingkang minulyo:
Bumi pun di setorno Gusti Allah lajeng Bumi di emplek-emplek ,di mbel-mbel di banting jriieeet dadi makluk seng namine ''NABI ADAM'' , Nabi adam pun dadi , tasik alit plonga-plongo dereng saget nopo-nopo, Gusti Allah ngrancang ajenge GEBLAKNO seng di arani Malaikat AZAZIL, seng asale anak turune JIN niku wau, Gusti Allah negndiko , '' HEI PORO MALAIKAT, WES SUWE GAK DI ADAKNO REFORMASI KEPENGURUSAN MALAIKAT, AYO SAK IKI DI ADAKNO REFORMASI PERGANTIAN PENGURUS'' , la dos pundi carane Gusti...? , ''NGENE ,MENGKO TAK UJI TAK TAKONI CORO PRIBADI, SOPO SENG PALING PINTER DI ANTARANE ANDA SEKALIAN PORO MALAIKAT, TAK ANGKAT DADI KOMANDAN MALAIKAT'' , Gentosi azazil ingkang sampun pirang-pirang ewu tahun dados komandane Malaikat, jare Azazil ''Jelas kulo Gusti paling pinter'' , Jare jibril ''Jelas kulo'' . ''IYO BUKTEKNO , SESOK DINO JUM'AT KUMPUL KABEH ,MENGKO TAK TAKONI, SOPO SENG PALING PINTER TAK ANGKAT DADI KOMANDAN MALAIKAT''

Akhiripun Poro malaikat sami siap-siap sedoyo , sak anane di apalne , mergo ajenge dipun Uji Gusti Allah, Lakok dadak an GUSTI ALLAH Main politik, politik ke pripun ,,? , nabi adam dalu-dalu di panggil pribadi ''DI WULANGI'', ''DAM...'' , Enten nopo Gusti'' , ''AWAKMU YEN TAK DU AMBI MALAIKAT MESTI GULUNG TIKAR , KALAH DISIK I, AWAKMU ISO OPO , MALAIKAT IKU PINTER-PINTER, TAK KANDANI DAM YO ,SUPOYO AWAKMU MENANG CIK E GAK KALAH KARO MALAIKAT, TAK ULANGI OJO KONDO-KONDO, SENG TAK TAKOKNO BESOK SENG DURUNG TAU TAK ULANGNO NANG MALAIKAT, BEN GAK ISO JAWAB, LA AWAKMU TAK KANDANI''

Niki umapmi gampangane mekaten poro pemaos , Gusti Allah yen ngulangi . ''DAM TAK KANDANI YO NANG PENDUDUK BUMI IKU BAKAL NYAMBEL, SENG DI GAWE NYAMBEL ARANE OPO , MENGKO JAWAPEN COWEK NGUNU YO..?'' , Njih,,,njih Gusti . ''APALNO LO, MENUNGSO BESOK NANG BUMI TENGUK-TENGUK , LINGGUHANE ARANE OPO, MENGKO JAWABEN KURSI NGUNU YO'' , Njih Gusti,,,njih , ''MENUNGSO BESOK KEDHUK-KEDUK , JAWABEN LINGGIS NGUNU YO'' , njih Gusti...Njih...

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sa'jane isone Nabi Adam namung nika niku mawon, la tapi Malaikat boten nate di omongi, bareng isuk-isuk Malaikat kumpul, Gusti Allah lajeng ngendikan '' HEI MALAIKAT YEN AWAKMU TEMEN-TEMEN NGAKU PINTER, HAYO DI JAWAB OPO SENG TAK TAKOKNE NANG AWAKMU'' , Siap Gusti ,
Jare Jibril '' Panjenengan tangklet nopo Gusti kulo siiiap jawab'' , ''JIBRIL , BESOK MENUNGSO NANG BUMI IKU NYAMBEL BRIL, WADAHE SAMBEL ARANE OPO BRIL...?'' Gusti boten nate di ulangno kok di takokno njih boten semereb , ''LO GAK ISO,,,MIKA'IL...MIKA'IL...'' , podho mawon Gusti , ''AZAZIL...AZAZIL...'' , wah boten semereb Gusti , ''ADAM ADAM,,,ENDI ADAM...'' , Alah niku bodho Gusti boten usah di elokno Gusti , ''AYO ADAM MAJU DAM..... , DAM'' , Dalem Gusti , ''BESOK NANG BUMI IKU NYAMBEL DAM,ADAHE SAMBEL ARANE OPO DAM...?'' Coweeeek Gustiiiii....... ''IYO SERATUS ADAM''

Wehehe soale dalune pun di wulangi , ono wae ,ujian seng di senengi bengi-bengi di wulangi ,mesti mawon lulus njih boten...?
''JIBRIL...'' , Wonten dawuh Gusti ,''BESOK WONG NANG BUMI KEDHUK-KEDHUK BRIL , ALATE KEDHUK-KEDHUK JENENGE OPO BRIL...?'' , Wah boten semereb Gusti boten nate du ulangi kok di takok no , '' AYO MIKAIL,,,MIKAIL OPO IL...?'' , Boten semereb Gusti, ''AZAZIL...AZAZIL...'' , wah boten semereb Gusti ''OPO DAM,,,,OPO DAM...?'' , Linggis Gustiiii..... , ''SERATUS ADAM'', Di tangkletti sembarang kalir njih saget poro sederek soale bengine dipun wulangi . Baru Gusti Allah ngendiko , 


 Poro pemaos ingkang minulyo:
Sak sampunipun ngoten Gusti Allah ngendiko ''MALAIKAT AYO DI AKONI CORO GENTELMEN, AKU GAK ATIK PILIH KASIH, SOPO SENG PALING PINTER DI ANTARA ANDA SEKALIAN...?'' Adaaammm Gustiiiiii........ Nah pun dados undang-undang sopo seng paling pinter di angkat dadi komandan malaikat genteni Azazil , ''AYO SUJUD KABEH NING ADAM'', Sak anane malaikat siiiiaaaap graaaak sujuuuud , Ono sitok malaikat seng boten purun sujud ,,sinten...? (FASAJADU ILLA IBLIS) , Alias Azazil, 

''AZAZIL AYO SUJUD NANG ADAM'' , Boten Gusti , nek kulo di kengken sujud ten panjenengan Siiiap Gusti , TAPI nek ten adam kulo boten purun Gusti , la nopo kulo pinter mulyo ,adam cilik tasik dek wingenane , ''HE AZAZIL IKI PERINTAHKU LO'' , Gak perduli perintahe panjenengan moh yo moh Gusti , ''LOH AWAKMU GAK GELEM TEMEN AZAZIL,AWAS NEK GAK GELEM AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BAKAL TAK SEKSO NANG NEROKO KABEH.'', Kulo teteb boten purun Gusti, langkung Sae kulo mlebu neroko timbang di kengken sujud ten adam, (Gusti Allah muring-muring) , ''O IBLIS KI, AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BLEK KEDUWEK TIBO TUMPLEK BAKAL TAK LEBOKNE NEROKO KABEH TITIK'' .

Nah akhire neroko pun enten penduduk e , Azazil niku dados ''IBLIS'', La iblis niku BABONANE SYETAN, dadose syetan syetan niku sedoyo anak e Iblis, Sampun saget Bedakne antarane JIN kalih SYETAN , la iblis niku sinten ...? Iblis niku Anak an JIN seng di beto malaikat nalikane tasik alit , Nah yen anak an JIN sampek sakniki nek kelakuane apik tasik saget mlebet suargo, TAPI yen anak an Iblis seng di arane Syetan syetan niku boten saget mlebu suargo

Iblis nalikane di CAP kalih Gusti Allah mlebu ten neroko sak anak turune langsung jaluk kesempatan ten Gusti Allah , ''Gusti kulo siap mlebu neroko sak anak turun kulo tapi ngentosi dino kiamat Gusti, ''O NGUNU TO YOWES , AWAKMU SAK ANAK TURUNMU TAK DUNNO NANG BUMI KOYO KONCOMU JIN KABEH , BESOK YEN WES DINO KIAMAT ANAK TURUNMU KABEH TAK LEBOKNO NEROKO'' , Gusti allah kulo pun ngerti , adam benjing panjenengan dunne ten bumi , niku jelas kulo pun ngertos, panjenengan titeni Gusti benjang anak turune adam seng di arani menungso-menungso tak orat-aritno, tak cegat teko ngareb,mburi ,samping, gak kiro ono manungso seng iso kelakuane apik, buktikan nek boten percoyo'' , AWAKMU SUMBAR YO IBLIS...?'' njih Gusti , ''AKU YO SUMBAR'' , sumbar nopo panjenengan Gusti...? ,,''BESOK SAK PIRO AKEHE KESALAHANE ANAK ANE MENUNGSO, ASAL GELEM MANGAP CANGKEME JALUK SEPURO NANG AKU, GAK PERDULI SAK PIRO AKEHE DUSO TAK SEPURO KABEH

Niku critone ten Al-Qur ane ngoten niku, Pun Azazil di ubrak medun ten bumi podho kalih kancane jin-jin asale, Azazil dados Iblis, wuuuah Dumadak an lakok gawe keraja'an seng guede nang pucuk e gunung, juangkrak manak boten karu-karuan namine syetan syetan, Pun mulai saget bedakno MALAIKAT niku sinten , JIN niku sinten , syetan niku sinten...?
La GENDRUWO NIKU SINTEN. TUYUL NIKU SINTEN.....? 



Poro pemaos ingkang minulyo:
Wonten crito sak derenge sampun dipun critakno sinten niku MALAIKAT , sinten niku JIN , lan sinten niku SYETAN , La sak niki GENDRUWO niku sinten.TUYUL niku sinten...? ngeten poro pemaos : Syetan niku naliko di PERCOYO, nah kepercaya'an niku ibarat sami kalih kulkas, tegese Kulkas niku asale anyeb di bekukan saget dados ES, Anyeb niku enten tapi di cekel boten kenging, tapi yen Es di damel ngantem panjenengan kenging, La es niku pembekuan saking anyeb, ANYEB koyo syetan La Es niku koyo GENDRUWO, banyu niku koyo SILUMAN TUYUL lan sak piturutte

Dadose panjenengan yen percoyo ten gene syetan syetan niku membeku, membeku malih dadi es koyo syetan dadi gendruwo, sebab niku ati-ati lho ,yen ono tuyul nyolong duwet , seng salah sopo ..? awak e dhewe, sebab syetan niku boten gadah kemampuan gudho manungso secara fisik, syetan namung saget gudo coro ati, manggene ten nafsu mriku ,ngajak-ajak bisikan syetan , yen panjenengan percoyo percoyo syetan saget membeku dados tuyul saget nyolong duwet,
Nah kepercaya'an niku dados AURA , getaran-getaran kanggo tumpak an syetan malih iso nyolong duwet, Supoyo ilang carane koyok nopo..? OJO DIPERCOYO MANGKE ILANG DHEWE

Hazow kadang niku enten wong tuo ngomong ten gene anak e, wit ringin kunu ono gendruwone, la wong-wong percoyo , PERCOYO nikilah seng saget bekok aken (beku) syetan ,kados delok TV bal balan ten INGGRIS katok ten jero kamare panjenengan, hazo nopo bal-balane ten mriku...? boten,,,,,Gendruwo njih ngoten , panjenengan katok gendruwo ten wit ringin, asline boten ten mriku , kados delok TV wau lo njih, la supoyo ilang BOTEN usah di PERCOYO, mangke ilang dhewe

SAMPUN WANGSUL MALIH TEN TOPIK ,
Poro pemaos ingkang minulyo , Nabi adam tasik alit di angkat dados komandane malaikat, sijining dino Nabi Adam kaliah Gusti Allah dijak ten suargo,namine bucah cilik poro sederek ,semereb suargo dang apik e setengah mati, njih langsung dulinan wae, bareng nabi Adam katok e kok krasan Gusti Allah negndiko , ''ADAM..'' , Wonten dawuh Gustiii , ''AWAKMU KOK KRASAN NANG SUARGO'' , njih Gusti seneng kulo , ''GELEM DAM AWAKMU TAK DADEKNE PENDUDUK E SUARGO'' , Njih Gusti matur kasuwun gusti menawi suargo di paringaken dateng kulo, kulo pek e suargo sak anak turun kulo Gusti , ''NEK AWAKMU GELEM DAM SUARGO PEK EN'' , Matur kasuwun Gustiii , ''DAM TAPI ONO LARANGANKU SIJI LO DAM'' , (Niki prosese nabi adam ajenge di dunke ten bumi Gusti Allah damel sandiworo) , ''Larangane nopo Gusti...?'' , ''POKOK E SAK SUWARGO PEK EN KABEH, TAPI MEK SITOK TOK SENG TAK LARANG'' , nopo...? ''OJO PAREK-PAREK UWIT SITOK IKI YO'' , gusti seng di larang namung sitok niku..? , ''IYO'' , kabeh di olehe Gusti..? ''IYO , PIYE....?'' , siiiap Gusti kulo boten bakal parek-parek uwit sitok niku,kulo pun ngerti larangane panjenengan, ''YOWES SUARGO PANGGONONO PEK EN KABEH SENG ONO NANG KUNU'' , njih matur kasuwun Gusti Allah


 Poro pemaos ingkang minulyo:
Nabi adam ten suargo sak wulan rong wulan telung wulan gak duwe konco, jajal panjenengan krasan nopo boten kiro-kiro ten HOTEL HYATT seng paling SAE tapi dewek an plonga-plongo, turu-tangi-mangan-ngombe-turu-
tangi-mangan-ngombe trus ngoten njih boten krasan ,,,njih boten.....?, Nabi Adam njih ngoten plonga-plongo ngelamun mergo boten gadah konco,Lajeng Gusti Allah sumereb Nabi adam plongak-plongok di tangkleti ,, NYAPO DAM KOK NGELAMUN'' , Gusti boten enten rencange dewek an, boten enten ingkang dijak omong-omongan , ''LO AWAKMU BUTUH KONCO TAH..?'' , njih Gusti , ''KENE MAJU RENE TAK CEKELI IGOMU'' , Igo seng sebelah tengen niku di cekel di tarik sreeet copot di banting jreeet, Igone Nabi Adam dados makluk seng UAYUNE setengah mati , wadon seng ayune dudu-dudu, Namine IBU HAWA ,

Nah sampun sumereb critane IBU Hawa, ibu Hawa niku asale saking Igone Nabi Adam jare critone ten Alqur'ane, Ibu hawa ayune setengah mati tasek perawan tir-tir ,nabi Adam guantenge dudu-dudu, wong gantheng pethuk wong ayu koyo nopo kiro-kiro, langsung ajenge di tubruk mawon , '' LHO...LHO...KOK ISO DI TUBRUK WAE'' , Gusti kulo Cinta , ''NGERTI CINTA BARANG SENG NGULANGI SOPO, AYO DI NIKAHNO KENE SEK'' , Akhiripun Nabi Adam di nikahno kalih Ibu Hawa ,,,,,Mpun nabi Adam lan Ibu Hawa ten manggen ten suargo,

Ibu Hawa ayu rupane pun dados kebiasa'an yen wong ayu niku biasane beling (njih boten), Ibu Hawa njih ngoten di kandani boten kenging, ngeluyur sak geleme ten pundi-pundi lakok suwe-suwe parek -parek kalian UWIT Seng di larang kalih Gusti Allah niku wau, Nabi Adam semerep bojone parek-parek lakok boten di eilingno, lajeng Ibu Hawa ngomong ,,''Tak incipane enak iki mergo di larang , nek gak enak gak mungkin di larang'' , Lakok Nabi Adam malah , ''OJO AKEH-AKEH'' , Pun niki blahi poro sederek, akhire kalih Ibu Hawa dipek temenan lajeng di incipi ''KOK ENAK-ENAK'' , lakok Nabi Adam mergo Cinta LUPA DARATAN, Tiyang nek kadung cinta lak njih ngoten to njih...?

Nabi Adam njih melu nyicici, Akhiripun blai poro sederek Nabi Adam kenging PERKORO, Gusti Allah langsung muring-muring ngendiko , ''DAM....AWAKMU MELANGGAR LARANGANKU YO DAM'' , Sepuntene Gustiii , ''TIDAK ADA SEPUNTEN, SUWARGO GAK KENEK DI PANGGONI WONG SENG MELANGGAR LARANGANKU'' , Sepunteen Gustii....., ''TIDAK ADA SEPUNTEN-SEPUNTEN,RUNGOKNO DAM , ANAKMU SAK ANAK TURUNMU, BLEK KEDUWEK TIBO TUMPLEK TAK LEBOKNO NEROKO KABEH''

Putusane Gusti Allah , Nabi Adam sak anak turune bakal di lebokno neroko, niku keputusan ingkang boten saget di tawar lagi, TAPI Nabi Adam boten SAMI kalih IBLIS, Iblis di usir saking suargo mengkerik nantang perkoro, sombonge boten ilang , Tapi Nabi Adam boten, di usir saking suargo NANGIS poro sederek boten meneng meneng, isuk nangis , sore nangis , bengi nangis , La namine Gusti Allah MAHA PENGASIH MAHA PENYAYANG di tangisi lakok kalah boten mentolo (boten tego), Nangise nabi Adam ten Al-Quranipun ''ROBBANA DHOLAMNA ANFUSANA WAILAM TAGHFIRLANA WATARHAMNA LANA KUNANNA MINAL KHOSIRIIN''


 Poro pemaos ingkang minulyo:
Nabi Adam rinten dalu nangis kalih nyuwun sepuro ten Gusti Allah ''ROBBANA DHOLAMNA ANFUSANA WAILAM TAGHFIRLANA WATARHAMNA LANA KUNANNA MINAL KHOSIRIIN'' , Gusti dos pundi nasib kulo sak anak turun kulo, menawi boten di sepuro Gusti bakal dados tiyang ingkang ciloko sedoyo, Ditangisi-di tangisi , ojo maneh Gusti Allah , kulo panjenengan niki yen enten tiyang nangis mawon boten tegoan njih boten....? Gusti Allah njih ngoten , di tangisi lakok boten tego , ''DAM KOK NANGIS TERUS DAM'' , njih Gusti Allah kulo bakal nangis terus boten meneng-meneng yen dereng panjenengan sepunten duso kulo Gusti , ''WES KENE DAM KENE TAK KANDANI'' , (Tapi niki sedoyo sampun sandiworone Gusti Allah poro sederek, supoyo nabi Adam kersane medhun ten bumi, dengan alasan macem-macem coro, soale Nabi Adam pun Calone penduduk bumi mpunan)

Gusti Allah ngendikan ''DAM IYO DUSAMU TAK SEPURO'' , Gusti kulo panjenengan sepuro sak bojo kulo , ''IYO'' , Yen ngoten Gusti kulo lak saget balik mlebet ten suargo malih Gusti , ''ISO, , , TAPI ONO SYARATE DAM'' , Syarate nopo Gusti...? , ''ARANE WONG SALAH YO TAK UKUM WAE SEDILUK NANG BUMI'' , Bumi niku ten pundi Gusti...? , ''CILUUUIIK NANG NGISOR KONO , NANG NGISORE LAPISAN LANGIT PALING NGISOR'' , ten bumi la nopo Gusti...?'' , ''NANG BUMI NGLAKONI PERINTAHKU NINGGAL LO LARANGANKU, WES SEDILUT WAE DI BANDING AWAKMU BAKAL URIP MILYARTAN TAHUN, NALIKANE NANG BUMI AWAKMU SAK ANAK TURUNMU GELEM MANUT PERINTAHKU SENG DI ARANI AGOMO-AGOMO, GELEM NINGGAL LARANGANKU , AWAKMU SAK ANAK TURUNMU ISO BALIK NANG SUARGO SAK LAWAS-LAWASE NANG KUNU , TAPI TITENONO LO DAM , YEN AWAKMU SAK ANAK TURUNMU NALIKANE MEDUN NANG BUMI GAK GELEM NURUT PERINTAHKU, AWAKMU SAK ANAK TURUNMU BAKAL TAK UKUM NANG NUSAKAMBANGAN SENG ARANE NEROKO, PIYE ADAM...? Njih pun siiiiaaaap gustiii, kulo tanda tangane ,

Nabi Adam didunke ten bumi kalih Ibu Hawa akhire dados kulo panjenengan sedoyo niki, tapi critone medun bumi sak crito malih niki poro pemoas, prosese dowo, damel body , damel nafsu , damel akal lan sak piturute ngoten niku , menawi dipun critakne malih malah kedawan , dadose seng paling PENTING , Kulo lan panjenengan sedoyo niki UJIAN lo , LULUS MLEBU SUARGO GAK LULUS MLEBU NEROKO, umah kito niki ten suargo poro sederek , boten ten DUNYO niki, nduyo niki namung mampir ngombe, sementara kito sedoyo niki bakale sedo, milane yen ajenge sedo ojo kakean polah.

TUGAS kito niki namung kalih : SIJI NGUMPULNO GANJARAN , KALIH NGUMPULNO DUSO , siji ngumpulno keAPIKan ,kalih ngumpulno kaELEKan, Undang-undang ten Al-Qur'ane sinten benjing di total katah APIK e suargo panggonane , Akeh ELEK e neroko panggonane, JERU CETHEK E NEROKO NE MENUNGSO GUMANTUNG AKEH SAK ITIK E KA ELEK ANE MENUNGSO , Elek e tambah nemen nerokone tambah jeru , DUWUR ENDEK E SUARGO MANUNGSO GUMANTUNG AKEH SAK ITIK E GANJARAN SENG DI GOWO TEKO ALAM DUNYO , Ganjarane uakeh suargone DUWUR , ganjarane sitik suargone endik-endik an.

Panjenengan ganjarane sak itik trus mlebet suargo , suargone njih elek, La suargo niku boten berubah poro sederek , bermilyart-milyart tahun nek jenengan kelas gangsal, boten saget dados kelas enem kelas pitu , amergi suargo niku gawan saking dunyo , SEJE nek panjenengan ganjarane sak pirang-pirang, dadak an mlebet suargo , suargone njih apik e setengah mati ,Benjing tiyang yen sampun mlebet suargo niku sedoyo getun boten enten seng boten getun amergi nopo....? 



Poro pemaos ingkang minulyo:
Panjenengan ganjarane sak itik trus mlebet suargo , suargone njih elek, La suargo niku boten berubah poro sederek , bermilyart-milyart tahun nek jenengan kelas gangsal, boten saget dados kelas enem kelas pitu , amergi sua
rgo niku gawan saking dunyo , SEJE nek panjenengan ganjarane sak pirang-pirang, dadak an mlebet suargo , suargone njih apik e setengah mati

Benjing tiyang yen sampun mlebet suargo niku sedoyo getun boten enten seng boten getun amergi nopo....? KURANG DUWUR, kulo panjenengan SEMPAT DUWURNE SUARGO ,tapi kenging nopo kok boten kito duwurno ,
=> ''Nyapo yo biyen aku duwe pitek sepuluh kok gak tak dol limo, umpomo tak dol limo dang tak tukokno semen oleh limang sak ,dang tak wehno nang masjid, lak suargo seng apik bakal keduwe aku.......sayang pitek sepuluh tak tinggal mati di sembeleh ponak anku dipek, kapok'' 
=> hazow , , , , wong-wong katik duwe gelang kalung anting-anting , benjing ten suargo gethun , ''Nyapo yo biyen gelang kalung anting-antingku gak tak dol tak tukokno semen tak sedekahno nang langgar masjid, dah neo suargo seng uapik iku lak yo keduwe aku,sayang wes kadung mati gelang kalung anting-anting ku dipek anak / ponak an ku kabeh''
Kesempetan kulo panjenengan niku DUWURNE SUARGO SAGET, tapi kenging nopo kito niki kok boten purun........?

Kekaya'an benjing ten suargo niku dalane liwat nopo........?, nopo sembahyang , nopo poso , nopo wiritan, nopo sedekah...?, ngeten poro pemaos , kulo KANDANI OJO KONDO-KONDO  , Nopo..? kaya raya ten suargo niku seng paling uakeh gak ono ngungkuli , gara-gara duwe anak , trus anak e di sekolahno di ngajekno dengan tujuan golek ganjaran, nyekolahno anak yen tujuane pinter ngaji AGOMO , niku tiap-tiap sak jam podo karo wiritan setahun, lalek 3jam pun 3tahun , seng duwe ganjaran pakne bok ne , La nek anak e seng boten sekolah tujuan agomo , benjing niku nelongso kelongkongan tangisan, yen saget niku wani duwe anak ,kudu wani minterno anak agomo, soale nopo...?

Poro pemaos ingkang minulyo:
Kepinteran niku macem kalih , enten kepinteran seng saget di manfaatne ten dunyone tok , tapi njih enten kepinteran ingkang dipun manfaatne ten dunyo lan akhirat, CONTONE kepinteran seng di manfaatno nang dunyo niku nopo..? , pinter nukang kayu , sekolah nukang kayu, la pinter niku boten saget ilang, sampek milyartan tahun akal boten saget lali, dadose urip pinter nukang kayu njur mati mlebet suargo ,benjing ten suargo njih tasik pinter nukang kayu, tapi pinter nukang kayu ten suargo boten enten gunane mergo nang suargo boten enten kursi bujat, Pinter dandani sepeda montor, pinter niki boten saget ilang, bahkan lali benjang niku saget eling maneh ten rekaman otak niku , sampek mlebet suargo tasik pinter dandani sepeda montor, tapi pintere dandani sepeda montor niku benjing ten suargo boten enten gunane , mergo nopo..benjang ten suargo boten enten sepeda montor bujat

La trus seng enten manfaate niku nopo , njih meniko seng di arani AGOMO, sekolahan niku macem kalih lo, enten sekolahan seng tujuane kanggo ten dunyo, enten sekolahan seng tujuane slamet ten akhirate, golek ganjaran, poro pemaos , KA'BAH niku watu ,BOROBUDUR niku njih watu lho, ojo di anggep podho watune ach, ka'bah niku watu kasar-kasar tapi BAROKAHI yen di grayangi , tapi yen borobudur.......?, panjenengan grayangi malah saget dados kemusyri'kan , njih boten...?

Milane yugane kedah dipun sekolahaken ten madrasah , syukur-syukur dipondok aken, niki serius lho , suargo duwur niku mergo anak, anake kedah di usahakne pinter ngaji ,syukur-syukur angsal ijazah negri, iso dadi pulisi , iso dadi kyai , iso ngimami, . DADI kulo panjenengan saget sugih ten suargo niku mergo anak.

NB: ALHAMDULILLAH sampun rampung pembahasanipun , mugi-mugi sagetto beto manfaat barokah khususipun kagem kulo lan umumipun kagem panjenengan sedoyo, menawi enten lepat lan tulisan-tulisan ingkang klintu ,kulo nyuwun agungipun pangapunten njih......!!!!

Rabu, 23 Oktober 2013

DUNGO SHOLAWAT LIMO

Bismillah

=> ORA ONO KODRAT ,TAKDIR SENG ISO DI RUBAH KEJOBO NGANGGO DUNGO,

Milane monggo SAMI DEDUNGO Kanti SHOLAWAT limo , monggo sami-sami dipun WAOS kagem sedanten mawon


Yaa robbi bil-Mustofa balligh maqooshidanaa
Waghfirlanaa maamadho yaa waasi'al karomi

Maulaya sholli wassallim daiman abada
Ala habibika khoiril kholqi kulli himi

Huwal habiibbul-ladzi turjaa syafaa'atuhu
Likulli haulin minal ahwali muqtahami

Ya Arhamar Rohimin Yaa Arhamar Rohimin
Yaa Arhamar Rohimin FArij ‘alalmuslimin

Ya Alloh Ya Alloh Ya Rohimal mu’minin
Shallallahu Robbuna Ala Nuril Mubin,
Ahmadal Mustofa Saiyyidil Mursalin,
Wa Ala Alihi Wa Sohbihi Ajmain


NB : Niki ijazah sholawat saking Almarhum Gus dur , Gus dur angsal saking haddrotul syech hasim ashari => kyai bisri syamsuri => kyai wahab hasbulloh

NGILANGI ELEK TEN DUNYO NIKU LUWIH GAMPANG

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Gusti Allah niku yen seneng kalih tiyang , umpami enten tiyang gadah elek niku  Elek Di bongkar, kersane boten elek trus akhire di dudohno elek e, ''NGILANGI ELEK TEN DUNYO NIKU LUWIH GAMPANG TINIMBANG NGILAK I ELEK TEN AKHIRAT BENJANG'' , Elek ketok elek niku LUWIH APIK ketimbang elek ketok apik, CONTO : Panjenengan pilih pundi , ONO TELEK MAMBHU BASIN , KALIH TELEK MAMBHU PANELI....?, seng jelas pilih telek seng mambhu asli basin , soale yen telek kok mambhu paneli katik rasa coklat niku bahaya njih boten,,,,klira kliru wae ,,, ra ngerti ono telek di emut wehehe, dadose kulo panjenengan niku ELEK ketok elek e niku SAE ketimbang ELEK ning ketok apik e , njih boten...?

Sa'niki langkah kito kados pundi....?
Pesenne gusti Allah , ojo bingung-bingung, gusti Allah teteb maringi solusi, WES DANG ISTIGHFAR ,DANG DI RESIK I SALAHMU nek salah kalih Allah yo dang dunungan kalih Allah , nek salah kalih menungso yo dang dunungan kalih menungso, yen kito sampun resik-resik dusane , mangke atine saget AYEM / ADEM, nyambut gawene gampang , senajan boten sugih nemen ning boten angel-angel yen nyambut damel, lajeng anak turune apik-apik,

Urib ten dunyo niku kados tiyang mlaku ten dalan , wes ati-ati kebreset kejegur GOT jibrat linet awak e, lalek sampun kados ngoten boten usah kok ''TENGER-TENGER TEN PINGGIRE GOT'' Njih dang ADUS ngoten mawon , mangke nek tenger-tenger ten pinggire got malah GARING angel klintek-klintek ane, Gusti Allah boten butuh tenger-tengere, tapi gusti Allah butuh PERUBAHANE

Njih sampun Ampun dhowo-dhowo ,mugi-mugi mawon enten manfaate

TIYANG SAE



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Gusti Allah niku seneng kalih wong seng apik , la wong apik niku nopo...? wong apik niku wong seng iso ngapik i wong ELEK <== Niku wong apik , nek ngapik i wong apik niku akeh wong iso , ngapik i wong elek niki yen boten ASLI wong apik boten saget, kados ''UYAH'' uyah niku asin , la wong-wong niku ngarani uyah asin mergo uyah niku di asini teteb asin , boten di asini njih teteb asin pancen asli asin, soale benjang ten akhirat niku seng payu njih seng asli, panjenengan niku wong apik nopo wong elek ngerti dewe, Panjenengan nek di satru kok teteb ngancani , di medhitti iso teteb nglumani la niku panjenengan asli apik

Wong apik niku wong seng iso ngapik i wong elek , milane wong apik iku butuh wong elek, kanggo nopo...? njih kanggo buktekno apik e, njih boten...? Panjenengan kapan saget di arani wong apik nek durung iso pethuk wong elek,mulane wong elek niku sangat berjasa kagem kito kanggo buktekno apik e kito ten ngarsane gusti Allah, milane kyai-kyai biyen nek di elek i wong , seng ngelek-elek niku malah di jalukne supuro ten gusti Allah mergo di anggep dewek e sampun berjasa, faham nopo boten niki...? wehehe

CONTO: Yen ono wong lanang duwe bojo crewet , yen seng lanang saget sabar niku mangke bade angsal ganjaran seng uageng sangeeet, la berarti wong wadon crewet niku ngangkat derajate wong lanang seng biasa-biasa tapi gadah ganjaran seng luar biasa, milane wong lanang seng FAHAM niku sueneng duwe bojo crewet wehehe , Yen ono wong kalih elek kok ngamuk njih pancen wong niku dereng saget apik....

WONG KARO WEDUS IKU AREB LARANG WEDUSE



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah

Poro pemaos ingkang minulyo:
Kanjeng Nabi dawuh ''WONG KARO WEDUS IKU AREB LARANG WEDUSE'' , Milane enten tiyang niku ngrumat anak kalih ngrumat wedus seneng ngrumat wedus , naliko di dungakne ''NDUK-NDUK TAK DUNGAKNO WEDUSMU TAMBAH AKEH NDUK..'' Jare Amiiiiin,,,amiiiiiin mbah (bungah semangat), bareng di dungakne ''NDUK-NDUK MUGO-MUGO ANAKMU TAMBAH AKEH'' ngunu iku boten Amiiin o', jare malah E' mbah ngomong opo....!!! wehehe tibak e duwe anak kalih duwe wedus niku seneng duwe wedus, sampek nek enten tiyang weduse akeh niku jarene bejo, jarene ''SAMPEAN IKU BEJO NAK WEDUS MU AKEH'' tapi nek anak e akeh jare ''SAMPEAN SENG SABAR YO NAK CUBO, ANAKMU AKEH IKU CUBO''......(Duwe wedus akeh BEJO duwe anak akeh CUBO) njih boten...?

NIKI ketok e remeh tapi niki BAHAYA , nek wes tiyang sepah ngrumat anak boten pati semangat , benjang bakale anak ngrumat tiyang sepah njih boten semangat, padahal urib ten dunyo niku gentian, sa'niki wong tuo ngrumat anak dilut engkat anak ngrumat wong tuo, Kadang-kadang wong tuo niku enten seng ngomong ''TITENONO BESOK AKU NEK WES TUO ORA BAKAL GANGGU ANAK , AKU AREB URIB DEWE'' wonten njih tiyang sepuh seng bejo ngoten niku...? , La niku tuwo anyaran ...mangke nek pun tuo tenan njih boten mantun bejo ngoten ,trus akhire ''AKU MELU SOPO....???? AKU MELU SOPO....?'''

Eh....Eh....Anak limo dang rebutan, ''MELU AKU WAE BUK, OJO MELU LIYO-LIYO , MELU AKU WAE , NEK ONO DULUR-DULUR PINGIN PETHUK SAMPEAN BENNE DULAN NANG GONKU BUK'' , Seng sithok e njih ngoten '' MELU AKU WAE BUK'' , dah neo senenge di gawe rebutan anak, DAHNE nelongsone ono ibu ngomong ''AKU MELU SOPO.....AKU MELU SOPO.....?'' , Anak limo dang meneng kabeh podho wedi di elok i, malah ono seng ngomong siji wae ora uenak ''MELU SOPO-SOPO KUNU KENO BUK WONG YO ANAKMU AKEH KOK BINGUNG , POKOK E OJO MELU AKU'' ,Milane yen enten tiyang sepah ngrumat anak boten semangat / boten bangga , bakale katah enten anak ngrumat wong tuo njih boten bangga,





Poro pemaos ingkang minulyo :
Ngrumat anak niku ngrumat Bangsa, ngrumat anak niku guede ganjarane amergi ngrumat anak niku ngrumat UMATE KANJENG NABI MUHAMAD SAW, Senenge panjenengan niku boten enten napa-napane di banding senenge kanjeng nabi ten umate, La anak e panjenengan niku umate kanjeng Nabi ,dadose senenge wong tuo ten anak niku boten kados senenge kanjeng Nabi ten umat, kanjeng Nabi gerah sangeeet bade kapundhut niku ingkang di eilingi njih umat, Milane nyeneng no anak niku seng seneng riyen kanjeng Nabi , la panjenengan nyusahno anak niku ingkang susah disek njih kanjeng Nabi , sepiro gedhene dusane gelakno kanjeng Nabi, ojo di anggep remeh , panjenengan masak nyukani daharan yugo alit-alit niku ngrumat umate kanjeng Nabi , piro gedhene ganjarane nyenengno Kanjeng Nabi

Milo ojo beban nemen yen ngramut anak niku ,kedah SENENG soale kok di titipi umate kanjeng Nabi, ojo ngasi nyusahno ten anak , di niati nyenengno umate kanjeng nabi , nyeneng no umate kanjeng Nabi di niati nyenengno kanjeng Nabi ,nyenengno kanjeng Nabi nyenengno Allah , niki kadang-kadang kulo panjenengan boten pati mikir njih boten..?, kadang anak di sentak i , di sendhul , di jiwer...Lan liyo liyane

=> Lajeng ngrumat WONG TUO niku njih seng bangga,ngrumat wong tuo niku ngungkuli perang, ''enten sohabat matur'' KANJENG NABI IBADAH NOPO SENG PALING SAE , jawabpe kanjeng Nabi ''SHOLAT'' , nopo malih ..? ''NGRUMAT WONG TUO'' Lajeng nopo malih...? ''PERANG'' , milane kanjeng Nabi setiap bukak pendaftaran pasukan perang, niku kanjeng Nabi tangklet , ''AWAKMU GAK DUWE WONG TUO..?'' Gadah..., ''WES PAMIT WONG TUAMU..?'' , dereng....!!!! , ''MULEEH....PAMIT SEK, MENGKO NEK WONG TUAMU NGIZINI DANG RENE TAK TUNGGOK I, NEK WONG TUAMU GAK NGIZINI GAK USAH RENE ,AWAK MU NGRUMAT WONG TUAMU IKU WES NGUNGKULI PERANG''

Poro pemaos ingkang minulyo :
Ngrumat wong tuo kok ngungkuli perang...? NJIH.....!!! Anak kok ngremehne wong tuo , anak iku areb duwe turunan-turunan seng atine elek, La ngoten niku di pondok no njih saget ngaji , tapi atine teteb elek, di sekolahno teteb pinter tapi atine teteb elek , akhire ngebek i dunyo , opo artine perang sampek menang tapi negoro di isi wong seng atine elek, boten enten artine...boten enten artine merdeka nek akhire di isi wong-wong seng atine elek,
NJIH NOPO BOTEN......? Wehehe

NB : Njih sampun mugi-mugi saget manfaat tumrap kulo khususe lan panjenengan umume

Minggu, 20 Oktober 2013

Syi'ir AYO-AYO



MONGGO SHOLAWAT

~♥~ Judulipun AYO-AYO~♥~

Bismillahirrahmanirrahim,,,,,,,,,

ALLOHUMA SHOLLI WASALIM ALA
SAYIDINA WAMAULANA MUHAMADIN
ADAMDAMA FI'ILMILLAHI SHOLATAN
DAIMATAN BIDA'WAMI MUQILAHII

Ati-ati iki zaman ne wes akhir
Nyambut gawe iku kudu di pikir
Ojo mung seng di pikir nemune hasil
Tapi halal opo kharom ora di pikir

Ayo ngaji mumpung waras ojo wegah
Mergo ngaji luru ilmu mulan berkah
Urib iku ora suwe bakale mati
Mulo ayo podho golek sangune mati

Dawuhe nabi lanang wadhon wajib ngaji
Kabeh ngamal tanpo ngaji ora dadi
Podho ngaji seng sregep mangkate
Drajat luhur dunyo lan akhirate

Ayo-ayo podho sembahyang seng ajek
Limang wektu dilakoni kanti teteb
Ayo podho anggone podho sembahyang
Supoyo matimu inthuk dalan padang

ALLOHUMA SHOLLI WASALIM ALA
SAYIDINA WAMAULANA MUHAMADIN
ADAMDAMA FI'ILMILLAHI SHOLATAN
DAIMATAN BIDA'WAMI MUQILAHII

0-1-2-3~♥~AKHIRE MBALIK MANEH~♥~3-2-1-0



0-1-2-3~♥~AKHIRE MBALIK MANEH~♥~3-2-1-0

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
⇉ Senengono sopo wae sak karebmu tapi awakmu bakal pisah karo seng bok senengi , seneng bojo njih bakal pisah , seneng wong tuo njih bakal pisah , seneng anak njih bakale pisah, sopo wae seng kito senengi bakal pisah,
Wonten tiang sepuh ngendikan : Wong iku asale NOL , bakdo nol trus SETUNGGAL ,bakdo setunggal trus KALIH, bakdo kalih trus TIGO , bakdo tigo niku trus balik KALIH malih trus SETUNGGAL malih trus NOL malih

Kulo jenengan niku asale boten enten NOL (kosong) trus lahir rupo bayi cilik ngoten, gedhe-gedhe trus akhire kepingin bojo , bareng duwe bojo berarti SIJI dadi KALIH ,seneng-senenge kalih bojo trus dolanan wae akhire metu anak e ,malih dadi TIGO yakni ''KITO,BOJO,ANAK'' , anak niku cilik kawitane lajeng di terusno dadi gedhe ,bareng dadi gedhe trus metu soko ngumah / rabi ,dadose balik malih dadi KALIH , kalih mangke salah siji saking kito (bojo) pejah ,akhire dadi SETUNGGAL , setunggal suwi-suwi boten dangu SEDO akhire NOL ,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sampek enten tiyang niku ajenge damel kuburan kanggo keluargo , lak enten to njih ..? tujuane . E urib kumpul ,mati cik e iso kumpul maneh, panjenengan iso gawe kuburan keluargo niku PALING namung iso ngumpulno kuburane sampean bojo anak ,mangke putu pun boten saget , wong putune sampean niku njih putune besan ,mengko besane sampean dang gawe kuburan keluarga pisan mosok di tugel heee...
''ALHAMDULILLAH poro sederek , kepinginan kulo jenengan pingin kumpul bojo kumpul anak kumpul putu niku kok sami kalih rencane Gusti Allah ,Allah njih kagungan rencana kulo jenengan niku bade di kumpulaken sak keluargo, kanggo nyempurnak no kenikmatan

''wong mukmin duwe anak turun mukmin , duwe putu mukmin, senajan kuburane nyebar nang ndi-nang ndi ra opo-opo tak kumpulno maneh'' boten usah ngentosi ten suargo ,ten alam barzah niku pun di kempalaken , La kuburane adoh-adoh mosok iso kumpul......?????
Njih sageet, kulo jenengan niku yen kepingin ngumpulno pripun carane......???



Poro pemaos ingkang minulyo:
Kulo jenengan niku yen kepingin ngumpulno RUH niku boten perlu pepet / mepet, ruh niku boten enten adoh boten enten idhek , Ruh niku mirip ati tegese ati niku ''Uadoho koyo opo nek cocok njih idek , Uideeek o koyo opo nek boten cocok njih adoh'', milane enten tiyan omong ''SAMPEAN KARO DULURMU JAKARTA ADOH OPO CEDAK'' yo cedak bel-belan trus , ''LA DULURMU SENG KENE IKI..?'' , adoooh , wong pethuk wae ra ngomong , Lak enten to tiyang ngoten niku...?

Ati niku mirip Hp , Hp niku boten enten adoh boten enten cedak,uadoho koyo opo nek nomere cocok njih nyambung ,Ono hp iku di gendheli karet di gathuk ne ning nomere kliru njih boten nyambung, milane kulo jenengan niku yen kepingin nyambungno hp niku ojo sibuk gendheli karet tapi sibuk nyetel nomer ,kulo jenengan niku yen kepingin kumpul RUH he keluargo ojo sibuk jejerno kuburan, jejere kuburan niku boten jaminan ,

PETHUK IKU PETHAL , PETHAL IKU PETHUK :
Kulo panjenengan niki lak sami pethuk anak pethuk bojo, la tapi pethal wong tuo (sedo), la kapan-kapan kulo jenengan niku petal anak patal bojo ,asline pethuk wong tuwo lan mbah-mbah e, Gusti Allah damel manungso niku enten-entenan, siyen urib ten kandungane ibu, la bolo-bolo seng ten dunyo podho ngenteni kapan kito lahir, akhire pun lahir di papak kalih bolo-bolo ten dunyo.la sakniki kulo jenengan sampun ten dunyo ,wes kenal kalih family-family ten dunyo, la family kito kan boten ten dunyo mawon ,njih enten seng ten alam barzah, tambah katah ten mriko , la niki pun ngenteni kapan kulo jenengan dang nyusul mriko, akhire kulo jenengan niku mati , coro alam barzar arane kelahiran yang ke dua, njih ruame ten mriko ketimbang ten mriki , ''kapan-kapan lak ngerti panjenenag'' wehehe

SENG PENTING NIKU NYETEL IMAN , milane saben sholat kito nyuwun ten Gusti Allah ''YA MUQOLLIBALKULUUB SABBITQOLBI ALADINIIK'' (YA ALLAH PANJENENGAN INGKANG MOLAK MALIK NE ATI , PANJENENGAN TETEB PAKEN ATI KULO TEN AGOMO PANJENENGAN''

Milane yen ono wong tuwo seng beriman , anak beriman , lan putu beriman , niku benjang MESTI pethuk, cuma mangke bedane niku ten mriki , wong apik niku di seleh ten taman suargo, la seng nakal-nakal niku di seleh ten jurang-jurange neroko, lalek bapak kalih anak kok bedo njih boten saget pethuk milane di kengken nyetel ,"QUU ANFUSAKUM WA AHLIKUM NAROO''



Yen ono wong tuwo seng beriman , anak beriman , lan putu beriman , niku benjang MESTI pethuk, cuma seng dadi masalah , obo mati langsung pethuk nopo pirang-pirang tahun lagek pethuk La niki poro sederek ,niki tergantung KEADA'AN , nek panjenengan pejah niku kok boten gadah masalah , urusan kalih Allah njih pun beres ,urusan kalih menungso njih pun beres ,utang yo wes di sauri ,duwe utang poso yo wes di qodho'i lajeng panjenengan sedo niku njih sampun BEBAS BEBASE BEBAS.
Mangke nek sampun bebas , kalih Gusti Allah di culno kluyuran nang ndi-nang di pun bebas, panjenengan nate ziaroh ten wali songo, niku namung pethuk kuburan-kuburan thok, benjang nek sampun ten alam barzah niku langsung pethuk kalih tiyange ,luwih sempurno ,

Lalek panjenengan sedo kok tasik gadah masalah ,DUWE UTANG barang ngoten, benjang obo mati ten alam barzah langsung di cekel kalih keamanan mriku lajeng di penjara (di tahan) mergo bermasalah , Gak di cul-col no ngenteni sidang benjang kiamat,njih danguuu, milane ''SAK SENENG-SENENGE NANG DUNYO BOTEN ENTEN APA-APANE DI BANDING SENENG TEN ALAM BARZAH , SAK SUSAH-SUSAHE TEN DUNYO BOTEN ENTEN APA-APANE DI BANDING SUSAHE TEN ALAM BARZAH, Niki berlaku kanggo wong biasa, wong mati sahiid njih teteb, kejobo duwe ANAK SENG SHOLIH LAN SHOLIKAH ,

Anak seng ngerti : CONTO : Mbiyen bapak e gadah utang , lajeng anak e purun nyauri ,niku wong tuo ten kuburan BEBAS Tanpo sidang, niki uenak e gadah anak seng SAE ,
IBU ne nate gelakno atine tonggo durung sempet njaluk sepuro wes kedisik an mati,masuk tahanan , anak ngerti dulan ten genne tonggo-tonggone ''BEK-BEK'' opo nak...?'', IBUK NEK SALAH KALIH JENENGAN BEK ONO KLIRU-KLIRUNE OMONG ,PANJENENGAN SEPURO BEK YO'' iyo nak...iyo tak sepuro...'' , ngoten niku efek ke ten mriko bebas tanpo sidang, Amergi anak niku sakjane njih kito kiambak , anak panjenengan niku PANJENENGAN seng nomer kalih , La putune panjenengan njih PANJENENGAN ingkang nomer TIGO, Di seleseikno anak niku njih sami kalih di seleseikno awak e dhewe,

Mulane dunyo niki remeh ,tapi boten kenging di remehno , amergi saget di damel nyetel nasibpe tiyang ten alam barzah, dunyo niki REMEH TAPI LARANG, dunyo niku BIBIT , bibit enak bibit loro niku njih ten dunyo niki, kulo panjenengan niku benjang mlebet suargo nopo neroko , niku setelane njih ten dunyo niki

NB: Alhamdulillah pun rampung BAB pe , enak e ganti topik nopo njih wehehe , nopo kersane sak kepikiran kulo mawon njih , ,,? nyuwun pandungane mawon kersane kulo sagetto istiqomah anggenipun posting njih.....Amiiiin

5 PERKORO


Bismillah Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Wonten gangsal (5) perkawis ingkang boten dipun sumerepi dening kawulo kejawi nanung Gusti Allah kiambak seng perso ,
Limang perkoro niki gak ono wong ruh kejobo gusti Allah dewe seng eruh , 5 perkoro niku nopo mawon....?

★ KAPAN TUMURUNE UDAN :
Niki boten enten seng eruh kejobo Gusti Allah kiambak , masalah udan niki boten kenging di ramal , badan metreologi jakarta mawon niku bola bali kecelek , biyen naliko cilik TV ne tasih ireng putih dipun ramal, jawatimur cerah ,delalah kersane ngalah bakul Es kadung kulak pirang2 godor es malah sedino ora terang, , Trus di salini ,mergo gak tau pener akhire di salini malih PERKIRA'AN CUACA (KIRO-KIRO) , trus di kiro-kiro , bakul dawet kadung ra bakul tempone malah panas , gak pas neh , sak iki di ganteni PRAKIRA'AN CUACA ( Sak urunge kiro-kiro) ,niki mawon njih boten nate pener, la niki pun kulo omongi poro sederek , bakale di salini maleh, bakale di salini GEK (Gek udan Gek ora karepe) , milanipun masalah udan niki boten kenging di ramal, mendung peteng ki mesti udan ''DURUNG MESTI'' Gusti Allah gawe angin lesus BAR gak sido, Njih boten....?

★ ingkang nomer kalih SENG DI KANDUT IBU INGAKNG LAGI HANGGERBINI / BOBOT :
Niku besok bayine lanang nopo wadon niki njih boten enten seng ngerti, biasane ibu-ibu niku yen bedhek , ''wah iku kok ibune kumut-kumut sok bayine lanang, mengko lek resik ngunu umunge wedok'' enten malih , mangke yen bobote bunder jarene wadon lek lincip lanang. La atrah gonne wong lanag iku lincip O' yo mesti ,njih boten wehehe ,niki biasane di bedhek ning njih boten nate pener,lawong bayi niku genne ten jero gek ANU ne di kempit nopo njih kethok....?

★ ingkang nomer tigo , KITO NIKI BENJING AREB NYAPO :
wehihi wes kadung semayanan karo pacare , ''SESOK AWAK E DHEWE DOLAN YO'' , wes kadung semayanan delalah jam 4 isuk oleh kabar nek MBAH e SEDO , (RASIDO) mimpus wehehe

★ ingkang nomer sekawan AWAK E DHEWE NIKI LEH MATI KAPAN :
Niki njih boten enten seng ngerti, jenengan rumiyen monggo nopo kulo seng keri njih boten semereb wehehe

★ ingkang nomer gangsal (terakhir) AWAK E DHEWE IKI BESOK YEN MATI BAKAL DI URUK KI NGANGGO LEMAH SENG ENDI :
Niki njih boten enten seng ngerti, Pas jik urib wes disiapne ''AKU SOK LEK MATI KUBUREN NANG KUNU'' delalah kersane ngalah dulan nang aceh kenek sunami ILANG ....njih nopo boten wehehe

Selasa, 15 Oktober 2013

Khikmah Lan Fadlilah Bulan Dzilhijjah



Khikmah Lan Fadlilah Bulan Dzilhijjah

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ ، اَلنَّبِيِّ اْلأُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ، وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ،: ) يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ(وَقَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : اِتَّقِ اللهَ حَيْثُ مَا كُنْتَ.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Wonten eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kawulo badhe ngajak (Pareng wasiat) dateng awak kulo piyambak khususipun lan dumateng Jama’ah ingkang sampun kerso mampir ugi maos kiriman ten PAGE meniko, monggo kito tansah berusaha kangge jagi soho berusaha kangge ningkataken keimanan lan ketaqwaan kito dateng Allah Swt, yoiku :“Kelawan tansah nindaaken dateng sedoyo Printah-printahipun Allah Ta’ala, lan tansah berusaha kangge nebihi soho nilari sangkeng sedoyo awisan-awisanipun Allah Ta’ala!, wonten eng pundike mawon lan eng ndalem kahanan punopoke mawon”“ITTAQILLAHA KHAITSUMMA KUNTA”

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantuk kabejan wonten eng alam dunyonipun, lan mbenjang eng akhirat kito bakal mekoleh keslametan lan kamulyan sangkeng Rohmatipun Allah Swt.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Sak mangke kito sampun mlebet wonten eng saklebetipun sasi (wulan Dzulhijjah), wulan engkang dipun mulya’aken deneng Allah Ta’ala kelawan sebutan Asyhurul Hurum, sebab wonten eng saklebetipun wulan Dzulhijjah meniko, 4.000 (sekawan ewu) tahun kapengker, sampun terjadi setunggalipun peristiwa monomental (bersejarah) engkang dipun alami lan dipun tinda’aken deneng Nabiyulloh Ibrohim As lan Putronipun Nabiyulloh Isma’il As.

Petilasan sangkeng bukti sejarah monumental meniko, deneng Allah SWT diabadi’aken tumrap sodoyo ummat islam sebagai thoriq (dalan/margi) perwujudan sangkeng bukti penghambaan soho kepatuhan sebagai seorang hamba dumateng pengeranipun, yoiku :”Kelawan dipun Syari’ataken Pelaksanaan Ibadah Qurban lan Ibadah Hajji wonten eng wulan dzilhijjah saben tahunipun”.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Ibadah Qurban sejatinipun setunggalipun lampahan ibadah engkang maksud lan tujuanipun inggih meniko sebagai setunggalipun sarana kito kangge meparek dateng Allah SWT, ugi saget mbekto manfaat kangge melatih lan mendidik kito supados gadahi kecerdasan lan kepekaan sosial dateng sesaminipun lan purun berbagi kasih lan nikmat dateng sederek-sederekipun engkang mboten mampu utawi engkang taseh ngalami kesulitan.

Ibadah Qurban mendidik lan melatih kito gadahi sifat toleran, sifat purun berkurban, purun menolong/mbiyantu eng entarane sederek, mboten egois lan tansah mentengaken awakipun kiyambak lan kelompokipun.

Ibadah Qurban ugi mendidik lan ngelatih dateng kito supados dados kawula-kawulanipun Allah Ta’ala engkang tansah saget bersyukur dateng sedoyo nikmat, anugerah lan peperingipun Allah Ta’ala dateng kito, perwujudan raos sukur meniko kito realisasi’aken mawi pelaksanaan Ibadah Qurban lan berbagi nikmat dateng sesaminipun, soho syiar Islam mawi Lantunan Kalimah-kalimah Thoyyibah ngegungaken Asmanipun Allah SWT.





Poro pemaos ingkang minulyo :
Selajeng peristiwa bersejarah engkang nomer kaleh Inggih meniko Pelaksanaan Ibadah Hajji, tumrap tiyang-tiyang muslim engkang sampun Istitho’ah (engkang sampun mampu kangge nindak’aken).

Ibadah Hajji Khakekatipun Inggih meniko, setunggalipun Ibadah engkang maksud lan tujuanipun ”Kangge memenuhi dawuh timbalanipun sangkeng Allah Ta’ala”, Supados kito saget mencapai hubungan terdekat (puncak) eng ndalem spiritual dateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, hal meniko dipun tindak’aken sebagai wujud kepasrahan, ketunduk’an lan penghambaan secara total dateng Pengeranipun, Sehinggo mboten wonten tujuan sanesipun kejawi namung kangge meraih Mardlotillah lan sebagai sarono Taqorrub dateng Allah.

Milo mekaten perlu kito renungi lan kito fahami, bileh maksud lan tujuan akhir sangkeng sedoyo rangkaian ibadah engkang kito laksanaa’aken meniko ujung akhiripun inggih meniko Li Mardlotillah wa Li Taqorrub ilallohi (Sedoyo ending-ipun inggih meniko kepengen pikantuk keridlo’an sangkeng Allah Ta’ala lan kepengen meparek dateng Allah Ta’ala), sehinggo wawasan, pemikiran lan pemahaman kito mboten cupet utawi sepit, Yoiku Namung sebatas mangerteni dateng hukum, pengertian lan nindak’aken rutinitas utawi ibadah seremoni tahunanke mawon, sehinggo engkang terjadi lan engkang berjalan wonten eng dalem pelaksanaan ibadah qurban lan hajji, saben-saben tahunipun stagnan (ajeg mboten wonten perubahan lan mboten wonten inovatif lan mboten kreatif) sehinggo problematika ummat islam saben-saben tahunipun ugi ajek lan mboten wonten solusinipun engkang riil.

Pramilo monggo kito dadosaken bulan dzulhijjah meniko sebagai bulan pembelajaran, pelatihan lan bulan pengorbanan tumrap kito lan ummat islam, supados saget belajar lan melatih pribadi kito masing-masing supados saget berterima kasih dateng sesaminipun lan saget bersyukur dateng pengeranipun, belajar lan berlatih supados saget menghargai orang lain, belajar lan melatih pribadi kito supados purun tolong-menolong lan berbagi, belajar lan melatih diri supados purun lan saget berkurban dateng sesaminipun, sehinggo rangkaian ibadah punopuke mawon wujud, bentuk lan pelaksanaanipun, menawi sedayanipun kito lampahi kelawan ikhlas lan mligi manung kangge sarono Taqorruban ilallohi Ta’ala wa Li Mardlotillah, Mongko yekti temtu kehidupan bermasyarakat, berbangsa lan bernegara wonten negari kito Indonesia tercinta niki, saget terwujud setunggalipun kehidupan masyarakat engkang MADANI lan saget terwujud BALDATUN THOYYIBATUN WAROBBUN GHOFUR, Amin.

Khadlirin Rokhimakumulloh :
Tumrapupun Kito engkang ngantos saat meniko dereng saget nindak’aken Ibadah Qurban lan dereng mampun kangge ninda’aken Ibadah Hajji, mboten susah bersedih hati, sebab Allah Ta’ala ugi sampun pareng ganti, kelawan lampahan ibadah lan amalan kesaenan sanesipun engkang kadar nilai sangkeng ganjaranipun Insya Allah sami kaliyan ninda’aken Ibadah Qurban lan Ibadah Hajji, sebab sejatine sedoyo ibadah meniko tujuan akhiripun inggih meniko ndidik lan melatih kito supados mangerteni marang sejatine sopo awake lan sopo pengerane, ugi ndidik lan melatih dateng kito supados kito saget dados kawula-kawulanipun Allah Ta’ala engkang cerdas akalipun, cerdas sosialipun, peduli dateng sasaminipun lan gadahi kepekaan jiwa lan batiniyah sehinggo kito saget pikantuk ridlonipun Allah lan saget ngraosaken kehidupan bermasyarakat engkang harmonis lan puncak’ipun inggih meniko saget Ma’rifat dateng Allah Ta’ala, Allahumma Amin.

Milo Mekaten, sampun sak mestinipun menawi kito mulai berbenah diri, merubah sikap, mental dan sifat kito, kelawan pendidikan lan pelatihan diri, tumuju kesaenan lan peningkatan kualitas keimanan kito, supados kito saget dados muslim engkang sejati : yoiku, Tiyang-tiyang Muslim engkang Tansah Menggelar Medan Qurban lan Medan Hajji-nipun, wonten eng papan panggenan pundike mawon kito meniko berjuang, beramal lan bermasyarakat, Wiwit saat meniko ngantos sak mangke kito dipun timbali Allah, kangge wangsul ngadep dateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala.....Kelawan pikatuk ridlonipun Allah Ta’ala lan angsal Khusnul Khootimah, Amin Amin Ya Robbal ’Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
.

PACARAN

PACARAN

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah

''Tansah eilingo'' : Mbah nopo angsal to lare pacaran niku....?''

''Mbah ojo dumeh'' : Oleh ,, lanang wedhok sir-sir an oleh , wong pacaran iku oleh ,wong seneng kok gak oleh ,,, CUMAN ...!!!!

''Tansah eilingo'' : CUMAK e NOPO MBAH..........????

''Mbah ojo dumeh'' : cuman yen santri kui yen sir-sir an / pacaran umpomo lungo cah loro , lanang karo wadon teko omah WUDHU disek , OJO sampek batal nek durung teko umah meneh''

''Tansah eilingo'' : wehehe la kok ngoten mbah...?

''Mbah ojo dumeh'' : La atrah ngunu o' syaratte heee

''Tansah eilingo'' : Wah KECUUUT noh mbah
 

Syi'ir polisi sejati


Syi'ir polisi sejati

Yaa Rasulalloh salamun alaik
Yaa rofi'asyyaani waddaroji
Athfatay ya jiirotal alami
Yaa uhailal juudi wal karomi

Aku pulisi seng paling ikhlas
Tanpo bayaran nglakoni tugas
Ora perduli udan lan panas
Alhamdulillah awakku waras

Jenengku syahid jogo prapatan
Sragamku elek awut awutan
Aku rak butuh pangkat jabatan
Aku wes nrimo duwe sempritan

Yaa allah gusti kang moho welas
Aku dikiro wong ora waras
Rak opo opo aku wes ikhlas
Seng waras ngalah, seng ngalah waras

Wahai pemimpin wahai pejabat
Awakku iki dadi nasihat
Atiku seneng rak tau sambat
Senajan mlarat uripku ni'mat

Aku rak seneng rebutan kursi
Aku ora duwe bakat korupsi
Aku wis nerimo dadi pulisi
Senajan kantong ku tanpo isi

Yaa Rasulalloh salamun alaik
Yaa rofi'asyyaani waddaroji
Athfatay ya jiirotal alami
Yaa uhailal juudi wal karomi

NB : Mugi-mugi pulisi masa depan sagetto kados mekaten , tegese generasi anak turun kito , Milane MONGGO sami dipun SETEL awet milai saking meniko , ingkang nyetel njih AWAK KITO KIAMBAK NIKI.......SETUJU njih poro derek......?????

Sing eliiing




بِــسْمِ اللَّهِ الرَّ حْمَـنِ الرَّ حِيْــمْ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَا لَمِيْنَ، وَالصَّلَا ةُ وَالسَّلَا مُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدِ نِ اْلقَا ءِىلِ

Poro pemaos ingkang minulyo
★ mumpung isih waras monggo sami ngibadah sartane ikhlas ,lanang wadon , cilik , enom ,Tuwo, podo mikiro Jeneng manungso mesti le loro (sakit) , Yen wis loro banget susahe Badan apes eling salahe , Dek ngrasani ora berduli ,Ngamal bagus den-lali lali

★ Poro dulur Sedoyo monggo dho ngaji Gawe sangu besuk yen mati , Perkoro repot kudu den bagi ,Godhane setan ojo dituruti , Sebab wong mati iku wis mesti ,Lamon ra ngaji bakale rugi Ono kubur setengah mati Mungkar lan nakir podho nggebugi

★ Wong tuwo loro wajib nuturi Marang anake den wulang ngaji, Wiwit cilik di gadang mulyo , Slamet ndunyo mlebu swargo , Gusti Alloh Ingkang Kuwoso Ngabulake dongane manungso, Ngilangake sekabèhe dosa, Amargo Paduka Paling Kuwoso.

★ Poro sedulur ayo podho ngabekti Marang Gusti Alloh kang paring redjeki, Awake dhewe niki mung sak dermi Manut marang perintahe Gusti. Kandjeng Nabi iku dikongkon Supoyo manungso ora keno bendon , Manut pangandikane Kandjeng Nabi,Urip ono dunyo bakal awèt murni.

★ Sing eliiing……..Wong urip sing tansah eling ngrasuk agomo Islam sing mesti ngamalake Al Quran tuntunan suci ,
Sing eling siro manungso....urip iki mung sedelo Akeh luput kelawan duso Inggal nyuwun pangapuro marang Allah kang Kwoso

AAMIIN YAA ALLOH YAA ROHMAN YAA ROKHIIM * ANTAL JAWAADUL KHALIM WA ANTA NI’MAL MU’IN
• Amiin yaa Alloh duh gusti kang melasi *panjenengan moho lumo aris lan mitulungi....

Sholat sunnah



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah

Keterangan tentang sholat sunnah

''Tansah Eilingo'' :Mbah monggo dipun lajengaken keterangane tentang sholat Sunnah mbah, tegese sholat sunnah niku di damel nopo mbah...?''

''Mbah ojo dumeh'' :Oh keterangan dagangan wingi to ngger wehehe...!!''

''Tansah Eilingo'' :Njih mbah huhuy , monggo dipun lajengaken mbah...''

''Mbah ojo dumeh'' :Sholat sunnah iku di gawe ngukur kebutuhan nang dunyo..!!!''

''Tansah Eilingo'' :TEGESE pripun mbah....?''

''Mbah ojo dumeh'' :Maksudte iku seng sopo wonge butuh nang alam dunyo iku ono sholatte, conto sampean jaluk opo...?''

''Tansah Eilingo'' :Anu mbah umpami jaluk rezekine kersane lancar , niku sholat nopo mbah...?''

''Mbah ojo dumeh'' :SHOLAT DUHA le , ben lancar rizkine''

''Tansah Eilingo'' :Oo..., lajeng nek pikirane sunthuk ''GALAU'' niku sholat nopo mbah...?''

''Mbah ojo dumeh'' :SHOLAT TASBIH , opo maneh....?''

''Tansah Eilingo'' :Pas lagi bingung golek gawean mbah, sholat nopo...?''

''Mbah ojo dumeh'' :SHOLAT ISTIQOROH''

''Tansah Eilingo'' :HEEEMmmmm....lalek pas kakean duso , lajeng kepingin dados tiyang ingkang bener , Niku sholat nopo mbah...?''

''Mbah ojo dumeh'' :SHOLAT TOBAT''

''Tansah Eilingo'' :Nek kepingin cita-citane saget tercapai pripun mbah ,sholat nopo...?''

''Mbah ojo dumeh'' :SHOLAT KHAJAT''

''Tansah Eilingo'' : Yen kepingin kedudukan seng duwur , nopo mbah sholate..?''

''Mbah ojo dumeh'' : SHOLAT TAHAJUD''

''Tansah Eilingo'' :ough ,, jebulane sedoyo niku enten sholatte to mbah , anu mbah seng terakhir , YEN KEPINGIN URIB MULYO , BOTEN ENTEN TIYANG INGKANG GANGGU / BOTEN WANI GUDHO niku sholat nopo njih mbah...?''

''Mbah ojo dumeh'' :OOoooo,,,iku SHOLAT JENAZAH.......''
wehehe

Rabu, 09 Oktober 2013

SHOLAT IKU PENTING ,OJO SENG PENTING SHOLAT


Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo:
Sholat niku puncak/pokok e ibadah , nuwun sewu ,menungso boten gadah tangan / sikel ,NING angger tasih gadah sirah niku tasih di anggep menungso, dadi yen wong islam ZAKAT ora kuat amergo yo pancen rodok mlarat, HAJI ora kuat mangkat wong diwae ragat urib wae ora cukub , POSO ora kuat amergo ora patek pati sehat NING kok iseh Gelem SHOLAT iku iseh di anggep wong ISLAM , yen ibarat uwong niku SIRAHE tegese iseh di anggep menungso, mulane SHOLAT IKU PENTING NJIH , OJO SENG PENTING SHOLAT,

Sholat wajib niku damel ngukur wong iku apik nopo boten, sholat niku saget dipun sebut TONDONE AMAL, mulo wong amal SAE niku efek ke njih SAE, tegese AMAL NIKU TONDONE IMAN , ''SANSOYO APIK AMALE SANSOYO APIK IMANE'' ,milo wong tumindak olo niku jarang seng beto iman

Sholat niku njih di damel ngukur MLEBET SUARGO NOPO NEROKO , amergi ingkang pertama kali dipun hisab niku sholatte , duwur dhewe sholat , nek buku amale duwur dhewe enten sholate lajeng ngisor-ngisor baru di delok i , NING kok duwur boten enten sholate wes langsung ten neroko, niku sholat WAJIB , lajeng sholat sunnah niku di damel nopo....?
Terangke boten niki ,

NB: ibarat dagangan niki kulo tawak ne , nek boten payu , njih kulo kukutti mawon wehehe

tulang rusuk



Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Critane langsung mawon njih , wehehe

Tansah Eilingo : ''Mbah derek tangklet mbah...!!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo takon opo , mengko lek iso jawab yo tak jawab , nek gak iso mengko di lempar nang member , sopo ngerti iso jawab wehehe......''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah , ajenge tangklet nganu mbah..... Niku lho , kenging nopo mbah wong wadon niku di ciptak aken saking tulang rusuk e wong lanang ,kok boten di ciptak aken saking tulang sikille wong lanang ,niku maknane nopo mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Oo....iku tah , Ngerti o to le , anane wong wadon iku ora di CIptak ne soko tulang sikille wong lanang , iku mergo wong wadon ora di enggo idhek-idhek an lan ino-ino an karo wong lanang ,,, ''

Tansah Eilingo : ''ngoten to mbah , la lajeng kenging nopo malih kok boten di ciptak aken saking tulang tangane wong lanang mbah , alesane nopo...?''

Mbah Ojo Dumeh : '' iku mergo wong wadon dudu kanggo kongkon-kongkonane (perintah) wong lanang ...''

Tansah Eilingo : ''Lajeng malih , kok boten dipun ciptak aken saking tulang sirahe wong lanang mbah , alesane nopo malih mbah....?

Mbah Ojo Dumeh : ''Mergo wong wadon iku ora kanggo nguasai wong lanang , ''

Tansah Eilingo : ''La lajeng kok dipun ciptak aken saking tulang rusuk niku maknane pripun mbah....?

Mbah Ojo Dumeh : ''aNane wong wadon iku di ciptak ake kalih Gusti Allah soko tulang rusuk e wong lanang , iku kanggo jogo ati jantung lan perasak ane wong lanang , ngunu lho....???''

Tansah Eilingo : ''Oo...ngoten to mbah ,,,,njih lek nu kulo SETUJU mbah ,,, wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''La seng setujune SANGEEETTTT , iku mesti seng bojone GALAK,,,,Wehehe ...''

Senin, 07 Oktober 2013

BAITI JANNATI

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Bondo dunyo ingkang berharga niku wonten kalih , njih meniko
1 . KELUARGO INGKANG SHAKINAH
2. KETURUNAN INGKANG SHOLIH LAN SHOLIKAH
La titenane anak sholih sholikah niku njih kalih:
1. Purun dungak ne
2. Boten ngrepotti

Kanjeng nabi ngendiko ''BAITI JANNATI'' (umahku surgoku) ,maknane nopo...?
Tiyang niku bade gesang mulyo ten dunyo niku INTINE ten griyo, dadose tiyang niku angger ten griyo kok ruwet ,niku uribpe njih bakal ruwet , enten griyo kok kulino padu , titeni mangke boten dangu keno penyakit, milane keluargo niku kedah dipun jagi, lan niru kanjeng NABI mawon njih , banggak aken keluargane yakni ''rumahku surgaku''

Tegese niku umpomo sak niki areb pamer KEDUNIAWIAN niku boten enten tiyang ingkang GUMUN....
CONTO : AREB PAMER NOPO JENENGAN
⇉ SUGEH : hiyuuuuuhhhhh wes akeh wong SUGEH , kello dalan-dalan podho macet, zaman biyen niku angger tiyang gadah montor / mobil sami bangga poro sederek , sa'niki sedoyo tiyang pun gadah ,njih boten...? , Areb PAMER nopo malih===>

⇉ PANGKAT : wes akeh wong pangkat , biyen iku sifat wong duwe bolo / konco / dulur pulisi , camat , pejabat niku podho kemlete bangga , La SAK NIKI malah wedi, mergo kwatir nek dikon dadi saksi wehehe, njur areb pamer opo maneeh....=>

⇉ PINTER...? Wes akeh wong pinter , Dosen , guru , dokter ,profesor niku hebat / gagah nek ten kantor thok , ten GRIYO di SENTAK BOJO .....GOBL*K DADAK , dekem gur ketab ketib mripate : D ,,,, hayooo nopo malih.........???? =>

⇉ AYUUU...? hiyuuuuuh wes akeh wong ayu , kello di iderne nang dalan-dalan ora podho payu : D

Milane monggo , KELUARGO mawon njih ingkang dipun banggak-banggak aken, amergi BAITI JANNATI niku miftah (kunci) keberkahanipun AKHIRAT,

NB : OMAH NIKU SUMBER KEBAHAGIAAN , OMAH NIKU SUMBER KEMULYAAN , OMAH NIKU SUMBER KEKUATAN

Mugi-mugi manfaat

titenane wong seng arep umure dowo



Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
Ngendikane mbah-mbah siyen , titenane wong seng arep umure dowo lan mulyo ugo seneng ten dunyone niku taseh ''GELEM PAPAT'' (4) : La nopo mawon sekawan niku....?

• ISEH GELEM SHODAKOH ,
Poro pemaos ingkang minulyo ,
Sedekah yoiku nyuka'aken samukawis dhateng tiyang benten kaliyan ngarepaken ridhanipun saking Gusti Allah SWT. Sedekah klebet amalan ingkang terpuji sanget ugo dianjuraken ing ndalem agami islam, paling utami kunjuk ingkang berkecukupan.

Sodakoh saged diwujudtaken lebet macem-macem bentuk ipun, bahkan ngempet awak badane mboten ndamel kawonan/ olo dhateng tiyang benten niku njih klebet sedekah. pramilo saking punika, bersedekah dianjuraken kunjuk saben muslim ,ngeling - ngeling hukum bersedekah yoiku sunah.
Tiang shodakoh niku boten bakal MLARAT ning malah KUAT , Boten RUBUH ning malah BAKOH , Boten WUTAH ning malah WUTUH ''''
Wong iku yen wes ora seneng shodakoh biasane niku wes meh mati ,

• ISEH SENENG SILATURAHMI :
Termasuk jagong-jagong / kumpul-kumpul, langkung-langkung silaturahmi kalian sedulur ,nek pun boten purun ngoten niku biasane pun keno penyakit , la niku njih boten dangu dang sedo,

• TASEH PURUN NGAJI (pados ilmu) :
NGAJI IKU PENTING OJO SENG PENTING NGAJI ,Sebab nopo ko kudu ngaji...? Apik iku nglakoni perintah ninggal larangan, kulo jenengan kapan iso nglakoni perintah lek boten ngerti opo seng di perintah ,kapan iso ninggal larangan yen ora ngerti opo seng di larang,
Tiyang niku nek pun boten purun NGAJI boten saget bedakno pundi ingkang halal lan pundi ingkang harom, boten dangu njih di cekel pulisi , wehehe

• Ingkang terakhir njih meniko TASEH PURUN BEKTI LAN TA'DIM KALIH TIYANG SEPAH

NB : Mugi-mugi kulo lan panjenengan saget entheng anggenipun nglampahi sedoyo kolowau....Allohuma Amiiiiiiiiiiin

HIKMAH ING JERO CRITO



HIKMAH ING JERO CRITO

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Critane Ing salah sawijining wekdal ''Tansah eilingo'' lagi takon-takon marang ''Mbah ojo dumeh'' tentang pengkhususan maos Al-quran

Tansah Eilingo : ''Mbah kenging nopo to mbah , biasane niku yen enten tiyang hamil / bobot / ngandhut , di kengken ngatah-ngatah aken maos qur-an ,biasane ingkang di maos niku surat ''yusuf'' kalih surat ''mariyam'', tegese kok khusus , nopo bukane yen maos sedoyo isi qur'an niku luwih komplit lan lengkap njih mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Oh iku tah le , (sinambi nyruput kopi kalih udut's :D) , yo nyante disek wi kopine di sruput sek , mengko nek wes mari tak jelasno''

Tansah Eilingo : ''Sinambi nyruput kopi , sruuuuuup , Ajiiiib's ....uueeedoooosss )''

Mbah Ojo Dumeh : ''(Nyante rodhok nylewarne dialog nang putune ,njur ngomong) , Anu e le mbah e wingi mari prikso nang mantri , kupinge mbah he rondok budeg , dadine yo ora pati krungu , la kie aku di wei obat soko pak mantri''

Tansah Eilingo : ''Nganu mbah dipun beto ten dokter ''SPECIALIS'' kuping mawon , mriko loh enten , tiange pun kondang ahli ten bidang kuping, katah ingkang sowan mriko njih katah ingkang cocok kok mbah, mbok menawi panjenengan njih cocok''

Mbah Ojo Dumeh : ''Dokter specialis kuping....? Bukane nang dokter umum liane ugo podho wae to le.....?

Tansah Eilingo : ''Njih boten sami / alias benten to mbah , Yen dokter spesialis niku bener-bener faham lan ngerti bener masalah nopo ingkang dipun pelajari / spesialisse dewek e''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ooooo.....ngunu......!!!!!''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah.......''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wehehe.......Naaaahhhhhhh Iku ''JAWAB PAN'' soko pertanya'ane sampean mau''

Tansah Eilingo : ''Loh maksudte PRIPUN Mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : '' Lak yo enek wae to dokter seng spealis kuping , moto , jantung , paru-paru lan liyo-liane''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah lajeng hubunganipun nopo mbah..?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Hubungane , surat-suart ing jero Al Qur'an wi yo podho , ono seng spesialis , sesuai karo keterangane soko hadist-hadist kanjeng Nabi Saw''

Tansah Eilingo : '' Oo.......(manthuk-manthuk)

Mbah Ojo Dumeh : ''FAHAM pow duk kok manthuk-manthuk kui...?''

Tansah Eilingo : ''wehehe njih mbah insya Allah sampun faham hee''