Kamis, 04 April 2013

CRITANE MBAH KAJI


Wonten mbah kaji (sampun sepuh mulo di celok mbah) , salah sawijining wedal kepanggih kalih lare nom :
- Lare nom : ''Assalamu'alaikum mbah,,,''
- Mbah kaji : ''Wa'alaikum salam , ono opo le........?''
-Lare nom : ''Mbah nyuwun sewu derek tangklet ,panjenengan niku yuswane pinten mbah...?
- Mbah kaji : ''Oh umurku .... Umurku 5 tahun''
- Lare nom : ''Panjenengan niku pun sepuh mbah ,Umure panjenengan niku sampun 70tahun ,kulo ngertos ,mosok umur 70 ngaku 5tahun niku namine penjenengan ngapusi..''
- Mbah kaji : ''Ngene lho le...70tahun iku lak suwene uripku ono ing ngalam dunyo, takok mu kan umurku ,umurku iku berarti umur seng arep nylametne aku,umur seng wes tak gae ngibadah tak eiling-eiling lagi 5thun''
- Lare nom : ''O...Ngoten mbah....?''
- Mbah kaji : ''Iyo seng 65 mbiyen umure syetan''

=> Umur niku Amanat ,Titipane Gusti Allah,tapi lek kito tanjak aken damel ibadah insya allah saget manfaati dateng kito sedoyo, monggo dulur mumpung di paringi panjang umur sisane umur niki kito gina'aken damel nglampahi ibadah,lan mugi2 sisane umur kulo lan panjenengan di paringi umur ingkang barokah amiin...

Lajeng lare nom niku matur malih :
- Lare nom : ''Seng nomer kalih mbah, kulo takon maneh...Putro jenengan pinten mbah.....?
- Mbah kaji : ''Anak ku..?''
- Lare nom : ''Njih mbah''
- Mbah kaji : ''Anak ku siji''
- Lare nom : ''Lho ngapusi malih ,kulo niku kenal mbah putro jenengan niku 5,wong kulo niku dulane njih kaleh putro jenengan,putro 5 ko ngaku siji berarti jenengan ngapusi kulo mbah..
- Mbah kaji : ''Ngene lho le tak jelasno , 5 iku lak jumlahe ,takokmu kan anak ku, Anak ku iku berarti anak seng areb nylametne aku, anak sholeh yen putro ,sholikah yen putri ,iku mung siji, seng 4 ora beneh kabeh
- Lare nom : ''Oo...Ngoten mbah...!!
- Mbah kaji : ''yo....seng 1 iku genah,kowe yo ngerti dewe ibadahe tekun,bendino dungakne aku ,,,,la seng 4 iku mbuh anak e sopo aku mung ngopeni thok

=> Bungah temenan rasane dadi wong tuwo ,duweni anak podho tansah mituhu,ora lali sholat 5 waktu,sregep anggone ngaji lan sinau,lan ngabekti marang bapak ibune,toto kromo ora di lalekne,muna muni tingkah laku bendinane,ngajeni marang sepodho-padane
Rino wengi tekun anggone ngibadah,ora wegah gone podho sekolah,ugo ora tau bantah yen di printah,yen nompho cubo ati tansah pasrah

- Bejaning bejo ra koyo wong tuo yen duwe putro taat maring agomo
Soro ning soro ra koyo wong tuwo Yen nduwe putro tansah durhoko...
- Mulo to mulo poro ibu bopho kewajiban ojo nganti di lerwakno
Ngertekno agomo maring poro putro mumpung isih ono poro alim ulomo...

Mbah seng terakhir mbah kulo bade tangklet malih :
- Lare nom : ''Duwit jenengan pinten mbah..?''
- Mbah kaji : ''Wah cah iki ko nyelo-nyelo,mau takok umurku ,anak ku,sak iki takok duwetku , Duwetku sak juta''
- Lare nom : ''lo jenengan ngapusi malih,jenengan ki kaji kok ngapusi to mbah''
- Mbah kaji : ''Ngapusi piye to le...?''
- Lare nom : ''Jenengan niku tiang sugih mbah duwete katah,wong sak kampung niki ngertos lek duwette sampean iki tumpuk undung ten bank,mosok duwette sak munu akehe ko ngaku sak juta''
- Mbah kaji : ''Akeh iku lak jumlahe , takokmu kan duwetku , duwetku iku seng arep nylametke aku ,duwet seng wes tak go ngamal iku tak eling-eling lagi sak juta.Liane kae besok tak tinggal mati iso malah go rebutan anak putu''
- Lare nom : ''Oo....ngoten mbah.....?''
- Mbah kaji : ''Iyo...''
- Lare nom : ''Jenengan ko pinter men to mbah...?''
- Mbah kaji : ''Aku i jan mbuh kok le.....!!!''

=> Poro pemaos ingkang minulyo, INTNE Sedoyo kalawau niku amung titipan,titipan iku bakal di jaluk bali , titipan saget dados hak milik,PIYE CARANE...? , Lek wes di tanjakno bener koyo kersane gusti Allah

NB: KSIMPULANE:
-ANAK KU : Anak seng sholih sholikah
-UMURKU : Umur seng wes di gae ngibadah
-BANDAKU : Bondho seng wes di gawe ngamal

crito niki admin catet saking mauidhoh pak ma'ruf...


DZIKIR WENGI


''Lan ono ing sebagiane wengi, sembahyang tahajudto siro minongko swijining tambahan ibadah tumrap siro,mugo-mugo gusti Allah ngangkat marang siro ono ing derajat kang mulyo''

Lingsir wengi kahanane sepi
Ayo dulur di kulinakno tangi
Nyembah sujud ngersane ilahi
Sholat tahajud ojo nganti lali

Gayuh drajat sarono tirakat
Sholat sunah ojo nganti kendat
Derek sunah jeng nabi muhamad
Bakal mulyo dunyo lan akhirat

Ngliler,,,,,nglilerr....ayoooo nglilerrrr bengi
Kakean turu dadekno ati mati

Ngliler,,,,,nglilerr....ayoooo nglilerrrr bengi
Sholat bengi iso dadi tombho ati

Ngliler,,,,,nglilerr....ayoooo nglilerrrr bengi
Dzikir wengi iso nentrem ne ati

Ngliler,,,,,nglilerr....ayoooo nglilerrrr bengi
Insya Allah dungo di ijabahi

Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo sagetto nglampahi ibadah sunah tambahan ,kanggo amal dunyo dumugi akhirat lan mugio saget istiqomah amiiin

KEISTIMEWAANE DINTEN JUM’AT


SAYYIDUL AYYAM dan YAUM AL-MAZID

بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ


Poro pemaos ingkang minulyo :
Monggo wonten eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kito sami tingkaten roso taqwa lan iman kito dumateng Allah Ta’ala, kelawan sak estu-estu taqwa lan sak estu-estu iman dumateng Gusti Allah Swt, kelawan ninda’aken sedoyo printah-printahipun lan berusaha kang
ge nilari dumateng sedoyo awisan-awisanipun Gusti Allah Ta’ala, Wonten pundike mawon lan eng ndalem kakahanan punopoke mawon

Sebab namung kelawan keimanan lan ketaqwaan menikolah, kito bakal sanggup ngadepi sedoyo rintangan, hambatan soho tantangan wonten eng zaman akhir sak meniko, ugi namung kelawan keimanan lan ketaqwaan meniko, kito mbenjang bakal pikantuk kabejan engkang ageng sangkeng Allah Ta’ala arupi, pikantuk syafa’at keslametan lan kabejan eng alam akhiratipun.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Mangertiyo bileh sejatine Allah Ta’ala meniko, sampun dadosaken dinten jum’at meniko , sebagai dinten engkang Agung saha minulyo, sebab dinten meniko, dinten engkang dipun mulya’aken deneng Gusti Allah Ta’ala, Sebab mulyanipun dinten jum’at meniko wonten ngarso dalem Allah Ta’ala iku nguluwihi sangkeng dinten Riyoyo Idul Fitri lan dinten Riyoyo Idul ‘Adha, Keronten dinten Jum’at puniko Kawastanan minongko “Sayyidul Ayyam” (Bendoronipun pinten-pinten dinten). Punikolah dinten jum’at, lan punikolah Sak sae-saenipun dinten engkang , eng sak lebeitipun dinten jum’at meniko wonten gangsal (5) kedadosan/peristiwa bersejarah engkang sampun terjadi lan badhe terjadi : eng antawisipun :

1. Eng dinten Jum'an meniko, Allah SWT sampun dadosaken (nyipta'aken) Nabiyulloh Adam As, lan dipun dadosaken sebagai pendudukipun Suwargo.

2.Eng diten jum’at , Allah Ta’ala nitahaken dumateng Nabiyullah Adam As, tumurun wonten eng Bumi (dados Kholifatulloh Fie Al-Ardhi),

3.Nabiyullah Adam As, dipun Pendhet deneng Allah Ta’ala (tegese : Wafatipun Nabi Adam As )ugi wonten eng saklebetipun dinten jum’at.

4.Eng saklebetipun dinten jum’at meniko, Allah Ta’ala sampun pareng setunggalipun wekdal engkang Ijabah, kangge kito Ummat Muhammad Saw, Supados ndedungo nyuwun dumateng Gusti Allah, wonten eng dinten jum’at, wiwit ndalunipun dumugi ngantos sakderenge surup opo srengenge eng dinten jum’at.

5.Lan ugi eng dinten jum’at, Insya Allah Yaum Al-Qiyamah, bakal dumugi ( bakal terjadi). (Sumber : Kitab Tanbighul Ghoofilien Sh.110).

Poro pemaos ingkang minulyo :
Allah Ta’ala sampun Nyampurna’aken dumeteng keistimewaanipun dinten jum’at meniko , kelawan dawuh printahipun kanggem tiyang-tiyang Muslim supados sami ninda’aken kewajiban arupi jama’ah sholat jum’at, dawuhipun Allah Ta’ala :

Wallahu “alamu Bimuroddihi : Hey eling-eling Wong-wong kang podo Iman kabeh, Nalikane dikumandangke (adzan kanggo) ninda’ake kewajiban sholat ono eng dino jum’at, Mongko pado enggal-enggalo siro kabeh (budhal) tumuju marang eling menyang Gusti Allah lan tinggal-no kesibukan perdagangan-mu kang mengkunu mau iku luweh becik (Bagus) kanggone sliramu, lamon Sliramu iku podo mangerteni” (QS: Al-Jumuah : 09)

Poro pemaos ingkang minulyo :
Eng sengtunggalipun Riwayat Shoheh Muslim, Kanjeng Nabi Sampun Dawuhaken :
Sinte mawon tiyang engkang ninda’aken wudlu lan mbagusaken wudlunipun, (tegese : Kiyamba’ipun purun nyampurna’aken rukun lan sunnah-sunnahipun wudlu), lajeng budhal kangge memenuhi kewajiban jama’ah sholat jum’at, lan kiyambak-ipun mirengaken isi sakeng materi khutbah engkang dipun sampaiaken deneng khotib kelawan sak estu-estu (tegesipun : mboten tilem, utawi mboten sami ngendikan lan gegunjingan), mongko bakal dipun tampi lampahan Ibadah jum’atipun, lan dipun ngapuro doso-dosonipun tiyang wau, kang antarane jum’at ngantos dinten jum’at nganjengipun lan dipun tambahi 3 (tigang) dinten.

Semanten ugi kosok wangsulipun sintenke mawon tiyang engkang mboten ninda’aken perkawis engkang mekaten, mongko saktemene kiyamba’ipun iku temen sampun sami dolanan, Faqod Laghaw, lan sinten tiyangipun engkang Laghaw, mongko yekti temen Ibadah Jum’atipun mboten dipun anggep (tegese namung guguraken kewajiban mawon, anangeng mboten mbekto manfaat punopo-punopo). (Hadis Riwayat Imam Muslim)

Poro pemaos ingkang minulyo :
Sejatosipun kito meniko sampun dipun pengetaken, kelawan Dawuh Pengendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw, engkan saben-saben Khotib badhe Minggah wonten Mimbar, sami dipun Waos deneng Muroqqi : malahan dipun waos kapeng tiga (AN-SITHU, WA AS-MA’U, WA ATHI U) (Mendelo Siro, Lan Podo Merhate’ke Siro Lan Podo Patuho Siro),

Sejatosipun kalimah meniko dipun maksudaken sebagai Pepenget, tumrapipun sedoyo jamaah majlis taklim Rokhimakumulloh, tanpo kecuali. Supados lampahan Ibadah Jumatipun saget mbekto manfaat lan saget pikantuk ridlo lan ganjaran sakeng ngarso dalem Allah Swt.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Kangge Penutup, Kulo Nukilaken Setunggalipun Riwayat, Kangge Penyemanget Kito anggenipun Nindak’aken Ibadah eng dalem dinten jum’at meniko, Dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw :

”Ono 17 (Pitulas) amalan, kang biso kanggo nglebur, marang doso-doso kang wis kliwat lan biso kanggo nyegah (marang tumindak doso ana eng mongso kang) bakal teko, salah sijine sangkeng 17 (Pitulas) amalan mau, yoiku : Moco Surat Al-Fatikhah, Surat Al-Ikhlas, lan Surat Al-Mu’awidzatain (Qul ’A’udzubirobi Al-Falaq lan Qul A’udzubirobbi An-Naas), Saben-saben surat mau dipun Waos kaping 7 (Pitung) Ambalan, ono eng sak bakdane Sholat Jum’at, lan podo sami ngakeh-ngakehono Siro anggone Moco Sholawat Marang Ingsun (Nabi), ono eng wengi dino jum’at lan ono eng awane dino jum’at, Mongko Sopo wonge kang moco Sholawat marang Ingsun (Nabi), kaping Sepisan, Mongko Gusti Allah iku bakal mbales marang wong mau, kelawan sepuluh tikelan” (HR.Imam Abu dawud).

Poro pemaos ingkang minulyo :
Mekaten engkang saget dipun aturaken, mugi-mugi saget mbekto manfaat dumateng kito sami, sehinggo kito saget ningkataken kualitas sangkeng Ibadah kito dumateng Allah Ta’ala, Khususipun Ibadah Jum’at kito,. sehinggo kito sak mangke saget pikantuk akhir engkang sae KHUSNUL KHOOTIMAH, Amien Yaa Robbal ‘Alamien.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ
.

Syi'ir pitakon kubur

Yaa Rosulallah salaamun 'alaik
Yaa Rofii'asy-syaani wad-daroji

Ji-'tu bilhammi wa bilharoji
Roojiyan lil'afwi wal faroji

Sholawat salam ing ngarso Nabi
Luhur drajate tansah pinuji

Utusanipun Dzat Kang Sewiji
Kang damel makhluk ugi ngrumati

Duh Gusti Nabi sowan kawulo
Kelawan bekto susah lan doso

Mugi kawulo dipun ngapuro
Dipun icalke susahe kulo

Syi'iran niki mugiyo dadi
Seksi kawulo kang migunani

Isine hujjah kanggo wong islam
Kanggo cekelan wonten kuburan

Allah ta'ala pengeran kulo
Nabi Muhammad Nabi kawulo

Agomo Islam agomo kulo
Al-Qur'an mulyo imam kawulo

Ka'bah ten Mekah kiblat kawulo
Sholat kang limo kwajiban kulo

Muslim sedoyo sedulur kulo
Nabi Ibrohim bapak kawulo

Urip kawulo lan mati kulo
Iku netepi kalimah kang haq

Klawan berkahe Nabi Muhammad
Utusane Dzat Kang Paring Rohmat

Mugiyo kito saget njawabi
Pitakonane Munkar lan Nakir

Pikantuk nikmat boten disekso
Wonten akherat mlebet suwargo

DUNGO

10 macem golongan dungane wong seng mustajab:

1. Dungane wong muslim kanggo sedulure tanpo sepengetauane dewek e (H.R. Muslim)

2. Dungane wong seng akeh / sering dungo. (H.R. Tirmizi)

3. Dungane wong seng ter anioyo. (H.R. Muslim)

4. Dungane wong tuwa marang anake (H.R. Abu Daud)

5. Dungane wong musafir (H.R. Abu Daud)

6. Dungane wong seng lagi poso. (H.R. al-Baihaqi)

7. Dungane wong jero kahanan kepeksa / kepepete kahanan (Q.S. an-Naml [27]:62)

8. Dungane anak sing mbekti marang wong tuwane (H.R. al-Bazzar)

9. Dungane pemimpin sing adil (H.R. al-Baihaqi)

10. Dungane wong sing bertobat (Q.S. an-Nisa’ [4]:110)

Poro pemaos ingkang minulyo :
Dungo niku perintah ,mulo monggo kito sami dedungo nyuwun maring gusti Allah ,seng sopo gelem dedungo insya Allah di kabulno

Manfaate dungo salah swijine saget ngrubah takdir : conto sederhana mawon=>
Umpomo ko ono wong dino niki wes di takdirne kalih gusti Allah tenggene laukhil mahfud's mriko pun enten tulisane ,dino iki,tanggal iki, jam iki jenenge fulanah (umpamane) budal ngaji takan dalan kepleset tibo,,,
Takdire jane di tulis ngunu , nanging fulanah niki wau sak derenge budal teko umah dungo '' Ya Allah kulo bade budal ngaji nyuwun slamet bismillah lakhaula wala kuata illabillah..''
trus budal pengajian , ngoten niku gusti allah langsung ngrubah takdire
gusti Allah ngutus malaikat ''HEY MALAIKAT,,,,,njih gusti wonten dawuh ,,,CATETANE FULANAH DINO IKI TAKDIRE PIYE...? Fulanah budal ngaji ten dalan kepleset trus tibo ,,,CORETEN...la trus pripun gusti.....GANTINEN SLAMET.....la enten nopo gusti...? FULANAH MAU BUDAL NGAJI DUNGO JALUK SLAMET TAK KABULNO..''

Pitakon kubur

Poro sedulur mangertenono ,yen ing alam kubur bakal ono pitakonan enem perkoro , OJO KAGET LAN OJO GUMETER ,SIRO KUDU BISO JAWAB KANTHI CETHO yen di takok i malaikat loro ...

=> Kaping sepisan pitakone :
GUSTI PANGERANMU IKU SOPO...?
Nuli jawab po kelawan cetho
YEN GUSTI ALLAH PANGERAN KULO...

=> Kang kaping pindho pitakone :
SOPO IKU KANJENG NABI IRO..........?
Enggal jawab po kelawan cetho
YEN NABI MUHAMAD NABI NIRO....

=> Kaping telune pitakone :
YO OPO IKU AGOMO IRO.......?
Jawabbane ora ono liyo
YOIKU ISLAM AGOMO NIRO.....

=> Kang kaping papat pitakone :
KIBLAT IRO YOIKU OPO.....?
KA'BAH TULLAH IKU KIBLAT NIRO...
Koyo mengkono jawab po siro

=> Kaping limone pitakone :
YO OPO IKU PANUTAN IRO
KITAB AL-QURAN
ANjawab po siro Yoiku kitab panutan niro

=> Kang kaping enem pitakone :
YO SOPO IKU SEDULUR IRO.....?
Jawab po siro
KAUM MUSLIMIN UGO MUSLIMAH YOIKU KABEH SEDULUR NIRO

=> Percoyo keno ora percoyo yo keno seng jelas wong urip bakale sedo , yen gak ngibadah bakale di sekso yen sregep ngibadah bakale mulyo...

NB: Ampun kwatir kalih pitakonan kubur ,lan boten usah di apalne ,seng penting panjenengan ibadahe seng tekun, rino wengi ibadah sholat nyebut asamne gusti Allah ping piro ,moco sholawat ten kanjeng nabi ping piro, rino wengi deres quran Insya Allah saget (SALMET)

SWALIK E : wong seng seneng maksiat gak dang tobat niku mbok menowo wae yo di sekso,soale gak tau ngibadah tekan kubur yen di takoni zo bingung ....
-jare malaikat ''HEY..WONG DUNYO TEKAN KENE TAK TAKOK I....SOPO PENGERANMU..?'' ora iso jawab malah-malah gelem jawab ''PANGERAN KULO PANGERAN DIPONEGORO'' waaahhhh...bress....breeesssss......breessssss.di sekso wassalam...

Islam KTP






AGOMO ORA CUKUP DI AKONI
NANGING YO KUDU DI LAKONI

Jarene ngaku islam ko namung KTP ne
Seng ora sembahyang bakal rugi urippe
Urip mung sepisan ojo sak kepenak e
Seng tekun sembahyang bakal mulyo urippe

Ojo dupeh sugeh bondho banjur ninggalne Agomo
Eilingo besok yen sedo gak bakal di gowo
Ojo dupeh duwe pangkat banjur ninggalno sholat
Eilingo besok ning akhirat bakale di khisab

Di rewangi mrono mrene nibo nangi ,luru sandang kelawan pangan ojo lali maring PANGERAN
Di rewangi nyambut gawe wiwit esok nganti sore, supoyo cukup butuhe ojo nganti lali SHOLATE

Nang dunyo piro suwene ojo lali kewajibane
Rino wengi esok sore tansah Eiling pangerane
Nang dunyo piro suwene bebasan mung mampir ngombhe
Di lereni maksiate kanggo ngamal akhirate

Bujuk ing syetan

Ono salah swijine preman keno tembak pak polisi keadaane kritis nang RS ,pas keadaan ora sadar dewe'e ngipi di gowo karo malaikat nang neroko
Begitu nang neroko dewek e kaget mergo nang neroko rame banget ,Akeh wong disco-disco,mabuk,maen, lan ora luput nang kunu ono ugo artis-artis seng ayu-ayu lan sak pinunggalane

Langsung wae si prem
an mau cepet-cepet kepingin mlebu lan melu ngincipi bareng-bareng wong seng nang neroko,Ananging di cegat karo IBLIS seng jogo lawang :
''Woeh nyang endi kuwi,,,mengko disek , durung wayah e .....Balik o disek nang ndunyo , Lakonono maksiat seng akeh, luwih nemenono tumindakmu seng olo mulo mengko kowe mesti MELEBU NEROKO....!!!''

Akhire si preman mau balik maning nang dunyo ... lan dewe'e bener-bener tumindak seng luwih olo lan maksiatte tambah gedhe ,akhire di tembak mati karo pak polisi
,banjur di terno IBLIS nang neroko.

Bareng wes melebu nang neroko dewek e kaget , Amergo nang jero neroko akeh wong seng di sekso di obong lan genine munclak-munclak campur kewan-kewan seng jijik i ugo medeni njur akeh ugo wong-wong podho jerat-jerit sambate ngaruoro.....

Akhire si preman mau bingung campur kewedhen lan ngomong:
''Loh....waktu dek ingenane kae neroko ora koyo ngene ketok e.....?

''SI IBLIS malah guyu cekakak an karo ngomong santai .... WOW wektu iku awak e dewe lagi PROMO kang....''

=> Ono neroko akeh wong podho di sekso
Jerat-jerit sambate ngaruoro
Sebab rikolo nang dunyo kakean duso
Ajal wes teko ora gelem nindakno tuntunane agomo

=> Ono neroko akeh wong kang podho sambat
Ngrasak ake rekasaning sekso ora kuat
Sebab rikolo nang dunyo seneng maksiat
Wes meh sekarat nanging ora gelem tobat

NB: Monggo dulur wes wancine ayo tobat marang GUSTI
Mumpung durung teko pati kang wes mesti
Nyuwun maring gusti tobat sak tulusing ati
Wiwit cilik nganti sa'iki ,MUGI GUSTI NGIJABAHI

OJO seneng alok

Ono sak gerombolan bucah nom-noman lagi mlaku sempoyongan gowo gitar lan CIU (arak) liwat ono ing ngarepe Syaikh ma'ruf Al Karkhi lan santri-santrine .
njur santrine ngomong ''Ya syaikh , panjenengan dungak ne nang gusti Allah supoyo bucah-bucah nom iku ciloko''.
Banjur syaikh ipun ngendiko ''IYO , ayo dungo bareng-bareng''
Poro santri njur ngangkat tangan siap ngamini dungane gurune

Syaikh banjur dungo ,'' Ya Allah , supados panjenengan sampun damel bucah-bucah niku seneng ono ing dunyo ,mulo panjenengan seneng aken malih wonten akhirat benjang''
Santri-santrine podho kaget lan heran ,amergo seng di arepne dungo ciloko ,malah di dungakno dungo seng santri-santrine ora biso memahami,akhire syaikh iku jelasne
''Hei poro santri ... lek Gusti Allah gawe seneng bahagia ono ing akhirat berarti Allah nrimo tobatte , awak e dhewe mau ngarepne liwat dungo supoyo bucah-bucah iku mau tobat''

-poro pemaos sedoyo , mbok bilih wonten tiang nakal utawi boten ngremeni ing manah ampun panjenengan sedoyo niku ALOK utawi GETHING , sebab tiang ALOK niku gampang MELOK tiang GETING niku gampang NYANDING . menawi ngoten lek sekirane ono wong elek niku baguse di tuturi lek boten kinging di tuturi njih di dungakne mawon , sebab tiang ngoten niku dereng angsal RIZKI PITUDUH saking gusti Allah ...

Mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo dados tiang ingkang GADAHI sifat ngajeni , muna-muni, tingkah laku, toto kromo ingkang langkung SAE marang sak podho-podho amiiin

KABEJAN




Kahanane urip iki tansah hilir gumanti
Bungah susah iku lumrah kabeh wong podho ngalami
Manungso ora kuoso isane mung ngrencono
Wajib usaha lan dungo pangeran kang nentokno

Wong yen lagi oleh bejo rizki teko ora di songko
Wong yen oleh kabejan sembarange sarwo gampang
Lamun perkoro rizki iku koyo misteri ,ora biso di mireni
Manungso kang podho nampi,rino wengi di golek i kadang ora nemoni
Lamun rizki barokah delalah tambah turah

Gusti Allah wes ngendiko ora bakal suloyo,sopo seng gelem dedungo insya allah di kabulno

Dinten niki dinten JUM'AT
Alhamdulillah kito di paringi limpahan NIKMAT
Di paringi SEHAT
Saget mampir wonten niki TEMPAT
Mugi-mugi kanti benere NIAT
Jalari slamet dunyo dumugi Akhirat
Allahumma Amiin

Manungso iku luwih OLO tinimbang SYETAN




Ora ono syetan iku teler,syetan gendak an ,syetan rasan-rasan lan liyo liane , lha manungso iku bendinten nglakoni duso..

Wonten sejarah persyetanan ,syetan niku duso kalih gusti Allah namung ping pisan thok ,nalikane syetan di kengken sujud maring nabi Adam syetan boten purun, Gara-gara boten purun akhire syetan di kutuk kalih gusti Allah sampek dinten kiamat.

Wonten ing kitab: Enten tiang jaler mlaku-mlaku ,zaman tabi'it tabi'in putune shohabat ,naliko mlaku-mlaku di sopo kaleh maklhuk e gusti Allah , ''Pak arep nang ndi...?''
- Di jawab ''Arep mlaku-mlaku''
''Aku oleh melok''
- Di takok i Man anta '' sampean sopo...?''
Kenalaken pak ana syaiton ''Aku syetan , kulo kepingin melu mlaku-mlaku kalian jenengan''

Bareng mlaku-mlaku niki wau ko delalah dhuhur liwat gak sholat ,asar gak sholat magrib wonge yo gak sholat isya' wonge arep mapan turu banjur syetane mlayu.
Di celuk karo wonge ''lho keno opo tho kok kowe mlayu...?''
Ana akhofu minka ,jare syetan '' Aku wedhi karo sampean pak''
_''Lho keno opo wedhi ,aku menungso kowe syetan kudune seng wedi iki aku''
Jawabpe syetan '' Aku iku nglakoni duso ning gusti Allah mung pisan , gara-gara duso mung pisan thok aku di kutuk gusti Allah sampek dino kiamat pak' , La jenengan kulo tingali niki wau dhuhur gak sholat,asar gak sholat,magrib gak sholat,isya gak sholat,Aku yakin sesok subuh mesti gak sholat sampean,dadose jenengan niku langkung syetan tinimbang kulo''

NB: Dadi pengumuman kanggo masyarakat dumay
''Lek ono wong ngaku islam nanging kok gak sholat , ura usah wedi karo syetan , yo sampean iku rajane syetan

NGILMUNE KYAI PETRUK



Kuncung ireng pancal putih,
Swarga durung weruh,
Neraka durung wanuh,
Mung donya sing aku weruh,
Uripku aja nganti duwe mungsuh.

Ribang bumi ribang nyawa,
Ana beja ana cilaka,
Ana urip ana mati,
Precil mijet wohing ranti,
Seneng mesti susah,
Susah mesti seneng,
Aja seneng nek duwe,
Aja susah nek ora duwe.

Senenge saklentheng susahe sarendheng,
Susah jebule seneng,
Seneng jebule susah,
Sugih durung karuan seneng,
Ora duwe durung karuan susah,
Susah seneng ora bisa disawang,
Bisane mung dirasakake dhewe.

Kapiran kapirun sapi ora nuntun,
Urip aja mung nenuwun,
Yen sapimu masuk angin tambanana,
Jamune ulekan lombok,
Bawang uyah lan kecap,
Wetenge wedhakana parutan jahe,
Urip kudu nyambut gawe.

Pipi ngempong bokong,
Iki dhapur sampurnaning wong,
Yen ngelak ngombea,
Yen ngelih mangana,
Yen kesel ngasoa,
Yen ngantuk turua.

Pipi padha pipi,
Bokong padha bokong,
Pipi dudu bokong,
Onde-onde jemblem bakwan,
Urip iku pindha wong njajan,
Kabeh ora bisa dipangan,
Miliha sing bisa kepangan,
Mula elinga dhandhanggulane jajan.

Pipis kopyor sanggupira lunga ngaji,
Le ngaji nyang be jadah,
Gedang goreng iku rewange,
Kepethuk si alu-alu,
Nunggang dangglem nyengkelit lopis,
Utusane tuwan jenang,
Arso mbedhah ing mendhut,
Rame nggennya bandayudha,
Silih ungkih tan ana ngalah sawiji,
Patinira kecucuran.

Ki Daruna Ni Daruni,
Wis ya, aku bali menyang Giri,
Aku iki Kyai Petruk ratuning Merapi,
Lho ratu kok kadi pak tani?,

kecik di ucak Acik Mrico Polo di Gawe dakon
Karep Mono Agawe becik, nak di tompo olo monggo kemawon


Syi'ir pak polisi

Sholli wasallim daiman 'alahmada...
Wal ali wal ashhaabiman qodwahada

dino numpak motor kudu manut aturan
ojo mlaku kebut ojo awur-awuran
lampu abang mandek kuning persiapan
lampu ijo melaku ojo balap balapan

numpak motor kudu sopan lan serasi
ojo kakehan polah ojo keakehan aksi
ojo boncengan telu ojo ngaksi ngaksi
kudu kelingan kredit durung mbok lunasi

mumpak motor kuwi kudu eling lan waspodho
kudu nanggo helm surat-surat digowo
ojo nyepeleke ojo gawe howo
kadang-kadang wae pentil yo diprikso

siro dijegat polisi sebab tanpo helm
ojo malah mlayu mandek kanti kalem
siro rumongso kleru polisi dadi mesem
ojo mbayar duwit polisi ora gelem

ayo poro konco gawe bungah polisi
pancen abot tenan tugas bapak polisi
ngatur dalan aman isuk awan bengi
gaji paling sitik kerep dipisuhi

Sholli wasallim daiman 'alahmada...
Wal ali wal ashhaabiman qodwahada

Mendhet ilmu saking serandal


Gusti ALLAH nyiptak ne nopo mawon niku mesti wonten manfaat lan faedahe

Mendhet ILmune saking SERANDAL:

  Bentukipun mboten persis sami, nanging punika ingkang ndamel
piyambake sedaya serasi;

  Naliko mlampah kekalihipun mboten nate kompak nopo malih mlampah
sesarengan, nanging tujuanipun sami;

  kekalihipun mboten angsal lintu posisi, amargi mekaten
kedahipun piyambake sedaya, dipundamel konjuk sami mepaki (kanggo nglengkapi)

  piyambake sedoyo langkung nyaman dipun ginakaken lebet kawontenan sejajar,
mboten angsal ingkang setunggal langkung andhap utawia langkung inggil;

  menawi ingkang setunggal ical, mila ingkang benten sampun mboten nduwe artos. (sisian yo ora menak blas huhuy
Jebul Ilmu niku saget di pun pelajari ten pundhi-pundhi lan kahanan nopo kemawon

ISTIGHFAR



Hal-hal seng damel urip kito niki kesandung-sandung ke srimpet-srimpet niku dudu kersane gusti Allah ,Ananging sebab kelakuane awak dewe...Ibaratte GOT lek ono sumpelane boten di resik i/di ilangi iku mlakune ora iso lancar

Wonten setunggal cerito:
Siji dino ono ulama' ingkang asmane (IMAM HASAN AL BASHRI ra) Uripe wonten bashrah iraq,ulama' niki dados jujukanipun masyaralkat. Umpami enten masalah/urusan nopo mawon masyarakat mriku dugi wonten mriku, nyuwun ijazah ,solusi, dungo ,pitedah lan lintu-lintunipun

siji dino imam hasan al bashri niki nglami peristiwa seng aneh , wonten tamu dugi ,tamu niku sambat urusan rumah tanggane
''dos pundi niki yai,kulo niki nikah sampun 10thun ,nanging kok isine gegeran mawon,bojo ngomel kulo meneng,kulo ngomel bojo meneng,boten nate meneng bareng,ko kados ngeten niki pripun...? nopo pas siyen kulo rabi kliru dinone,lalek ngoten cubo panjenengan tingali ,lek pancen dino nikahe kliru ,kulo derek jenengan,nopo di wangsuli malih kersane irbpe rumah tangga kulo niki saget rukun (genah)''

Lajeng di sambati ngoten imam hasan al bashri namung dawuh:
''ALAIKA BIL-ISTIGHFAR (sampean seng akeh istighfar)'' banjur tamune kundur....

Lajeng wonten tamu malih ,Tamu ingkang sak lajenge niki njih kondo :
''Pripun niki yi , koyo-koyo penyakit niki boten saget metu soko umah kulo,bojo sehat kulo sakit,kulo sehat bojo sakit,bojo lan kulo sehat anak sakit ,lakok penyakit mubeng trus boten purun medal saking umah kulo , nopo menawi madepe umah kulo kliru...? umah kulo sak niki madepe ngetan ,lek pancen kliru jenengan dawuhi ken madep aken ngulon mangke njih kulo leh,ngidul njih kulo leh,ngalor njih kulo leh''

Imam hasan al bashri namung dawuh:
''ALAIKA BIL-ISTIGHFAR (sampean seng akeh istighfar)'' banjur tamune kundur....

Dugi tamu malih : ''Assalamu'alaikum...''
''wa'alaikum salam...keno opo...?''
''Kulo niki anggota DPR (Durung payu rabi) ,La njih to yi ,kulo niki kepingin kados konco-konco pingin nglampahi rumah tangga,kulo niki kerjo hasile kulo ajenge damel sangu berumah tangga nanging kok apes men,kulo niki kerjo tumut tiang mangke gegeran kulo di pecat,ganti majikan malih mangke di pecat,lek ngoten kulo boten cocok kerjo melu tiang,akhire kulo kerjo kiambak,nglumpuk aken modal damel kerjo kiambak,modal seng kulo klumpuk ake malah boten balik tur modal madul,kulo ulangi malih njih modal madul malih,
la peipun niki kulo kerjo melu tiang boten cocok,usaha kiambak jih boten cocok ,cobi niki panjenengan tingali sebabpe nopo?
nopo sebab wetone kulo boten pas,lek pancen ne weton kulo boten pass mumpung ibu kulo tasih wonten ,kulo tak jaluk di lebetne malih trus di di DEN ke malih...

Imam hasan al bashri dawuhe namung:
''ALAIKA BIL-ISTIGHFAR (sampean seng akeh istighfar)'' banjur tamune kundur....

Imam hasan al bashri niku gadah santri seng biasa nyateti,lek wonten tamune di sukani ijazah maos ayat niki ,dungo niki,sholawat niki di tulisne kalih santrine di paringke tamune......
Lajeng santri kalawau heran kalih mikir...!!!
''Laiyo ono wong telu penyakite bedho-bedho ko tombhone podho,,untung guruku iku kyai ,ko umpomo dokter sesok mesti wes gak payu''
Naliko santri niku nemoni kados ngoten banjur takon kalih gurune Imam hasan al bashri : ''Dinten niki ko ajaib,,,wonten tamu dugi penyakite bedho ko tambane podho''

Di jawab kalih Imam hasan al bashri :
''Opo kowe gak moco nang qur-an , nang qur'an wus di kandakno..''HEI KOWE PODHO JALUK O NGAPURO MARING GUSTI ALLAH'' Seng sopo wonge gelem jaluk ngapuro marang gusti allah lan jaluk sepuro kesalahanmu maring sak podho-podho ,tobat lan gelem ngrubah awakmu ,mlakumu apik ,Allah bakal maringi udan barokah.... 



Eiling sholat



بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

URIP NANG NDUYO IKU ORA SUWE
IBARATTE MUNG MAMPIR NGOMBE
SENAJAN URIBPE SEWU TAHUN LAWASE
YEN ORA SEMBAHYANG ORA ONO GUNANE

=> MONGGO SHOLAWATAN <=
Allahhumasalli ala muhamad
yarobbisoli alaihiwasalim
fi khubisayyidina muhamad
nurulibadrilhuda mutamam
 
 Poro konco ojo NINGGAL sholat ISYA'
mumpung isih Biso ngobahne AWAK
Poro konco ojo LALI sholat ISYA'
Angelingono jagatte arep RUSAK

  Poro konco ojo NINGGAL sholat SUBUH
Supoyo sesembadan seng di GAYUH
Poro konco ojo LALI sholat SUBUH
Angelingono jagatte arep RUBUH

  Poro konco ojo NINGGAL sholat DHUHUR
Mumpung isih di paringi panjang UMUR
Poro konco ojo LALI sholat DHUHUR
Angelingono seksane alam KUBUR

  Poro konco ojo NINGGAL sholat ASAR
Mumpung bumi langite isih GUMELAR
Poro konco ojo LALI sholat ASAR
Angelingono panase padang MAKHSYAR

  Poro konco ojo NINGGAL sholat MAGRIB
Angelingono jagatte wes SEMPIT
Poro konco ojo LALI sholat MAGRIB
Angelingono di awasi ROKIB ATIT

Allahhumasalli ala muhamad
yarobbisoli alaihiwasalim
fi khubisayyidina muhamad
nurulibadrilhuda mutamam