Sabtu, 17 Maret 2012

Eling_eling



Hidup dengan ilmu akan terarah
Hidup dengan seni akan indah
Hidup dengan agama akan barokah





Eleng-eleng manungso ojo lali
Kabeh manungso bakale mati
Yen wes mati di kubur sak family
Ono kubur di apit karo bumi


ISLAM iku AGOMO KU
AL-QURAN iku KITAB KU
MUHAMAD IKU NABI KU
YA ALLAH IKU PENGERAN KU

Sederek kito sedoyo jaler estri enom lan tuo
Mumpung urip podho sholato kanggo sangu mbesok yen lungo
Eilingo yen bakal ketimbalan...timbalane kang moho KUOSO
Timbalan ora keno wakilan....gelemora mekso di pekso

Den salini penganggo putih..yen wes budal ora biso mulih
tumpak anne kereto jowo....rudho papat rupo menungso
Jujukane amlebu guo....guo ne ora ono lawange
Turu ijen ora ono kancane...tanpo bantal tanpo keloso

Di tutupi den anjang-anjang....den uruk ki den siram kembang
Tonggo-tonggo yen podho sambang lek nangis koyo wong nembang



Wong urip  iku lek dino iki luwih apik tinimbang wingi berarti wong seng BEJO
Senajan jenenge dudu kang BEJO
TAPI Lek urip pe dino iki luweh elek tinimbang wingi berarti wong iku ora BEJO....
.senajan jenenge kang BEJO


INNA SHOLATI : Sak temene sholat kulo
WANUSUKI      : Ibadah kulo
WAMAHKIYAYA: Gesang kulo
WAMAMATI    : Lan mati kulo
iku LILLAHI  : Kagungane ALLAH
ROBBIL ALAMINA : Kang mengerani wong ngalam kabeh



Oyote iman wite syahadat godonge sholat
woe dzikir kembange puji-pujian
bejo temen nduwe anak kang biso ngaji
besok akhire biso mulyo lan biso mukti


SEKARAT PATI

Ojo siro banget-banget lehmu urip ono ndunyo
Malaikat juru pati lirak lirik marang siro
Olehe nglirik malaikat arep jabut nyowo siro
Olehe jabut angenteni dawuhe kang moho mulyo ,
 yen westeko titi mongso kudu budal rakeno semoyo

Larane sekarat pati sewu loro dadi siji
Mergo urippe podho lali marang tuntunan agami
Ninggal sholat ninggal ngaji mung maksiat seng di lakoni
mulo urib seng ati-ati tembe mburi ben ora rugi

Sopo wonge gelem iman taat maring dawuhe pengiran
Uripe tekun sembahyang ora lali deres qur-an
Rino wengi seneng wiritan amal sunnah dadi pakulinan
Lamun mati sekaratte gampang ora kroso babar pisan




WONG MATI BAKAL

PEDHOT AMALLE KEJOBO

 TELU KANG JOGO AWAK E

*  SODAKOH jariyah sak kapan wae,  amal jariyah gak pilih-pilih

*  ILMU KANG MANFAAT  ,Gelem muruk i marang sopo wae kang perlu gak pilih 
sugih gak pandang mlarat GUSTI ALLAH melasi marang wong seng taat

*    Duwe tinggalan anak kang SHOLEH  , Ngerti tatanan-tatanan 
gelem dungakne sarono iman marang wong tuo 
ono kuburan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....