Sabtu, 21 April 2012

SYIIR SINDIRAN wong duwuran seng edan


Ngawiti ingsun nglaras sindiran
Kelawan poro wong nang duwuran
Kang dalanake dana anggaran
Ojo sembrono tanpo itungan

Duh poro konco priyo wanito
Ojo mung jabat syareat bloko
Gur pinter janji raiso mbuktek no
Tembe mburine rakyat sangsoro

Akeh kang pinter sekabehane
Seneng ngakali marang kuline
Elek e dewe gak di kethok ke
Padahal iku akal buluse

Gampang bujuk i janjine goroh
Kangge menangke tuku suworo
Sarto wes lungguh nang kursi rojo
Janji-janjine njur ora nyoto

Ayo sedulur jo nglalek ake
Karo seng disek milih swarane
Ojo gedhek ke wetenge dewe
Seng dukung koe seng panggah kere

Dadi pejabat ora bakal sue
Kadong wes rakyat gak ngarepake
Yen wes janjine gak di buktek ke
Bakal di demo di jungkir rake

Koran lan tv podho ngabarke
Pejabat maling akeh contone
Soko seng duwur sak ngisorane
Kruyu'an nyunat jatah rakyate

Koyo wes podho nunggu giliran
Sopo seng nyolong bakal konangan
Yen di percoyo dadi pimpinan
Kudu kang jujur lan kuat iman

Kuasane nduyo ora hakiki
Ayo di jogo lan di syukuri
Yen panyuwune wes di turuti
Nang wongisorane jo nganti lali

Urip kang ayem rumongso aman
Dudu mergo ono ing duwuran
Sabar narimo najan pas-pasan
Nyukuri takdir soko pangeran

Ayo poro konco dulur lan tonggo
Kang durung bener podho eilingo
Ojo di dukung lan di jlongkrok no
Siji kang olo kabeh kang soro

Sindiran iki ojo dadi ati
Di gawe bingung lan ojo wedhi
Mung ngelengake kang duwe janji
Mugo-mugo slamet jo nganti lali

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....