Senin, 16 April 2012

Syi'iran GUS_DUR

Assalamu'alaikum.. dulur 
bissmillah..

yuuuuukkkk monggo  ber_SHOLAWAT ala gus_DUR........

....Ya rosullah salammun alai' ya rofi asa niwadariji...
Atfatayyaji rotal alamin,,,ya uhay lalju diwalkaromi......

Ngawiti ingsun nglaras syi'iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan

Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syari'at bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe burine bakal sengsoro

Akeh kang apal qur-an hadiz se
Seneng ngafirke marang liane
Kafire dewe gak di gatekke
Yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare nduyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nesto

Ayo sedulur jo nglalek ake
Wajibe ngaji sak pranatane
Njur ngandelake iman taukhitte
Baguse sangu mulyo matine

Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Lagu toreqot lan ma'rifatte
Ugo hakekat manjing rasane

Al-quran qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso di woco
Iku wejangan guru waskitho
Den tancepake ing jero dodo

Kumanthil ati lan pikirane
Merasuk badan kabeh jeroan
Mu'jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman

Kelawan Allah kang moho suci
kudu rangkulan rino lan wengi
Di tirakayi di riadhoi
Dzikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir saking pangeran

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podho rukun ojo nge_siyo
Iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi muhamad panutan kito

Ayo nglakoni sekabehane
Allah kang bakal ngangkat derajate
Senajan asor toto zdohire
Ananging mulyo maqom drajatte

Namung palestro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah swargo manggone
Utuh mayitte ugo ulette

nuku wau dulur sholawatanne guru besar sien pas tasik gesang wonten ngalam dunyo,,,,sampek sakniki tasih terngiang2 kaleh santri2 nipun...
mugi2 dipun paringi padang kubure lan jembar kuburipun ugi dipun trampi sedoyo amalipun lan di ngapunten sedoyo kesalahanipun kaleh gusti allah amin,,,,,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....