Rabu, 19 September 2012

istilah dino


Dino iku ono 7(pitu): maksudte PITU ugo bisa di gae PITUTUR,PITUDUH.PITULUNGAN.PITUNGKAS:

1. SENEN : tegese ojo boSEN marang uNEN_uNEN (unen2 wong jowo seng kang bisa di gae tuntunan marang kauripan)

2. SELOSO : SElakno NGAMAL MARANG SOPO_SOPO (wong ngamal iku ora pilih2,ora pandang wonge sopo)

3. REBO : KEREPO SINAU BEN ORA BODHO (mumpung isih urip di tlateni anggone luru ilmu,mergo ngaji iku penting ojo seng penting ngaji)

4. KEMIS : LUWIH BECIK MINGKEM TINIMBANG LAMIS (ojo podho ngumbar umungan kelawan wong liyo.luwih2 ngrasani tonggo)

5 JUM'AT : JUMBUHNO LELAKON KARO KEKAREPAN (yen nduwe niat/cita2 kudu usaha ikhtiar dungo supoyo kekarepanne biso kelakonan)

6. SABTU : INSAP_PO MARANG BARANG SENG WES KEWETU (sak bejo bejane wong lali isih luwih bejo wong kang iling kelawan waspodho)

7. MINGGU : MINGGIRO BARANG SENG OLO LAKONONO BARANG SENG RAHAYU (seng apik ayo podho di lakoni seng olo ayo podho di tinggalne) 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....