Rabu, 13 Maret 2013

al kisah

Bismillah............
Dipun cerita'aken, ono ing pinggire kuto bashrah Wonten setunggal tiang ingkang gadah duso,dusane sampun katah sanget . amergo kelakuane gawe tonggo lan lingkungane ora perduli marang kematiane, sahinggo garwane susah madosi tiang ingkang bade disuwuni tulung beto mayitipun wonten masjid (nyolati) lan beto wonten makome (kuburan) ,akhire terpaksa garwane niku bayar /nyewo tiang damel beto mayite bojone.

Sak sampunipun ngoten mayit kalawau di beto enten masjid ,mboten wonten tiang babar blas ingkang nyolati,malah-malah tonggo lan lingkungane boten perduli koyo-koyo boten wonten kejadian nopo-nopo.
Akhire mayit kolowau di beto langsung wonten pemakaman.

Ono ing pinggire bukit sebelahe makom ,wonten ulamak ingkang alim kadose lagi nenggo tiyang.
ternyata tiang alim niku wau bade nyolati jenazah, jenazah ingkang liwat wonten mriku..
Beritane ulama' alim ingkang bade nyolati jenazah niku kepireng nganti sakwentoro kuto bashrah , tiang-tiang sami berduyun-duyun bade tumut derek nyolati jenasah kalawau, sarto kalih penasaran jenazahe sinten ingkang angsal kehormatan bade di pun sholati kalian ulama' alim kalawau..

Sak sampunipun rampung di sholati , tiang-tiyang wau sami kaget lan gumun , boten asing malih ternyata jenazah ingkang dipun sholati injih meniko jenazahipun tiyang ingkang ahli maksiat.
lajeng tiyang-tiyang wau sami tangklet .

''Wonten pigatos nopo panjenengan purun dugi tebih-tebih wonten mriki lan purun nyolati janazah niki ?''

banjur ulama' wau jawab:
''Ono seng omong ing jero ngipiku, teko o ono ing bukit sisih kuburan ,nang kunu ono jenazah seng pengiringe mung wong wadon siji yoiku bojone, sholattono jenazah iku ,amergo iku wong seng oleh pangapuran.''

Sedoyo tiyang ingkang sampun dugi malah tambah gumun,
Lajeng ulama' alim wau nimbali tiyang estri bojone almarhumah lan nakok i nopo bendinane garwane lan kepiye uripe bendinane.
tiyang estri mau jawab :
''“piyambakipun kados ingkang sampun dipuntepang ing kitha niki , saben dino mabuk-mabuk an lan damel maksiat''

ulama' alim takon maneh: ''Cubo di eiling-eling sak liane iku nopo maleh..?''

''“inggih samangertos kula tigo hal.
ingkang setunggal, saben piyambakipun eling saking mendemipun ing wanci shubuh, piyambakipun gumantos rasukanipun, berwudhu uga nglampahi shubuh berjamaah.
lajeng piyambakipun balik mendem malih uga ndamel maksiat.

ingkang kaping kalih, ing griyanipun mesti enten kalih utawi setunggal anak yatim. piyambak ipun numindak ake kaliyan sae dateng anak yatim punika nglangkungi dhateng anakipun piyambak.

ingkang nomer tigo, menawi piyambak ipun eling saking mendemipun ing tengah dalu, piyambak ipun nangis lan gethun, “YA Allah, ono ing neroko jahanam pundi panjenengan badhe nyemplungaken hambamu ingkang kotor kaliyan maksiat niki.”

Sang ngulama alim lajeng mantuk, amargi piyambak ipun sampun nyumerepi kanti jelas kedadosan aneh ing siyang dinten punika.

(Di pendhet saking Ihya’ Ulumiddin.)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....