Rabu, 13 Maret 2013

al kisah


بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

BAROKAH ipun tiang sholeh:

Dipun cerita'aken ,wonten keluargo ingkang urip e serba kekurangan (fakir), salah setunggale wedal seng kakung angsal rizqi awujud duwit , lajeng tiang kakunge matur kalian garwane :
''Sampean nyuwun di tumbasne nopo de?''

''Ditumbasne daging wedus mawon , kito sampun dangu boten maem lan ngicipi sedepe daging'' , jawabpe garwane.

Banjur budal tuku daging ,sak sampunipun bidal lajeng angsal daging, daginge kolowau di wadahe kresek trus di beto wangsul, waktu ono ing dalan , dewek e weruh ono masjid lagi akeh wong podho kumpul-kumpul. sembari ngomong ing jero atine ,'' la iki kan ora waktune sholat ko nang mesjid rame akeh wong , paling ono wong lagi nyolati jenazah . Apik e aku tak zo melu nyolati lah''

boten kesupen ,piyambakipun lajeng mlebet datheng masjid uga derek nglampahi sholat.

ing kala nglampahi sholat mayit (jenazah) , kresek isine daging mau melu di gowo , sak wuse rampung banjur mulih, ora melu ngeterno mayit mau nang kuburan

sangantos ing griy0, lajeng daging kolowau dipun sukakne garwane banjur di masak , ''Wonten kedadosan aneh'' , daging kolowau di tugel nganggo peso ora biso tugel ,njur di godhok ora biso emphuk, di bakar lan di panggang ora biso mateng , rupane teteb koyo mau ora ono perubahane ,samukawis upaya dipuntumindak ake , nanging teteb boten wonten perubahan

Wonten tengah-tengahe kebingungan kedadosan niki , dewek e tiang kalih dalune ngipi , ono ing jero ngipi banjur krungu suworo .''Daging seng mok gowo pas waktu nyolati wong sholih utowo waliyullah ora bakal iso di godhok ,Opo maneh dagingmu , Yen siro beriman maring Allah lan rosulle sarto demenni marang wong sholih ,mulo ora bakal mempan deneng geni neroko.

Monggo kito pendhet hikmah saking pelajaran kisah niki. Kanjeng nabi lan tiang-tiang sholeh ingkang sak mestine dados idola kito ,amargi panjenenganipun sedoyo saget maringi manfaat lan barokah ono ing dunyo ngantos dumugi akhirat....

*crito niki admin catet sakingi ceramah Habib Umar Al Muthohhar waktu Haul & Haflah Akhirussanah wonten Lirboyo th 1433 H./2012 M

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....