Kamis, 04 April 2013

KEISTIMEWAANE DINTEN JUM’AT


SAYYIDUL AYYAM dan YAUM AL-MAZID

بِسْمِ اللّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ


Poro pemaos ingkang minulyo :
Monggo wonten eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kito sami tingkaten roso taqwa lan iman kito dumateng Allah Ta’ala, kelawan sak estu-estu taqwa lan sak estu-estu iman dumateng Gusti Allah Swt, kelawan ninda’aken sedoyo printah-printahipun lan berusaha kang
ge nilari dumateng sedoyo awisan-awisanipun Gusti Allah Ta’ala, Wonten pundike mawon lan eng ndalem kakahanan punopoke mawon

Sebab namung kelawan keimanan lan ketaqwaan menikolah, kito bakal sanggup ngadepi sedoyo rintangan, hambatan soho tantangan wonten eng zaman akhir sak meniko, ugi namung kelawan keimanan lan ketaqwaan meniko, kito mbenjang bakal pikantuk kabejan engkang ageng sangkeng Allah Ta’ala arupi, pikantuk syafa’at keslametan lan kabejan eng alam akhiratipun.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Mangertiyo bileh sejatine Allah Ta’ala meniko, sampun dadosaken dinten jum’at meniko , sebagai dinten engkang Agung saha minulyo, sebab dinten meniko, dinten engkang dipun mulya’aken deneng Gusti Allah Ta’ala, Sebab mulyanipun dinten jum’at meniko wonten ngarso dalem Allah Ta’ala iku nguluwihi sangkeng dinten Riyoyo Idul Fitri lan dinten Riyoyo Idul ‘Adha, Keronten dinten Jum’at puniko Kawastanan minongko “Sayyidul Ayyam” (Bendoronipun pinten-pinten dinten). Punikolah dinten jum’at, lan punikolah Sak sae-saenipun dinten engkang , eng sak lebeitipun dinten jum’at meniko wonten gangsal (5) kedadosan/peristiwa bersejarah engkang sampun terjadi lan badhe terjadi : eng antawisipun :

1. Eng dinten Jum'an meniko, Allah SWT sampun dadosaken (nyipta'aken) Nabiyulloh Adam As, lan dipun dadosaken sebagai pendudukipun Suwargo.

2.Eng diten jum’at , Allah Ta’ala nitahaken dumateng Nabiyullah Adam As, tumurun wonten eng Bumi (dados Kholifatulloh Fie Al-Ardhi),

3.Nabiyullah Adam As, dipun Pendhet deneng Allah Ta’ala (tegese : Wafatipun Nabi Adam As )ugi wonten eng saklebetipun dinten jum’at.

4.Eng saklebetipun dinten jum’at meniko, Allah Ta’ala sampun pareng setunggalipun wekdal engkang Ijabah, kangge kito Ummat Muhammad Saw, Supados ndedungo nyuwun dumateng Gusti Allah, wonten eng dinten jum’at, wiwit ndalunipun dumugi ngantos sakderenge surup opo srengenge eng dinten jum’at.

5.Lan ugi eng dinten jum’at, Insya Allah Yaum Al-Qiyamah, bakal dumugi ( bakal terjadi). (Sumber : Kitab Tanbighul Ghoofilien Sh.110).

Poro pemaos ingkang minulyo :
Allah Ta’ala sampun Nyampurna’aken dumeteng keistimewaanipun dinten jum’at meniko , kelawan dawuh printahipun kanggem tiyang-tiyang Muslim supados sami ninda’aken kewajiban arupi jama’ah sholat jum’at, dawuhipun Allah Ta’ala :

Wallahu “alamu Bimuroddihi : Hey eling-eling Wong-wong kang podo Iman kabeh, Nalikane dikumandangke (adzan kanggo) ninda’ake kewajiban sholat ono eng dino jum’at, Mongko pado enggal-enggalo siro kabeh (budhal) tumuju marang eling menyang Gusti Allah lan tinggal-no kesibukan perdagangan-mu kang mengkunu mau iku luweh becik (Bagus) kanggone sliramu, lamon Sliramu iku podo mangerteni” (QS: Al-Jumuah : 09)

Poro pemaos ingkang minulyo :
Eng sengtunggalipun Riwayat Shoheh Muslim, Kanjeng Nabi Sampun Dawuhaken :
Sinte mawon tiyang engkang ninda’aken wudlu lan mbagusaken wudlunipun, (tegese : Kiyamba’ipun purun nyampurna’aken rukun lan sunnah-sunnahipun wudlu), lajeng budhal kangge memenuhi kewajiban jama’ah sholat jum’at, lan kiyambak-ipun mirengaken isi sakeng materi khutbah engkang dipun sampaiaken deneng khotib kelawan sak estu-estu (tegesipun : mboten tilem, utawi mboten sami ngendikan lan gegunjingan), mongko bakal dipun tampi lampahan Ibadah jum’atipun, lan dipun ngapuro doso-dosonipun tiyang wau, kang antarane jum’at ngantos dinten jum’at nganjengipun lan dipun tambahi 3 (tigang) dinten.

Semanten ugi kosok wangsulipun sintenke mawon tiyang engkang mboten ninda’aken perkawis engkang mekaten, mongko saktemene kiyamba’ipun iku temen sampun sami dolanan, Faqod Laghaw, lan sinten tiyangipun engkang Laghaw, mongko yekti temen Ibadah Jum’atipun mboten dipun anggep (tegese namung guguraken kewajiban mawon, anangeng mboten mbekto manfaat punopo-punopo). (Hadis Riwayat Imam Muslim)

Poro pemaos ingkang minulyo :
Sejatosipun kito meniko sampun dipun pengetaken, kelawan Dawuh Pengendikanipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw, engkan saben-saben Khotib badhe Minggah wonten Mimbar, sami dipun Waos deneng Muroqqi : malahan dipun waos kapeng tiga (AN-SITHU, WA AS-MA’U, WA ATHI U) (Mendelo Siro, Lan Podo Merhate’ke Siro Lan Podo Patuho Siro),

Sejatosipun kalimah meniko dipun maksudaken sebagai Pepenget, tumrapipun sedoyo jamaah majlis taklim Rokhimakumulloh, tanpo kecuali. Supados lampahan Ibadah Jumatipun saget mbekto manfaat lan saget pikantuk ridlo lan ganjaran sakeng ngarso dalem Allah Swt.

Poro pemaos ingkang minulyo :
Kangge Penutup, Kulo Nukilaken Setunggalipun Riwayat, Kangge Penyemanget Kito anggenipun Nindak’aken Ibadah eng dalem dinten jum’at meniko, Dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw :

”Ono 17 (Pitulas) amalan, kang biso kanggo nglebur, marang doso-doso kang wis kliwat lan biso kanggo nyegah (marang tumindak doso ana eng mongso kang) bakal teko, salah sijine sangkeng 17 (Pitulas) amalan mau, yoiku : Moco Surat Al-Fatikhah, Surat Al-Ikhlas, lan Surat Al-Mu’awidzatain (Qul ’A’udzubirobi Al-Falaq lan Qul A’udzubirobbi An-Naas), Saben-saben surat mau dipun Waos kaping 7 (Pitung) Ambalan, ono eng sak bakdane Sholat Jum’at, lan podo sami ngakeh-ngakehono Siro anggone Moco Sholawat Marang Ingsun (Nabi), ono eng wengi dino jum’at lan ono eng awane dino jum’at, Mongko Sopo wonge kang moco Sholawat marang Ingsun (Nabi), kaping Sepisan, Mongko Gusti Allah iku bakal mbales marang wong mau, kelawan sepuluh tikelan” (HR.Imam Abu dawud).

Poro pemaos ingkang minulyo :
Mekaten engkang saget dipun aturaken, mugi-mugi saget mbekto manfaat dumateng kito sami, sehinggo kito saget ningkataken kualitas sangkeng Ibadah kito dumateng Allah Ta’ala, Khususipun Ibadah Jum’at kito,. sehinggo kito sak mangke saget pikantuk akhir engkang sae KHUSNUL KHOOTIMAH, Amien Yaa Robbal ‘Alamien.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ
.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....