Senin, 23 September 2013

OJO DUMEH TANSAH EILINGO LAN WASPODHO







OJO DUMEH TANSAH EILINGO LAN WASPODHO
0========[ LEMAH ]=======0

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
• Kito niki yen sholat madhep ten tempat sujud yoiku ngisor ,La ngisor niku LEMAH , supoyo kersane sadar menungso niku soko LEMAH , bibite soko LEMAH , mloka-mlaku wira-wiri , modar-mandir ,mosah-masih , jumpalikan , ono ing duwure LEMAH, benjing yen pun sedo njih di salap / di pendem ten jero LEMAH, benjang pas wayahe di tangekno maleh njih saking LEMAH , pramilo saking meniko , ojo dumeh, ojo bangga , ojo sok , kito niki asale soko lemah lan bakal balik dadi lemah

• Ojo dumeh duwe umah gedhe njur podho gumbedhe ,ledha-ledhe,sak karepe dhewe,ora akur karo tanggane,congkrah karo dulure, NGELINGONO yen umah terakhirmu iku alam kubur, nang dunyo ora gelem syukur ning kok malah kufur mbesok nang alam kubur bakal ajur mumur lebur

• Ojo dumeh sandanganmu larang pating krempyang nganti 10 lemari ora sedeng di enggoni, NGELINGONO yen sandangan terakhirmu iku mung KAIN MORI mulo ojo podho kemlinti , ita iti koyo peri

• Ojo dumeh tumpak anmu mobil lagakmu koyo butho cakil , tur cethil ,betithil, bakhil , NGELINGONO yen tumpak an terakhirmu iku penduso rudho papat rupo menungso

• Ojo dumeh minyak wangimu larang njur girang-girang , NGELINGONO yen minyak terakhirmu iku mung kapur barus ,mulo ojo podho kementhus
NB : E.....Manungso podho Eilingo..Siro manggon neng bumine sopo......???
Lan siro kudu rumongso..Ono ndunyo seng ngurepne sopo........???
Umur siro soyo tuwo..Lamun mati sangunu opo........???
Ayo dho nindakno Tuntunan agomo...!!!
Sholat ,zakat , ojo lali poso , Ibadah haji lamun kuoso...
Iku aran Islame sempurno....''
Kanggo sangu ono ing alam boko...!!!
URIP SAK LAWASE ORA ONO AKHIRE....


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....