Senin, 23 September 2013

WAYANG



~♥~ WAYANG ~♥~

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah

Ceritane ''Tansah Eilingo'' lagi takon-takon babakan ''WAYANG'' nang gonne''Mbah Ojo Dumeh''
=====================================

Tansah Eilingo : ''Mbah nuwun sewu ,bade tangklet ,anane tiang gadah damel , kados manten ,sunatan , hajatan , niku sok kadang di paringi acara pengajian wayang niku murih nopo mbah...?''

=> ''Ingkang dipun maksud kalih TANSAH EILINGO niki dalange pak kyai / pengajian'''

Mbah Ojo Dumeh : ''Oh kui to..? , Iku sinambi dakwah agomo ugo nguri-nguri budoyo adiluhur ,iku ora ono elek e le...!!! , sampean ngerti WAYANG iku soko tembung ''WAJIB SEMBAHYANG'' , mulane dalang ,sinden , yogo iku kudu wajib sembahyang''

Tansah Eilingo : ''La kok saget ngoten pripun mbah maksudte..?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo ,seneng karo wayang kok ora sembahyang iku ibarate ''LELUNGAN NING ORA NGERTI DALANE, ORA TEKO TUJUANE '' ,pingin mulyo nang suwargo malah mrongos nang neroko''

Tansah Eilingo : ''wow ngoten to mbah , niku yen kagem pemaine , menawi kagem penontone pripun...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La kanggo seng nonton ,sopo ngerti tontonan biso di dadek ake tuntunan, mergo sa'iki iku akeh wong jowo wes ilang jawane alias ''ORA NJAWANI'',

Tansah Eilingo : ''TEGESE MBAH...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''wong sa'iki iku malah bangga yen anak e iso bahasa inggris ning podho ora biso boso, La sopo ngerti jalaran soko piwudale dalang malih iso matrappake boso ''

Tansah Eilingo : ''Ow,,,ngoten to mbah njih ,,mbah njih...''

Mbah Ojo Dumeh : ''NING wayang iku maknane teteb WAJIB SEMBAHYANG, Mulo sak durunge nonton wayang kudu wes isya'an ,bar nonton ojo ninggal lek subuhan, la wong nonton wayang kok ora sembahyang iku yo podho koyo wong lungo ning ora ngerti dalan , pingin mulyo nang suwargo....?''

Tansah Eilingo : '' malah mrongos nang neroko wehehe.....''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah jaman Sunan Kalijogo dakwahe agomo iku yen miturut buku ''BABAT TANAH JOWO'' , iku yen dakwah agomo nganggo wayang disek, di kenalke agomo nganggo metode koyo ngunu kui ,la basan wes seneng karo seng jenenge syareat njur gek diwulangi ngibadah ngunu lho....''

Tansah Eilingo : ''Oh,,,ngoten mbah....!!!'' , Tangklet malih mbah , Lajeng ten wayangan niku mesti enten GORO-GORO ne niku sebabpe nopo mbah......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''GORO-GORO iku gambarane zaman akhir, mulo zaman iku yen wes akhir wolak walik an koyo dene dalang kae jebhol kayon , kayon iku soko tembung bahasa arab ''KHAYUN'' maknane ''PENGURIPAN''

Tansah Eilingo : ''Lajeng maksudte pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Maksudte , urip iku yen wes wolak walik an koyo ngene iki le , nek kepingin slamet enggal ngetok ke ''PUNOKAWAN'' cacahe 4 (papat) , yoiku : ''SEMAR , NOLO GARENG , PETRUK LAN BAGONG'' nah iku yo soko tembung bahasa arab , 'samir nala khoiron fatruk ma bagho'''

Tansah Eilingo : ''ARTINE NOPO MBAH.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''ARTINE ''SAMIR'' (podho Cancut Taliwondo wong siro kabeh ono dunyo) ,
''NALA KHOIRON'' (nyupreh seng apik podho nindak ke kebagusan ,do ngibadah) ,
''FATTRUK'' (Mongko ninggalo siro kabeh)
''BAGHO'' (Perkoro seng olo ,maksiat lan laku duso)

Tansah Eilingo : ''Lajeng namine kok saget berubah dados ''SEMAR ,NOLO GARENG ,PETRUK LAN BAGONG'' niku pripun ?

Mbah Ojo Dumeh : ''LA iku jenenge ILAT JOWO ora faseh kon muni arab wehehe''

Tansah Eilingo : ''wehehe njih mbah bener...ech lerees,,,!!!'', La pertanya'an sak lajenge mbah , KOK ENTEN KYAI INGKANG NGAROMAKE WAYANG NIKU SEBABPE NOPO MBAH...?''



Mbah Ojo Dumeh : ''Ooo....Ngerti o Le ,kok ono kyai ngaromke wayang iku pancen duwe dasar, Awet zaman cilik ane mbah e mbiyen , aku jik kelingan le , mbiyen ku yen nang kene ono wayangan biasane njur buri kunu let 2 umah ono bandongan''

Tansah Eilingo : ''bandongan nopo mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Kitab...!!!''

Tansah Eilingo : ''Lho kitab nopo niku mbah...........?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wehehe kitab klothok / toret (kitabpe cilik-cilik di toto di geret) , Alias ceki bin keplek i termasuk bangsane kyu-kyu,prenthil,domino ,remi ,empat satu,poker ,lan lio liane

Tansah Eilingo : ''Oalah mainan to mbah alias judhi ''

Mbah Ojo Dumeh : ''iyo , la ngunu iku le seng jenenge judi opo wae benthuk e iku kabeh larangane agomo lan negoro ,ning maine judhi iku mergo di disik i anane wayang , gandheng judi kharom mulo wayang di kharomne awet jiphuk koidah soko usul ''fiqh''

Tansah Eilingo : ''Ough , dadose yen wayang niku dados sarono maksiat harom mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo bener harom''

Tansah Eilingo : ''Ning yen rampung wayangan kok tiyange tambah sae-sae / sregeb ibadahe niku angsal mbah...????''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ough intuk iku malah wajib, contone yen ono wayang dalange kyai wehehe ''

Tansah Eilingo : ''wow ngoten to mbah ...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''ya ya ya , mulane budoyo jowo seng apik-apik ayo podho di uri-uri di gawe sarono dakwah agomo , ngunu....''

Tansah Eilingo : '' njih mbah leres , mugi-mugi enten generasi ingkang nerusaken dakwah damel budoyo jawi njih mbah kersane boten punah wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ajiiiiiib's....''

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....