Senin, 01 Juli 2013

critane mbah nabi sulaiman di demo kalih babon pitek

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,
 

Anak iku beneh orane ,sholeh sholikahe kuncine ten genne wong wadhon (Alias ibune),sebab wong wadon iku bahane luwih akeh tinimbang bapak e , ibu niku bahane 75% lan bapak namung 25%, urune bapak niku namung belung kalih sungsum mawon,cuma damel cagak kersane kuat boten ambruk, tapi yen ibu niku katah ,darah daging jiwo rogo, watak wateg wahing,solah bowo ,muna muni,kelakuan anak niku sedoyo bahane saking ibune, mulane wong wadon iku yen hamil boten heid,amergi sarine di damel bentuk anak niku wau,mulane yen darahe mbok e niku boten SAE (kelakuane) Mangke anak e njih boten sae, mulane inti sarine niku ten gene ibune...



Poro pemaos ingkang minulyo , kito niki sami nyumerepi bok bilih nabi sulaiman a.s niku di samping dados rojo kalih gusti Allah di paringi mu'jizat saget nyumerepi bahase kewan nopo mawon ,

Poro pemaos zaman sak monten Nabi SULAIMAN AS niku nate di labrak/ di demo kalih rombongan pitek babon-babon , banjur wonten babon pitek niku sowan ten gene mbah nabi Sulaiman As...
- Babon Pitek : Assalamu'alaikum ...
Nabi Sulaiman as: Wa'alaikum salam ,, ono opo iki kok babon pitek podho mlumpuk rene...?
- Babon Pitek : Demo nabi Sulaiman....
Nabi Sulaiman as: Loh...demo piye....?
- Babon Pitek : La njih ngeten lho nabi sulaiman,kucing niko njih kewan,sapi jih kewan,kadal njih kewan kodok njih kewan, cobi to panjenengan tingali kucing niku anak e koyo bapak e koyo embok e enten endasse ,enten sikille , la bareng anak kulo panjenengan tingali niki kok bunder-bunder,padahal panjenengan tingali niko bapak e jago njih sae,duwur cenggere dhowo,jalune njih sae ,la niki kulo njih ayu ngeten, la lajeng anak kulo niku kok bunder-bunder niki pripun sejarahe...?
Nabi Sulaiman as: Wo...ngunu.....?
- Babon Pitek : Injih nabi sulaiman....
Nabi Sulaiman as: Yo jajal tho mulio disek golek ono bojomu manak o manek,

=> Akhire babon-babon pitek wau wangsul trus golek i seng lanang ,kepethuk nang ngisor gedhang,,,wes ora kesuen langsung clingkrik, la sak sampunipun ngoten babon pitek niku wau manak malih.
-poro pemaos ingkang minulyo, cubi panjenengan tingali ,pitek niku angger bar ngendhok mesti endoke di delok tingak tinguk ,trus muni KOK...KOK...PETHOOK...niku Asline boten kokok pethok tapi niku asline muni KOK...KOK....GAK COCOK....KOK GAK COCOK....(Anak ku kok pancet bunder-bunder iki piye...? Akhire laporan maleh ten gene nabi Sulaiman As...)

Nabi Sulaiman as: Piye hasile.....?
- Babon Pitek : Gak...cocok....gak...gak..cocok....!!!!
Nabi Sulaiman As: Yo ngene to ,aku biyen iso dadi nabi pinter koyo ngene iki ,iki barokahe bapak ku lan ibuku, bapak ku iku nabi Daud As sak lawase urip ahli poso,ibuku sak lawase urip tukang tirakat, mulo aku lahir iso dadi nabi sugih dunyo akhirat, barokahe wong tua ku, bok jajal to nerokno wong tuaku bok menowo anakmu apik....

Lajeng babon-babon pitek wau sami pamitan mulih...

- Babon Pitek : Njih sampun Nabi Sulaiman kulo pamit..Assalamu'alaikum...
Nabi Sulaiman As: Wa'alaikum salam...

=> Akhire babon pitek mulih banjur anak e di unggahne ten duwur kuaLi trus di tirakati (ANGKREM) suwene 21 dino, ora mudhun ,gak mangan gak ngombe gak turu amergo saking kepingine duwe anak seng apik,
lajeng pitek angkrem niku panjenengan tingali gulune niku obah-obah, obahe niku amergo dzikir nang gusti Allah,,,Allah...Allah....Allah....(Pitek mawon angkrem dzikir , bareng wong hamil malah delok tv ,kalah karo pitek wehehe)

La pun 21 dino banjur medhun di delok endhok ke pecah metu anak e ,iyik..iyiiik....iyiik...Lajeng babone Syukur KRUK...KRUK....KRUK...niku Asline sanes kruk..kruk...nanging AS-SYUKRU...AS-SYUKRU...AS-SYUKRU...syukur -syukur Alhamdulillah,,yuuuh,,,yuuuuh,,,anak ku malih koyo bapak e ono endasse ono sikille ,yuuuh leh ayu koyo ibune , azo nak melu ibu mlaku-mlaku golek gizi,,,,panggah syukur... AS-SYUKRU...AS-SYUKRU...AS-SYUKRU..(Bareng tiang sak niki ken syukur angel banget njih nopo boten)

Sampun niku wau crito saking babon pitek , mugi-mugi sagetto manfaati mendet hikmahe ,bok bileh kito kepingin gadah anak seng sae, monggo dipun tirakatti kanti sabar tawakal .....LILLAHITA'ALA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....