Senin, 01 Juli 2013

Kemulyaan Wulan Sya'ban (Ruwah)



Bismillahirahmanirahim...
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumataeng Kito Sami, Khususipun Nikmat Iman lan Nikmat Islam , engkang Kedah lan Tansah Kito Jagi Soho Kedah Tansah Kito Ugemi Ngantos Akhir Ajal Kito, Kepanggeh Dateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala,Kados Dawuhipun Allah :

وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

“Wallohu ‘Alamu Bi Muroddihi: Lan ojo Pisan-pisan Mati Sliramu Kabeh, Angeng Kejobo Yen To Sliramu iku Tansah Njogo lan Cecekelan Mareng Agomo Islam”.

Salah Setunggalipun Perwujudan, Sangkeng Raos Syukur Kito Dumateng Gusti Allah Ta’ala Yoiku Yen To Kito Tansah Ningkataken Keimanan lan Roso Taqwa Kito Duamteng Gusti Allah Ta’ala, Kelawan Sak estu-estu Iman lan Sak Estu-estu Taqwa.

Poro pemaos ingkang minulyo ,
Sak mangke kito mlebet ten wulan Sya’ban, Wulan Sya’ban meniko, termasuk salah setunggalipun wulan engkang mulyo lan utami, Kados dawuhipun Rosululloh Saw :

Lan Kautama’anane wulan sya’ban engatase wulan-wulan liyane, iku koyo kautama’anane ingsun (Rosululloh),dibandingaken sekabehanane poro Nabi” (Hadist).

Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Rasululloh Saw saben-saben dumugi eng wulan sya’ban meniko, tansah mempeng sanget lan kiyat anggenipun ngudi tambahipun amal ibadah, Khususipun anggenipun ngelampahi ibadah poso (siam sunnah) wonten ten siangipun, lan ibadah sholat sunnah wonten ten ndalunipun.
Ngantos suwijine dinten shohabat usamah bin zaed matur : “Panjenengan saben-saben mlebet wulan sya’ban meniko anggenipun Siyam sunnah eng siangipun lan Sholat sunnah eng ndalunipun iku mempeng sanget, mboten kados ten wulan-wulan sanesipun , Niku kados pundi Ya Rosululloh ?
” .Jawabipun Kanjeng Nabi Saw : Na’am (“iyo) !, Jalaran wulan sya’ban iku wulan kang mulyo, lan wulan sya’ban iku umume manungso podo nglalekake (ora kilingan) yen saktemene ono eng wulan sya’ban meniko kabeh amale poro manungso podo diunggahake ono eng langet (ateges sedoyo amalipun manungso iku : dipun aturaken wonten ten ngarsanipun Allah Ta’ala utawi dipun laporaken dumateng Allah Ta’ala ). Mulo songko iku ingsung (Rosululloh Saw) remen banget yen tho amal-amal ingsun iku dipun Pirsani Deneng Allah Ta’ala, Nalikanipun Ingsun lagi poso lan ngakeh-ngakehaken Sholat Sunnah. (Hadist).

Eng Riwayat Sanesipun Rosululloh Saw Sampun dawuhaken : Artosipun:“Wulan Sya’ban iku biso dadi Penebus Awak Sakeng Sikso Neroko, Mongko Seng Sopo Wonge Kang kepengen ketemu marang ingsun (Rasululloh), Mongko becik ngelakoni poso ono eng wulan sya’ban, senajan namung poso 3 dino” (Al-Hadist)

Sangkeng keterangan meniko, Mongko kito sami mugiyo saget midanget, Sak lanjengipun manut dumateng sedoyo tindak lampahipun Junjungan kito Rosululloh Muhammad Saw, anggenipun nderek Mangayubagyo dumateng datengipun wulan sya’ban meniko, Kelawan ngatah-ngatahaken amal ibadah sunnah kados engkang sampun dipun Lampahi dengang Rosululloh Saw. Sesuai Kaliyan Kemampuan Soho Sesuai Kaliyan Peran lan Tugas Kito Masing-masing.





Poro pemos ingkang minulyo ,Ibaratipun wonten eng Wulan Rojab meniko Kito Sami Ndadosaken Sebagai Wulan Kangge kito Ngawiti Tumindak (Utawi Miwiti Tandur) Amal-amal Kesaenan, Sak Mangke Wonten eng Wulan Sya’ban meniko, Kito dadosaken Sebagai Wulan kanggene kito sami Mupuk utawi Nyuburaken Tanduran Kesaenan engkang sampun kito Tanem wonten ten Wulan Rojabipun, Sehinggo Sak Mangke eng Wulan Romadhon engkang dados wulan kanggene kito sami panen utawi mendet manfaat engkang ageng lan katah sanget sakeng sedoyo jerih payahipun engkang sampun kito sami lampahi, engkang akhiripun kito saget dados tiyang engkang Fitroh utawi bersih kados to bayi engkang nembe dipun lahiraken wonten ten alam dunyo.

Kangge Penutup Kulo nkilaken setunggalipun Hadist, mugi-mugi saget dados nasehat kanggene kito sami

"Tindakno Amal-amal Kesaenan opo wae kang sekirane sliramu iku biso lan mampu kanggo ninda’ake marang amalan mau, Demi Allah Saktemene Gusti Allah iku ora bakal bosen-bosen anggone nerimo lan aweh ganjaran marang sekabehane tumindak amalmu, sehinggo malah sliramu dewe iku kang rumongso bosen, anggon-mu ninda’ake amalan kesaenan mau” (Tirmidzi)

Mekaten uraian singkat engkang saget Kawulo Aturaken, Mugi-mugi Kito Saget Mekoleh Manfaat lan Saget Mendhet Manfaatipun Sangkeng Uraian singkat Meniko, Eng Wusono Mugi-mugi Kito Tansah Pinaringan Hidayah, Taufiq Soho inayahipun Sangkeng Gusti Allah ta’ala, Sehinggo Kito Saget Tansah Netepi Iman lan Islam, Sarto Pikanthuk Akhir Engkang Sae, Khusnul Khotimah Allohumma, Amin Yaa Robbal ‘Alamiin.

Ayo dulur mumpung isih waras
Ayo ngibadah sartane ikhlas
Tuwo enom podo mikiro
Jeneng manungso mesti le loro

Yen wis loro banget susahe
Badan apes eling salahe
Dek ngrasani ora berduli
Ngamal bagus den-lali lali

Sdoyo dulur monggo dho ngaji
Gawe sangu besuk yen mati
Perkoro repot kudu den bagi
Godhane setan ojo dituruti

Sebab wong mati iku wis mesti
Lamon ra ngaji bakale rugi
Ono kubur setengah mati
Mungkar lan nakir podho nggebugi

Wong tuwo loro wajib nuturi
Marang anake den wulang ngaji
Wiwit cilik di gadang mulyo
Slamet ndunyo mlebu swargo...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....