Senin, 01 Juli 2013

Sepuro , Sepuro , Sepuro ,



Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo , Nabine Allah niku kuatah, tapi nabi sinten ingkang katah umate,,,? injih meniko Nabi kito MUHAMAD SAW , La kenging nopo nabi kito niku kok umate paling katah , Amergi Nabi kito niku NYEPURONAN , Dadose umate niku di sepuro sedoyo, Sepurane nabi niku sepurane Allah...

Poro pemaos , monggo kito bahas BAB niki , tiang niku yen nyepuro kudu komplit YAKNI : WA IN TA'FU WA TASFAKHU , WA TAGHFIRU . (Ta'fuu niku nyepuro , Tasfakhuu njih nyepuro , Taghfiru niku njih nyepuro ) Tapi dhewe-dhewe

=> TA'FUU niku nyepuro tapi dereng wani metuk wonge, enten tiang nyepuro tapi taseh dereng purun methuk i wonge ,
Conto : BOJOMU WES MOK SEPURO , ''yoweees.....'' , LA WES MOK PETHUK , ''Duruuuung...aku sek rung kuat ,sementara jik turu omah kulon sek'' . Niku arane pun nyepuro tapi moh methuk , Njih pun Apik tapi taseh dereng KHASIL ,Kudu di tambahi di unggahno maneh YOIKU:

=> WA TASFAKHUU (METHUK) la metuk thok niku taseh dereng cukub kudu di tambahi maneh

=> WA TAGHFIRUU Awakmu Nglalekno SALAHE sampek lali niku lagi KHASIL , Kadang-kadang niku kan enten , Yo nyepuro Yo methuk i Tapi tasek Eiling mawon salahe
Conto : MANTUMU WES MOK SEPURO , ''Yo weeesss...'' , LA WES MOK PETHUK I , ''Yo wes ,aku yo ora kuat lek gak pethuk , LA MASALAHE WES MOK LALEKNE . ''Duruuung....sapi telu e mbak yu,,aku yo jik kelingan,,,pas wayahe larang2 iko e di dol, wedus loro ngunu gampang nglalekno ,sapi telu e yo jik tak eiling eling trus ....
La ngeten niki poro pemaos seng saget dadekno atine mantu Atos, lalek atine mantu atos ken dadi tiang ingkang sae niku angel, setel-setelane tiang niku teko ati.....

Poro pemaos ingkang minulyo , mekaten kesimpulan singkat saking kulo , lan panjenengan njih saget nyimpulaken kiambak , lajeng posting sak lajenge niki , nyepuro anak, nyepuro mantu ,nyepuro dulur ,nyepuro sinten mawon lah niku abot nopo enteng poro sederek.....??????



Poro pemaos ingkang minulyo , Nyepuro tiang niku ABOT , TAPI luwih abot malih yen boten nyepuro marang tiang, boten nyepuro tiang niku tambah nemen abote, la kok saget ngoten...? njih , kulo panjenengan niku yen boten purun nyepuro dateng tiang angsal bahaya ten genne gusti Allah , NOPO...? Saben dino senen kalih dinten kemis Gusti Allah dawuh dateng malaikat '' HEY MALAIKAT WONG MUKMIN-MUKMIN DUSANE TAK SEPURO KEJOBO WONG MUKMIN SENG DUWE GELO NANG WONG LIYO DURUNG ISO NYEPURO''

Kulo jenengan niku ojo kesusu moco istighfar ,ora kanggo yen kulo jenengan niku boten purun nyepuro tiang, sebab Gusti Allah niku nyepuro wong seng ahli nyepuro, Gusti Allah niku nulungi nang wong seng ahli tulung , Gusti Allah niku melasi nang wong seng ahli welas...

Ngendikane Yai IBNU ATO'ILA :
OJO KOYO ASU DI ANTEM KRIKEL , Asu iku yen di antem kerikil rotho-rotho seng di godhak krikille ora godhak seng ngantem , Mergo ora ngerti yen kerikil mencolot niku enten seng gemplang (nguncalno) , dadine seng di amuk krikille <=== la niku ASU ...

Yen saget kulo jenengan niku koyo bucah lanang seng pinter trus ganteng di antem kerikil cah wadon seng ayu , (kiro-kiro godak krikile nopo gudak seng ngantem...?) seng jelas njih godhak seng ngantem, katek leh ngantem niku campur mesam mesem,,,eich iku pancene ngantem jaluk di godak...

La ono wong kok sampek gelakno jenengan niku ono seng nyetel,,SINTEN....? Njih meniko GUSTI ALLAH......la damel nopo...? Nguji panjenengan , jenengan niku wong sabar nopo boten...? kenging di kancani Allah nopo boten , sebab Allah niku ngancani wong seng SABAR (Innaallaha ma'assobiriin) ..
Dadine di uji niku ben ketok jenengan niku pantes di kancani Allah nopo boten pantes....



Poro pemaos ingkang minulyo , Dadose tiang ingkang gelakne panjenengan niku asline alate Gusti Allah kanggo duwurno derajate panjenengan, la ngoten jenengan kudu matur suwun nang wong iku asline ,kok ngewangi ngunggahno derajat,

Kanjeng nabi niku uapik, tapi boten ketok apik e, ketok apik e niku lak mergo di gudho kiwo tengene niku,kanjeng nabi ketok sabare njih mergo di gudho kiwo tengene,berarti kiwo tengen niku ngewangi ngunggahno derajate nabi,semunu ugo wong lanang iku ketok sabare amergo duwe bojo crewet swalik e njih ngoten,

Poro pemaos ,umpami enten wong boten purun nyepuro wong niku podho karo gembol mowo morak marik, mowo kok di gembol niku lak wong seng boten pati pinter, Tonggo etan wonge gelakno ati dekne durung iso nyepuro,tonggo kulon njih gelakno ati durung iso nyepuro, akhire boten saget ngetan boten saget ngulon ,ngetan pethuk wonge ora seneng BALIK ''ech bedes kie dek kene'' , ngulon bok menowo enek dalan liyo ,pethuk wong sitok e seng gelakno ati ,balik maneh ''ech asu kie dek kene'' Akhire ora iso ngulon ora iso ngetan dalane ora buntu tapi dadi buntu, Asline seng buntu ATINE dhewe .

Wong gak nyepuro wong iku podho karo mloro awak e dhewe, ono wong wadon duwe gelo nang seng lanang ,loro-loro dhewe,yo nek pas gak butuh lalek butuh...?jaluk terno nang ndi nang ndi. ono wong lanang duwe gelo nang seng wadon ora gelem nyepuro ,loro-loro dhewe, yo nek pas gak butuh, nek pas butuh...? wong ngunu iku to kumat-kumatan , sopo seng iso ngatasi lek gak bucah iku thok ,mosok arep di tutuk i wehehe

Ora ono wong seng iso nyepuro wong kejobo wong pinter , wong pinter thok seng iso nyepuro wong , ora ono seng ora iso nyepuro wong kejobo wong bodho , mergi nopo...? ngeten poro pemaos , Enak e lan boten enak e nyepuro niku :Satru musuh iku yen di sepuro iso dadi dulur , dadi sak elek-elek musuh yen di sepuro dadi dulur , Dulur kandung yen gak di sepuro dadi musuh..Njih nopo boten poro sederek.....????

Sampun mugi-mugi sagetto manfaati khususe kagem kulo kiambak lan umume kagem panjenengan sedoyo sami....Allahuma Amiiiiiin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....