Senin, 07 Oktober 2013

BELAJAR PINTER



~♥~ BELAJAR PINTER ~♥~

Bismillahirrahmanirrahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

Poro pemaos ingkang minulyo :
Wong nyalahne wong niku tondo wong bodho, wong bodho kalih wong pinter niku bedo poro sederek , wong bodho niku ngamuk an soale peteng, senengane nyalahne wong liyo , Tapi yen wong pinter niku boten , wong yen pinter niku nyalahne awak e dhewe,

CONTO : Ono guru mulang , lajeng enten murid iangkang dereng saget / faham , ngoten niku yen guru pinter nyalahne awak dhewe '' SEPURANE YO NAK ,AKU SIH DURUNG ISO DIDIK SAMPEAN'' , tapi yen guru bodho ''GOBLOK KE ANGEL DI TOTO''

Dokter niku yen pinter seng di salahne awake dhewe , Nyuntik wong durung mari-mari''TULUNG MAS JAJAL SAMPEAN NAMBAKNE RONO , AKU KOK DURUNG ISO'' tapi yen dokter bodho seng di salahno wonge ''PANCEN SAMPEAN IKI ORA BISO DI TAMBANI O' '' , (faham njih)

Milane monggo poro sederek boten usah nyalahne kono-kono, sak niki monggo awak e dhewe belajar dados tiyang ingkang PINTER , SETUJU.............?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....