Selasa, 01 Oktober 2013

JODHO • PATI • RIZKI

~♥~ JODHO • PATI • RIZKI ~♥~

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah

★ JODHO :
jodho niku sak dermo nganggo, sedoyo ingkang ngatur Gusti Allah, Ono seng PEK NGGO (Ngepek tonggo) , PEK CO (ngepek konco) , LUR PEK WE (dulur dipek dhewe), Ono seng RU PEK RID (guru ngepek murid) , Ono seng NDO PEK JO (rondho ngepek joko) , Ono seng DO WEK PEK WAN (dudo tuwek ngepek prawan) Lan liyo liane , jebul sedoyo niku wau seng ngatur Gusti Allah,
- GEGARANING WONG AKRAMI (Pedomane wong bebojoan) DUDU BONDHO (Yen bondho kan kudune seng sugeh oleh sugeh , seng bos oleh bos , juragan oleh oleh juragan) ,DUDU RUPHO , Yen rupho kudune seng gantheng oleh ayu , seng cantik oleh bagus , Ning boten niku ) , AMUNG ATI PAWITANE ,Ning TRESNO /ATI ,
LUPUT PISAN KENO PISAN , LAMUN GAMPANG LUWIH GAMPANG , LAMUN ANGEL LUWIH ANGEL , ANGEL KALANGKUNG TAN KENO TINUMBAS ARTO (Yen gampang boten koyo jodho , yen angel njih boten kodos jodho)

★ PATI :
Poro pemaos ingkang minulyo ,coro khoidah seng resmi kulo jenengan niku arepe mati, dadi wong iku lek wes wani urip kudu wani mati , gak wani mati ojo urip , gak wani urip yo dang matio ,wes kadung urip gelem gak gelem kudu siap-siap mati , mulo kito gak usah wedi mati , wedi mati yo tetep mati gak wedi mati yo tetep mati , sak niki di tlateni mawon suwe-suwe mati dhewe ,
Mati niku boten saget di rembuk , tekane wes mesti , yen ono ngaji kok nyenggol mati boten awon , nyukani motivasi kersane tambah giat anggenipun ngibadah.

Kanjeng Nabi dawuh ''Wong seng pinter niku saner profesor doktor, tirose kanjeng nabi tiyang pinter niku ,tiyang ingkang pinter ngendalek ake howo nafsune , isih urib sregep ibadah golek sangune mati. lan tiyang ingkang boten pinter niku, tiyang urib pisan ingkang dipun turuti kareppe nafsu, sok nyuwun ten genne Gusti Allah , lan yen nyuwun ten genne Gusti Allah boten cocok kalih kahanan, sholat ora tau mangkat ning pingin mlebet suargo , ngibadah boten nate ning kepingin mulyo dunyo akhirat, niku arane tiyang nopo.....?

★ RIZKI :
Manungso sak dermo namphi , Ning sak derenge nampi WAJIB ikhtiar , mantun ikhtiar wajib TAWAKAL

NB : Dadose ,JODHO PATI , RIZKI , niku ''MISTERIUS PROBLEM''
Manungso ora iso nentokno isane mung ikhtiar nemokno

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....