Kamis, 03 Oktober 2013

DIDIK PUTRO



DIDIK PUTRO
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo :
menawi kerso jujur sedoyo tiang sepah niku kepingin putrane dados tiang ingkang sholih lan sholikah, sinten mawon , nyuwun sewu najyan mungkin wong tuane sholat wae ora mangkat senengane tasih maksiat ,ngoten niku yen di tangkleti jih kepingin gadah anak seng sholih sholikah , njih niku SAE , La wong sholeh niku seng piye....? Yen ngendikane Almarhum Mbah Gusr Dur ,panjenengan mesti apal syi'irane ''KANG ARAN SHOLEH BAGUS ATINE KERONO MAPAN SARI NGELMUNE ,LAKU TOREKOT LAN MA'RIFATE , UGO HAKEKOT MANJING RASANE''

Monggo dipun cuplik sitik mawon, ''KANG ARAN SHOLEH BAGUS ATINE'' , tegese tiang sholih sholikah niku atine SAE, sebab nek ati ne sae sembarange dados sae, ning yen ati niku elek njih sembarange dadi elek, cocok kalian dawuhe kanjeng Nabi Muhamad SAW ''Ing jero jasadte manungso iku ono getih sak kempel, nek getih sak kempel niku sae sedoyo jasad dados sae, nek getih sak kempel mau elek njih sedoyo jasad dadi elek/ awon, opo getih sak kempel iku..? yoiku AL-QOLBU (ATI)

Poro pemaos ingkang minulyo , ati niku kunci , ibarate tiyang niku koyo botol (manut isine) , yen isine botol niku minyak wangi kapan-kapan bocor njih mambhu wangi , ning yen nang jero bothol iku isine batang njih kapan bocor mambhu bachin, tiyang niku yen atine sae muni sak muni njih sae,mlaku sak mlaku njih sae, jane muni elek njih saget cuma boten mentolo,Gusti Allah kiambak niku ingkang dipun persani njih atine manungso''Sak temene Gusti Allah iku ora mirsani wajah wewujudtan iro kabeh,Gusti Allah njih boten biji bondo iro kabeh, tapi seng dipirsani Allah niku ati iro kabeh kalih ngamal iro kabeh''

Dadose yen kepingin gadah anak sholih sholikah seng kudu di urusi pertama urusan Ati / pendidikan ati / pendidikan rohani , La tiyang sak niki niku boten kelar ngurusi anak, mergo repote tambah , zaman akhir niki tiyang niku seng di delok nyelot tambah akeh,seng di sawang nyelot akeh,seng di rungokne nyelot akeh, akhire kepinginane wong iku tambah akeh , bener nopo boten...? nganti ngurusi anak wae klendran,buru karepe dewe mburu kepinginan kadang sholate nganti kelalen,

Gusti Allah niku jane pun adil bijak damel awan kalih bengi pun di toto apik , nek awan kon ge nyambut gawe, nek bengi kon ge istirahat turu / leren ,nanging wong niku saking kepinginane akeh ,awan niku boten cukub di damel buru kepinginane niku wau akhire MOH bengi , bengi di pekso dadi awan,njih nopo boten,,,,?

Anak niku darah daginge wong tuo , Anak niku njih getihe panjenengan kiambak njih daginge panjenengan kiambak, tegese : PANJENENGAN niku njih panjenengan seng nomer siji , ANAK E panjenengan niku PANJENENGAN seng nomer kalih , Lajeng PUTU niku njih PANJENENGAN seng nomer tigo, milane hubungan anak kalih wong tuo niku tekan akhirat boten nate pisah , enten wong tuo mlebet suargo jalaran anak , njih enten wong tuo jegur neroko njih jalaran anak , milane yen coro ''FIQH' Anak kalih wong tuo niku boten batalake wudhu, bedo kalih bojo, bojo niku saget PEGATAN nanging anak niku boten saget.



Poro pemaos ingkang minulyo :
Yen kito niki kepingin gadah anak sholih sholikah ''PERANE WONG TUWO'' niku penting sangeet , nopo mawon...?
⇉ Setunggal ''JENENGAN KEDAH SENENG RIYEN KALIH ANAK''
Panjenengan di paringi putro niku kedah seneng, sebab putro niku seng damel Gusti Allah boten jenengan,Gusti Allah damel putro seng di damelne jenengan, nek panjenengan niku seneng mangke yen anak e jenengan rewel / nakal Gusti Allah mangke melu ngurusi, tapi nek jenengan pun boten seneng Allah pun boten cawe-cawe

CONTO: Bapak e mundhutne sepeda ten putro , Anak e kelas 3 SD , di tumbasne sepeda onthel, nek sepeda niku tasek di senengi anak , mangke yen enten rusak e ,wong tuo njih purun dandani , anak e kari laporan thok , ''PAK E'' , opo...? ''SEPEDAHE BANNE GEMBOS E PAK'' , yowes mengko nek bocor tak tambalne , La bapak e kok purun ngunu mergo Pit onthelle tasik di senengi kalih anak e, tapi yen pit onthelle pun boten di senengi anak kiro-kiro pripun...? ''LOH PITTE ONTHEL KOK ORA MOK GAWE LE...?'' anu pak wes g seneng tumpak ane wes gak menak, Nah nek ngoten niku kiro-kiro banne gembos sepedahe rusak seng jelas njih boten di dandani soale pun boten di senengi anak, dipek wong yo kareppe,

Sami,,, anak niku seng ndamel Gusti Allah kanggo wong tuo ,nek jenengan kok di damelne putro kok jik seneng mangke yen enten rewel / nakale anak Gusti Allah tumut dandani, Panjenengan kantun matur ten Gusti Allah , ''GUSTI ANAK KULO KOK BOTEN PURUN NGAJI PRIPUN...?'' pun ngoten thok , tapi yen jenengan pun boten seneng njih karebmu Gusti Allah njih boten ngurusi

⇉ Ingkang nomer kalih , nek kepingin putro putrine sholih sholikah , Ojo sok gampang gething karo wong, lan ojo sok alok marang wong , Nuakallo koyo opo ojo sampek di susahno / di gethingi , Amergo wong gething iku gampang nyanding wong alok iku gampang melok, niki tenan lho poro sederek <=== ,
Panjenengan gething keno ning gethinge nang nakale , ojo gething nang wonge (saget bedakne njih) ,
CONTO: panjenengan gadah arto 100ewu delalah ketemplek an telek, la ngoten niku seng di guwak telek e thok nopo sak duwidte...? , milane yen weruh wong nakal / boten genah niku awak e dewe oleh geting , tapi getinge ten kelakuane sanes tiange , OPO MANEH NGELOKNO ANAK E DEWE ,,,OJO..!!!!

⇉ Ingkang nomer tigo , anak niku yen pingin dados SAE ojo sok kulino golek i bahas kekurangane anak, La anak niku ''UWONG'' poro sederek ,wong yo anak wong..!!! wong niku duwe apik yo duwe elek , nah seng di bahas seng apik-apik mawon ojo elek e, mangke yen anak e di omongne apik e thok mangke lak dadose sae

CONTO : Anak kok isuk-isuk wes nganggo sepatu ''SEKOLAH NAK MASYA ALLAH PINTERE...!!!'' (Ngoten mawon, ojo malah ) ''MENGKO ATAK E GAK TEKO SEKOLAHAN'' ampun ngoten mangke malah boten mangkat wehehe ,
Conto malih anak pas wes nyekel buku ''YOH YOH PINTERE SINAU'' ngoten sesok iso sinau temenan , ojo malah '' MENGKO DI CEKEL THOK ,ORA BOK WOCO KELAKUANMU'' lho ngunu iku...!!! bukune malah di guwak,,,,,(kethok e sepele tapi penting niki)
, Anak sore-sore wes adus niku jih dang di ELEM seng SAE '' YUH PINTERE WES IYAM SAK IKI '' ojo malah '' MENGKO ADUS THOK ORA KOSOK AN'' ,podho-podho munine mbok yo'o seng SAE , monggo niki dipun latih njih...????

=> sedoyo niku wau ingkang kulo aturaken perannipun WONG TUWO , tegese kersane boten nyalahne tiyang lintu terus , O tibak e perane penting dadek aken anak sholih sholikah niku...!!!



Nek jenengan kepingin putro sholih sholikah ''NIKI PERANE WONG TUWO'' , dawuhe kanjeng Nabi Muhamad SAW ''”Birru aba-akum tabarrakum abnaukum” , Gaweo bagus marang wong tuo loromu , mengko lak anakmu gawe bagus marang siro'' , jenengan boten usah mekso-mekso anak ken dadi apik, angger panjenengan niku saget nyenengke wong tuo ,mangke di hadiahi anak SAE kalih jenengan , panjenengan boten usah mekso anak SAE dateng panjenengan ,anak nakal trus di tutuk i, Anak nakal niku boten kurang thutuk an poro sederek, enten nopo boten seng sok nuthuk i anak....? Pripun hasile mantun di thutuk i...? (Njing mben nuthuk i jenengan genti , wong urib niku gentian , njih nopo boten...?

Angger kulo jenengan niku saget gawe bagus nyenengke wong tuo , mangke kalih Allah di hadiahi anak seng bekti kalih awak e dhewe ,yen bahasa sederhanane ''Anak sholeh iku hadiah kanggo wong tuo seng iso nyenengke bapak ibuk e, lan anak nakal iku hadiahe Allah diweh ke wong tuo seng kurang ajar kalih wong tuane'' , niku pun otomatis , mosok Kanjeng Nabi salah.......?

Milane monggo mumpung tasih kagungan wong tuo , Ampun nganti di gelakno / di susahno, kedah di hormati di mulyak no , nek pun sedo njih di dungakno minimal Al fatikhah , di khoulli, panjenengan gadah rizki di shodakohi ganjarane di niatti kanggo Almarhum almarhumah, syukur kok jenengan rezekine jembar bapak ibuk e siyen dereng haji jenengan hajek no / jenengan umroh aken ,wah niku panjenengan mangke di ijoli kalih Gusti Allah tikel matikel , OJO mung gelem warisane thok , njih nopo njih ...? :*D

Milane monggo sami beksti kalian tiang sepah kalih , luwih-luwih ten IBUne , Di paringi Syi'ir kersane kedah Maak nyuuuussszzzz wehehe

Syi'ir iki ngelengno tumuju poro putro
Supoyo di gatekno ojo podho durhoko
Maring ibu lan bopho mundak urib mu soro

Suwene sangang sasi ibumu hanggerbini
Nglahirke toh hing pati sak iki kudu ngerti
Carane bales budi Ojo malah podho wani

Siro kudu nurut ojo bantah yen di printah
Ugo ojo mangsuli yen siro di tuturi
Percuma ra faedah anggone podho ngibadah
Menawi tansah gawe susah marang tiang sepah

Dungane wong tuwo maring putro iku di kabulne
Koyo sepadane dungane nabi maring umatte
Allah ridho maring siro yen podho bekti wong tuwo
Menowo gawe gelo Allah bakal paring duko



Poro pemaos ingkang minulyo :
Ingkang sak lajenge ''PERAN WONG TUO'' masalah didik putro njih meniko Anak niku kedah di ''SAYANG'' , kados sawah , mangke yen di tanduri winih SAE tukule njih sae, menawi di sukani winih olo njih tukule olo, panjenengan nek ngopeni anak niku penuh kasih sayang sok ben nek anak ngopeni panjenengan njih penuh kasih sayang, sebab urib niku kan gentian ,njih nopo boten...?

Sa'niki awak e dhewe ngopeni anak , sok ben anak genti ngopeni awak e dhewe , yen kulo jenengan ngopeni anak pegel / nyentak-nyentak mangke ngoten niku wayah ngopeni kulo jenengan njih sami , Yen saget niku ngeten lho poro sederek , ''CILIK DI SAYANG WONG TUO , RODHOK GEDHE DI SAYANG BOJO , MANGKE TUWEK DI SAYANG ANAK , MATI DI SAYANG MALAIKAT'' Wuuuiiiih jan Jooooosssss Allahuma Amiiiiiin...
Ojo malah , ''CILIK DI SENTAK I WONG TUO , RODOK GEDHE DI SENTAK I BOJO , TUWEK DI SENTAK I ANAK , MATI DI SENTAK I MALAIKAT'' yuuuhhhh....yuuuuuhhhh soro kok ket cilik la penak e kapan,,,,?wehehe

Niku wau sedoyo ingkang kulo aturaken perannipun wong tuo , Lalek panjenengan boten saget didik kalih kaitane ilmu, la saget jenengan wakilne ,ten ustad / kyai / guru , panjenengan mulang kiambak njih boten kober, tapi seng jelas nek jenengan kepingin gadah anak seng sholih sholikah kedah di wulangi ''NGAJI'' utawi di kengken ngaji , sebab seng bedakno halal lan kharom , niku sae niku boten sae , iki oleh iku gak oleh , niku ngertine yen ngaji , poro pemaos ingkang minulyo putro sholih solikah niku dadi idam-idamane kulo jenengan njih nopo boten....?

Bungah temenen rasane ing atiku
Duwe anak podho tansah mituhu , Anggone ngaji lan sinau

Lan ngabek ti maring bapak ibune
Toto kromo ora di lalek ake , Ngajeni marang sepodho padane

Rino wengi tekun gonne ngibadah ,Ora wegah gonne podho sekolah
Ugo ora tau bantah yen di printah , Yen nompho cubo ati tansah pasrah

=> Bejaning bejo ora koyo wong tuwo
Yen duwe putro taat maring AGOMO

=> Soro ning soro ra koyo wong tuwo
Yen duwe putro tansah durhoko

Mulo to mulo poro ibu bopho , kewajiban ojo nganti di lerwakno
Ngertekno AGOMO maring poro putro, Mumpung isih ono Alim ulomo


MUGI-MUGI SAGETTO MANFAAT AMIIIIIINNNN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....