Kamis, 03 Oktober 2013

Syi'ir birrulwalidain



Bismillah

يا ربنا يا ربنا إغفرلنا – ووالدينا والمشايخ أجمعين

Duh Pengeran, kulo nyuwun pengapuro
Kangge tiang sepah soho guru kulo
Ugi kangge kulo lan muslim sedoyo
Ing makkah madinah lan sak alam dunyo...

Duh pengeran, kulo nyuwun kesaenan
Kangge poro putro lan putri harapan
Mugi saget nerusaken perjuangan
Njagi islam lan aqidah keimanan

Duh Pengeran, kulo nyuwun kawelasan
Kangge poro guru kang paring tuntunan
Tuntunan agami soho sesrawungan
Ingkang manfaati ing gesang bebrayan

Kuburipun Guru soho tiyang sepah,
Mugi dados taman surgo engkang endah
Mugi tangi kubur mboten nampi susah
Dados tiyang engkang pikantuk bebungah

AMIIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....