Senin, 07 Oktober 2013

HIKMAH ING JERO CRITO



HIKMAH ING JERO CRITO

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,

Critane Ing salah sawijining wekdal ''Tansah eilingo'' lagi takon-takon marang ''Mbah ojo dumeh'' tentang pengkhususan maos Al-quran

Tansah Eilingo : ''Mbah kenging nopo to mbah , biasane niku yen enten tiyang hamil / bobot / ngandhut , di kengken ngatah-ngatah aken maos qur-an ,biasane ingkang di maos niku surat ''yusuf'' kalih surat ''mariyam'', tegese kok khusus , nopo bukane yen maos sedoyo isi qur'an niku luwih komplit lan lengkap njih mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Oh iku tah le , (sinambi nyruput kopi kalih udut's :D) , yo nyante disek wi kopine di sruput sek , mengko nek wes mari tak jelasno''

Tansah Eilingo : ''Sinambi nyruput kopi , sruuuuuup , Ajiiiib's ....uueeedoooosss )''

Mbah Ojo Dumeh : ''(Nyante rodhok nylewarne dialog nang putune ,njur ngomong) , Anu e le mbah e wingi mari prikso nang mantri , kupinge mbah he rondok budeg , dadine yo ora pati krungu , la kie aku di wei obat soko pak mantri''

Tansah Eilingo : ''Nganu mbah dipun beto ten dokter ''SPECIALIS'' kuping mawon , mriko loh enten , tiange pun kondang ahli ten bidang kuping, katah ingkang sowan mriko njih katah ingkang cocok kok mbah, mbok menawi panjenengan njih cocok''

Mbah Ojo Dumeh : ''Dokter specialis kuping....? Bukane nang dokter umum liane ugo podho wae to le.....?

Tansah Eilingo : ''Njih boten sami / alias benten to mbah , Yen dokter spesialis niku bener-bener faham lan ngerti bener masalah nopo ingkang dipun pelajari / spesialisse dewek e''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ooooo.....ngunu......!!!!!''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah.......''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wehehe.......Naaaahhhhhhh Iku ''JAWAB PAN'' soko pertanya'ane sampean mau''

Tansah Eilingo : ''Loh maksudte PRIPUN Mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : '' Lak yo enek wae to dokter seng spealis kuping , moto , jantung , paru-paru lan liyo-liane''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah lajeng hubunganipun nopo mbah..?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Hubungane , surat-suart ing jero Al Qur'an wi yo podho , ono seng spesialis , sesuai karo keterangane soko hadist-hadist kanjeng Nabi Saw''

Tansah Eilingo : '' Oo.......(manthuk-manthuk)

Mbah Ojo Dumeh : ''FAHAM pow duk kok manthuk-manthuk kui...?''

Tansah Eilingo : ''wehehe njih mbah insya Allah sampun faham hee''

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....