Rabu, 07 Agustus 2013

MARHABAN YA ROMADHON



MARHABAN YA ROMADHON ........ MARHABAN SYAHRI AL IBADAH

Bismillah...Al-khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah kito aturaken dumateng Ngarso dalem Allah Swt, engkang sampun pareng pinten-pinten Nikmat dumetng kito, Bil khusus Nikmat Iman lan Nikmat Islam, engkang kedah lan tansah kito jagi soho kito ugemi ngantos akhir hayat kito kepanggeh ngarso dalem Allah Swt.

Salah setunggalipun sangkeng perwujudan raos syukur kito dumateng sedoyo nikmat-nikmatipun Allah Ta’ala, inggih meniko : “Kelawan tansah ber usaha kangge meningkatken keimanan soho ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala , kelawan sak estu-estu iman lan sak estu-estu taqwa”.

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantok kabejan wonten eng alam dunyonipun, lan mbenjang eng akhirat kito bakal mekoleh keslametan lan kamulyan sangkeng Rohmatipun Allah Swt.

Poro pemaos ingkang minulyo ,
Sakmangke kito sampun mlebet wonten eng wulan Romadhon tahun 1434…… H (tahun 2013......M), Wulan Romadhon meniko termasuk salah setunggalipun wulan engkang agung lan dipun mulya’aken deneng Allah Ta’ala,Wulan Ramadhan meniko wulanipun Rahmah, Maghfiroh lan Itqun Min an-naar. Kados Dawuhipun Rasulullah Saw :

“Wulan Romadhon iku wulan kang kawitanane iku enggowo Rohmah (Kasih-sayangipun Allah Ta’ala) , lan ono eng tengah-tengahe wulan iku pareng pengapuro, lan ono eng akhire iku wulan bakal mbebasake (Shoimin : Wong-wong kang podo poso eng ndalem wulan Romadhon), songko Sikso geni Neroko” (HR.Ibnu Khuzaemah dr Salman Al-Farisyi R.a).

Poro pemaos ingkang minulyo ,
Milo mekaten, sampun sk mestinipun menawi kito meniko, bersyukur dumateng Allah Ta’ala engkang sampun pareng kesempatan dumteng kito, sehinggo kito sami saget kepanggeh maleh dumateng Wulan Suci Romadhon wonten eng tahun meniko.

“Saktemene ikilah wulan Romadhon, iku temen sampun tumeko marang sliramu, lan iku eng ndalem wulan Romadhon ono sewijine wengi kang wengi iku luweh mulyo (luweh bagus) katimbang sewu wulan, (mongko) sopo wonge kang kaling-kalingan sangkeng ngudi (golek) ganjaran (ono eng Ro madhon) mongko dewe’e iku temen sampun kaling-kalingan kanggo mekoleh kebagusan lan manfaatipun kang ono eng sakjerone wulan Romadhon, sekabehane, lan ora bakal kaling-kalingan songko tumindak kebagusan lan mekoleh manfaatipun wulan Romadhon, kejobo tiyang-tiyang kang mboten pikantuk kabejan. Mongko saktemene sekabehane dungo eng ndalem wulan Romadhon iku bakal diijabahi, lan sekabehane Shodaqoh ono eng sak jerone wulan Romadhon iku bakal dipun tampi (deneng Allah), lan sedoyo tumindak kebagusan utawi kesaenan ono eng sakjerone wulan Romadhon iku bakal ditikel-tikelake ganjaranipun …………….(Al-Hadist)

Poro pemaos ingkang minulyo ,
Kito lampahi sedoyo kewajiban-kewajiban soho amalan kesunahan- kesunahan wonten eng saklebetipun wulan Romadhon meniko kelawan sak sae-saenipun lan sak sampurno-sampurnonipun, lan kito tansah berusaha kangge ningkataken kualitas soho kuantitas sangke sedoyo rangkaian amalan ibadah wonten eng saklebetipun Romadhan meniko,

Ampun ngantos Kesempatan engkang sae meniko berlalu lan ical kelawan mboten mbekto manfaat lan mboten saget kito manfaataken kelawan maksimal. Ceka’k aosipun. Ampun ngantos Romadhon demi Romadhon namung tansah berjalan lan berlalu wonten eng gesang kito eng alam dunyo meniko, kelawan silih berganti, anangeng kito ndadosaken dumateng saben-saben Romadhon meniko, namung kito dadosaken setunggalipun Rutinitas Tahunan keMawon, sehinggo Sedoyo Wulan Romadhon engkang kito lalui wonten eng saben-saben tahunipun, tansah berlalu tanpo kesan batiniyah engkang mendalam, lan ical tanpo mbekto manfaat punopoke mawon, sehinggo mboten saget mbekto perubahan-perubahan engkang sae (Perubahan Positip), dumateng kito, sak sampunipun kito meniko, ninda’aken sedoyo rangkaian ibadah wonten eng saben-saben wulan Romadhonipun.



Poro pemaos ingkang minulyo ,
Monggo Romadhon eng tahun meniko kito dadosaken setunggalipun momentum, kangge ngadakan perubahan-perubahan ahlaq, lan kesucian bathiniyah kito masing-masing, sehinggo Ibadah Romadhon eng tahun meniko dados Ibadah Romadhon terindah engkang tansah saget kito kenang lan saget dados pemacu pribadi kito kangge berusaha ningkataken kualitas lan kuantitas ibadah , wonten wulan-wulan sak sampunipun Romadhon.

Malaikat Jibril Alaihis Salam Sampun Dawuh Dumateng Baginda Rosulullah Saw : “Temen Bakal mekoleh Kerugian (Sinten) Tiyangipun engkang Kiyamba’ipun Meniko Menangi (Kepanggeh) Dumateng Datengipun Wulan Romadhon Ananeng Kiyamba’ipun (Ngantos) Mboten Angsal Manfaat soho (Ngantos) Mboten Angsal Pengapuranipun Pengerane” (Hadist Riwayat–Abu Dawud).

Eng mongko Kanjeng Nabi Saw sampun Dawuhaken : “Lamon podo Mangerteni (sopo) Ummat Ingsun Marang Keistimewaan-keistimewaan Kang ono eng Sakjerone Wulan Romadhon, Yekti Temen Kepengen eng Yentho ono opo setahun iku, Sekabehane (iku) didade’ake (dadi) Wulan Romadhon Kabeh (Hadist).”

Poro pemaos ingkang minulyo ,
Milo Mekaten Monggolah, Sepindah Meleh, Kito ninda'aken Mukhasabatu An-Nafsi (Nliti-nliti dateng pribadi kito masing-masing) punopo toh, Kito meniko sampun ninda’k aken rangkaian ibadah eng sakjerone Wulan Romadhon meniko, kelawan sak sae-saenipun mligi namung golek ridhlo (Lillahi Ta’ala) lan Piwales Sangkeng Allah Ta’ala, punopo takseh sekadar nindak’aken setunggalipun Rutinitas Tahunanke Mawon lan Namung Kepengen Mekoleh Manfaat-manfaat Dunyawiyahke Mawon (Kadosto Namung Kepengen Mekoleh Kedudukan, Jabatan, Laqob, lan Pengaleman Sangkeng Manungso-ke Mawon? )

Sedoyo hasil mukhasabah kolo wau, namung Kito Kiyambak lan Allah Ta’ala engkang saget Mangertosi, lajeng sedayanipun meniko dipun wangsulaken dumateng pribadi kito masing-masing, nopo toh kito purun lan kepengen kangge ningkataken maqom utawi kedudukan kito wonten eng pandangan lan sandingipun Allah Ta’ala, Punopo kito, sampun rumaos cekap lan puas manggeni kedudukan dunyawiyah lan namung kepengen pikantuk pengaleman sangkeng Manungso?, sedoyonipun dipun Wangsulaken dumateng hati nurani kito masing-masing.

Poro pemaos ingkang minulyo ,
Eng wusono mugi-mugi kito saget mendhet manfaat soho I’tibar (Pelajaran) engkang sae, sangkeng uraian Kultum meniko, kangge penutup kawulo nukilaken setunggalipun Riwayat, mugi-mugi saget kangge nasehat tumerapipun kito sami : Podo Tansah Nganyar-nganyarono Sliramu Kabeh, Marang Kapal-kapal siro , Kerono Mangertiyo yen saktemene Lautan engkang bakal sliramu tempuh iku luas lan jeru banget ( *) Lan podo Gole’o Sangu Siro Kabeh Kang Akeh (Tegese : Kang Cukup) Kerono Mangertiyo Yen Saktemene Perjalanan Kang bakal sliramu tempuh iku adoh (tebih) sanget ( * ) Lan podo Ngenteng-ngentengono Sliramu (Tegese : Ringankanlah) , Marang Beban-beban kang iro Pikul (ono eng dunyo iki) , Kerono Mangertiyo yen Saktemene Rintangan (hambatan) Kang Mengko bakal tok adepi iku berat, ( * ) Lan podo Ngakeh-ngakehono Tumindak Ngamal (Kebagusan) Sira, Kerono Mangertiyo yen saktemene Pengawasmu iku yekthi temen teliti banget”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....