Rabu, 07 Agustus 2013

Pantun nyuwun sepuro mlebet wulan poso



Bismillahirahmanirahim.....

Gunung Merapi rupane biru
dicedaki dadi ijo wit-witan cemoro
Menawi kula gadhah salah lan keliru
nyuwun agunging samudro pangapuro

Negoro tentrem mergo para satrio pinandhito
bengi shalat tahajud, awan sregep makarya
Sekedap malih nlampahi poso, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapuro
Latihan poso sewulan mugi kito dados manungso takwo

Mbok Waginem bakulan tempe
ben nyehatne wong sak erte
mergo tempe akEh proteine
Yen wulan poso kudu bungah atine
sing penting kendali awak ora dilalE’ne
hawa nafsu nggugu karo karepe dewe

Numpak andhong ning Dalan Gedhe
tuku ali-ali kagem anak putri
Angger aku nduwe luput gedhe
nyuwun keikhlasan panjenengan sepunteni

Bayi laer ra pernah langsong nyanyi
gawe gemes nek ngguyunE karo nari
yen arep poso sungkem wongtuwo ojo lali
kang ngrumat awakmu wiwit bayi

Kulo minagkani wakil saking admin , bade ngaturaken sedoyo pinten-pinten kelepatan kulo ,muna-muni , solah bowo , kata-kata , unggah ungguh ingkang boten ngremenake ing manah ,mugi panjenengan sedoyo paring pangapuro dumateng kawulo
Semunu ugo panjenengan ,menawi lepat njih kulo paring pangapuro dateng sedoyo kemawon.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....