Rabu, 07 Agustus 2013

Syi'ir WAYAH SURUP



WAYAH SURUP

Bismillah...
Allahumma shalli wa-sallim ‘alaa * Sayyidina wa-maulana Muhammadin
‘Adadama fil ‘ilmillahi shalatan * Daaimatan bidawami mulkilahi

Wayah surup srengenge
Mangsane wong leren nyambut gawe
Ngibadah maghrib ojo dilaleake
Manembah marang Gusti kang Nitahake

Pamrih pinayungan ing Pangerane
Lumintu sandang pangane
Ayem tentrem sakluwargane
Bejo mulyo sak anak bojone

Ewodene isih ono manungso kang suwung imane
Katitik ngibadah dilirwaake
Ketunggkul ngumbar hawa nefsune
Mbanting kertu mungsuh moro tuwane

Ono maneh wong lanang nggandengan karo wong wadhon
Kamongko dudu bojone
Sak wayah wayah liwat dalan gedhe
Ora isin karo kanca-kancane
Ora pekiwuh karo kiwo tengene

E..E..e .mugo-mugo enggal diparingi eling marang Gusti kang nitahake...

Allahumma shalli wa-sallim ‘alaa * Sayyidina wa-maulana Muhammadin
‘Adadama fil ‘ilmillahi shalatan * Daaimatan bidawami mulkilahi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....