Rabu, 07 Agustus 2013

SANTRI KUDU NYAMBUT GAWE




SANTRI KUDU NYAMBUT GAWE

BISMILLAH......
MAN THOLABAD DUNYA KHALALAN WASTI'FAFAN 'ANIL MAS'ALATI WA SA'YAN 'ALA 'IYALIHI WA TA'ATTHUFAN 'ALA JARIHI JA'A YAUMAL QIYAMTI WA WAJHUHU KAL QOMARI LAYLATAL BADRI

Seng sopo wonge golek rizqi ingkang halal lan niat jogo awak e supoyo ora ngemis /jaluk-jaluk ,ugo kanggo nafkahi keluargane lan ugo di gawe bantu tonggone seng butuhne , mongko ing dino qiamat wong iku mau wajahe bakal sumringah (berseri-seri) koyo dene mbulan purnomo

IDZA ANFAQO ARROJULU 'ALA AHLIHI NAFAQOTAN WA HUWA YAHTASIBUHA KANAT SHODAQOTAN

Yen wong lanang menehi nafkah maring keluargane kanti niat ibadah , kamongko nafkah iku mau di itung shodakoh

Manungso kui di titah podho, nanging lek masalah bondo di jatah bedo
MULO MANUNGSO IKU WAJIBPE MUNG USAHA KARO NDUNGO , GUSTI ALLAH SENG NENTOKNO , OLEH RIZQI SEPIRO ATINE SENG NRIMO ,ORA USAH MERI KARO KONCO / SAK PODHO-PODHO

Dadi ora bener yen santri iku mung dungo tok ngubeng ne tasbih klotak-klotak ning ora gelem mergawe ! iku kliru

Kahanane urip iki tansah hilir gumanti
Bungah susah iku lumrah kabeh wong podho ngalami
Manungso ira kuoso isane mung ngrencono
Wajib usaha lan dungo pangeran kang nentokno

Wong yen lagi oleh bejo rizki teko ora di songko
Wong yen oleh kabejan sembarange sarwo gampang
Lamun perkoro rizki iku koyo misteri ,ora biso di mireni
Manungso kang podho nampi,rino wengi di golek i kadang ora nemoni
Lamun rizki barokah delalah tambah turah

Gusti Allah wes ngendiko ora bakal suloyo,sopo seng gelem dedungo insya allah di kabulno

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....