Rabu, 07 Agustus 2013

Syi'ir Sholawat syukur



BISMILLAH.....
Mbah Ojo Dumeh : ''Ayo le sholawatan wae sambi nunggu subuhan , iki sholawatan sekaligus muji syukur dateng ngarsanipun Gusti Kang moho kuoso , dadine intuk ganjaran double le''

Tansah Eilingo : ''Oh njih mbah monggo , ning sak derenge sholawatan kulo bade tangklet mbah kalian panjenengan angsal.......???''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo tole takok opo...?''

Tansah Eilingo : ''Kenging nopo kok panjenengan niku remen sanget sholawatan to mbah ...? wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Oalah , ngene tole , mugo-mugo awak e dhewe iso'o terdaftar dadi umat seng nompho SYAFAAT TE Kanjeng Nabi MUHAMAD SAW besok ing yaumil akhir AMIIIIN , Sampean butuh syafaat te nabi opo ora......?''

Tansah Eilingo : ''njih butuh mbah...kenging nopo kito niki kok butuh syafaate kanjeng nabi?''

Mbah Ojo Dumeh : ''la iki , keno opo kok butuh....opo sampean ora nglakoni sholat......?''

Tansah Eilingo : ''njih Sholat mbah.!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''La wong sholat yakin iso mlebu suargo opo ora le.....?''

Tansah Eilingo : ''Njih yakin noh mbah e...!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''La nang kene iki ,, angger sampean wes yakin yen wong sholat iku mlebu suargo ,keno opo kok jik butuh syafaate kanjeng nabi...?''

Tansah Eilingo : ''La njih pripun niki.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo aku sampean iku yakin seng sopo wonge gelem sholat iku bakale mlebu suargo ,Ning sholate seng MEYAKINKAN , sebab sholat seng mlebu suargo tanpo syafaat iki sholat seng MEYAKINKAN / ORA KELALEN / bener - bener kyusuk , la NEROKO IKU KANGGO WONG SENG SHOLATTE KELALEN''

Tansah Eilingo : ''Kulo boten kelalen kok mbah...sholat trus aktif gangsal wekdal ....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''IYO Sholat yo sholat , tapi sak jeroning nglakoni sholat KELINGAN DUNYO opo ora....? , kadang seng duwe sawah kelingan sawah e, seng duwe dagangan kelingan dagangane lan liyo-liane macem-macem , sampek golek i kontak wae ora ketemu pas wektu sembahyang kelingan , IYO OPO ORA......?''

Tansah Eilingo : ''Wehehe ,,, njih e mbah , kelingan / katah GRAMBYANGE mbah pas wektu sholat''

Mbah Ojo Dumeh : ''La wong seng sholat koyo iku mau isih kelingan dunyo iku di hukumi sholat seng KELALEN''

Tansah Eilingo : ''O dadose ngoten to mbah wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wong poso yo yakin bakale mlebu suargo ,NING posone wong seng meyakinkan le...seng durung meyakinkan jik durung iso , MULANE Awak e dhewe nyadar , SHOLATE DURUNG KYUSUK ,POSONE DURUNG SEMPURNO , NGIBADAHE DURUNG SEPIRO , MULANE AWAK E DHEWE TETEB NYADONG SYAFAATE KANJENG NABI MUHAMAD SAW''

Tansah Eilingo : ''ALLAHUMA SHOLLI WASALIM ALAIH''

Ojo Dumeh : ''Kanjeng Nabi bakal aweh syafaat marang wong seng GELEM NGLAKONI SHOLAT senajan sholate kelalen, gelem maringi syafaat marang wong seng POSO senajan posone durung sempurno LAN di tambah SREGEP MOCO SHOLAWAT , Ngendikane Kanjeng nabi ,''WOng seng sregep moco sholawat nang aku bakal tak syafatti''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ,,,njih ...!!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Mulane ojo nganti ora sholawat , SOPO WANI NALIKO SHOLAT KOK ORA MOCO SHOLAWAT......? lan ojo nglarang (bid'ah) no moco sholawat , Ayo wes le ,,, lan member sedoyo mawon , monggo sholawatan njih , kersane benjing kulo lan panjenengan sedoyo dados umat seng bakal nompo syafaate kanjeng nabi Allahuma Amiiiiiiiin........''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiiiiiiin.........''

''Mbah Ojo Dumeh Vs Tansah Eilingo : ''
Yaa Rosulallah salaamun 'alaik
Yaa Rofii'a-syaani wad-daroji
Atfataii-yaji rootal Alamiii
Ya uhai laljuu diwalkharoomii

ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

NB : Monggo dipun apalaken sholawat lan syukur meniko , insya Allah gadahi makna ingkang dalem sanget , lan patut dipun tularaken kagen ANAK PUTU PUTRO WAYAHIPUN,,,,



ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

Tansah Eilingo : ''Mbah ,kenging nopo kok sholawat meniko kedah dipun turunaken kagem anak putu / putro wayah mbah......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo le mergo sholawat iku duweni makna seng jeru , ''

Tansah Eilingo : ''Tegese mbah........?''

Mbah Ojo Dumeh : ''ayo di bahas bareng-bareng kene''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah......MONGGO ===> ..?''

Mbah Ojo Dumeh : ''SENG PERTAMA ''ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU'' Awak e dhewe syukur Islam agamane , sebab bejo bejone wong iku di paringi hidayah kalih Gusti Allah dadi wong islam......!!!''

Tansah Eilingo : ''Sebab nopo mbah kok mekaten...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nang dunyo iku agomo akeh banget , la agomo seng akeh iku mau Gusti Allah namung nompho agomo siji THOK yoiku agomo islam''

Tansah Eilingo : ''Oo... la kok saget ngoten njih mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo iku seng dawuh Gusti Allah dewe lho .
إِنَّ الدِّينَ عِنْدَ اللَّهِ الْإِسْلَامُ ۗ
''Innaddina Indallahil Islam'' [Al Quran, Surat Al Imran:19]
''Sak temene Gusti Allah iku mung nompho agomo islam thok''

Tansah Eilingo : ''Lajeng ingkang milih-milih agomo lintune islam pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : bakal di tolak , Gusti Allah yo seng NGENDIKO dewe le......(QS. Ali Imran [3] : 85)
وَمَنْ يَبْتَغِ غَيْرَ الإسْلامِ دِينًا فَلَنْ يُقْبَلَ مِنْهُ وَهُوَ فِي الآخِرَةِ مِنَ الْخَاسِرِينَ
''Seng sopo wonge milih agomo sak liane islam ,mesti di tolak karo Gusti Allah, di tolak mentah-mentah , wong jik mentah wae di tolak dadi ora perlu ngenteni mateng.......''

Tansah Eilingo : ''Njih ALHAMDULILLAH SANGEET NJIH Mbah ternyata !!!!!!!,,, mugi-mugi sedoyo member ingkang sampun sowan ten mriki mugo-mugo sedanten ISLAM njih mbah.......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Allahuma Amiiiiiiiin...Insya Allah le,,,,,LA SAK IKI MBAH HE TAKOK , WONG ISLAM IKU TENGER-E / TITENANE OPO LE.......?''

Tansah Eilingo : ''Wadduh ,,,, anu mbah ,, kopyah an , jilbab ban , leres boten mbah........?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Wehehe yo ora to ,,, cubo takok ne nang sedulur member , menawi saget nyumerepi........?''

Tansah Eilingo : ''Oo,,,njih mbah ,,,MONGGO MEMBER INGKANG SEMEREP TENGERE TIANG ISLAM NIKU NOPO...?





Mbah Ojo Dumeh : ''He'em le , di ngendika'ake ,Islam iku ibarate wong , Wong seng gagah bangeet lan guanteng bangeet , tapi durung klambenan babar blas,kiro-kiro ono wong gagah ganteng trus ora klambenan mlaku-mlaku , kiro-kiro ono wong nyopo opo ora...?''

Tansah Eilingo : ''Njih boten to mbah wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah ISLAM yo ngunu ,angger ono wong ngaku islam thok ning kok durung di klambeni ,iku podho karo wong gagah wudho, AGOMONE Awak e dhewe yen durung di klambeni yo durung di regani kalian Gusti Allah''

Tansah Eilingo : ''Lajeng KLAMBINE niku mbah.....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La klambine Islam iku yo ono ing jero rukune Islam , rukun islam seng nomer siji opo le,,,,,,?''

Tansah Eilingo : ''Anu mbah SYAHADAT''

Mbah Ojo Dumeh : ''La SYAHADAT mau ibarat pakaiane wong gagah mau isih rupo SEPATU, Dadi kok ono wong islam jik syahadat thok durung nglakoni rukun liane ,ibarat wong gagah nang ndi-ndi mung gawe sepatu thok, nah yen ono wong koyo mengkunu ,kiro-kiro yen di undang tanggane mung gawe sepatu thok ora katok an ,ora klamben kiro-kiro oleh mlebu opo ora le.?''

Tansah Eilingo : ''Hehehe njih boten angsal to mbah !!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Gagaho koyo opo durung oleh mlebu sebab durung nganggo pakaian , Awak e dhewe wong islam mung syahadat thok yo durung di regani karo Gusti Allah , Nah supoyo di regani rukun islam seng nomer 2 kudu di lakoni , opo le...?''

Tansah Eilingo : ''SHOLAT Mbah....!!!!"'

Mbah Ojo Dumeh : ''SHOLAT iku ibarat wong gagah mau rupo katok / celono ,dadi ono wong islam wes syahadat wes sholat ,coro wong gagah mau wes sepaton wes kathok an ,kiro-kiro yen ono wong wes kathok an di regani opo rung wong iku mau , dulan nang gone tonggo kathok an thok oleh opo ra...?''

Tansah Eilingo : ''Njih angsal mbah ,mpun memper niku...!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Berarti yen wes kathok an mulai di regani karo wong, srawung karo sopo wae iso di tompho , ISLAME awak e dhewe yen wes gelem sholat Gusti Allah baru ngregani islame awak e dhewe, dadi wong islam yen durung sholat durung di regani kalian gusti Allah SWT , la rukun seng nomer 3 opo le....?''

Tansah Eilingo : ''ZAKAT Mbah..., lajeng zakat niku umpami pakaian rupo nopo mbah....???!!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Zakat iku podho karo KLAMBI ,dadine wong islam iku yen wes syahadat sholat lan zakat umpomo wong gagah ,gae sepatu kathok lan klambi tambah wibowo opo ora le...?''

Tansah Eilingo : ''njih mbah tambah sempurno kadose njih''

Mbah Ojo Dumeh : ''Ning yo ono le , wong islam iku ,SYAHADAT WES , TAPI SHOLAT DURUNG GELEM NING WES GELEM ZAKAT , gelem urunan masjid ,sodakoh nyah nyoh ono opo ora wong ngunu iku.....?''

Tansah Eilingo : ''Njih enten mbah ,katah sajak e mbah niku''

Mbah Ojo Dumeh : ''Angger ono wong ngunu iku ,podo karo wong gagah mau nang ndi-nang ndi mung gawe sepatu karo klambi thok NING ORA GAWE KATOK / CLONO , SENAJAN KLAMBINE LARANG REGANE SAK MILYAR NING KOK ORA KATHOK AN TETEB ORA DI REGANI , iyo opo ora le...?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah leres niku wehehe''

Ojo Dumeh : ''TAPI SENAJAN CELONE MURAH pokok angger gelam KATHOK AN TETEB DI REGANI , NAH SHOLAT senajan durung kyusuk angger wes gelem sholat teteb di regani dening Gusti Allah , MULANE SHOLAT IKU PENTING OJO SENG PENTING SHOLAT''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ,,,njih ...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Teruse rukun Islam seng nomer 4 yoiku POSO , poso di umpamak ne pakaiyan yoiku rupo DASI , yen ono wong islam wes nglakoni SYAHADAT , SHOLAT , ZAKAT ,POSO ,coro wong gagah mau wes gawe sepatu , clono , klambi ,lan dasi , wes MALAH TAMBAH GAGAH LAN SEMPURNO yen ono bucah wadhon weruh WES MESTI KEPINCUT Mergo penampilane seng wes sempurno iku angger wong nyawang wes seneng, OPO MANEH GUSTI ALLAH , Rukun islam me wes di lakoni Gusti Allah demen bangeet marang wong seng koyo iku mau lan di angkat derajate kalian Guti ALLAH SWT''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah leres sangeet niku...''

Mbah Ojo Dumeh : ''LAIZOW...Opo maneh GELEM HAJI , haji iku ibarat wong gagah mau rupo PECI, mulane wong ISLAM RUKUN NE DI LAKONI KABEH GUSTI ALLAH BAKAL NGANGKAT DERAJAT TE PALING DUWUR, MUGO-MUGO AWAK E DHEWE ISO GAWE KLAMBI ISLAME KABEH yo le lan sedoyo MENBER ....ALLAHUMA Amiiiiiiiiiiin''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiiiiiin......



ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

Tansah Eilingo : ''Mbah monggo dipun lanjut keterangane sholawat kolowingi mbah , pembahasane dumugi ingkang nomer kalih , njih meniko ''ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU'' MONGGO mbah.......====> ''

Mbah Ojo Dumeh : ''He'em ayo dang di lanjutke , teko Alhamdulillah awak e dhewe dadi wong seng IMAN, iman iku ugo nikmat seng paling gedhe ,wong ngamal shodakoh sak akeh-akeh milyaran yen ora duwe iman ora di tompho deneng gusti Allah , TAPI yen ono wong iman senajan ngamal mung serepes / mung sak ketib , mergo duwe iman amale iku di tompho dening Gusti Allah, mulane wong seng duwe iman iku luar biasa,

Tansah Eilingo : ''Oo..ngoten to mbah...!!!''

Ojo Dumeh : ''Ning zaman sa'iki golek wong iman seng imane temenan ,mbuh gari wong piro, golek imane wong seng 24karat sa'iki gari wong piro. !!!''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah zamane tuwo sansoyo miris iman lan akhlak njih mbah ,,,,?''

Mbah Ojo Dumeh : ''iyo le imane wong sa'iki modele / akeh-akeh ora 24 , 5, 10 ning malah podho SEKARAT ''

Tansah Eilingo : ''Oo , lajeng titenane pripun mbah tiang yen imane 24 karat niku....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''CONTO , Umpomo ono petani seng panenan gabah , di gowo bali banjur di pepe wes 3 dino garing, lagi garing-garinge jam 12 awan mendung , kiro-kiro di entasi opo ra gabah seng di peme mau ..?''

Tansah Eilingo : ''Njih noh mbah langsung di entasi mergo kwatir kodanan eman-eman pun garing''

Mbah Ojo Dumeh : ''La pas lagi ngentasi gabahe banjur Gusti ALLAH nimbali lewat masjid musholla ''ALLAHU AKBAR.....ALLAHU AKBAR'' (Hey wong seng lagi ngentasi gabah , iku aku seng ngewehi gabah , ayo reneo sedilut wae) , Nah kiro-kiro pas ngentasi gabah durung rampung ,di tinggal moro nang gone seng ngewehi gabah opo di terusno leh ngentasi gabahe...?''

Tansah Eilingo : ''Wehehe,,,seng jelas njih di terusno anngenipun ngentasi mbah ..!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''NAH iku ARANE IMANE KARI SE........?''

Tansah Eilingo : ''...KARAAATTTTT......Wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Conto maneh , delok TV acarane apik-apik, seng lagi seneng tv trus wayahe apik-apik e mentelengi Gusti Allah nimbali ''ALLAHU AKBAR......ALLAHU AKBAR'' (Hey wong seng podho delok TV , iku aku seng ngewehi moto kanggo delok tv , mumpung motomu durung tak culek , ayo mreneo sedilut wae...........)'' Nah lagi asyik-asyik nonton tv banjur ono timbalane Gusti Allah langsung mangkat sembahyang opo ngenteni seponsor disek.......?''

Tansah Eilingo : ''wehehe njih kebanyakan ngolor-ngolor wektune mbah , niku pun umun kadose.....!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''La wong seng koyo nguku iku IMANE ora 24 karat ning kari SEEE....................???????''

Tansah Eilingo : '' K A R A A A T T T T.......Mbah hehe , lajeng CIRINE TIANG IMAN NIKU NOPO TO MBAH...........?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Cirine wong seng iman YOIKU : DUWE ISIN NALIKO NGLAKONI DUSO ... La wong seng ngaku IMAN ning ZAMAN SA'IKI delengen ROTHO-ROTHO ISINAN OPO MALAH NGISIN-NGISINI............????

?''

Tansah Eilingo : ''.............?????? Wehehe kulo mawon ajenge jawab njih rumongso ISIN kok mbah , LAJENG nopo maleh mbah CIRINIPUN............?''

Mbah Ojo Dumeh : ''CIRINE WONG SENG IMAN MANEH YOIKU :
SENENG NGAMAL SHOLEH , NGAMAL SENG APIK-APIK , NGENDIKANE SHOLEH , TUMINDAK E SHOLEH , NYAMBUT GAWENE YO SHOLEH , UGO SRAWUNGE YO WONG SENG SHOLEH , Nah rotho-rotho wong zaman sa'iki wong seng ngaku IMAN podho SHOLEH OPO MALAH SALAH...........?''

Tansah Eilingo : ''dalem mbah pripun...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Akeh seng sholeh opo akeh seng salah...?''

Tansah Eilingo : ''Anu mbah katah seng SALAH tinimbang ingkang SHOLEH mbah ,,,,''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah iku mau IMAN , ayo podho bareng-bareng imane di dandani , seng maune ono adzan sih udut / delok tv santai-santai lan liyo liane,ayo podho dang jranthal mangkat sembahyang , ''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah Insya Allah...''

Mbah Ojo Dumeh : ''Sebab yen ora di dandani ,sa'iki wes akeh kerusakan / bencana / musibah / peringatan saking Gusti Allah , mulo ayo podho di tingkatne IMANE ,,,, MUGO-MUGO SAGETTO KELAKSONO anggenipun nglampahi yo le....ALLAHUMA AMIIIIIIIIIN..........''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiiiiiiiiin yarobbul alamin....''



Mbah Ojo Dumeh : ''Oh iyo , SYUKUR seng nomer 3 ALHAMDULILLAH DOWO UMURKU , ''Apik-apik e wong iku le di paringi dowo umure kalian Gusti Allah tapi tambah apik kelakuane (sregep ibadahe) , pati iku mesti ,kapan tekone namung gusti Allah seng weruh , mulane mumpung durung NELONGSO GELO, sebab besok iku akeh wong podho nelongso gelo matur nang Gusti Allah ''Duh Gusti kulo panjenengan uribpaken maleh ten dunyo ,kulo bade sregep ibadah , amal sholeh ,shodakoh '' Banjur di jawab kalian gusti Allah Wes ora ono urib-urib pan, seng ono mung piwales opo seng wes di lakoni ono ing alam dunyo , Yen apik oleh nikmat yen Olo oleh sekso,
Dadine sok nang kuburan iku ono sekso le ,,,sampean percoyo opo ora ....?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah percoyo kulo wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah yen ono wong seng ora percoyo ,yo gampang ,wonge kon mati disek wae , sebab barang ghoib iku mung di ngandeli thok , ora perlu bukti ,yen kepingin bukti yo kudu mati dhisek''

Tansah Eilingo : ''wehehe njih mbah huhuy''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah wong mati iku mujure nang ndi le......?''

Tansah Eilingo : ''Anu mbah sirahe ten LER lajeng sikille ten kidul alias ngalor ngidul mujure..''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo bener , La kudune kan yen wes dadi balung ,sirahe teteb nang lor ,lan sikille teteb nang kidul to le..?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah ,lajeng...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La tapi keno opo kok sering terjadi ,ono wong duduk kuburan tipak e mari di gawe mendem wong , kok balung sirah karo balung sikil kumpul dadi siji nang tengah ,, ono opo ora...?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah enten ingkang kados mekaten , ngoten niku nopo'o mbah.......?''

Mbah Ojo Dumeh : ''La iku wong ngendi kiro-kiro seng nglumpukno...?''

Tansah Eilingo : ''la nggeh duko to mbah....''

Mbah Ojo Dumeh : ''Mergane ngene le , yen ono wong mati ahli maksiat ,ora duwe iman , LEMAH seng areb di gawe mendem wong iku mau podho protes (ora gelem) , KOK umpomo wong yen arep duduk lemah iku krungu suwarane lemah, lemah iku mau omong ''Kang ojo di pendem nang kene iku wong kurang ajar ,maksiat thok ,aku moh di gawe mendem wong koyo ngunu iku''

Tansah Eilingo : ''Umpami mireng pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo wong seng duduk iku mau pindah GON ,pindah sandinge , jare lemah sandinge OJO NANG KENE , trus kabeh lemah ora gelem, la mergo ora krungu teteb wae di duduk di gawek ne blumbangan, nah wes dadi blumbangan mayit areb di lebokno jarene lemah ''AYO CEPET DANG DI GOWO RENE TAK PENYET-PENYET-TE'' , Begitu di pendem wong seng ngubur bali , LEMAH SENG LOR MLAKU NGIDOL , LEMAH SENG KIDOL MLAKU NGALOR .....REEEEKEEETHEEEEEKKK''

Tansah Eilingo : ''R E K E T H E E K''

Mbah Ojo Dumeh : ''Sampek mepet sirah karo sikile , Nah iku wong seng di kubur ahli maksiat le...''

Tansah Eilingo : ''O,,,ngoten to mbah pantes mawon njih ,mulane balung sirah kalih sikil kok mlumpuk dados setunggal ... lajeng yen tiange niku SAE , SHOLEH pripun mbah...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''la , Tapi yen wong iku mau ahli KEBAGUSAN lemahe dadi ombho ( mekar) dadi tamane suargo , Allahuma Amiiiiin''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiiiin........''

Mbah Ojo Dumeh : ''Yo mugo-mugo wae awak e dhewe lan sedoyo member ingkang sampun mampir ten PAGE mriki lan khusus ingkang istiqomah MAOS ten mriki di paringi panjang umur lan tambah kebagusane, sregep ngamal sholehe , istiqomah ibadahe , Yo leeee...Amiiiiiiiiiiin''

Tansah Eilingo : ''Amiiiiiiiin,,,amiiiin ,,,,amiiiin yarobbal almiiin....



ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

Mbah Ojo Dumeh : ''Seng terakhir le ,ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK KU ,Mugo-mugo MEMBER ingkang sowan mriki njih samio sami SAHAT SEDANTEN''

Tansah Eilingo : '' اَ مِيْنْ Mbah ''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah mumpung sehat ayo podho di gunak ake kanggo ngamal seng SAE ,yen ono wong sehat ora gelem ngamal apik ,pas naliko loro (sakit) MERIANG trus ora mari-mari wong iku mesti SETRES ''

Tansah Eilingo : ''Loh kok saget mbah ,masalahe nopo ...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Masalahe baru sadar , Ya allah dusaku sak pirang-pirang loro kok durung mari'' wedi mati sebab rung duwe amal babar blas ,naliko sehat dewek e nyepelek ke perintahe seng kuoso , TAPI yen kanggone wong sholeh ahli ngamal kebecik an naliko loro meriang dhewek e ora bingung ,ALHAMDULILLAH GUSTI MONGGO KULO PUN SIAP '' , Mergane mergo wes duwe amal ,''

Tansah Eilingo : ''Nyantai njih mbah , wes ayem ,,, wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''La yen ono wong loro iku le di tunggoni karo malaikat 4 (papat) ''

Tansah Eilingo : ''Loh malaikat sinten mbah , nopo kok di tunggoni barang...? kersane nopo...?''

Mbah Ojo Dumeh : ''SIJI Malaikat seng jabut cahaya NUR ,mulane yen ono wong lagi meriang ngunu kae ,gagaho . ayuo koyo opo mesti pucet , iyo pow duk le...?''

Tansah Eilingo : ''Njih mbah wajahe pucet , peteng wehehe''

Mbah Ojo Dumeh : ''keno opo kok pucet , mergo NUR re di canut deneng gusti Allah, Seng nemer LORO (2) Malaikat pencabut kekuatan , mulane ora ono wong yen lagi loro iku kuat , mesti lemes , masio gagah teteb lemes ora duwe tenogo /kekuatan ,''

Tansah Eilingo : ''Oo ngoten to mbah , lajeng malaikat ingkang nomer tigo nopo mbah....?''

Mbah Ojo Dumeh : ''Seng nomer TELU yoiku malaikat pencabut ROSO ,mulane yen ono wong meriang loro rasane cangkeme mesti PAHIT , panganan enak o koyo opo rasane teteb pahit''

Tansah Eilingo : ''pahit kadang boten enten rasane mbah (sepo)''

Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo le , la trus malaikat seng nomet papat yoiku malaikat pencabut duso , dusane di jipuk i karo malaikat , la mengko yen pas wayahe areb di warasne malaikat TELU podho mbalek ne kabeh, yen jabut NUR di balek ne , seng jabut kekuatan di balek ne , seng jabut roso ugo di balek ne , La malaikat seng jabut duso ,dusane ora di balek ne teteb di cekel nang malaikat ''

Tansah Eilingo : ''Oh berarti yen ono wong sakit niku dusone ilang njih mbah resik....!!!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''MULANE YEN ONO WONG DUWE DUSO AKEH DANG MERIANG LORO MENGKO INSYA ALLAH DUSANE RESIK LAN DUNYANE MELU RESIK wehehe''

Tansah Eilingo : ''Wehehe wah jenengan saget mawon mbah...!!''

Mbah Ojo Dumeh : ''Mulo sehat iku larang opo murah le...?''

Tansah Eilingo : ''Njih larang sangeeeet ''

Mbah Ojo Dumeh : ''Nah mumpung sehat ayo podho di enggo seng bener , ojo di enggo seng ora bener''

''Mumpung siro isih waras
Ngibadaho kanti ikhlas
Yen leloro lagi teko
Sanakmu mung biso dungo
Mumpung isih waras ibadaho kanti iklas
Ngelingono yen wes loro ora biso opo-opo''

Yaa Rosulallah salaamun 'alaik
Yaa Rofii'a-syaani wad-daroji
Atfataii-yaji rootal Alamiii
Ya uhai laljuu diwalkharoomii

ALHAMDULILLAH ISLAM AGAMAKU
ALHAMDULILLAH TETEP IMANKU
ALHAMDULILLAH PANJANG UMURKU
ALHAMDULILLAH SEHAT AWAK BADAN KU

NB : MONGGO DULUR SAMI DI APALNE NJIH wehehe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....