Rabu, 07 Agustus 2013

SYUKUR kudu di ilmoni



Bismillahirahmanirahim,,

Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk dumateng nabi agung Muhamad SAW

SYUKUR :
Poro pemaos , Syukur niki kedah di ilmoni , Kenging nopo setiap pembicara niku ingkang awal MESTI seng di ucapaken SYUKUR (Ngejak syukur) , Tiang niku Yen sampun saget syukur ten ngarsane gusti Allah ,berarti kroso yen dhewek e iku sampun di paringi nikmat kalih gusti Allah, Tiang syukur niku derajate duwur ten ngarsane Gusti Allah, Mulane tiang niku yen sampun saget syukur lesane ngucap ALHAMDULILLAH

Huruf Alhamdulillah yen di tulis nganggo tulisan arab jumlahe niku enten 9 (songo) اَلْحَمْدُ لِلَّهِ , La ongko paling duwur niku di arani ongko wijoyo, seng remen main kertu yo di arani kiyu-kiyu , Ongko songo meniko ongko seng istimewa...wa....wa....Tegese ongko songo iku yen di ping 1-9 niku hasile njih teteb 9 :
Conto : 1x 9 = 9
2x9 = 18 ==> 1+8 = 9
3x9 = 27 ==> 2+7 = 9
Lan sak teruse

Mulane tiang ingkang ngucap syukur niku Derajate duwur ,mulyane kados ongko songo, Mulane monggo kito sami ngucap Syukur kanti moco ALHAMDULILLAH

Syukur niku nopo to...? Syukur niku : Nanjakno nikmat peparinge Gusti Allah ,dipun tanjak aken dateng samukawis nopo kemawon njih ingkang dipun Ridhani Gusti Allah.
Kamongko nikmat ingkang sampun kito peroleh (tompho) niku katah sanget

NB: Yen kito saget nyukuri bakal di tambah nikmate ,Tapi yen g iso nyukuri (ngingkari) di ancam sekso

Allohu Robbi kang Moho Mulyo , Mugi maringi dateng kawulo,
Soho Ahli lan poro konco , Sedulur Islam kito sedoyo,

Mlebu suwargo, tanpo rekoso , Hisabe enteng oleh ngapuro,
Mlebu suwargo, tanpo rekoso , Syukur ing Allah kang Moho Lomo,

Allohu Robbi mugi ngabulno, Ing panyuwunan kito sedoyo,
Mugi maringi bagus ing donya, Lan akhirate sarto rinekso,
saking sikso lan panase neroko
Amina amin ya Alah amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....