Kamis, 02 Mei 2013

Syi'iran luru Ilmu

Wajib luru ilmu siro,
Lanang wadon podho-padho,
Supoyo uripe bejo,
Ing donya lan akhir iro.

Pirang-pirang wong ibadah,
nanging akeh kang ora sah,
Najan awake dho payah,
Sebab luru ilmu wegah

Aja sungkan awak siro,
Rina wengi podho lungo,
Luru ilmu niyat iro,
ben apik ibadah iro
.
Kanjeng Nabi wes ngendhiko,
Sapa ngambah dalan royo,
Murih ilmune agamo,
Mesthi gampang nyang suwargo
.
Semut-semut ing leng iro,
iwak kabeh ing segoro
Podho nyuwunake ngapuro,
Dho ketrina maring siro

Malaikat sakkabehe
Padha mbeber suwiwine
Kanggo mayungi sirahe
Wongkang sregep ing ngajine

Ganjarane wong kang ngaji
Luwih agung yen katiti
Katimbang wong kang nglakoni
Sembayang sunnah sawengi

Apo maneh lamun mati
Hukume syahid sejati
Ora ono welas niki
Anging suwargo kang edi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....