Senin, 03 Juni 2013

Dunyo iki gentian

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Wa As-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo , kito niki asline sanes penduduk e dunyo , Tapi asline kulo jenengan niku tiang suargo, sebab kito niki tasih turunane wong suargo njih meniko nabi Adam AS , Senanjan asline wong dunyo njih tasik kenek di arani wong suargo pancene turunan suargo , mulane ono cino iku lahir nang indonesia wong-wong yo ijik ngarani iku wong cino, ono wong arap lahir nang jowo wong-wong yo isih ngarani iku wong arab pancen turunane arab , La kulo jenengan niku kenging di arani wong suargo pancen tasik turunane wong suargo.

Poro pemaos ingkang minulyo , kabar-kabare rencanane kulo jenengan niki ajenge di balek ne meneh nang suargo, La seng dadi masalah carane balik e niki..... sebab kulo jenengan dereng semerap suargo namung turunane mawon , Kranti kebijak sanaanipun gusti Allah , gusti Allah damel panitia , mangke di bentuk rombongan-rombongan kersane mangke kulo jenengan boten bingung, la ketua-ketua rombongan niku sampun di tatar sae kalih Gusti Allah, Alhamdulillah kulo jenengan niki angsal jatah ketua rombongan seng paling istimewa njih meniko NABI MUHAMAD SAW , Senajan kulo jenengan niki umat paling akhir ,saking istimewane ketua rombongan kito benjang ten akhirat kito di disek aken mlebune suargo, Tapi wonten syarate, syaratte niku rondok penak yoiku ''SENENG'' , kudu seneng nang kanjeng nabi , pancene seneng iku iso ngentengno barang seng abot, seneng iku dadekno barang gak enak dadi enak .

Kulo jenengan niku janji seneng ten kanjeng nabi ojo mamang, kanjeng nabi ora bakal bujuk i (ngapusi) sok ben dijak bareng kalih kanjeng nabi,Tapi wonten syarate njih meniko ''Sopo wonge seng melu urip-urip nyebarno sunahe kanjeng nabi, yo wong iku seng seneng nang kanjeng nabi'' , Ojo kesusu ngaku seneng disek yen kulo jenengan niku dereng ikut andil nyebarno syareatte kanjeng nabi MUHAMAD SAW.

wulan rabiul awal dinten kang mulyo
dinten agung wiosan junjungan kito
Gusti nabi kinaryo panutan jalmo
rawuhipun ngampil pepadhang lir suryo

sopo wonge manut tindake jeng nabi
besuk mati bakal disyafaati
kabeh nabi ora bisa nyafaati
kejaba mung gusti kito kanjeng nabi

Aduh gusti Allah kulo nyuwun welas
Mugi kulo kadadosno tiyang ta'at
kalebetno golongan umat muhammad
kaparingan syafaat rahmat lan nikmat
Amiiiiin Allahuma Amiiin....


 coro khoidah seng resmi kulo jenengan niku arepe mati, dadi wong iku lek wes wani urip kudu wani mati , gak wani mati ojo urip , gak wani urip yo dang matio ,wes kadung urip gelem gak gelem kudu siap-siap mati , mulo kito gak usah wedi mati , wedi mati yo tetep mati gak wedi mati yo tetep mati , sak niki di tlateni mawon suwe-suwe mati dhewe

Tapi dek kene ono resep carane ben gak mati-mati,,,,,,NOPO RESEP PE....?????


 => PERTAMA :
Uripo sak karepmu , Tapi ojo lali besok bakale mati .
Poro pemaos ingkang minulyo ,coro khoidah seng resmi kulo jenengan niku arepe mati, dadi wong iku lek wes wani urip kudu wani mati , gak wani mati ojo urip , gak wani urip yo dang matio ,wes kadung urip gelem gak gelem kudu siap-siap mati , mulo kito gak usah wedi mati , wedi mati yo tetep mati gak wedi mati yo tetep mati , sak niki di tlateni mawon suwe-suwe mati dhewe , La mati niku boten kenek di kesusoni , kesusu mati lek pancen durung wayahe mati yo rung iso mati , senajan lawas geliso mati.

Poro pemaos ingkang minulyo , coro khoidah seng resmi kulo jenengan niku bakale mati, Tapi dek kene ono resep carane ben gak mati-mati,,,,,,NOPO RESEP PE....?????
- BERJUANG : Wong iku janji uribpe di gawe berjuang ora mati-mati senajan ketok e mati tapi hakekote jik urip. Dadi ono wong iku ketok e urip nanging wes mati , ono wong ketok e mati tapi iseh urip.
Conto seng gampang mawon :Presiden pertama indonesia namine pak karno , pak karno niku sampun pejah dangu ,tapi aneh pak karno niku sampek sakniki tasik di bahas wong koyo-koyo isih urip, padahal akeh wong iku isih urip ora ono seng bahas, di arani urip kok ora nyapo-nyapo , di arani mati kok isih ngentek no opo-opo, pak karno iku wes mati suwe tapi fotone iku di dol jik payu ,padahal akeh wong iku sih urip fotone ora payu di dol , niku conto dunyo pun dowo-dowo.

Dadose wong mati iku di uripne malih kalih gusti Allah di bales kelakuane dewe-dewe, boten kelakuane tok seng bales tapi njih tinggalan-tinggalane. conto :
Ten lingkungane jenengan niku bten wonten pengajian rutin trus jenengan ngadak ne pengajian rutin, jenengan mati kok pengajian iku tasik urip ,panjenengan oleh ganjaran terus wong iku tinggalane jenengan , ten lingkungane jenengan niku ko boten enten tiang kudungan, trus jenengan pendak metu kok kudungan di tiru karo tonggo teparone jenengan, mangke jenengan mati jenengan tasih angsal ganjaran wong iku seng ngawiti jenengan ,tapi yo klamben mengko dang kudungan thok hehehe ,
Ten lingkungane jenengan niku boten wonten jamaah remi, trus jenengan ngadakno jamaah remi mbuh dadi ketua opo bendahara bagian gelar kloso tok trus turu , jenengan mati jamaah remi ko sik urip jenengan ten kuburan yo di kucut kalih malaikat

Mulane kang mas lek kepingin dulanan remi iku lek iso yo ojo , lalek gak kuat ngempet yo remi o di gawe tombho pingin ,mengko mundak dadi udun yen ngempete kesuen, cuma yo ngunu lek remi ojo ngejak uwong, yo remi dewe ngunu dang di toto dewe di gawe tombo pingin, jenengan remi ko ngejak konco, jenengan leren konco-koncone jenengan sek nerusno iku dadi amal jariyah ,
Mbak yu lek jenengan kepingin ngrasani wong lek iso yo ojo, lek g iso ngempet yo dang rasan-rasan di gawe tombho pingin, TAPI yo ngunu, lek rasan-rasan ojo ngejak wong, rasan-rasan dewe wae nang ngarepe koco seng guedhe dang trus rasan-rasan karo koco podho wae, amprihe gak ketok bentone mlebu kamar di tutup rapet, jenengan rasan-rasan ngejak wong, wong siji seng jenengan jak umung tapi iku iso dowo critane,padahal wes ngadakno perjanjian ojo sampek kondo-kondo , ketok e pass iku wae ora ngomong ,bareng kepethuk wong liyo yo ngomong, jare '' mbak yu tak kandani tapi mengko ojo kondo-kondo wong'' , la sak kampung dang ojo kondo-kondo kabeh iku wes dadi amal jariyah


 BERJUANG :
Poro pemaos ingkang minulyo ,pokok e kulo jenengan niku gelem berjuang ora mati-mati senajan ketok e mati tapi hakekote jik urip. La kulo jenengan niku lek berjuang boten usah mekso awak ,Gusti Allah niku njih boten meksoan , JENENGAN IKU ISO OPO...? dang isone iku di manfaatne nang wong liyo ayo di lakoni , jenengan iso ngaji yo dadi kyai .lek g iso ngaji yo ojo dadi kyai malah bingungno wong, jenengan bantu ngewangi kyai niku pun oleh ganjaran podho karo kyai . Gak iso melu perang watuk e g keno di empet tapi gelem bandani wong perang iku ganjarane podho karo perang, swarane jenengan penak di gawe adzan ,njih adzano wong iku jatahe jenengan. Mugo-mugo kulo jenengan iku senajan iso ora podho njih tambah apik seng penting atine podho,Isone ora podho atine podho insya Allah iso kumpul dunyo tekan akhirat Amiiin....
Niku wau berjuang , sak isone .di angen-angen aku iki iso opo , yen ora iso opo-opo njih seksi DUNGO mawon.

Lajeng seng nomer kalih kulo jenengan iku lek gak mati-mati ono maneh , NOPO...?
=> USAHA DUWE ANAK TURUN SENG APIK-APIK
Poro pemaos ingkang minulyo , kulo jenengan kepingin umur 500thun saget 1000thun saget asal dereng kiamat . Ngendikane kanjeng nabi ''WONG SENG DOWO UMURE YOIKU WONG SENG AHLI IBADAH , MATI DUWE ANAK TURUN AHLI IBADAH YO IKU WONG SENG DOWO UMURE''.
Wes ora iso sholat tapi isih oleh ganjaran sholat mergo di terusne anak turune , gak iso moco qur-an wong wes mati ,tapi oleh ganjarane moco qur-an mergo mocone di terusno anak putu lan sak teruse.

''Kelakuane anak iku podho karo kelakuane wong tuwo''

Benjang ten akhirat niku katah tiang kaget di tuntun malaikat di dudohno ganjarane , ''Malaikat niku ganjarane sinten kok katah sanget, enten ganjaran haji, moco qur-an ,sholat tahajud'', NIKU GANJARANE SAMPEAN'' ,
, ''Malaikat la duso kulo ten pundi...?'' DUSAMU ENTEK KANG ANAK PUTUMU SREGEP JALUK NO SEPURO, SAK IKI DUSAMU WES ENTEK''.

Niku lek anak e apik-apik, tapi lek anak e nakal-nakal naudzubillah , Wong tuwo luoro kogat kaget benjang ten akhirat. ''Malaikat la niki dusane sinten ko ono duso mendem , kulo boten nate mendem malaikat'' , IKU ANAK MU BENDINO ISTIQOMAH MENDEM , ''La kulo ngoten niku njih duso malaikat'' , IYO , ''la mangke lek di sekso noh'' , IYO , ''lak yo sakit noh malaikat'', YO DI EMPET...
Pokok e open-open anak lek gak tepak yo luoro

Mulane ingon-ingon anak nakal karo sapi nakal iku penak ingon-ingon sapi nakal, jenengan duwe sapi nakal iku penak, di dol payu, di kek no wong yo akeh seng gelem, di beleh yo enak , Tapi lek ngrumat anak nakal angel , di jarno urip ngisin-ngisini wong, di pateni yo duso, di dol ora payu, di kekno wong yo ora ono seng gelem, arepe di pendem ko jik mlorok ,wes kadung metu arep di lebokno maneh wes ora sedeng dalane UANGEL SENG JELAS NIKU ANGEL

la kepiye ampriye duwe anak seng apik......?


 Poro pemaos ingkang minulyo , kito niki lek kepingin duwe anak seng apik seng jelas njih di NGAJEK NE iku wes mesti. Boten enten bayi lahir langsung pinter isone ngerti iku lek sampun mari ngaji. La regane wong iku soko ilmune. wong iku senajan awak e guedhe gagah duwur ganteng tapi ko bodho njih ora pati ono regane , senajan awak e cuilik ireng endik metekel kecenthed kuru trus rambute kari telu ngadek manisan koyo anten,tapi ilmune katah njih larang ,derajate di mulyakno kalih Gusti Allah.

=> Sak lajenge kulo jenengan niku lek kepingin duwe anak seng apik OJO SAMPEK WANI ALOK WONG, OJO SAMPEK GETHING WONG , sebab wong alok iku bakal melok wong gething iku gampang nyanding. Panjenengan sampun nate alok wong...?? jenengan eiling-eiling mulai siyen sampek sak niki kiro-kiro alok wong sampun angsal pinten.....? Ono wong nuakal koyo opo kulo jenengan ojo sampek gething kudu ngesakno, lek saget di tuturi ,boten saget di tuturi njih di dungakno.

Poro pemaos ingkang minulyo ayo eiling cerito, kulo jenengan niku lek pun sumerep namine nabi niku atusan tapi ono seng wajib kito kenal jumlahe 25 ,ono nabi seng luwiih perlu kito kenal maneh sak bakdane kanjeng nabi Muhamad SAW yo iku nabi Ibrahim AS, duko nabi Ibrahim niku ko seje dewe di banding nabi-nabi liane, kulo jenengan niku koyo-koyo sampek g oleh lali nang nabi Ibrahim, sampek sholat iku di kengken nyebut asmane nabi ibrahim ''WA'ALA ALI SAYIDINA IBROHIM''.




Ono opo ko nabi ibrahim iku seje dhewe .. nabi ibrahim niku angsal julukan ''ABBUL AMBIYAK'' (bapak e poro nabi) , mergo nabi ibrahim niku turunane apik-apik , bedo kalih nabi nuh, (Ngeten niki kulo njih boten nrasani wong crito ten al-quran), turunane nabi nuh boten kados turunane nabi ibrahim, malah putrane nabi nuh ono seng mengukir sejarah hitam ,namine niku kan-an, wonten nopo ko kados mekaten.
Nabi nuh iku nabi seng terkenal teguhe,sabar ,tlaten di gudho umat tetep sabar , di gendheng-gendheng no umat nabi nuh iku tetep sabar ,tapi umat iku tambah nemen lek gudho nabi nuh, akhire nabi nuh dungo ten Gusti Allah mugo-mugo umate kenek adzab, dungane nabi Nuh keturutan di kirim sekso internasional banjir gedhe rotho bunder sak dunyo manungso iku mati kabeh kejobo seng melu ten prahune nabi Nuh, dadi zaman nabi Nuh iku sampun wonten kegiatan pemutihan , la kulo jenengan niki turunane wong-wong seng melu numpak prahune nabi Nuh, kulo dewe jih boten ngerti iku jarene nang kitab pe ngoten.
mulane nabi Nuh iku angsal julukan ADAM ASANI ''Adam ke dua'' .

La keranten nabi Nuh niku sampun dungo elek ten umatte ,niku kok malih kenging cubo putrane dewe iku ora kenek di tuturi seng namine kan an, bedo kalih nabi Ibrahim, nabi Ibrahim niku di lok-lok no di gendeng-gendeng no nabi Ibrahim teteb tegar , malah nabi Ibrahim niku kenging cubo seng luar biasa , do obong kalih umatte, katik lek ngobong niku boten di lebokno geni langsung , di cancang di gandhol-gandholno ngisore ono genine (di panggang) , nopo o umat ko manggang boten langsung di bakar, lek di bakar eman mengko matine kecepeten gak iso rame .Nabi Ibrahim di ploro umat kados ngoten nabi Ibrahim teteb dungo nang gusti Allah '' Ya Allah tiang-tiang seng derek kulo niku bolo kulo ya Allah , la seng boten purun derek kalih kulo njih kados pundi saene mawon wong panjenengan niku NYEPURONAN gusti'' <== niku dungane nabi Ibrahim.

Poro pemaos ingkang minulyo. Pancene wong alok iku bakal melok wong gething iku bakal nyanding, keno opo toh kok kito niki gak oleh gething nang wong nakal......?


 Poro pemaos ingkang minulyo , keno opo toh kok kito niki gak oleh gething nang wong nakal......? Kulo jenengan niku di kengken gething nang nakale ojo sampek gething nang wonge, njih sami umpamane niku ono sirah gatelem mergo akeh tumone, la ngoten niku gethinge nang tumone sanes geting ten sirahe, la pramilo saking meniko kito boten angsal gething nang wong nakal, KENO OPO....?

Poro pemaos ingkang minulyo . Rejekine Gusti Allah seng di paringke ten manungso iku macem-macem ,
- ono rizki sehat , wong iku lek oleh rizki sehat dadi wong kuat, ora klamben nang jobho gerimis bengi-bengi ora opo-opo wong awak e isih oleh rizki sehat , wong iku lek durung oleh rizki sehat dadi wong gering-geringen.

- Ono rizki bondo dunyo, wong iku lek wes oleh rizki bondo dunyo iku dadi wong sugih, nyambut gawe yo tepak wae, di utangi wong ora balik zo jik pancet sugih wae ,
Ono wong iku durung oleh rizki bondo dunyo yo dadi wong mlarat, nyambut gawe iku kliru wae, dagang kulak an iso kelarangen , duwe toko sepi ora payu-payu, payu pisan delalah sak tokone payu, tak kiro ngayang barange tibak e ngenyang tokone

- Ono rizki iku rupo PITUDUH poro sederek , Uwong iku lek sampun oleh rizki pituduh dadi wong apik , Uwong iku lek durung oleh rizki pituduh dadi wong seng gak apik , mulane ojo kaget kadang2 ono wong iku umahe cedak masjid tapi ora tau mlebu masjid,pancene durung oleh rizki pituduh, ono wong budal jamaah yo muk di sawang tok ;;RONDOK RAME CAH DINO IKI'' yo muk ngunu paling.

La sak niki monggo kito angen-angen, kulo jenengan niku mungguh ketemu tiang dereng angsal riski sehat dadi wong gering-geringen megap-megap , kulo jenengan lek ketemu tiang kados ngoten geting nopo ngesakno....? ,
Kulo jenengan ketemu tiang dereng angsal rizki bondo dunyo , dadi wong seng mlarat, kulo jenengan ketemu tiang mlarat ngoten niku geting nopo ngesakno.....?
Ono wong durung oleh rizki pituduh dadi wong nuakal nganti g nurokno wong,kulo jenengan ketemu wong nakal ngunu iku geting nopo ngesak no....?




=> Seng nomer 2 : Senengono opo wae tapi awakmu kudu ngerti bakale awakmu mesti pisah karo seng bok senengi ,
- Seneng dunyo klumpukno dunyamu mati pisah,seneng sawah klumpukno sawahmu sak ombho-ombhone nganti ora apal jumlahe mati pisah , seneng bojo senengono bojomu dang di eker-eker rino wengi mati pisah , mulo lek coro itung-itungan bojo ganteng kalih elek iku enak bojo elek soale lek mati ora pati sumendal, jenengan duwe bojo guanteng gedhe gagah duwur ambune suedep trus mati , nangis sewulan iku mbuh iso meneng tah gak,tapi bojone lek elek cuilik kuru ireng mlekete dang ra pati duwe duwet penguk menisan trus mati, ora nangis blas, paling yo muk INNALILAHI WAINNAILAIHI ROJI'UN ngene ko iso mati yo...? (ngunu thok) .

Pokok e nopo mawon seng kito senengi niku bakale pisah, tambah akeh seng di senengi soyo tambah akeh seng arep di pisah,soyo tambah akeh luka nang ati.
Jenengan seneng bondo dunyo senengono lek mati bakale pisah, kepingin gak pisah carane di SODAKOHNO (njih namung niku) ,sebab bondo dunyo lek durung jenengan sodakohno jenengan tinggal,tapi lek sampun di sodakohno berarti sampun jenengan transfer ten akhirat ,benjang kantun nitik mawon . La sak mengkono poro sederek.

=> Poro pemaos ingkang minulyo , bondo dunyo iku di bagi tigo (3)
1. Gadahane panjenengan
2. Resmi gadahaning jenengan
3. Durung karuan gadahane jenengan

1. Gadahane jenengan seng sampun jenengan dahar , dunyo seng sampun jenengan dahar niku resmi gadahane jenengan, lek sampun mlebu weteng niku aman , ono maling tenang pun ten jero weteng, opo maneh lek wes metu tambah aman.

2. Resmi gadahane jenengan: Bondo dunyo seng sampun jenengan sodakohno iku pun resmi gadahane jenengan benjang ten akhirat , dadi barang seng awet ora rusak lan di gedhek gedhek no dening Allah , Duwet sewu dadi pitung atus ewu, rong ewu dadi sewu patang atus, eh,,,eh,,,kaget sok ben ten akhirat, di parani malaikat ''IKI LHO KANG CELENGANMU 1jt400'' , lah ko katah men malaikat..? ,IYO 2000 IKO , la njih ko katah men , MEKAR KANG , halah malaikat ngertio ngunu biyen tak akeh i. (malaikuate mesem) , POTONGAN MU KANG-KANG DI TARIK 2000 AE WES MRUNTUS NGUNU.....

3. Bondo dunyo seng dereng tentu gadahane jenengan , yoiku bondo dunyo seng jenengan rawati wae, di klumpuk-klumpuk no tok tapi boten ngerti kenikmatane blas. kadang gadahane dokter, kadang gadahane dukun, toko lan liyo liane......

Mulane lek jenengan pingin ketemu dunya ne jenengan seng akeh yo sodakoh seng akeh, lek kepingin petuk sak itik yo sodakoh sak itik ngunu wae , lek gak pingin ketemu belas yo ojo sodakoh, sok ben di takoni malaikat ''GAK NYANGKING OPO-OPO DEK'' , boten e malaikat , ''EH...EH YO MBAMBUNG DEK NANG KENE''.
mulane wong luman iku nglumani awak e dewe. wong medhit iku medhit nang awak e dewe.......

Sampun mugi-mugi saget manfaat khususe dateng kulo lan umumipun kagem panjenengan sedoyo ingkang maos Allahuma Amiiiin....
Allahuma sholli ala muhamad.....

Di pendet saking mauidhoh ipun Kh. ahmad Saerozi saking lamongan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....