Kamis, 02 Mei 2013

Malaikat jibril kepingin dadi wong

Bismillahirahmanirahim...

Poro pemaos ingkang minulyo ,niki wonten khabar saking kanjeng Nabi MUHAMAD SAW, Kabare malaikat jibril niku kepingin dadi wong , panjenengan sampun sumerep kabar niki nopo dereng..? ,pancene gih rodhok ngeget-ngegeti,tibak e malaikat jibril niku wes suwe lek kepingin dadi wong,padahal dek wingenane niku ono wong seng kepingin dados malaikat, . Mulyo pundo to sak jane manungso niku kalih malaikat...?

Manungso kalih malaikat niku umpami derajat tuebeh,tasik mulyo manungso,sebab manungso iku turunane nabi adam a.s .Nabi Adam niku rajane malaikat,pramilo malaikat niku angsal perda (aturan) sujud dateng nabi Adam,kulo panjenengan niku tasik turunane rajane malaikat ,njih lumayan ,mulane malaikat niku lek kalih kito niki rodhok sungkan

Poro pemaos ingkang minulyo,Gusti Allah niku damel dunyo sak isine boten damel malaikat,tapi damelaken menungso, mulane manungso iku oleh julukan ''MANUNGSO IKU KELUARGANE ALLAH'' ,Bener makluk e gusti Allah,saking senenge gusti Allah niku nang menungso sampek menungso di anggep koyo keluargane dewe,conto Ibaratte kito niku ora sanak ora kadang lek karo wong liyo cocok dadi dulur , senajan dulur kandung lek gak cocok dadi wong liyo, mulane kito sering mireng dawuh ngoten kudu ati-ati kalih tiang, Jenengan ko wani nyusahno tiang urusan kalih gusti Allah,tiange boten bales Allah seng bales,kulo jenengan niku ko alok tiang ten batin mawon ''Sopo wonge seng alok wong ora sampek nang lesan ten batin mawon,tiang niku boten mati-mati yen durung nglakoni disek'' ,opo maneh sapek mrucut nganti omong.

Panjenengan ko nyenengno tiang njih urusan kalih Gusti Allah, tiange e boten saget bales ,Allah seng bales,niki kulo jenengan sering kepireng,seng sopo wonge welas di welasi,sopo wonge seneng tulung di tulungi. Yen ono wong nakal koyo opo ojo ngasi di gelakno,ojo sampek di lok no,wong kulo jenengan niku njih boten semerep sepiro nakale tiang niku/ apik e sepiro .
Tiang apik kalih tiang elek niku asline ora pati bedo, Wong apik iku yo tau elek, wong elek iku yo tau apik,cuma wong apik iku apik e kalih elek e tasih katah apik e,lek wong elek iku apik e kalih elek e tasik katah elek e,yo tau apik,mulo tiang sae utawi tiang elek niku tasiik keluargane gusti Allah

Gusti Allah damel langit bumi niku njih damelaken menungso, Gusti Allah damel malaikat niku njih damelne menungso kagem ngurusi kebutuhane menungso,sampek menungso iku sampun mlebet suargo tasik ngurusi kebutuhane menungso,mulane malaikat jibril bareng ngerti ngoten niku kepingin dadi menungso,yo cuma kepingin thok tapi ora wani protes

Gusti Allah damel suargo niku njih damelaken menungso,la seng ngurusi suargo niku malaikat ridwan, ngeten niki suargo tasik rame di garap,suargo iku tanah kosong ,kaplingan kosong , Kanjeng nabi pas isro' mi'roj surve-surve ningali suargo bareng niku pas tindak ono umah uapik di garap tukang, la tukange niku njih malaikat, malaikate ewon (ribuan), lajeng kanjeng nabi tangklet kalih malaikat , ''KOK WONTEN GRIYO SUAE NIKU SINTEN SENG BANGUN'' ,niku seng bangun anak buahe malaikat ridwan jawabpe malaikat mau ,''LA KANGGO SINTEN'' , njih kagem umate panjenengan , ''LA KO UAGENG SANGET MALAIKAT'' , njih niku tasek saget luwih uageng malih ,niku dereng dados,. Lajeng kanjeng nabi nerusaken perjalanan ningali daerah-daerah lintu ten suargo, bareng wangsul liwat mriku malih, tibak e tukang seng ribuan niku wau buyar ,kanjeng nabi njih kaget,lajeng tangklet malih kalih malaikat jibril,''LAKOK BUYAR TUKANGE NOPO MATRIYALE TELAS'', boten , ''NOPO RODOK PAYAH'', boten ,''LAKOK ISTIRAHAT'', njih ngoten niku kanjeng nabi, lek umate jenengan niku ko ibadahe sregep kenceng ten mriki njih rame di garap, tapi lek tiange pas nganggur njih buyar ngeten niki,pokok e tergantung tiange.


  La sa'iniki gusti Allah damel neroko niku njih gawekno menungso,sak niki pun dadi. menungso rotho-rotho niku butuh neroko,neroko niku penting,Gusti Allah niku boten nate damel barang seng boten penting,sedoyo penting.Gusti Allah damel neroko gawekno manungso iku di gawe opo...? Ngeten poro pemaos sedoyo ,kulo jenengan niku rotho-rotho kepingin mlebu suargo,njih nopo boten,,? mugo-mugo saget keturutan Amiiin....,
Kulo jenengan niku lek sios mlebet suargo wonten aturane,Wong iku iso mlebu suargo lek resik,ora gembol duso (resik ora gowo duso), Mati ko tasik gembol duso ora biso mlebu suargo,tapi beto kartu suargo,soale matine beto iman,tapi ora oleh mlebu,kudu di proses di resik i dusane ,di obong dusane ben ilang.

Menungso iku koyo emas campur logam liyo, emas lek campur logam liyo lek kepingin balik emas murni kudu di obong disek, Dadine wong mukmin di lebokno neroko iku ora di sekso tapi muk di resik i dusane, tapi yo kemeng,mbeluk,dledek barang ngounu,Soale lek boten ngoten ora iso nang suargo,Mulane pesene Kanjeng Nabi : ''Lek awakmu ora kuat seksone neroko ,ora usah nglakoni duso'' ,lek kuat yo ora opo-opo pingin pengalaman mengko iso crito-crito kancane wehehe

Mulo saking meniko lek boten wonten neroko boten saget mlebet suargo :''Wonten kyai mastani , Duso iku lek jik nang dunyo koyo semen cor-coran sek teles,lek wes nang akhirat koyo semen cor-coran wes garing''. semen lek jik teles niku di guyang banyu pun ilang/resik (duso lek tasik ten dunyo di tobati resik dusane), Tapi lek mati sek katutan duso ,iku koyo semen cor seng wes garing,yo ora keno di guyang banyu,di tutuk i,di cukitti,di cukili (Asline niku seng nyekso kito, njih kito dewe)

=> Poro pemaos ingkang minulyo, Gusti Allah niku sueneng kalih menungso, saking senenge manungso nganti boten faham,kulo jenengan siyen urip ten wetenge ibu,sepi peteng ora ono listrik,kulo jenengan njih nedo,seng di tedo getih haid,mulane wong wadon iku lek meteng boten haid,ten mriku siyen njih pun cukup boten kepingin nopo-nopo,Tapi Allah saking senenge nang menungso niku tasih kagungan progam,Manungso amprihe ora urip ijen ono kancane ,panganane ben ganti ruh rasane sego,buah pokok e nopo mawon babakan seng ten dunyo seng ten jero weteng boten enten,Banjur kalih gusti Allah di pekso kon metu ken pindah ten alam seng luwih ombho yoiku dunyo,kulo jenengan siyen njih boten setuju di lahirno nang dunyo isih enak nang weteng,mulane rotho-rotho bayi lahir niku nangis,gak faham,gak setuju,bareng wes pirang jam lagi meneng kaget ,tibak e nang dunyo luwih ombo,luwih rame kancane tambah akeh,la mangke rodhok gedhe jajane reno-reno,kancane nyelot akeh,seng lanang ruh rasane rabi,la seng wadon yo ruh rasane di rabeni (NIKU PROGAME GUSTI ALLAH)

Ten dunyo niku bener enak nanging enak e boten sempurno,enak seng campur gak enak,mulo nang dunyo iku lek kepingin enak kudu duyan ora enak,uenak thok di terusno akhire yo tambah ora enak,mulane akeh wong loro mergo kakean mangan enak,enak e nang dunyo iku modele ora terus (la niki seng rodok ngangeni ten mriki), enak mung kawitane sui-sui ora pati enak trus ora enak ,nang dunyo iku ngunu lagune, kulo jenengan siyen jik cilik lapo-lapo enak,jik nom turu yo enak,mulai rodok tuo mulai kudu rapatek penak bareng wes tuwo nyapo-nyapo ora enak

La niki ono Alam isine niku enak thok,enak e niku modele mundak-mundak tambah-tambah niku ten akhirat nang suargo,mangan opo-opo iku tambah enak tambah enak ora ono kata-kata bosen,la niku wontene ten akhirat,mulane panjenengan ampun kaget,Niki rencanane panjenengan arepe di pateni,la nyapo ko di pateni...? njih Soale arep di sempurnakno kenikmatane....

Kanjeng nabi dawuh: mati iku jajane wong mukmin,dadine wong mukmin iku ko mati marani jajan,jajane nang dunyo ora ono ,anane nang akhirat,akhire barange ora di gowo nang dunyo wonge seng di terno nang akhirat,mulo mati iku sempurnane kenikmatan.

''Kito niki jenis makluk seng abadi,boten enten mati,cuma di leh di pindah alame''

Wonten dawuh malih saking kanjeng nabi : ''Urip iku nikmat kanggone wong mukmin (wong sholeh), wong mukmin ko urip iku podo karo bendino budal nang suargo,bareng mati buka lawange suargo'',
Lalek kanggone wong seng nakal (kafir) Nauzdubilahimindali' urip iku musibah, mergo nopo...? Wong nakal (kafir) iku bendino budal nang neroko,bareng mati buka lawange neroko.

Panjenengan mungkin angen-angen. wong mukmin budal nang suargo la wong nakal (kafir) budal nang neroko tapi kadang-kadang uripe niku ko penak wong nakal (kafir), Ngoten niku pun biasa poro pemaos sedoyo uripe penak wong nakal (kafir) :
Contone ngeten : ono wong iku arep loro (sakit) di model penak disek, ono wong di tumpakno mobil istimewa,mewah,sopire khusus,di kawal pejabat-pejabat tibak e di terno nang penjara wehehe


 Nang alam kubur iku asline durung ono suargo durung ono neroko,tapi lek kanggone wong apik kuburan iku wes dadi tamane suargo,dadine durung mlebu suargo isih ono tamane,La seng ngemong niku malaikat surur,niku mangke seng ngladeni kulo jenengan ono alam kubur,durung mlebu suargo tapi wes menikmati jajane suargo.
Seng nakal-nakal niku ten kuburan njih dereng enten acara neroko,tapi kuburane iku dadi jurange neroko nanging durung mlebu neroko tasik ten got-gote neroko,yowes di kirimi sekso neroko nanging durung di lebokno,yo palu tapi ora akeh siji loro,yo di kirimi kolojengking barang ngoten,tapi cilik-cilik an pokok angger iso ngentub.

Poro pemaos ingkang minulyo,kulo jenengan ko sampek ten alam barzah keleresan kanti kawelasane Allah ko mlebu ono ing tamane suargo weruh panganan dunyo iku ''JIJIK'', ora kolu panjenengan ningali panganan dunyo saking enak e panganan nok alam barzah,podo karo jenengan siyen ten dunyo ,pas nok jero wetenge ibu panganane getih haid,boso nang dunyo panganane macem-macem weruh getih haid yo jijik,padahal getih haid mbiyen ngunu panganan faforit nang jero weteng sak niki menjijik kan,La sok ben ten alam barzah weruh panganan dunyo njih jijik.

La nopo ketok dunyo....? njih ketok....kulo jenengan siyen ten wetenge ibu,weteng iku alam dhohir nyawang dunyo alam gaib,dadose kanggone kulo jenengan siyen pas ono ing wetenge ibu dunyo iku alam gaib,bareng kulo jenengan niku sampun ten dunyo dudu alam ghoib tapi alam nyata,sementara alam barzah tasik alam ghoib ,benjeng jenengan lek pun mati sampun sanes alam ghoib maleh tapi alam nyata,njih ketingal dunyo,dadose luwih urip,pandangane luwih tajem,pendengarane luwih tajem, Mulane pesene kanjeng nabi :lek tindak-tindak kepethuk kuburan niku di kengken uluk salam,ngoten niku sedoyo jawab kabeh,lan boten usah banter-banter malah makruh, biasa mawon pun mireng, njih semerep jenengan lek sak derenge pun kenal njih kenal ,lek sak derenge boten kenal njih boten kenal cuma yo ngerti lek jenengan niku wong.

Poro pemaos ingkang minulyo,Dunyo iku asline batang, Kanjeng nabi nate tindak-tindak kalih sahabat,ono batang cemphe (anak wedus) kleleran nok pinggir dalan batang anyaran,niku kupinge di cengkiwing kalih kanjeng nabi banjur matur ''NGENE IKI LO DUNYO BATANG'' ,mulane ko nang dunyo ono wong rebutan bondo dunyo niku asline rebutan batang,La ora ono seng seneng rebutan batang kecuali asu,sahinggo panjenengan tingali wong iku lek seneng oyok-oyok a bondo dunyo rupane iso rodok koyo asu ,mecucu-mecucu ngunu. Kulo jenengan niku di kengken ngarani dunyo niku batang njih angel (wong segere ngene ko batang),mangke sagete kulo jenengan lek sampun ten alam barzah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....