Kamis, 02 Mei 2013

Syi'ir WALI SONGO



Do elingo iki zamane wis tuwo
Tuntunan agomo do dianggep kuno
Lakonono ajarane Walisongo
Sing ra kerso ojo nyacat ojo ngino
Ajarane Walisongo werno-werno
Dzikir tahlil kirim dungo lakonono

Moco Qur’an lan sholawat kulinakno
Ziaroh kubur ojo nganti dilale’no
Ono carane dakwah klawan budoyo
Umpamane koyo Sunan Kalijogo

Pituture mlebu ati ora kroso
Tuntunan agomo biso diamalno
Wis kabukten rikolo zaman sa’mono
Akeh poro manungso nyembah braholo
Banjur sadar laku musyrik ditinggalno
Podo nderek ajarane Walisongo

Ono wali asmane sunan giri
Ngajari urip iki ben ati-ati
Ojo nganti-ojo nganti kelelp geni

Sunan drajat ora mikir pangkat
Ngajari urip slamet dunya akhirat
Bebarengan moco sholawat

Wali songo manggon ing tanah jowo , sunan ampel nganti sunan kalijogo ,bebarengan melebu suargo.....

5 komentar:

  1. ki seng nyanyi sopo kang?? kok tau krungu lagune

    BalasHapus
  2. saya sering denger syi'iran ini dulu..masih jaman VCD, tapi gk tau yg nyanyi siapa, yg jelas khas jawa sekali enak...sampai sekarang saya cari gk ketemu2..kalau tau siapa penyanyi judul dan mungkin link download MP3nya tolong donk dibales... buat tombo ati dan mengenang masa lalu juga buat syi'iran anak2 di rumah.. pliiis

    BalasHapus
  3. Gue mw download donk kang syiiran walisongo.please.suwun

    BalasHapus
  4. Gue mw download donk kang syiiran walisongo.please.suwun

    BalasHapus

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....