Kamis, 02 Mei 2013

Pesene Kanjeng Nabi

Bismillahirahmanirahim

Kanjeng nabi pesen ono wong 5 seng kudu kito apik i
Wong 5 yaiku:
1. ULAMAK :
(Seng sopo ngremehno ulamak niku ngrusak agomo)

Poro pemaos ingkang minulyo, ulama' niku kedah kito mulyak aken, seng sopo wonge mulyak no ulama' podho karo mulyak no Allah lan kanjeng nabi,
Salah siji ne conto nabi dawuh : ''SHOLATO AWAKMU KOYO WERUH AKU SHOLAT'' , Kulo panjenengan niku di kengken sholat koyo sholate kanjeng nabi, lalek ngoten tenan ora ono seng iso solat kejobo seng weruh kanjeng nabi,kulo panjenengan niku boten menangi,tapi kito niki ko bendino solat derek sinten..? derek kanjeng nabi kapan ketemu , derek al-qur'an jus pinten seng bahas sholat dhuhur 4 rokaat,subuh 2 rokaat. La trus kito derek sinten...? njih teteb derek kanjeng nabi tapi ono seng ngeterno ilmu ,sopo rumpane yoiku ULAMA',
Ilmu iku kok umpomo banyu : Gusti Allah niku sumberre ,kanjeng nabi iku kumpone (sanyo),la ulama' niku paralone (pipo) ,paralon iku ketok e ora lapo-lapo glimbang glimbung nang dalan tapi iku nyambut gawe ngeterno banyu,la kulo panjenengan niku ko ngremehno paralon siap-siap ora uman banyu...

2. PEMERINTAH:
(Seng sopo ngremehno pemerintah ngrusak dunyo)

Pemerintah apik yo di apik i,pemerintah elek yo di paik i, la ko di apik i..? NJIH carane di eilingno,tapi ojo wong akeh rame-rame (grudhuk kan) iku arane isin-isin,yo cukup wong siji loro seng sekirane pantes kon ngelik no, di eiling no ko ora kenek di dungakno,di kandakno nang ALLAH mangke kersane di garab kaleh Gusti Allah.
Zaman biyen iku ono pemimpin seng dzolim namine FIR'AUN, fIr'aun niku nemen dzolime, tapi senajan koyo ngunu Nabi MUSA as di pesen ngomong sak ngomong kon seng alus nang fir'aun, sebab fir'aun niku pemimpin la pemimpin niku pernah tuwo rakyat niku pernah nom,di apak-apak no bedho

3. TONGGO :
(Seng sopo ngremehno tonggo ngrusak kemaslakhatane tonggo)

Tonggo apik di apik i,tonggo elek di apik i,Soale tonggo iku pentinge ngungkuli sanak,ono omah kobongan seng nulungi disek tonggo,ono wong sakit seng ngerti disek tonggo,ono wong mati yo seng ngrumat disek tonggo.mulane ''PAGER MANGKOK IKU LUWIH KUAT TINIMBANG PAGER TEMBOK'', Opo artine pager mangkok...? yoiku ater-ater ,lek masak rodhok enak tanggane di terr-i.
Panjenengan kepingin terkenal APIK, GAMPANG => Apik ono tonggo cedak mu,mengko lak apik e jenengan umum teko pundi-pundi, panjenengan pingin terkenal ELEK , GAMPANG => elek ono tonggo terdekatmu, mengko lek rotho elek e jenengan,sebab seng paling tlaten etrek-etrek elek e panjenengan niku dudu wong liyo tapi tonggo.

4. FAMILY :
Seng sopo wonge ngremehne family ngrusak kerukunan family

Silaturahmi nyambung sanak iku wajib, Gusti Allah janji sopo wonge seng sambung sanak, sambung karo Allah,pedhot sanak ,pedhot karo Allah.
Ono wong ahli wirit,ahli poso,ahli ibadah tapi ko karo dulure ora rukun,GUWAK ibadahe,mergo kalih Allah putus hubungane,mulane ojo sampek gak rukun karo dulure,dulur niku kirimane gusti Allah kulo panjenengan niku boten saget milih.

5. BOJO :
(Seng sopo ngremehno bojo ngrusak ekonomi)

Bojo apik di apik i,bojo elek di apik i, bojo wes apik ko di apik i,NJIH bojo apik iku durung di apik i wae wes apik dah neo dang di apik i maneh.
La bojo elek ko di apik i , NJIH bojo elek iku durung di elek i wes elek dah neo tambah di elek i ora nurokno wong , Wong lanang iku iso AKAS,CERDAS iku tergantung wong wadon,janji lek wong wadon iso nyenengno atine wong lanang ,wong lanang iku iso Akas cerdas lan liyo liane ,syukur-syukur wong wadon iku BOSO kalih tiang jaler,,,sebab wong lek boso iku ora iso PADU,,,,
conto : ''WONG LANANG DINO-DINO KLUYURAN ORA TAU MULIH''
Cobi panjenengan basakne

''PIANTUN KAKUNG DINTEN-DINTEN KO TINDAK AN MAWON MBOTEN NATE KUNDUR'' Lho lak malih koyo ketoprak wehehe...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....