Kamis, 02 Mei 2013

Ngapik i wong apik , ngapik i wong elek

Allahumasholli ala Muhamad.....

Poro pemaos ingkang minulyo ,
Gusti Allah niku ngirim Nabi ten alam dunyo boten sekedik, jumlahe niku 124 ewu ,ingkang dados rosul 313 ,seng wajib kito kenal niku 25 ,la kito niki angsal jatah nabi seng paling di sayangi Allah,paling di cintai Allah njih meniko nabi MUHAMAD SAW

Poro pemaos ingkang minulyo, gusti Allah niku kirim nabi damel nopo? damel didik umatipun supoyo dadi wong apik, la di gawe opo dadi wong apik iku? soale kenyakan uwong iku gak pati seneng apik tapi seneng enak, Allah kagungan rencana kulo panjenengan niki ajenge di lebokno suwargone Allah, la kulo panjenengan sedoyo di kengken dadi wong apik niku supoyo pantes mlebu suargo,suargo iku panggonan seng apik pantese di iseni wong apik,wong nakal lek di lebokno suargo niku saru, contone ono wong lanang cuilik,kuru dang loro-loroen trus diwei sabuk juara tinju ngoten niku lak yo saru,seng ngelungno yo saru seng nampano yo saru wong gowo sabuk wae mobat mabet.

Nabi-nabi niku sedoyo sae,tapi boten kados saene nabi kito Muhamad SAW , Nabi kito niku nabi seng paling berhasil wonten sepanjang masa,nabi kito niki nabi seng istimewa,nabi seng paling apik aqla'e, nabi seng iso ngapik i wong apik ,lan iso ngapik i wong elek,mulane nabi kito niku angsal rengking nomer setunggal trus angsal hadiah, seng nompho hadiahe njih kulo panjenengan sedoyo , nopo hadiahe...? Katah sanget , salah setunggalipun kito niki umat terakhir tapi mlebune suargo di disekno (Alhamdulillah)

Seng nomer kalih, kulo lan panjenengan niki lek pingin nglakoni apik ,tapi ko g iso nglakoni iku wes di tulis apik siji ,
Conto: Kepingin budal haji tapi ora duwe duwet , iku nek buku amale wes di tulis haji , nek wes iso haji pisan di tulis haji x10 (niki progam khusus umate kanjeng nabi) ,
-Umpomo kepingin nglakoni duso, contone pingin ngrasani wong tapi ko gak di lakoni (di empet) iku oleh ganjaran siji (oleh upahe ngempet) , trus umpomo pingin nglakoni duso di lakoni tenan ,niku boten langsung di tulis duso ,di enteni seprapatte dino yoiku 6jam,lek wes 6jam ko durung tobat lagi di tulis duso siji , tapi lek wes kadung di tulis trus tobat,iku di sepuro tapi tulisane ijik,di gawe kenang2 ngan,sok lek nyawang tulisan iku mau uisin senajan wes di sepuro

La nopo to apik e nabi kito niku?
Apik e nabi kito niku lek ono wong apik di apik i,ono wong elek di tuturi ,ora kenek di tuturi di dungakne di jalukne sepuro nang gusti Allah.
Lek nabi-nabi siyen boten, ono wong apik di apik i ,ono wong elek di tuturi, di tuturi or a kenek di dungakno mati,mulane akeh umat mati gara-garane nabine dhewe,
Conto : zaman nabi nuh ,ono banjir gedhe wong sak dunyo mati kabeh kejobo seng melu nabi nuh,la niku seng damel proposal njih nabi nuh dewe nang gusti Allah supoyo umate di pateni,keranten nopo? nabi nuh boten tego (ngesakno) ,sebab elek-elek e wong iku dowo umure elek kelakuane , nabi lut njih ngoten dungakne umate mati,
Ono nabi seng terkenal sabar,ngalah,di apak-apak no iku boten bales elek,sinten? yoiku nabi ISA a.s, tapi nabi isa teteb gak koyo nabi kito, nabi Isa niku di apak-apak no nrimo cuma nabi Isa niku boten kuat lek ono wong wadon wani karo wong lanang.
Lek enten wong wadon wani-wani nyeneni wong lanang nabi Isa iku boten kuat, lek kepethuk ngunu iku trus di dungakno mati kalih nabi Isa a.s.
Solae lek wong wadon ngremehno seng lanang wong wadon iku arep duwe turunan-turunan seng angel di kandani ora keno di tuturi soale turunane wong wani,la mumpung durung duwe keturunan akeh di dungakne mati

Tapi lek nabi kito MUHAMAD SAW niku lek wonten wong apik di apik i,wong elek di tuturi ,di tuturi ora di gatek no di dungakne di jalukne sepuro nang gusti Allah.

Poro pemaos ingkang minulyo, la benjang niku kito nopo saget kumpul kalih kanjeng nabi...? SAGET.....!!!!
Tapi syarate kulo lan panjenengan sedoyo kudu iso nerusno tindak lampahe kanjeng nabi termasuk NGAPIK I WONG APIK ,NGAPIK I WONG ELEK...


 Urip nang alam dunyo iku di kengken milih salah siji soko perkoro loro (2)

Yoiku : Urip kumpul wong , kalih Urip ora kumpul wong

- Poro pemaos ingkang minulyo , panjenengan kepingin urip dhewe monggo ,pingin urip kumpul wong njih monggo,

Coro slamette Urip ,enak urip dhewe ora kumpul wong , Sebab nopo...? duso-duso seng kito lakoni niku rotho-rotho sumbere di sebabno akibat kumpul wong, kumpul wong iku lek gak ati-ati nglumpukno duso, misal : gegeran , ngrasani lan sak pinunggalane niku sebab kumpul wong, ono ibadah wes IHKLAS iso buyar ihklase Goro-garane yo kumpul wong. Conto :
Ono masjid di bangun, trus panitia woro-woro jaluk sumbangan bantuan dana lan liyo liane,la pas ketepak an mesjidte niku cedak kalih umahe panjenengan,trus panjenengan derek nyumbang semen 50 ball, la trus panjenengan meneng boten ngomong-ngomong kalih wong,namung ngomnong kalih panitia wes LILLAHITA'ALA.
(Ibadah niku tanduran, la tanduran seng apik iku di pendem)

La pun sodakoh , enten tonggo ne panjenengan teko ngomong ,
''mbak yu...mbak yu sampean lak ngerti to ono mesjid di bangun,e....nyumbang-nyumbang lek zo apik,ra usah akeh-akeh ,ra ketang semen 1 sak lak wes lumayan,ojo mung meneng thok, dunyo bok klumpukno Arep di gae opo mati zo ora di gowo''
trus panjenengan meneng g omong-omong padahal wes sodakoh , soale lek crito ilang ganjarane lek meneng ganjarane tasik ,
panjenengan jawabpe '' Njih sampean dungakne mawon mugo-mugo aku dadi wong luman''
La tibak e tonggone panjenengan muni malih ,
''Loman iku gak usah dungo dang nyah-nyoh, medhit ko di terus-terusno arep dadi opo awakmu...?''
Mesti batine jenengan ,''iki crito ta gak....? bingung......akhire yo panggah MRUCUT , Wong lek crito ILANG ganjarane lek gak crito PANAS kupinge,,,,,zo brodhol crito panggahan.

Jejer wong lek ati-ati iku nglumpukno duso, mulane slamete urip iku ora kumpul wong, yo urip dhewe ,meneng ae trus mati-mati dewe

=> Senajan urip dhewe luwih slamet , Gusti ALLAH luwih seneng lek ono wong ijik seneng kumpul wong, saking senenge gusti ALLAH dawuh : '' Awakmu kok iso sabar kumpul wong sak jam ,ganjarane ngungkuli ibadahe wong seng urip dewe suwene 40tahun'' , lalek 2 jam 80thun , 3jam 120 thun, wes lumayan ,iku jenenge umur seng BAROKAH, La kulo panjenengan sedoyo niku lek kepingin umur seng barokah kudu sabar kumpul wong....
La opo seng di maksud sabar kumpul wong...? , sabar kumpul wong yoiku sabar ngapik i wong apik lan sabar ngapik i wong elek, lek pingin iso ngunu syaratte kudu dadi wong seng apik, la wong iku iso apik iso elek gumantung teko atine.
Lek atine apik obah sak obah yo apik , lek atine elek obah sak obah yo elek


 Wong iku koyo botol, lek nang jerone isine lengo wangi kapan-kapan bocor mambu wangi , lek nang jero botol isine batang kapan-kapan bocor mambu basin.
Wong iku lek ono jero atine apik, mrucute omong yo apik,swalik e wong iku lek elek mrucute omong yo elek.
Conto : wong lek apik ngarani wong ireng yo iso tapi ora mentholo .''Aku iki ireng yo mas..?'' sampean iku lek kuning wae ora tapi manis,
Tapi lek wong elek ngarani ireng dang ireng yo kurang marem, '' Mas aku iki ireng yo mas..?'' GAK ireng thok yo gosong sampean iku...

Wong iku lek apik ngarani wong pesek dang pesek yo iso, cuma ora mentholo, ''Aku iki pesek yo mas..?'' , Ah sopo ngarani pesek,lek bangir sih ora cuma suedep.
Tapi lek atine elek ngarane pesek dang pesek kurang marem . ''Aku iki pesek yo mas..?'' , Ora pesek tok sampean iku yo ambles....

Wong lek atine elek iku angel kumpul wong , wong lek atine apik nyono sak nyono wong yo apik, ono wong sugih yo di biji apik , ono wong mlarat yo di biji apik.
Conto : Etane umahmu ko sugih mas..? ''Sugeh de Uakas ko wonge ahli wirit yo pass'' ,
Kulone sampean ko mlarat mas..? ''Mlarat de wong lek di senengi Allah iku cubane gedhe , sak iki dunyane entek pancen cubo thok wong iku istimewa..''

Tapi lek atine elek kon ngunu yo ora iso .
Cinto : Etane umahmu ko sugih mas..? ''Sugeh de ra beres iku,,aku gelemo ngunu yo sugih ket biyen sayange aku moh''
Kulone sampean ko mlarat mas..? ''Mlarat de wong kualat iku''

La wong apik iku wong opo...?
Dawuhe kanjeng nabi : Wong apik iku wong seng iso ngapik i wong elek , lek ngapik i wong apik akeh wong iso, tapi lek ngapik i wong elek niku lek boten asli wong apik tenan boten saget.
Kadang-kadang ono wong omong . ''Aku iki asline wong apik lek di apik i,tapi lek gak di apik i aku yo moh'' , La niku wong durung apik cuma pinter ngomong, seng payu ten gene gusti Allah niku seng asli, wong nang dunyo wae seng payu yo seng asli,duwet asli,ijazah asli,yo ono untu iku senajan palsu tambah payu,seng asli malah ora payu, ono wong untune bogang arep di pasang untu di tari karo pak dokter,''sampean gelem tak pasang untu asli,,''lah ko duwe dok'' , tonggoku mati untune rontok rung tak balek no, jawabpe mesti MOH


 ''Ora di anggep wong iman salah swijine siro kabeh ,menowo anggone tresno marang sedulure ora podho anggone tresno marang awak e dewe''

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....