Senin, 06 Mei 2013

keluarga Bahagia

Bismillahirahmanirahim.........

=> Poro pemaos ingkang minulyo Nikah niku sak jane ora WAJIB, wong ora nikah iku ora opo-opo ,masalah pingin di empet suwe-suwe kelalen.
Tapi wong iku lek wes kadung nikah WAJIB gawe keluarga seng bahagia,Sebab nopo? wong iku lek sembrono masalah bina keluarga sampek dadi keluarga seng cungkrah niku seng bingung boten seng nglakoni tok,wong tuwo bingung keluarga bingung,berarti wes bingungno wong akeh nyusahno wong akeh,opo maneh ko wes anak-anak dang cungkrah iku nyusahno anak turun.

Poro pemaos ingkang minulyo ,nikah niku gampang tapi gawe keluarga seng bahagia iku angel sahinggo nikah iku koyo JIHAD (perang) merangi howo nafsu,Kulo jenengan niku duwe watek seng perlu di perangi,yoiku seneng dandan -dandan jobho tapi ora pati seneng dandan-dandan jero,mulane akeh wong iso ngapik i wong jobho tapi ora pati iso ngapik i wong jero,mulo akeh wong iku apik ten masyarakat tapi dek umahe dewe gatel ati.
Seng di rasakno bojo iku yo jobo jero,tapi seng paling keno di rasakno bojo iku dudu jobho tapi jeroan, Kanjeng nabi dawuh : Apik-apik e awakmu iku wong seng paling apik nang keluargane dewe.

Penyakit kulo jenengan seng nomer kalih yoiku : Seneng di apik i ora pati seneng ngapik i,Seneng di fahami tapi ora pati seneng mahami,
Poro pemaos ingkang minulyo,Panjenengan ora usah pingin duwe bojo apik,Tapi pingino dadi wong apik,Mengko lek jenengan dadi wong apik,bojone jenengan mangke apik-apik dhewe,Mulane sak crewet-crewete wong wadon apik karo wong lanang yen seng lanang iso mahami iso nyenengno,swalik e njih ngoten.

Poro pemaos ingkang minulyo,damel keluarga bahagia niku ternyata sulit,Saking angele gawe keluarga seng bahagia sampek kanjeng nabi MUHAMAD SAW dawuh :
Bejo kemayangan kanggone wong saben-saben isuk oleh ganjaran perang ,saben-saben bengi oleh ganjaran haji.
Sopo iki ...? Yoiku yen ono wong iso gawe keluarga bahagia , Lek ono wong iso gawe keluarga bahagia ketok e biasa-biasa mawon tapi ganjarane seng luar biasa.

La nopo Tandan-tandane keluarga seng bahagia.......???? 



Tandan-tandane keluarga seng bahagia
Yoiku:
- MAREM :Seng lanang marem karo seng wadon,seng wadon marem karo seng lanang (podho mareme), La marem karo bojo iku ora gampang (Angel), Mulane wong tuwo pesen ,''Le awakmu lek golek bojo melek o sak ombho-ombhone ,Tapi lek wes oleh bojo dang meremo sak ciut-ciute.
Bojo iku lek wes di maremi berarti syukur nang gusti Allah,seng sopo wonge gelem syukur iku bakal di tambahi, mbuh carane lek nambahi mati disek opo piye pokok e janji syukur iku di tambahi hehehe

- Seng nomer kalih tandane keluarga seng bahagia iku , Elek e keluarga tertutup rapi, Besan nutupi elek e besan,morotuwo nutupi elek e mantu,mantu nutupi elek e morotuwo,bojo nutupi elek e bojo

-Seng nomer tigo lanang petuk seng wadon iso guyu,seng wadon petuk seng lanang iso guyu, senajan umahe elek,nang pingger sesek tapi petuk bojo ko iso guyu iku jenenge keluarga seng bahagia.
Guyu iku gampang sinten seng boten saget guyu,Tapi akeh wong iku iso guyu karo kancane tapi ora iso guyu karo bojone,guyon kalih bojo iku ketok e remeh barang enteng tapi di gedhek-gedhekno ten gene agomo, ganjarane ngungkuli i'tikaf nang masjid madinah,mulane kanjeng nabi iku lek kumpul kalih garwane katah guyone.
ono apane guyon ko di gedhek-gedhekno kalih agomo...?

Poro pemaos ingkang minulyo, Nyawane rumah tangga iku ''MUSYAWAROH'' , Ko ono keluarga ko jik iso musyawaroh iku keluarga jik urip,tapi ko keluarga wes ora iso musyawaroh iku keluarga mati mung ragangan tok,lalek guyon wae ora iso opo maneh musyawaroh,padahal guyon iku luwih gampang ketimbang musyawaroh. Ko ono wong tuo ko wes ora iso musyawaroh anak turune iku yo ora kenal musyawaroh,yen urip ten masyarakat njih boten saget dijak sidang ngamuk an mergo ora kenal musyawaroh

=> Poro pemaos ingkang minulyo,nikah niku awal kebahagian,sebab wong lanang butuh wong wadon wong wadon butuh wong lanang ,dalam garis besar ''LEK RUKUN'' ,Bangun rukun niku kudu di utamakno, Janjine gusti ALLAH :''Aku iki ngancane wong loro seng gelem rukun'' ,Yen ono wong loro rukun tak kancani,tak bantu pingin opo tak turuti janji seng siji ora khianat nang sijine,Yen ono wong lanang wani nyusahno wong wadon lan wong wadon wani nyusahno wong lanang ojo kaget pitulunge gusti Allah bakal di jabut, Kadang-kadang rizkine lancar tapi ketenangan jiwa hampa.
Yen tirose ilmune jowo ''YEN RUKUN AGAWE TENTREM SANTOSO, YEN CRAH AGAWE BUBRAH''

-Wonten cerito zaman nabi musa niku wonten krisis besar keranten alam, pirang-pirang tahun ora ono udan,akhire nabi musa lan sohabat-sohabate sholat istisqo,lajeng sholat istisqo boten jawah sampe x3 nabi musa matur ten gusti Allah,''Ya Allah kulo kalih konco-konco sampun sholat istisqo x3 ko dereng jawah la mangke dospundi nasibpe umat niki..? Gusti Allah dawuh, ''MUSA SHOLATO AWAKMU BOLAK BALIK TETEB ORA TAK WEI UDAN'' ,loh wonten nopo gusti...? , ''UMATMU ORA RUKUN,UMATMU SEK SENENG NGRASANI KANCANE ,JANJI UMATMU KO GAK RUKUN JIK SENENG RASAN-RASAN SHOLATO BOLAK BALIK AWAKMU ORA TAK WEI UDAN'' , akhire nabi musa matur. ''Ya Allah sinten umat kulo seng seneng ngrasani niku, kulo pingin semerep kulo cekele kulo kapokne,Gusti Allah dawuh .''MUSA OJO NGUNU,AKU YO NGERTI SOPO SENG TUKANG NGRASANI,TAPI AWAKMU ORA TAK KANDANI,LEK AKU KONDO AWAKMU ,AKU LAK NGRASANI WONG AKU MOH NGUNU KUI''. Gusti Allah niku apik an,nyegah rasan-rasan gusti Allah kiambak njih boten rasan-rasan, seje karo wong...!! iso nuturi ora biso nglakoni,ngongkon-ngonkon rukun tapi ora rukun dewe,malah ono wong iku pinter narik i urunan tapi ora urun dewe.
Akhire nabi musa bingung,'' Ya Allah menawi mekaten mangke lek boten jawah-jawah, ''MUSA OJO BINGUNG ,UMATMU DANG KLUMPUKNO KONGKONEN RUKUN GELEM JALUK SEPURO,JANJI UMATMU GELEM RUKUN GENTEN JALUK SEPURO ORA USAH SHOLAT ISTISQO TAK WENEHI UDAN AWAKMU''. Akhire di kompak umate nabi musa dikon genti jaluk sepuro rukun boten suwe di paringi jawah kalih gusti Allah. La niki insya Allah wong umah-umah ko gelem rukun gelek udan Wehehe


 Bismillahirahmanirahim...

=> Dawuhe kanjeng nabi : ''Bejo yen ono wong siji iso jogo lesan , Ombho umahe , Iso nangis sebab eiling salahe''
1. Jogo lesan : Lesan iku ciut, akeh keluarga beranten mergo lesan ugi akeh keluargo rukun njih mergo lesan,Mulane kanjeng nabi dawuh,'' lesan iku asu seng galak ,mulo kekeren seng apik'' ngomong sak ngomong kudu seng ati-ati. syukur-syukur wong wadon iku boso kalih tiang jaler, sebab wong boso iku ora iso padu ,pun sering kulo conto aken lek wong boso iku ora iso padu, umpamane
''WONG LANANG DINO-DINO KOK KLUYURAN WAE ORA TAU MULIH''
cobi pajenengan basak ne
''PIANTUN KAKUNG DINTEN-DINTEN KO TINDAK AN MAWON BOTEN NATE KUNDUR'' lho kan malih koyo ketoprak......

- Wong iku lek jik rumongso dadi wong mukmin percoyo nang Allah kalih dino kiamat umungo seng apik,lek g iso ngomong seng apik meneng ngo (meneng iku slamet) mulane ono wong slamet goro-gorone meneng iku zo ono:
Panjenengan mungkin njih sampun sumerep crito niki,
Biyen iku ono rojo kepaten mentri siji,akhire rojo mau kudu ngangkat mentri anyar,rojo mau buka pendaftaran seng daftar kuatah, bareng di seleksi kantun wong 3,di seleksi malih kantun wong 3 nilai podo, di seleksi maleh bijine wong 3 njih podo malih,rojo mau kentek an pertanyaan,Akhire di awur kalih rojo mau wong 3 dilebokno kamar trus rojone mlebu nang kamar,Akhire rojo mau ngentut, bareng rojo ngentut wong telu iku mau di takoni kabeh. Seng pertama, AYO RENE GAK KRUNGU ENTUTKU , njih mireng rojo , AKU TAKOK ENTUTKU BASIN OPO WANGI...? , Bingung arep tak arani basin entute rojo ko basin,arep tak arani wangi entut ko wangi, Saking kepingine di angkat dadi mentri ngrayu rojo, Alahamdulillah rojo nembe niki kulo sumerap wonten entut suae ,wangi entute jenengan. Rajane guyu ENTUTKU WANGI , njih rojo , AWAKMU ORA ISO DADI MENTRI METU, lakok saget ,BUJUK I WONG ENTUT KO WANGI ,AYO METU PINTER MU PINTER MEDENI WONG''

- Banjur seng nomer 2. ''AYO RENE ,GAK KRUNGU ENTUTKU..?'' , njih mireng rojo , AKU TAKOK BASIN OPO WANGI..? , Bingung......!!!!! Tak arani wangi kliru tak arani basin mengko gek kepiye..? , e bok menowo rojo iki butuh mentri seng jujur aku tak umung opo anane. ''Ngapunten rojo pun gelo njih..'' , ORA , ENTUTKU BASIN PO WANGI DANG DI JAWAB, ''ngapunten entute jenengan buasin'' , Rojone guyu , ENTUTKU BASIN , ''njih'' AWAKMU ORA ISO DADI MENTRI , loh wonten nopo...? , BONGKAR RAHASIA ...METU......La kari setunggal niki wonge mruntus kringete sak jagung-jagung atine gembrudhuk campur bingung '' iki tak umungne wangi opo basin opo sedengan'' , AYO MRENE ,GAK KRUNGU ENTUTKU...? ,njih kepireng rojo , PIYE BASIN OPO WANGI...? , meneng wae ....BASIN OPO WANGI , ngapunten rojo . ONO OPO , kulo pilek rojo , PILEK , Injih rojo , PILEK...DADI MENTRI......wehehe

2. Ombho umahe :
Apik-apik e umah yoiku umah seng ombho,elek elek e umah iku umah seng ciut , Mulane kapan-kapan lek jenengan bangun umah bangunen seng ombho sak amba-ambane tanahe ciut yowes ,tanah ciut ora masalah seng penting umahe ombho, La umah ombho niku nopo...? Umah ombho iku ''KELUARGA RUKUN'' ,keluarga iku lek rukun umah ciut dadi ombho tapi lek gak rukun omah ombho dadi sempit, Conto :
Balene morotuwo iku ombho tapi morotuwo karo mantu kok gak rukun sesek (sempit) , Ono morotuwo enak-enak lungguh kursi karo rokok an jedal jedul mantune teko dulan, lagek anguk-anguk nang ngarep lawang jegegak balik, di takok i karo kancane, nyapo kang ko balik...? jarene ''anu musuhku rung turu.
Dipan niku ombho, tapi wong lanang karo wong wadon ko g rukun dadi ciut, Jare seng lanang ''RONDOK RONO'' jare seng wedok ''Nyapo yo sampean kuwi rondok rono'' Akhire turune nang pinggir-pinggir mergo ora rukun, tapi lek rukun dipan cuilik iku kamot di gawe wong 2, carane piye ? siji nang ngisor siji nang duwur. Wong iku lek rukun ora kentek an akal.

-Kabeh wong iku kepingin rukun ,tapi ora kabeh wong iso rukun, sebab nyapo ko ora rukun..? Kulo jenengan niku gadah penyakit gawan bayi seng angel warase,yoiku : Tawar karo elek e dewe nanging ora tawar karo elek e wong liyo, elek o koyo opo lek elek e dewe sedengan tapi lek elek e wong liyo sitik sampun ketingal ageng,sahinggo sak kecut2 te kelek lek kelek e dewe sedengan
Mulane akeh wong lanang iku ngamuk nang wong wadon koyo-koyo seng salah seng wadon ,padahal seng lanang dewe gatel ati, swalik e njih ngoten,
seng nomer kalih wateg kulo jenengan pingin di apik i tapi ora pati gelem ngapik i, Mulane ojo kepingin di apik i bojo, tapi kepingino ngapik i bojo mengko nasibmu di urusi kalih gusti Allah, Wong lanang terus di tulungi gusti Allah yen wong lanang iku mau nulungi wong wadon, swalik e njih ngoten.

3. Iso nangis sebab eiling salahe :
Poro pemaos ingkang minulyo , Wong salah niku elek, tapi luwih elek maneh wong salah seng ora gelem ngakoni salahe (tambah nemen elek e),La manungso niku panggonane salah,mulane lek kepingin duwe bojo seng ora duwe salah ojo rabi wong,golek liane wong.pingin duwe mantu seng ora duwe salah ojo golek mantu wong, pingin duwe mertuwo seng ora duwe salah ojo golek mertuo wong, Pingin duwe konco seng ora duwe salah ojo konconan wong,dang urip dewe nang tengah alas kunu clula clulu lingak linguk koyo.......?
Sahinggo saben dino senen kalih dino kemis gusti Allah dawuh dateng malaikat : '' Hey malaikat seksenono wong mukmin-mukmin dusane tak sepuro kabeh kejobo wong mukmin seng duwe gelo nang wong liyane durung iso nyepuro'' .
Mulane ko ono wong di jaluk i sepuro angel,iku podho karo ngelumpukno dusane dewe (nguwet-nguwet dusane dewe) ,tapi lek ono wong ko gampang nyepuro podo karo nyepetno ilange dusane dewe.
Sampun mugi-mugi saget manfaati kagem kulo khususe lan kagem panjenengan sedoyo umume amiiin Lan mugi mugi keluarga kulo lan panjenengan sedoyo saget dados keluarga ingkang bahagia keluarga ingkang SAMARABA (Sakinah Mawaddah Rahmah lan Barokah) Amiiin Allahuma Amiiiin

Di pendet saking mauidhoh Kh, saerozi lamongan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....