Kamis, 02 Mei 2013

WEJANGAN SUNAN DRAJAT


BIsmillahirahmanirahim,,,,,,,,,,,

=> Urip iku kadya wewayangan, lemampah sanetran kadya ing tangane dalang :

Artine Urip iku namung bayangan seng liwat sliwer ibarate lelakon sandiworo seng aksi ngentekno wektu ono ing panggung banjur ora ono suworo maneh yen panggunge bubar
Unen-unen mau minongko ilustrasi kauripan manungso ono ing bumi , Uripe manungso ono ing bumi iku di batesi naliko di suwukno ruh nang jero jasad, Urip nang dunyo iki namung sedelo ,ibarate mampir ngombe
Lan yen wes teko titimongso ,kito bakal mlaku seng adoh bangette ,jarak e ora ono tepine pinuju ono ing Singgasana_NE , kados wejangan ingkang sami saking sunan drajat “Urip iku mung kadyo mamper ngombe, sabanjure mlaku mane adoh banget parane.”

=> Wondene ngenalaken Agami islam wonten tanah jowo ,Sunan damel coro dakwah Bil Hikmah, nganggo cara-cara bijak,ora mekso ,nganggo kearifan supoyo biso sesrawungan urip nang masyarakat , guyup rukun marang sak podho padhane,
Yoiku arupo wejangan :
''Paring teken maring kang kalunyon lan wuto, paring pangan maring kan kaliren, paring sandang marang kang kawudan, paring payung kang kudanan. Bapang den simpangi (Ojo ngrungok ke omongan seng ngelek-elek wong liyo), ana catur mungkur (Opo maneh nglakoni)

=> Sunan Derajat ugo ngajarake kesantunan wonten rumah tangga , Hal niki disumerepi saking Maqolahe panjenenganipun:
“Wong urip kudu ngupaya boga, tuking boga saking nyambut karya. Seregep makarya biso gawe mulyo tumraping kulawargo, tumrap wong sesomahan kudu amongsi, kulawarga kang apik lamun padha rukun lan darbe panjangka amrih rahayuning jagad. Sing sopo seneng urip tetanggan kelebu janma linuwih. Tonggo iku perlu dicedaki nanging aja ditrisnani.”

=> Sunan Derajat Ing jero dakwah ugo damel cara budoyo. Panjenenganipun saget jagi adat warisane poro leluhur ,Ajaranipun sunan derajat ingkang terkenal niku namine ''Sapto Paweling'' Utowo 7(pitu) pesen pituah seng dadi pusoko ne leluhur .Paweling seng biasane di arteni ''WELING''

7 Pituah Sunan Derajat inggih meniko:

- Memangun resep tiyasing sesami.
Artine Supoyo kito sedoyo tansah biso damel atine wong liyo bungah ,
Sak temene gawe bungahe wong liyo iku termasuk shodakoh

- Jeruning suka kudu eling lan waspada.
Artine ,Naliko seneng kudu kelingan lan waspodho , sebab wonten urip niku ono susah lan seneng, mulo saking meniko manungso di usahak ne sak biso bisane kanggo waspodho naliko keadaan seneng

- Laskitaning subroto tan nyipto maring pringabayaning lampah.
Artine wonten perjalan kanggo mencapai cita-cita luhur ,Ojo merdulek ne opo wae bentuk alangan seng ngaling-ngalingi

- Memperharganing ponco driyo.
Artine Supoyo kito saget nahan howo nefsu ,amergi sak temene nafsu iku koyo bucah cilik, Yen kito turuti kekarepane mulo bakal terus kepingin lan kepingin

- Mulyo guno ponco waktu.
Artine ,Kebahagian dzohir batin utowo kamulyan iku biso di gayuh sarono nglakoni Sholat limang wektu , Sebab kerono sholat limang wektu derajatte wong iso luwih duwur

- Heneng, Haning, Henung :
Artine , Wonten keadaan meneng kito angsal keheningan (anteng), lan wonten keadaan anteng ikulah kito bakal gayuh tujuan luhur lan cedak kalih seng kuoso. Mikiro kanti tenang ,jernih ,supoyo tekan seng di tuju (Gusti Allah)

- Teruna ing samudro wirajangji, Wong Derajat yen ngarani “Segara ombak pinana tunggal.”
Artine, Sedoyo masalah urip biso di fahami minongko perwujudan Irodah Allah.Udzkur?

Wallahua'lam bisowaff....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....