Kamis, 02 Mei 2013

Syi'iran tolak balak

Likhomsatun uthfi biha Kharral wabaa il khatimah Al Musthafa wal Murtdha Wabnahuma wa Fathimah 2x
.
Kulo gadah aji aji limo
Kanggo mbukak lawange suwargo
Kanggo nyirepi geni neroko
Lan nyengkalani siksane Alloh. 2x
.
Aji aji limo wujud manungso
Linuwih ilmu sumber tulodo
tindak lakune adoh saking olo
Manah niate tansah waskito. 2x
.
Kanjeng Muhammad Rosulillah
Sayyidatun nisak siti Fathimah
Sayyidina Ali karromallohu wajhah
Putro kekalih Hasan lan Husain. 2x
.
Poro malaikat podo sholawat
Bumi lan langit sedoyo khidmat
Jiwo limo kinasih Alloh
Jiwo limo satruning doso. 2x
.
Sinten kemawon kang nyolawati
Kanjeng Nabi tansah nyafa’ati
Marang liyane yen nrisnani
Gusti Alloh bakal ngridhani. 2x
.
Mboten bakal ketrimo sholate
Yen mboten maos sholawate
Imam syafi’i ngendika ake
Niki bukti agunge drajate. 2x
.
Nadyan ibadah sak umur-umur
Amal ibadah ra keno diukur
Marang limone yen ora akur
Neroko panggone bakale njegur. 2x

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....