Senin, 03 Juni 2013

Carane menyikapi kawontenan

BISMILLAH : Ngawiti ingsun kelawan nyebut asmane Allah

Kerusak an nang dunyo iki mbuh nang darat mbuh nang laut iku penyebabpe menungso dewe .

Ilmu seng kito pendhet nopo....?
Kito niki lek ngadepi bencana musibah opo wae wujudte sepiro gedhene carane menyikapi :
=> Ojo pisan-pisan nyalahne Gusti Allah
=> Ojo nyalahne wong liyo
=> TAPI Balik seng bener ayo di golek i salahe dewe-dewe ,mengko lek wes ketemu dang di dandani

=> Panolak ing musibah kang bakal dugi , katuturing hadist kutsi :
Pisan makmurake masjid,kapindone rukun sesami, kaping telune anglakoni duso purun njaluk ngapuro marang gusti kang moho kuoso

-Dining tigo tigane kolowau ,masjid makmur,manungsane podho rukun,lek nglakoni duso gelem njaluk ngapuro sedoyo kinging musibah ,kok niki 3 di lakoni kalih salah sawijining deso ,moko deso iku slamet dewe...

-Tapi lek ono deso wes gak ngreken mesjidte,wonge gak gelem rukun congkrah marang sak podho-podho,trus lek nglakoni duso gak rumongso ''WOW'' liane ora opo-opo nanging deso iku ambles dewe...

Zaman tuwo akeh manungso durhoko
Pingin mulyo lali karo sepodho-podho
Ngalam dunyo kahanane warno-warno
Senengane malah podho tumindak duso
Gawe duso sak bendino ora kroso

goro-goroneng jaman sakmono
akeh wong PANGKAT kang seneng bondho
akeh wong MLARAT disio-sio
akeh wong SAMBAT ora duwe doyo

goro-goroning bumine bubrah
akeh PAMIKIR kakehan polah
ora peduli RAKYATe susah
sing dipentingne PANGKATE munggah

goro-goroning BUMINE seser
akeh WONG PINTER podho keblinger
seneng nglakoni barang ora bener
laku MO LIMO tansoyo BANTER

Sireping goro-goro
eling donyo eling akherat
ayo ninggalke laku maksiat
sregep ngibadah lan moco sholawat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....