Selasa, 04 Juni 2013

ISRA' MI'RAJ (Buraq)

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos ingkang minulyo, ing sak mangken kito mlebet deneng wulan rojab,lan ten dalem wulan rojab niki wonten setunggal peristiwa ingkang Ajaib injih meniko peristiwa Isra' Mi'raj,menawi Isra' Mi'raj niku kulo saget maknani gampang-gampangan mawon ,sebab nopo...? sebab kulo niki sanes kyai,sanes santri,sanes ustad,sanes tiang alim menawi lek ngundang kulo niku cukub ''KANG'' mawon,,,,,halah wong Admine bolo dewe wae nyante wehehe.......la nopo to bedane kyai kalih Alim niku.....?

Alim kalih kyai niku boten sami , lek Alim niku tiang seng paling ajrih dateng ALLAH (niku Alim) , 
Lek kyai niku macem-macem , Ono kyai CATUR (bagian perpolitikan) , Ono kyai TUTUR (Seng sok maringi pitutur2) , Ono kyai SEMBUR (seng biasane ''Gendam Istri sumai lari hubungi ustad titik-titik) , Ono kyai NGANGGUR (kyai seng ora wah opo-opo) , Kyai nganggur niku pun elek tapi wonten seng luwih elek malih njih meniko Kyai NGAWUR (Seng sok extrim nyalahne kene nyalahno kono,kafir kene kafir kono)

Wonten malih Kyai ten gene Budoyo jowo :Pokok e ono wong angger iso maringi manfaat dateng wong liyo khususe bab agomo utawi bongso persuwuk an Kalih wong jowo di sebut kyai , Kadang-kadang sanes wong lah kok di yakini aweh manfaat di sebut kyai, buktine enten kyai nogo sosro (sabuk inten) , Kyai PLERET (Padahal tombak) , Wonten Kyai SLAMET (Padahal kebo) ... 
niku sekilas kyai ,,La sak mangke umpami kulo salah anggenipun nerangaken njih boten nopo-nopo soale dudu kyai wehehe 

Ten gene Isra' Mi'raj niki kulo lek maknani :
- Isra' niku MLAKU-MLAKU BENGI , Setiap kulo panjenengan niku ko mlaku-mlaku bengi iku jenenge Isro'
- Mi'raj niku MUNGGAH : Ono wong udan-udan menek gendeng iku arane Mi'raj. 
Pinten-pinten hikmah wonten riwayat Kanjeng nabi niku asale susah , soale pas niku kanjeng nabi di tinggal sedo kalian tiang ingkang di pun tresnani yoiku Garwo tercinta (Khadijah Al-Kubra) kalih pamane tercinta (Abu Thalib) Lajeng kalih Gusti Allah di hibur Isra' Mi'raj.
Pramilo kulo panjenengan lek susah niru kanjeng nabi rekreasi...

Poro pemaos ingkang minulyo , Ingkang bade kulo bahas ten bab Isra' Mi'raj jih meniko ''TITIANIPUN'' kanjeng nabi yoiku BUROQ,

Poro pemos ingkang minulyo , Ten gene Isra' Mi'raj kito nyumerepi bahwasanipun kanjeng Nabi wonten perjalanan Minal Masjiddil Harom Ilal Masjiddil Aqsa Allah maringi kendaraan ingkang namine Buraq , La buroq Niku gusti Allah langsung nyipta'aken kanggo titiane kanjeng Nabi ,Boten enten pak e Buraq, mbok e buraq,anak e buraq, Mulo saget di arani buraq niku makluk tapi duweni sifat lam yalid walam yulad (Boten beranak lan boten diperanak ake).

Sebagian Ulama' Ahli ta'wil , ta'wil niku.......njih ta'wil wehehe, Ta'wil niku Umpomo ngipi ,ono kucing nabrak ember ( kucing sikile papat trus ember bunder berarti empat kosong), conto malih, misale kito na'wil , Inul niku kok gawe geger, Opo seng di gawe geger....? Seng di gawe geger ternyata bokonge larang,sekali joget niku 300jt (ngapunten niki cuma damel conto gampangne pamahaman), Lajeng nopo ta'wile....Oo..gak suwe maneh kito arep mlebu ing zaman, ten mriku sedoyo urusan bokong bakal larang, ternyata bener, pokok e seng berbau perbokongan niku larang sedoyo, conto deleh bokonge anak ten kursi sekolah larang,perguruan tinggi larang, bokong di lungguhno ten kursi DPR larang dadi bokong niku larang kabeh bi barokatil Inul , La niku arane ilmu ta'wil , La ta'wil niku Ilmune sinten....? ta'wil niku ilmune nabi Yusuf a.s

La buroq niki dipun ta'wil kalih sebagian Ulama' ahli ta'wil Kados pundi, Buroq niku Ajaran Islam , keno opo buroq ora duwe anak ,ora duwe bapak lan ibu langsung di ciptak aken kalih Gusti Allah ,niki njih enten artine,bahwa ajaran Islam niku njih langsung di ciptak aken deneng Allah, Boten campuran pikirane menungso ,howo nefsu ,lan macem-macem, tapi langsung WAHYU saking ALLAH SWT.

Tiang ingkang bade ngancurno Buroq niki katah, Ono seng ngomong yen Islam niku dudu kabeh wahyu,ono campuran budoyo arab,ono campuran pikiran filosof, lan macem-macem ingkang bade ngerusak existensi buroq niki wau, lek dipun ta'wil kados ajaran Islam ora duwe bapak ,ibu bararti ajaran Islam niku murni wahyu saking Allah ,Lan mergo wahyu mulo biso berlaku ten pundi-pundi, Menawi Agomo Islam niku isine campuran budoyo lan campuran pikirane menungso ,sak piro pikirane menungso Iso di jangkau, neng kene laku, nang kono ora payu, budoyo niku saget benten-benten.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....