Senin, 03 Juni 2013

Kabeh Amal bakal di bales

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Wa As-Salamu 'Ala Raslulillah

Lakonono opo wae tapi ojo lali iku mau kabeh bakale di bales ,
Poro pemaos ingkang minulyo ,barang ten dunyo niku boten enten seng ilang , umpomo ono wong kelangan sandal , duwet , opo wae niku asline boten kelangan , tasih ono barange cuma kulo jenengan niku boten ro(ngerti) gonne , kulo panjenengan niku boten usah kwatir kelangan tenang mawon.

Umpamane . panjenengan siyen nate sodakoh tapi pun duaanguuu lawas suwe ,jenengan mpun kwatir catetane malaikat ora bakal ilang ,
Biyen nate tumut pengajian numpak trek rombongan nganti sandalle ilang pun kwatir panggah dipun tulis ten buku amal.

Nom-nomane tau nakal , tapi wes suwe ,paling malaikate lali wong jeneng ku wae yowes tak ganti, mbiyen ponijan sak iki janponi ,wehehe.....masio kados mekaten njih tasih wonten balesane , Apik di bales apik. elek di bales elek....

Kulo jenengan umpami kebreset nglakoni duso kepingin gak di bales ono resepe.....eich ki umpomo dudu bolo yo ora tak kandani 


 Poro pemaos ingkang minulyo , kulo jenengan niku umpomo nglakoni apik di catet deneng Allah di lebetno suargo, kulo jenengan BANGET setujune ( Lak ngoten to njih?) ,
Umpomo kulo jenengan niku kebreset nglakoni duso ,trus di obong ten neroko setuju nopo boten.....? , boten setuju ora opo-opo....

Kulo jenengan niku lek kebreset nglakoni duso kepingin gak di bales ono resepe ,
nopo resep pe........? Njih meniko ''CEPET-CEPET JALUK SEPURO NANG GUSTI ALLAH'' , Wong seng gelem tobat iku hukume podo karo ora duwe duso ,
Gusti Allah ''SUMBAR'' :
''HEY MANUNGSO DOSAMU SUNDUL LANGIT JALUK SEPURO TAK SEPURO'' , Sak gedhe-gedhe ne duso tasih isih gedhe pangapurane (rahmat) Gusti Allah .
mulane kulo jenengan ora usah putus asa, ora usah ngomong '' Aku iki sak jane pingin tobat ,tapi dusaku rondok kegedhen wes menisan tak gedhek no'' ,Duso kulo jenengan niku piro wae di sepuro Gusti Allah.

Tapi kulo jenengan ampun ngasi SEMBRONO , Oh lalek Gusti Allah nyepuronan ngunu iku yo rondok gampang,tak tlateni disik dusaku iki ,maksiatte tak trus no disek mengko wae lek wes tuwo lagi tobat kadar gusti Allah nyepuronan wae ,mene-mene rondok akhir tobat beres, ==> OJO NGUNU PORO SEDEREK <==

Kulo jenengan niku boten ngerti kapan mati, YO lek kulo jenengan niku mati dang sak bakdane tobat (DAH NEO APIK E) , Mati dang durung tobat (dah neo loro ne) NJIH GOSONG TANAN wehehe.....

Allahuma sholli ala Muhamad.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....