Senin, 03 Juni 2013

Kemulyaane wulan rojab

Bismillahirahmanirahim...

Poro pemaos ingkang minulyo
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumataeng Kito Sami, Khususipun Nikmat Iman lan Nikmat Islam , engkang Kedah lan Tansah Kito Jagi Soho Kedah Tansah Kito Ugemi Ngantos Akhir Ajal Kito, Kepanggeh Dateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala,Kados Dawuhipun Allah :

“Wallohu ‘Alamu Bi Muroddihi: Lan ojo Pisan-pisan Mati Sliramu Kabeh, Angeng Kejobo Yen Tho Sliramu iku Tansah Njogo lan Cecekelan Mareng Agomo Islam”.

Salah Setunggalipun Perwujudan, Sangkeng Raos Syukur Kito Dumateng Gusti Allah Ta’ala Yoiku Yen Tho Kito Tansah Ningkataken Keimanan lan Roso Taqwa Kito Duamteng Gusti Allah Ta’ala, Kelawan Sak estu-estu Iman lan Sak Estu-estu Taqwa.

Poro pemaos ingkang minulyo
Sak Mangke Kito Sampun Mlebet Wonten eng Wulan Utawi Sasi Rojab,, Wulan Rojab Meniko termasuk salah Setunggalipun Wulan engkang Minulyo lan Tansah Dipun Mulya’aken Deneng Gusti Allah Ta’ala lan sedoyo Ummat Muhammad Saw, Sebab Wulan Rojab Meniko, Saget dipun Wastani (dinamai) Kelawan Asmo Wulanipun Kangge Tandur (Utawi Kangge Ninda’aken) Amal-amal Kesaenan, Kadosto : Ngatah-ngatahaken Maos Surat Al-Ikhlas, Ngatah-ngatahaken Maos Sholawat dateng Rosululloh, Ngatah-ngatahaken Maos Istighfar, nindak aken shodaqoh, infaq lan Ninda’aken Syiam Sunnah Senajyan Namung Setunggal Dinten, lan amal kesaenan Sanes-sanesipun.

Poro pemaos ingkang minulyo
Baginda Rosulillah saw Sampun dawuhaken : "Saktemene Wulan Rojab iku Wulanipun Gusti Allah,lan Wulan Sya’ban iku Wulanipun Ingsun (Rosul), lan Wulan Romadhon iku Wulanipun Kanggo Ummatku”

Wonten Eng ndalem Wulan Rojab Meniko Katah Sanget Keistimewaan-keistimewaanipun Ugo Katah Sanget Manfaat engkang Saget Kito Pendet lan Kito Saget Kito Pekoleh.


 Dipun Riwayataken eng Ndalem Pinten-pinten Riwayat, Bileh Keistimewaan-keistimewaan Wonten eng Saklebetipun Wulan Rojab Meniko Antawispun, Inggih Meniko, engkang sampun dipun ceritak'aken wonten eng setunggalipun riwayat engkang artosipun kirang langkung mekaten : “Utawi Bengawan Mau iku dipun Khususaken Keduwe Tiyang-tiyang engkang Tansah Purun Maos Sholawat Dateng Sliramu Muhammad”

eng riwayat sanesipun ugi dipun dawuhaken deneng Baginda Kanjeng Nabi Muhammad Saw :“Mongko Saktemene Dewe’e iku Bakal Biso Ngrasa’ake Ketenangan Jiwanipun, lan Dewe’e iku Ora Bakal Ngrasa’ake Luwe lan Ngelak babar Pisan Ono Eng Dino Qiyamah ”

Poro pemaos ingkang minulyo :
Milo Mekaten Monggolah Kito Sami, Mendet Manfaat, lan Saget Memanfaataken Datengipun Wulan Rojab Saat Meniko, Yoiku Kelawan Berusaha Kangge Ningkateken Anggenipun Ninda’aken Amal-amal Sholeh Sesuai Kemampuan lan Sesuai Kaliyan Peran soho Fungsi Kito Masing-masing, Sehinggo Kito saget Mekoleh Keberkahanipun Wulan Rojab Meniko, lan Saget Mekoleh Kabejan Fieddin Waddunya ilal Akhiroh, Amin Yaa Robbal ‘Alamien.

Ampun Ngantos Wulan rojab Meniko Berlalu utawi Kliwat Kelawan tanpo Kito Saget Mekoleh Manfaat Punopo-punopo sangkeng Berkah lan Keistimewaanipun Wulan Rojab Meniko, Naudzubillah Tsumma Naudzubillah

Poro pemaos ingkang minulyo :
Mekaten uraian singkat engkang saget kawulo aturaken, Mugi-mugi Kito Saget Mekoleh Manfaat lan Saget Mendhet Manfaatipun Sangkeng Uraian Meniko, Eng Wusono Mugi-mugi Kito Tansah Pinaringan Hidayah, Taufiq Soho inayahipun Sangkeng Gusti Allah ta’ala, Sehinggo Kito Saget Tansah Netepi Iman lan Islam, Sarto Pikanthuk Akhir Engkang Sae, Khusnul Khotimah Allohumma, Amin Yaa Robbal ‘Alamien

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....